You are on page 1of 5

Layang ganep

Malang, 12 Janusri 2018

Ingkang sembah pangabekti

Katur dhumateng Bapak saha Ibu sakulawarga

Ing dalemTemanggung.

Bapak saha ibu ingkang tuhu mulya,

Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Malang tansah ginajar wilujeng nir ing
sambikala. Panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten.
amin.

Kajawi punika ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikala dinten minggu kapengkur.
Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. .

Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning
atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.

Saking ingkang putra

ttd

Hadi Prawira
Layang ulem

Maha suci Allah ingkang sampun mijilaken titahipun kanti pasang pinasangan

Ya Allah Mugia panjenengan ijabahi putra-putri kula

Dra. NIKEN NASTITI


Putri Bpk/Ibu Tedjaningrat

Kaliyan

Drs. MARYAN UTAMA


Putra Bpk/Ibu Sumaryan

Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2017
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun wiyosipun,

Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan


panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:

Dinten : Kemis
Tanggal : 14 Desember 2017
Pukul : 19.00 WIB
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget.
Nuwun.

Salam taklim,
Bpk Tedjaningrat Kekalih

Maryan & Niken


3.Tuladha Serat Ulem Supitan

Supitan:

1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA

Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung

Parakan, 1 Desember 2006

Nuwun wiyosipun,

Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing


syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.

Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4. layang Lelayu

Lelayu

Innalillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun tinimbalan sowan ing Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem ing RSUP Dr.
Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2017 jam 11.50 siyang,
Bapak/embah sutresna:

KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)

Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa
Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2017 pukul 14.00

Mugi-mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten dumatheng sedaya kalepatanipun


saha katampi sedaya amalipun kanti ganjaran kaswargan

Ngayogyakarta, 24 Desember 2017

Ingkang Nandhang Sungkawa

*Nyi Mangkusasmita (garwa)


*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Parengkuan (rayi)
Layang kitir

Kitir

Kanggo adhiku Retno Palupi

Ing Malang

Nuwun adhiku, aku njaluk tulung sesuk tanggal 30 Januari 2018 aku dipethuk ing terminal
Arjosari Malang jam 04.00 WIB. Kangmasmu arep bali.

Banyuwangi, 15 Januari 2018

Kangmasmu Bambang Hariadi

You might also like