Aku duwe dulur sing jenenge Mbak Rani. Perawan ting-ting sing umure wis ngancik selawe taun nanging durung rabi-rabi. Ing lingkungane, Mbak Rani dikenal wong sing beneh lan sumeh. Ing omah, Mbak Rani mung karo ibune. Bapake Mbak Rani kerja ing luar kota lan seminggu pisan bali. Mbak Rani iku anak tunggal ing kaluargane. Dadi ora heran yen Mbak Rani isih nduwe sifat kaya bocah cilik amarga dimanja karo wong tuwane. Mbak Rani iku wong sing gampang milih-milih panganan. Dheweke seneng banget karo sing jenenge iwak pitik sing bagian swiwi. Miturute Mbak Rani, swiwi pitik sing wis dimasak iku rasane enak tur gurih katimbang bagiyan-bagiyan sing liyane. Padahal miturut wong Jawa iku, perawan sing senengane mangan swiwi pitik iku jodhohe bakal adoh utawa angel. Ing sawijining dina, ana omahe Mbak Rani diadhakake yasinan ibu-ibu. Ing yasinan iku, kaluargane Mbak Rani nyepakake dhaharan utawa panganan sing lawuhe pitik bakar. Sadurunge dhaharan diparingne dhateng para tamu undangn yasinan ibune Mbak Rani, Bu Siti, dhawuh dhateng Mbak Rani, “Nduk, nduk Rani. Mreneo menyang pawon nduk!” “Inggih bu”, semaure Mbak Rani. Banjur Mbak Rani mlaku saka kamare menyang pawon. “Wonten punapa, buk?” “Nduk, iki lawuhe tulung dijaga saka kucing-kucing ning mburi kae ya. Lawuh iki kangge dhahare tamu undangane ibuk” “Inggih, Bu. Ananging kula kok mboten diparingi ta, buk? Biyasane ingkang wonten iwak pitik ngeten niki nggih kula diparingi”, protese Mbak Rani. “Iya nduk. Kae lo ning lemari wis tak ngengehi loro, bagian pupu karo dhadhane”, dhawuhe ibu karo nunjuk meja pawon. “Lho… ibuk supe nggih? Kula mboten purun buk menawi pupu kalih dhadha. Kula niku senenge kalih bagiyan swiwi” “He, perawan iku ora oleh mangan swiwi akeh-akeh mengko jodhomu angel lho nduk. Wis iku wae tak wenehi pupu sing akeh daginge. Panganan kok pilih-pilih to nduk”, ngendhikane Bu Siti. Mbak Rani mung bisa meneng karo nunduk mrengut. “Wis pokoke iwak pitike kuwi jaganen ya.” “Inggih bu”. Banjur Bu Siti menyang ngarep kanggo nyambut para tamu undhangan yasinan. Sawise Bu Siti menyang ngarep, Mbak Rani mlaku menyang meja panganan panggone iwak pitik bakar kuwi mau disinggahne. Mbak Rani kaget banjur mbukak tudhung panganan amarga ing meja iku mau isine wakul gedhi sing njerone iwak pitik bakar. “Wah, iwake ana akeh iki. Mesthine ora apa-apa ta yen aku njupuk swiwi papat wae. Toh tamune ibuk ya mung rong puluhan.”, batine Mbak Rani. Sawise iku, Mbak Rani njupuk piring lan swiwi papat kanggo dipangan dheweke dhewe. Sabanjure iku, ora njaga lawuh kanggo para tamu, Mbak Rani malah bablas menyang kamar kanggo mangan swiwi papat kae mau. Ing kamar sawise mangan swiwi papat, Mbak Rani kerasa ngantuk amarga wareg. “Hooahh….. ngantuk banget aku saiki. Ngglethak sedilut wae ora apa-apa lah…”, banjur Mbak Rani turu. *** Nalika iku, pengajian ing omahe Mbak Rani isik diselenggarakake. Bu Siti mlaku menyang pawon kanggo nyiapkake dhaharane para tamu. Bu Siti kaget amarga Mbak Rani ora ana ing pawon. “Loh, Rani mau menyang ngendi ta? Kok lawuhe iki dijarne wae”, batine Bu Siti. Nalika arep mbagekake lawuh ing piring-piring, ibune Mbak Rani bingung amarga jumlahe swiwi sing wis disiapkake kanggo tamu iku saya sitik. Sing mulane cacahe ana wolu saiki kari papat. “Loh, swiwine kok mung kari papat? Sapa iki sing njupuk? Apa ya kucing? Mosok kucing ya amung njupuk bagian swiwi tok?”, Bu Siti banjur mikir. “Apa Rani sing njupuk ya? Amarga bocahe senengane iku swiwi lan mau ya ora gelem yen diwenehi saliyane swiwi”, bedhek Bu Siti. “Mengko wae njajal tak takokne Rani”, banjur Bu Siti nglanjutkake kagiyatane mbagekake lawuh ing piring. *** Langit wis mulai peteng. Sayup-sayup suara adzan wis akeh dikumandangake. Nalika iku, Mbak Rani isih nglipus turu ing kamare amarga ngantuk sing ora kena ditahan awit yasinan sore kalawau. Bu Siti wis rampung ngresiki peralatan-peralatan sing digawe yasinan kalawau banjur nggoleki Mbak Rani menyang kamare. “Tok…tok…tok… “, Bu Siti ndhondhoki lawang kamare Mbak Rani. “Ndhuuk, ndhuk Rani ing njero?”, swarane Bu Siti nggugah Mbak Rani. Mbak Rani sing isih setengah sadar njawab celukane ibune. “Inggih buk, kula wonten kamar. Njenengan mlebet mawon”, banjur ibune Mbak Rani mbukak lawang kamare Mbak Rani lan lenggah ing pinggiran kasure Mbak Rani. “Wonten napa buk?” “Ndhuk ibune arep takon menyang sampeyan. Sampeyan mau apa sadurunge yasinan njupuk swiwine pitik papat?”, Mbak Rani kaget amarga ibune bisa weruh yen sing njupuk swiwine kaemau dheweke. “Hm…. Mboten kok buk. Rani wau mung mundhut kalih”, Mbak Rani ngapusi. “Sing tenan lho nduk? Sing jujur. Gusthi Maha Ngerti lo ndhuk. Dosa sampeyan lek ora iso jujur”, Bu Siti tenanan. Mbak Rani wedi banjur ngomong satemene. “Ngapunten bu, Rani wau nggih satemene mundhut swiwi sekawan amarga kula pengin banget maem swiwi. Ibu nggih sampun ngertos menawi panganan sing kula senengi niku nggih swiwi pitik. Dados wau kula mundhut sekawan lan kula maem piyambak wonten kamar. Ngapunten buk” “Ngene ndhuk, ibu mau kan wis omong nggene sampeyanyen wong perawan iku ora oleh mangan swiwi akeh-akeh ta? Nggarai angel jodho nduk” “Inggih bu. Tapi kula pun kadung seneng kalih swiwi nggih pripun?” “Ya diempet lek mangan swiwi ta nduk. Swiwine diganti karo sing liyane”, Mbak Rani mrengut maneh. “Loh kok malah mrengut. Sampeyan butuh bukti apa piye lek mangan swiwi nggarai angel jodho? Saiki sampeyan ngadhek terus ngaca inga ngarep kaca kana”. Mbak Rani sing bingung lan penasaran apa sing dimaksud ibune ngadhek banjur mlaku menyang ngarep kaca kamare. Dheweke kaget nyawang rupa raine. Ing pipine sing maune resik wis ana pentholan abang cacahe telu sing embuh ket kapan wis dadi hiasan ing pipine Mbak Rani. “Ya Allah. Kapan kula gadhah jerawat igkang gedhi banget niki buk?”, Mbak Rani mringis antarane pegel lan kaget. “Ya iku lo nduk akibate yen mangan swiwi pitik akeh-akeh. Jerawat iso thukul ko ngendhi-ngendhi. Yen sampean tak jarne mangan swiwi akeh-akeh lakyo tambah akeh jerawate lan tambah suwi lek mu entuh jodho ta nduk”, Bu Siti ngendhikani Mbak Rani. “Inggih bu, kula paham. Terus niki pripun buk? Kula mbenjing wonten pertemuan kalih rencang-rencang kula”, Mbak Rani bingung lan gupuh. “Ya wis piye eneh ndhuk, ndhuk. Sesok lakyo mari-mari dhewe”. Mbak Rani mung bisa nyawangi jerawate sing wis kelet ing pipine. Saka kedadean dina iku Mbak Rani wis ora maneh mangani swiwi pitik sing nggarakake raine kebak jerawat.