You are on page 1of 5

Nama : Fadhli Hussein

Kelas : 10 MIPA 4
No.Presensi : 12
Bahasa Jawa
(remedial)

Plesiran Menyang Solo

Senin wingi tanggal 24 september 2018 sma 7 semarang nglakoake kunjungan wisata
budaya menyang solo lan sekitare seng kelas 11 lan 12 kemah neng bantir 3 dina , awake dewe
mangkat seko sekolah jam setengah 7 isuk, perjalananne kiro-kiro 2 jam yen ora macet,ning bis
deweke dolan bareng konco sing hpnan utawi ono sing ngobrol lucu,tapi deweke lungguhan bis e
sampun diatur dening sekolah sesuai kelompok kamare dewe-dewe , tapi misah karo kanca kelas
lan dewe iso entuk kanca anyar luwih akeh.
Kunjungan pertama menika menyang museum sangiran kanggo delok fosil-fosil sejarah
manungsa durung sempet tekan panggonane dikabari dening pihak sangiran yen dini iki museum
sangiran tutup heheheheeee.... malah tutup tiwas wes seneng,tapi yo ono wae sing malah seneng
nek museum e tutup amarga kanca kebak sing arep kesusu menyang hotel hehehe…. banjur pihak
wisata mutusake dewe lunga menyang kraton solo , sakdurunge nek mbatinku tempat iki orak
kraton tp luwih ning pura amarga mesti yen kraton kae letake ning tengah kota, sak derengepun
mlebet kraton kita bakal disambut gapura ingkang gede lan megah ing ngarep kraton, sakwise
mlebu dewe bakal ndelok pendopo lan taman ing jero keraton sing megah banget, banjur dewe
dicrita aken karo wong sing biasa mandu wisata piye sejarahe terbentuke kraton lan piye silsilahe
raja sing mimpin ono ing kraton sampe saiki,tapi yo ono wae siswa sing dolan sak karepe dewe lan
orak ngrungoke opo sing pembimbing critakno ,sak wise iku banjur mlebu ing njero museum
kraton solo utawi pura mangkunegara ing kana panggonane sakral banget nganti ora oleh njipuk
foto,nek ngarakku template sacral amarga iku sekedar omah sing ora ono sing nempati,dadi omahe
sepi jarang sing arep istirahat menyang kasebut, ing jero mau dewe bisa nemoni pusaka-pusaka
pura lan panggonan ritual sesajenlan dewe bisa nemoni salah sawijining penduduk pura sing adol
ramuan-ramuan jawa tradisional, benjur dewe mlaku ing njero ruangan pertemuan keluarga seng
ono ing mburi pura , ruangane megah banget mejane wae digawe seko kayu jati seng kandel alat
mangane diwe seko kuningan lan kramike digawe seko watu marmer seng diimpor seko india.tapi
sayange pura kasebut kurang di resiki sing rutin dadine kebak debu debu sing nempel marang
keramik utawi benda benda pura liyane,sakdurunge dewe genti tempat wisata deweke tuku jajanan
khas solo sing unik unik punika es serut sing dikei sirup werna-werni terus ono es buah terus ono
sing paling unik nek ngarakku yaiku jajanan cakue sing dibentuk cilik-cilik terus digoreng di
dokok neng plastic terus dikei saos kacang karo kecap lan saos hmmmm…wenak tenan rasane
mergane aku yo ngeleh makane kabeh panganan iso dadi enak heheheh…..
Sakbare seko museum keraton kita nglanjutaken perjalan nuju ing kampung batik solo sak
durunge iku dewe mandek ing rumah makan gawe ngisi weteng,yaiku in rumah makan taman sari ,
panganane koyo pujasera dadi njipuk dewe-dewe ,ing kampung batik dewe dijari carane mbatik
seng apik lan ngewernani batik,siswa kebak sing kaget amarga pas dewe mbatik ono sing tungkune
kepanasen terus kobong hahahaha….. hasile batik mau bakal di pek dewe kanggo kenang-
kenangan,tapi ora langsung dijipuk marang deweke,tapi ngko dianter lewat pos amarga batik e
rung kering ,ing kono mau termasuk panggonan pusat ngawe batik ing kutha solo, bar kui dewe
lunga ing objek wisata seng ditunggu-tunggu paling apik lan nyenengake yaiku menyang hotel
syariah solo kanggo cek in hotel lan resik-resik awak, jare wong-wong hotel syariah iki hotel
bintang 5 sing ono ing kutha solo fasilitase pokoe lengkap banget,ono banyu anget, ac, tv, lan
kasure empuk buanget lan ono lifte,tapi meskipun hotel iki bintang 5 deweke tetep entuk kamar
sing standart tapi ngarakku ngisore standart soale emang dewe bayar nggo wisbud ora larang
larang amat lan ono wae sing banyu wastafel e butek tapi akhire iso jernih dewe, sak wise banjur
wengine nonton pagelaran wayang wong seng ono ing stadion sriwedari,ing kana dewe bakal di
suguhi pagelaran wayang jawa seng lucu banget nganti nguyu cekakaan tekan wetenge loro
amarga lucu banget pemerane nganti tekan jam 10 bengi,tapi aku yo gumun amarga ono wae sing
ngantuk lan turu soale suarane seko wayang orak patek jelas, banjur mulih menyang hotel lan turu
tekan esuk nanging sak derengipun turu aku lan koncoku kumpul dadi siji crito bareng opo seng
dialami mau tekan jam 12 bengi,lan dewe guyon sepuase nganti ngguyu cekikikan amarga entuk
guyonan seko kanca kasebut tapi nek ngarakku yen sakdurunge turu kae guyon mesti dewe iso turu
nyenyak lan jebul bener,saking nyenyake aku tangi mepet lan hampir keentekan waktu subuh
hehehehe…..
Dino selosone aku lan koncoku tangi kawanen amarga pada kesel kabeh lan tangine jam
setengah enem nganti pintuku didodok banter karo koncoku seng uwes tangi, akhire aku lan
koncoku telat, ing dino selasa iki pertama dewe lunga nuju sangiran objek seng wingi ora sido
dikunjungi amarga tutup kanggo ndelok penemuan-penemuan fosil manungsa purba sing ana ing
jawa,dewe tekan kono jebul ora dewekan tapi kebak siswa-siswa sing iseh kelas 6 utawi SMP sing
arep mlebu museum kanggo memplajari sejarah,isine ning museum kayata fosil-fosil sing temukno
ning Indonesia tapi rak mung fosil menungsa tapi ono fosil kewan-kewan lan kebak replika orang
purbakala serta sejarah ditemukane ,ono carane nemukake fosil koyo alat alate lan kebak macam
sejarah liane, sawise metu museum kebak wong-wong sing dodolan souvenir lan macem-macem
pernak pernik sing murah-murah ,tapi aku ora tuku mergane orak patek seneng tuku-tuku terus
deweke arep mdtu sangiran rodok angel mergane dalan metune kebak bis e dadi deweke nunggu
agak suwinan.Banjur menyang kampus UNS(universitas sebelas maret) sing ana ing kutha solo,
universitas iki tadi salah sijine universitas favorit para mahasiswa seng golek kuliah amarga
kampusse apik akreditase A lan lia-liane, ing kana dewe dikei pengarahan keprie carane bisa
mlebu kuliah lewat jalur SNMPTN,SMBPTN & MANDIRI,tapi lulusan SMA N 7 jarang sing
mlebu UNS palingan mung 1 lan 2 wong tok soale kekebakkan wong semarang luwih milih UGM
utawi universitas sing cedak yaiku neng semarang koyo undip,unnes,lan liyone,sakdurunge mlebu
bis ,kanca-kancaku kebak sing tuku somay lan the Thailand nganti aku ora iso tuku soale rame
banget banjur sawise wes do tuku aku ndelok jebul wes ludes hehehehee….kancak-kancaku nek
tuku kebak banget nganti aku ora kebagian.
Sak bare seko kampus UNS dewe plesiran menyang candi cetho sing ana ing lereng
gunung lawu sak durunge kuwi bocah - dikon turu disek amarga dewe bakal mlaku adoh lang
munggah, ing candi cetho iki dewe bisa delok pemandangan sing indah banget mergo candi cetho
iki ngadek ing duwur gunumg sekitar 1476mdpl,tapi bis pariwisatane dewe parker ning kaki
gunung amarga bis e kegeden lan ora bakal kuat nanjak,akhire dewe metu bis lan ganti bis sing
luwih cilik ben iso munggah gunung sing dalane lumayan sempit lan ono perbaikan, hawane atis
tapi rapopo amarga awakku lumayan berisi dadine ora ke atisan banget,ing kana bocah-bocah bisa
foto-foto lan aku kambek kanca-kanca foto bareng tapi lumyan angel nature amrga deweke kebak
sing melu katut ing foto,tapi dewe ora foto dewean ganeya difotoke marang kanca ku
hehehehe…amarga deknen ndue kamera sing joss lan mantep dadine iso ngetokke foto sing jernih
lan apik,foto-foto ning candi kasebut sak puase tanpa dipungut biaya,sawise seko candhi ceto
deweke balek neng parkiran ngisor pegunungan tapi murid di entuke jajan amarga kebak sing
ngeleh,jajanan ning candhi ceto kekebakan sing berkuah amarga suasane adem lan cocok kanggo
ngonsumsi sing anget anget,aku lan kancaku mangan bakso ning mangkok yen dibungkus lan
langsung di sruput mesti rasane gaenak ,luwih enak yen mangan langsung neng mangkoke
dewe,rasa baksone lumayan sedepp jane rasa enak opo ora kui ora maslah,penting dewe
isongangeti awak ben orak ke ademan lan seger.
Sak wise kuwi dewe banjur lunga menyang pusat oleh-oleh ing solo yaiku javenir sing
rame banget, ing kana dewe bisa milih opo wae oleh-oleh seng ana ing kutha solo nangin aku ora
tuku oleh-oleh amarga orak tertarik karo oleh-oleh seng ono tambah meneh antrine dowo,lan aku
bosenn banget amarga aku lan keluarga ndue sedulur ing solo,dadi sering tuku panganan-panganan
khas solo lan kebak souvenir liyane lan aku karo kancaku mung lungo neng indomaret kanggo
tuku ombe tok amarga uwes kausan soale ketmau ora sempet ngombe dadine tuku ombe sing
kebak heheheheh……..ungkasan dewe mulih teko solo nangin wektu perjalanan nuju mulih ono
koncoku seng iseng banget dewee moto koncone seng turu angler seng turu le turu mau yo podo
gowo gaya, ono seng posisine ruku’, ono seng mangap, ono meneh seng turu sikile dienggo bantal
turu koncone seng neng ngarepe lan sekitar sejam setengah dewe tekan semarang kira-kira jam 11
bengi tapi aku ora langsung balek amarga wong tuoku telat metuk terus aku yo kurang reti wong
tuoku parkir neng ndi tapi akhire ketemu sawise ketemu langsung bali menyang omah tapi lewate
jalan gedi amarga wong tuoku kewesen yen liwat dalan pintas ,lan diumumke sesok dino rebo
sekolahe libur, nangin sesok kemise tugas laporan wisata budayane kudu ditumpuk lan
dirampungke.
Nama: Damar Khakim
Kelas: X MIPA 4
Absen: 07
Mapel: Bahasa Jawa

Plesiran menyang solo

Dino senen wingi tanggal 24 september 2018 sma 7 semarang nglakoake kunjungan wisata
budaya menyang solo lan sekitare seng kelas 11 lan 12 kemah neng bantir 3 dina , awake dewe
mangkat seko sekolah jam setengah 7 isuk, perjalananne kiro-kiro 2 jam yen ora macet, kunjungan
pertama menika menyang museum sangiran kanggo delok fosil-fosil sejarah manungsa durung
sempet tekan panggonane dikabari dening pihak sangiran yen dini iki museum sangiran tutup
eheheehh.... malah tutup tiwas wes seneng, banjur pihak wisata mutusake dewe lungan menyang
kraton solo , sak derengepun mlebet kraton kita bakal disambut gapura ingkang gede lan megah
ing ngarep kraton, sakwise mlebu dewe bakal ndelok pendopo lan taman ing jero keraton sing
megah banget, banjur dewe dicrita aken karo wong sing biasa mandu wisata piye sejarahe
terbentuke kraton lan piye silsilahe raja sing mimpin ono ing kraton sampe saiki,sak wise iku
banjur mblebu ing njero museum kraton solo ing kana panggonane sakral banget nganti ora oleh
njipuk foto, ing jero mau dewe bisa nemoni pusaka-pusaka kraton lan panggonan ritual sesajenlan
dewe bisa nemoni salah sawijining penduduk kraton sing adol ramuan-ramuan jawa tradisional,
benjur dewe mlaku ing njero ruangan pertemuan keluarga seng ono ing mburi kerato, ruangane
megah banget mejane wae digawe seko kayu jati seng kandel alat mangane diwe seko kuningan
lan kramike digawe seko watu marmer seng diimpor seko india.
sakbare seko museum keraton kita nglanjutaken perjalan nuju ing kampung bati solo sak
durunge iku dewe mandek ing rumah makan gawe ngisi weteng,ing kampung batik dewe dijari
carane mbatik seng apik lan ngewernani batik, hasile batik mau bakal di pek dewe kanggo kenang-
kenangan,ing kono mau termasuk panggonan pusat ngawe batik ing kutha solo, bar kui dewe lunga
ing objek wisata seng ditunggu-tunggu paling apik lan nyenengake yaiku menyang hotel syariah
solo kanggo cek in hotel lan resik-resik awak, jare wong-wong hotel syariah iki hotel bintang 5
sing ono ing kutha solo fasilitase pokoe lengkap banget,ono banyu anget, ac, tv, lan kasure empuk
buanget lan ono lifte, sak wise bajur wengine nonton pagelaran wayang wong seng ono ing stadion
sriwedari,ing kana dewe bakal di suguhi pagelaran wayang jawa seng lucu banget nganti nguyu
cekakaan tekan wetenge loro amarga lucu banget pemerane nganti tekan jam 10 bengi, banjur
mulih menyang hotel lan turu tekan esuk nanging sak derengipun turu aku lan koncoku kumpul
dadi siji crito bareng opo seng dialami mau tekan jam 12 bengi.
Dino selosone aku lan koncoku tangi kawanen amarga pada kesel kabeh lan tangine jam
setengah enem nganti pintuku didodok banter karo koncoku seng uwes tangi, akhire aku lan
koncoku telat lan nunut adus neng kamre koncoku liyane ben cepet ndang bar, ing dino selasa iki
pertama dewe lunga nuju sangiran objek seng wingi ora sido dikunjungi amarga tutup kanggo
ndelok penemuan-penemuan fosil manungsa purba sing ana ing jawa,banjur menyang kampus
UNS[universitas sebelas maret] sing ana ing kutha solo, universitas iki tadi salah sijine universitas
favorit para mahasiswa seng golek kuliah amarga kampusse apik akreditase A lan lia-liane, ing
kana dewe dikei pengarahan keprie carane bisa mlebu kuliah lewat jalu SNMPTN,SMBPTN &
MANDIRI.
Sak bare seko kampus UNS dewe plesiran menyang candi cetho sing ana ing lereng
gunung lawu sak durunge kuwi bocah- dikon turu disek amarga dewe bakal mlaku adoh lang
munggah, ing candi setho iki dewe bisa delok pemandangan sing indah banget mergo candi cetho
iki ngadek ing duwur gumumg sekitar 1476mdpl, hawane atis banget,ing kana bocah-bocah bisa
selfi sak puase tanpa dipungut biaya, sak wise kuwi dewe banjur lunga menyak pusat oleh-oleh ing
solo yaiku javenir sing rame banget, ing kana dewe bisa milih opo wae oleh-oleh seng ana ing
kutha solo nangin aku ora tuku oleh-oleh amarga orak tertarik karo oleh-oleh seng ono tambah
meneh antrine dowo,pungkasan dewe mulih teko solo nangin wektu perjalanan nuju mulih ono
koncoku seng iseng banget dewee moto koncone seng turu angler seng turu le turu mau yo podo
gowo gaya, ono seng posisine ruku’, ono seng mangap, ono meneh seng turu sikile dienggo bantal
turu koncone seng neng ngarepe lan sekitar sejam setengah dewe tekan semarang kira-kira jam 11
bengi lan diumumke sesok dini rebo sekolahe libur, nangin sesok kemise tugas laporan wisata
budayane kudu ditumpuk lan dirampungke.

You might also like