You are on page 1of 24

PARMASASTRA JAWI

(Tembung, Ukara, lan Unggah-ungguhing Basa)

Dening
Drs. Y. Suwanto, M.Hum.

JURUSAN SASTRA DAERAH


FAKULTAS SASTRA DAN SENI RUPA
UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2006

0
PARMASASTRA JAWI
(Tembung, Ukara, lan Unggah-ungguhing Basa)

I. Tembung lan Dhapukaning Tembung


Wujuding tembung ing basa Jawi saged kaperang dados tiga, inggih menika:
tembung wod, tembung lingga, lan tembung andhahan. Supados saged mangertosi
benten-bentening tembung menika, sumangga kita gatosaken andharan ing ngandhap
menika.
1. Tembung Wod
Tembung wod inggih menika tembung ingkang taksih wungkul, dereng ngalami
ewah-ewahan, ingkang asipat sakecap utawi sawanda. Tembung wod menika dados
uwiting tembung. Tuladha: cul, wor, sat, kon, lan kol.
Sanadyan namung sakecap utawi sawanda, kathah tembung wod ingkang
kenging dipunsuraos tegesipun, kados ta:
lar, ngemu suraos wiyar (elar, gelar, gilar-gilar, ular-ular)
lur, ngemu suraos panjang (lulur, ulur, selur, sulur)
ket, ngemu suraos angel pisahipun (raket, supeket, pliket)
sup, ngemu suraos mlebet (susup, tlusup, angslup)
pet , ngemu suraos boten bolong (pepet, rapet, dhipet)
cul, ngemu suraos uwal (ucul, ecul, cucul)
Tembung wod saged dipunrimbag dados tembung lingga. Pangrimbagipun
tembung wod dados tembung lingga wonten warni-warni, kados ta:
a) Sarana dipunwuwuhi a, i, e, o, u utawu bu ing sangajengipun:
a + dus ---> adus e + sat ---> esat
i + ki ---> iki o + kol ---> okol
u + wit ---> uwit bu + teng ---> buten
g
b) Sarana dipunwuwuhi i, e, utawi tra ing sawingkingipun:
ki + i ---> kii ---> kiyi
ki + e ---> kie ---> kiye
ςas(mulang) + tra ---> ςastra (sastra):
ingkang dipun
wucalaken (piwucal)

1
c) Sarana dipunsaroja (dipun rangkep), kados ta:
kon ---> konkon ---> kongkon
d) Sarana dipunrangkep purwaning wod, kados ta:
lur, ingkang dipunanggep purwanipun lu ---> lulur.
e) Sarana dipunseseli r, l, n, utawi m, kados ta:
sup + r ---> s(r)up ---> surup
ser + l ---> s(l)er ---> seler
weh + n ---> w(n)eh ---> weneh
duk + m ---> d(m)uk ---> dumuk
lsp.
Tembung wod ugi saged dipun-ginakaken wonten ing ukara, kados ta:
a) Latare ditanduri wit kemuning.
b) Telung rendheng kali iki ora tau sat.
c) Bathang kuwi dirubung set.
2. Tembung Lingga
Tembung lingga inggih menika tembung ingkang dereng ewah saking asalipun.
Tuladha: ana, basa, cacah, dina, dhemen, esuk, entas, ember, gawe, ijol, jala, kala, lali,
mitra, nom, ombak, pedhot, rosa, salin, tamba, udhar, wada, yekti, karana, sagara,
maruta, lan taruna.
3. Tembung Andhahan
Tembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking
asalipun. Tembung andhahan kedadosan saking tembung lingga angsal ater-ater,
seselan, panambang utawi dipun-rangkep.
3.1 Imbuhan
a) Ater-ater
Ater-ater inggih menika imbuhan ingkang mapan ing sangajenipun tembung
lingga. Ingkang kalebet ater-ater inggih menika:
a-, ma-, dak-, kok-, di-, ka-, ke-, dipun-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-, sar-.
b) Seselan
Seselan inggih menika imbuhan ingkang mapan ing tengahing tembung lingga.
Ingkang kalebet seselan inggih menika:

2
-el-, -er-, -in-, -um-(-em-)
c) Panambang
Panambang inggih menika imbuhan ingkang mapan ing sawingkingipun
tembung lingga. Ingkang kalebet panambang inggih menika:
-a, -an, -ana, -na, -en, -ake, -i, -e, -ku, -mu.
3.1.1 Tembung Mawi Ater-ater
a) Tembung mawi ater-ater a- (tanpa hanuswara):
a + sungut ---> asungut
a + ubah ---> obah
a + iwuh ---> ewuh
b) Tembung mawi ater-ater a- (mawi hanuswara).
Ater-ater a- ingkang dipun-trapaken ing tembung ingkang sinartan hanuswara,
ater-ater menika dados am- (ham-), an- (han-), ang- (hang-), any- (hany-). Ater-ater
menika limrahipun namung dados m-, n-, ng-, ny-, pramila asring dipun-wastani ater-
ater hanuswara.
Tuladha:
m + pancal ---> mancal
m + wungkus ---> mungkus
m + bopong ---> mbopong
n + tatah ---> natah
n + thuthuk ---> nuthuk
n + sembah ---> nembah
n + donga ---> ndonga
n + dhudhuk ---> ndhudhuk
ny + simpen ---> nyimpen
ny + susup ---> nyusup (nusup)
ny + cuwil ---> nyuwil
ny + cecep ---> nyecep (necep)
ny + jaluk ---> njaluk
ng + kandhang ---> ngandhang
ng + giring ---> nggiring
ng + liwet ---> ngliwet

3
ng + ronce ---> ngronce
ng + ambah ---> ngambah
ng + iling ---> ngiling
ng + uyak ---> nguyak
ng + ombe ---> ngombe
c) Tembung ingkang mawi ater-ater ma-
Tembung andhahan ingkang mawi ater-ater ma- wonten warni kalih, inggih
menika tembung ingkang pandhapukipun tanpa hanuswara lan ingkang mawi
hanuswara. Tembung ingkang mawi ater-ater ma- mawi hanuswara wonten ingkang
sami kaliyan tembung ingkang angsal ater-ater a- mawi hanuswara.
1. Tembung mawi ater-ater ma- (tanpa hanuswara):
ma + guru ---> maguru
ma + abur ---> mabur
ma + laku ---> malaku (mlaku)
2. Tembung mawi ater-ater ma- (mawi hanuswara):
ma + tunggal ---> manunggal
ma + kidul ---> mangidul (ngidul)
ma + dhuwur ---> mandhuwur
d) Tembung mawi ater-ater tripurusa
Ingkang dipun-kajengaken ater-ater tripurusa inggih menika ater-ater dak-
(tak-), kok-, lan di-. Ater-ater menika dipun-wastani ater-ater tripurusa awit magepokan
kaliyan tiyang kapisan (aku, kula, lsp.), tiyang ingkang kaping kalih (kowe,
panjenengan, lsp.), lan tiyang ingkang kaping tiga (dheweke, piyambakipun, lsp.).
Tuladha:
dak + gawa ---> dakgawa (takgawa)
kok + tuku ---> koktuku
di + waca ---> diwaca
e) Tembung mawi ater-ater ka-
Tuladha:
ka + boyong ---> kaboyong
ka + ulu ---> kolu
f) Tembung mawi ater-ater ke-

4
ke + siram ---> kesiram
ke + untir ---> kuntir
ke + iris ---> kiris
g) Tembung mawi ater-ater pa-
Tembung andhahan ingkang mawi ater-ater pa-, pandhapukipun wonten
ingkang tanpa hanuswara lan ingkang mawi hanuswara.
1. Ater-ater pa- (tanpa hanuswara):
pa + sumbang ---> pasumbang
pa + eling ---> peling
2. Ater-ater pa- (mawi hanuswara)
pa + cacad ---> panacad
pa + wedhar ---> pamedhar
pa + bagya ---> pambagya
h) Tembung mawi ater-ater pi-
pi + wulang ---> piwulang
pi + tutur ---> pitutur
pi + antuk ---> pikantuk
i) Tembung mawi ater-ater pra-
pra + setya ---> prasetya
pra + tandha ---> pratandha
j) Tembung mawi ater-ater pri-
Tembung ingkang mawi ater-ater pri- menika sejatosipun awis-awis dipun-
ginakaken.
Tuladha:
pri + kanca ---> prikanca
pri + awak ---> priawak
pri + badi ---> pribadi
k) Tembung mawi ater-ater tar-
tar + tamtu ---> tartamtu
tar + kadhang ---> tarkadhang
l) Tembung mawi ater-ater sa-
sa + dina ---> sadina

5
sa + atus ---> satus
3.1.2 Tembung Mawi Seselan
Imbuhan ingkang dipun-wastani seselan wonten sekawan, inggih menika seselan
-in-, seselan -um-, seselan -er-, lan -el-.
a) Tembung mawi seselan -in-
Seselan -in- mapan ing antawisipun aksara kapisan lan kaping kalih. Dene
menawi tembung lingga apurwa a, i, u, e, utawi o, seselan -in- mapan wonten ing
sangajenging tembung lan ewah dados ing.
Tuladha:
-in- + puji ---> pinuji
-in- + tulis ---> tinulis
-in- + aran ---> ingaran
-in- + adhep ---> ingadhep
b) Tembung mawi seselan -um-
-um- + guyu ---> gumuyu
-um + seleh ---> sumeleh
-um- + andheg ---> mandheg (saking umandheg)
-um- + putung ---> mutung
-um- + pinter ---> kuminter
-um- + bagus ---> gumagus
c) Tembung mawi seselan -el-
Ing basa pakecapan seselan -el- limrahipun dados l kemawon.
-el- + kencar ---> kelencar (klencar)
-el- + gebyar ---> gelebyar (glebyar)
d) Tembung mawi seselan -er-
Ing basa pakecapan seselan -er- limrahipun ugi dados r kemawon.
-er- + gandhul ---> gerandhul (grandhul)
-er- + tembel ---> terembel (trembel)
3.1.3 Tembung Mawi Panambang
a) Tembung mawi panambang -a
turu + -a ---> turua
udan + -a ---> udana

6
bali + -a ---> balia
b) Tembung mawi panambang -an
pasar + -an ---> pasaran
lungguh + -an ---> lungguhan
lima + -an ---> liman
sasi + -an ---> sasen
tuku + -an ---> tukon
c) Tembung mawi panambang -ana
siram + -ana ---> siramana
usap + -ana ---> usapana
lenga + -ana ---> lenganana
isi + -ana ---> isenana
sangu + -ana ---> sangonana
ombe + -ana ---> ombenana
kilo + -ana ---> kilonana
d) Tembung mawi panambang -na
undur + -na ---> undurna
jaluk + -na ---> jalukna
sapu + -na ---> sapokna
rene + -na ---> renekna
bali + -na ---> balekna
sabun + -na ---> sabunna
e) Tembung mawi panambang -en
rajang + -en ---> rajangen
wudun + -en ---> wudunen
gawa + -en ---> gawanen
jaga + -en ---> jaganen
panu + -en ---> panunen
f) Tembung mawi panambang -ake (-ke)
panas + -ake ---> panasake
papan + -ake ---> papakake (papanake)
padha + -ake ---> padhakake

7
turu + -ake ---> turokake
tangi + -ake ---> tangekake
rene + -ake ---> renekake
kendho + -ake ---> kendhokake
g) Tembung mawi panambang -i
bayar + i ---> bayari
kandha + i ---> kandhani
h) Tembung mawi panambang -e (-ipun)
sungut + -e ---> sungute
bojo + -e ---> bojone
i) Tembung mawi panambang -ku
omah + -ku ---> omahku
pipi + -ku ---> pipiku
j) Tembung mawi panambang -mu
dhuwit + -mu ---> dhuwitmu
adhi + -mu ---> adhimu
Panambang -mu ing basa krama dipun-kramakaken sampeyan, panjenengan, lsp.
3.1.4 Tembung Mawi Ater-ater lan Panambang
a) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -i
n- + tetak + -i ---> netaki
ny- + cukur + -i ---> nyukuri
m- + pungkas + -i ---> mungkasi
ng- + kurang + -i ---> ngurangi
b) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -ake (-aken)
n- + tebas + -ake ---> nebasake
n- + tembung + -aken ---> nembungaken
ny- + cemplung + -ake ---> nyemplungake
ny- + sumbang + -aken ---> nyumbangaken
m- + pedhot + -ake ---> medhotake
m- + pareng + -aken ---> marengaken
ng- + kendho + -ake ---> ngendhokake
ng- + raket + -aken ---> ngraketaken

8
c) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -a
n- + cucup + -a ---> nucupa
m- + peksa + -a ---> meksaa
ny- + sepi + -a ---> nyepia
ng- + ulu + -a ---> ngulua
d) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -ana
n- + thuthuk + -ana ---> nuthukana
m- + wadhah + -ana ---> madhahana
ny- + suru + -ana ---> nyuronana
ng- + kembang + -ana ---> ngembangana
e) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -na
n- + terus + -na ---> nerusna
ny- + singgah + -na ---> nyinggahna
m- + bali + -na ---> mbalekna
ng- + alus + -na ---> ngalusna
f) Tembung mawi ater-ater hanuswara lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)
n- + tulis + -e ---> nulise
m- + pethik + -ipun ---> methikipun
ny- + sewa + -nipun ---> nyewanipun
ng- + reka + -nipun ---> ngrekanipun
g) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -i
dak- + aran + -i ---> dakarani
dak- + tata + -i ---> daktatani
h) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -ake
dak- + undur + -ake ---> dakundurake
dak- + buka + -ake ---> dakbukakake
i) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -a
dak- + pikir + -a ---> dakpikira
dak- + temu + -a ---> daktemua
j) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -ana
dak- + dum + -ana ---> dakdumana
dak- + gula + -ana ---> dakgulanana

9
k) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -na
dak- + bubar + -na ---> dakbubarna
dak- + tiba + -na ---> daktibakna
l) Tembung mawi ater-ater dak- lan panambang -e (-ne)
dak- + babad + -e ---> dakbabade
dak- + biji + -ne ---> dakbijine
m) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -i
kok- + cuwil + -i ---> kokcuwili
kok- + wali + -i ---> kokwaleni
n) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -ake
kok- + rapet + -ake ---> kokrapetake
kok- + temu + -ake ---> koktemokake
o) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -a
kok- + susul + -a ---> koksusula
kok- + obong + -a ---> kokobonga
p) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -ana
kok- + tutup + -ana ---> koktutupana
kok- + aji + -ana --->kokajenana
q) Tembung mawi ater-ater kok- lan panambang -na
kok- + lumpuk + -na ---> koklumpukna
kok- + jaga + -na ---> kokjagakna
r) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -i
di- + wedhak + -i ---> diwedhaki
di- + sapu + -i ---> disaponi
s) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -ake
di- + kukuh + -ake ---> dikukuhake
di- + saji + -ake ---> disajekake
t) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -a
di- + bayar + -a ---> dibayara
di- + udi + -a ---> diudia
u) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -ana
di- + murah + -ana ---> dimurahana

10
di- + adu + -ana --->diadonana
v) Tembung mawi ater-ater di- lan panambang -na
di- + lembur + -na ---> dilemburna
di- + gawa + -na ---> digawakna
Ater-ater di- menika kramanipun inggih menika dipun-, lan panyeratipun dados
setunggal kaliyan tembung ingkang angsal imbuhan menika.
w) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -an
ka- + becik + -an ---> kabecikan
ka- + sekti + -an ---> kasekten
x) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -ake
ka- + andhar + -ake ---> kaandharake
ka- + basa + -ake ---> kabasakake
y) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -a
ka- + lêbur + -a ---> kalêbura
ka- + apura + -a ---> kaapuraa
z) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -ana
ka- + resik + -ana ---> karesikana
ka- + ciri + -ana ---> kacirenana
aa) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -na
ka- + caos + -na --->kacaosna
ka- + puji + -na ---> kapujekna
bb) Tembung mawi ater-ater ka- lan panambang -en
ka- + alit + -en ---> kaliten
ka- + atis + -en ---> katisen
cc) Tembung mawi ater-ater ke- lan panambang -en
ke- + tipis + -en ---> ketipisen
ke- + lemu + -en ---> kelemon
ke- + lor + -en ---> kengaloren
dd) Tembung mawi ater-ater ke- lan panambang -an
ke- + colong + -an ---> kecolongan
ke- + daya + -an ---> kedayan

11
Ater-ater ka- lan ater-ater ke- boten mesthi saged dipun-samekaken, awit ater-
ater ke- wonten ingkang boten saged dipun-gantos ater-ater ka-, lan wonten ater-ater ka-
ingkang boten saged dipun-gantos ater-ater ke-
ee) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -an
pa- + dunung + -an ---> padunungan
pa- + pring + -an ---> papringan
pa- + titip + -an ---> panitipan
ff) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -e
pa- + sumbang + -e ---> pasumbange
pa- + tulis + -e ---> panulise
gg) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -ku
pa- + weh + -ku ---> pawehku
pa- + suwun + -ku ---> panyuwunku
hh) Tembung mawi ater-ater pa- lan panambang -mu
pa- + suwita + -mu ---> pasuwitanmu
pa- + budi + -mu ---> pambudimu
ii) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -a
pi- + antuk + -a ---> pikantuka
pi- + buna + -a ---> pigunaa
jj) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -ana
pi- + takon + -an ---> pitakonan
pi- + tulung - an ---> pitulungan
kk) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -e
pi- + andel + -e ---> piandele
pi- + kukuh + -e ---> pikukuhe
ll) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -ku
pi- + wales + -ku ---> piwalêsku
pi- + tuduh + -ku ---> pituduhku
mm) Tembung mawi ater-ater pi- lan panambang -mu
pi- + andel + -mu ---> piandêlmu
pi- + angkuh + -mu ---> piangkuhmu
nn) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -an

12
pra- + setya + -a ---> prasetyaa
pra- + janji + -a ---> prajanjia
oo) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -an
pra- + janji + -an --->prajanjian
pra- + be + -an ---> prabean
pp) Tembung mawa ater-ater pra- lan panambang -e (-ne)
pra- + tingkah + -e ---> pratingkahe
pra- + tata + -e ---> pranatane
qq) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -ku
pra- + janji + -ku ---> prajanjiku
pra + setya + -ku ---> prasetyaku
rr) Tembung mawi ater-ater pra- lan panambang -mu
pra- + jurit + -mu ---> prajuritmu
pra- + wira + -mu ---> prawiramu
ss) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -a
sa- + gegem + -a ---> saemplokan
sa- + pira + -a ---> sapiraa
tt) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -an
sa- + emplok + -an ---> saemplokan
sa- + gebyar + -an ---> sagebyaran
uu) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)
sa- + bener + -e ---> sabenere
sa- + kondur + -ipun ---> sakonduripun
sa- + lunga + -ne ---> salungane
sa- + dangu + -nipun ---> sadangunipun
vv) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -ku
sa- + kuwat + -ku ---> sakuwatku
sa- + ulih + -ku ---> saulihku
ww) Tembung mawi ater-ater sa- lan panambang -mu
sa- + kober + -mu ---> sakobermu
sa- + umur + -mu ---> saumurmu
3.1.5 Tembung Mawi Seselan lan Panambang

13
a) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -an
-in- + kalung + -an ---> kinalungan
-in- + sarta + -an ---> sinartan
b) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -ake (-aken)
-in- + sampir + -ake ---> sinampirake
-in- + bantu + -aken ---> binantokaken
-in- + sade + -aken ---> sinadekaken
c) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -a
-in- + ganjar + -a ginanjara
-in- + puji + -a pinujia
d) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -ana
-in- + gendhong + -ana ginendhongana
-in- + ili + -ana ingilenana
e) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -na
-in- + luhur + -na linuhurna
-in- + suci + -na sinucekna
f) Tembung mawi seselan -in- lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)
-in- + sebut + -e sinebute
-in- + temu + -ne tinemune
-in- + sebat + -ipun sinebatipun
-in- + tampi + -nipun tinampinipun
g) Tembung mawi seselan -in- (-ing-) lan panambang -an
-in- + ulung + -an ingulungan
-in- + aran + -an ingaranan
h) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -a
-um- + luntur + -a lumuntura
-um- + guyu + -a gumuyua
i) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -an
-um- + kenthus + -an kumenthusan
j) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -ana
-um- + surup + -ana sumurupana
k) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -na

14
-um- + dugi + -na dumugekna
-um- + silak + -na sumilakna
l) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -e (-ipun), -ne (-nipun)
-um- + turun + -e tumurune
-um- + dadi + -ne dumadine
-um- + jedhul + -ipun jumedhulipun
-um- + ladi + -nipun lumadinipun
m) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -ku
-um- + tandang + -ku tumandangku
-um- + teka + -ku tumekaku
n) Tembung mawi seselan -um- lan panambang -mu
-um- + jangkah + -mu jumangkahmu
-um- + surup + -mu sumurupmu
3.1.6. Tembung Mawi Ater-ater Rangkep
a) Ater-ater ka- lan pi-
Ater-ater ka- lan pi- ingkang dipun-ginakaken sesarengan kangge ndhapuk
tembung andhahan asring dipun-wastani ater-ater kapi-
Tuladha:
ka- + pi- + andel kapiandel
ka- + pi- + rangu kapirangu
b) Ater-ater ka- (mawi hanuswara) lan pi-
Ater-ater ka- (mawi hanuswara) lan pi- ingkang sesarengan kangge ndhapuk
tembung andhahan asring dipun-wastani ater-ater kami-
Tuladha:
ka-(m) + pi- + tuwa kamituwa
ka-(m) + pi- + purun kamipurun
3.1.7. Tembung Mawi Ater-ater ka-, pi- lan Panambang
a) Tembung mawi ater-ater ka-, pi- lan panambang -en
kami- + sosol + en kamisosolen
kami- + tenggeng + en kamitenggengen
3.1.8. Tembung Mawi Ater-ater lan Seselan
a) Tembung mawi ater-ater ka-, lan seselan -um-

15
Ater-ater ka- lan seselan -um- ingkang sesarengan kangge ndhapuk tembung
andhahan asring winastan ater-ater kuma-
ka- + -um- + wani kumawani
ka- + -um- + wasis kumawasis
b) Tembung mawi ater-ater ka- lan seselan -in-
=======3.1.9. Tembung Mawi Ater-ater , Seselan, lan Panambang
a) Tembung mawi ater-ater ka-, seselan -in-, lan panambang -an.
ka- + -in- + asih + -an kinasihan
ka- + -in- + bekti + -an kinabekten
b) Tembung mawi ater-ater pa-, seselan -in-, lan panambang -an
pa- + -in- + alang + -an pinalangan
c) Tembung mawi ater-ater ka-, seselan -in-, lan panambang -ake
ka- + -in- + arep + -ake kinarepake
d) Tembung mawi ater-ater pa-, seselan -in-, lan panambang -ake
pa- + -in- + alang + -ake pinalangake
3.2. Tembung Rangkep
Tembung rangkep wonten warni kalih, inggih menika tembung ingkang
dumadosipun srana karangkep lingganipun lan karangkep wandanipun. Tembung
ingkang dumadosipun srana karangkep lingganipun winastan tembung dwilingga.
Tembung ingkang dumadosipun srana karangkep wanda ngajeng winastan tembung
dwipurwa, dene ingkang karangkep wanda ingkang wingking winastan tembung
dwiwasana.
3.2.1. Tembung Dwilingga
a) Tembung dwilingga wantah (murni)
udan --> udan-udan
seneng --> seneng-seneng
b) Tembung dwilingga salin swara
bali -->bola-bali
celuk --> celak-celuk
3.2.2. Tembung Dwipurwa
a) Tembung dwipurwa wantah
kemul --> kekemul

16
peteng --> pepeteng
b) Tembung dwipurwa salin swara
tamba tetamba
bungah --> bebungah
3.3.2. Tembung Dwiwasana
a) Tembung dwiwasana wantah
celi --> celili
celo --> celolo
b) Tembung dwiwasana salin swara
pentheng --> pethentheng
cekak --> cekakak
3.2.4. Tembung Rangkep Mawi Imbuhan
a) Tembung rangkep mawi ater-ater
di- + idak-idak --> diidak-idak
kok- + suwek-suwek --> kok suwek-suwek
b) Tembung rangkep mawi seselan
-in- + dama-dama --> dinama-dama
-um- + sugih-sugih --> sumugih-sugih
c) Tembung rangkep mawi panambang
jaran-jaran + -an --> jaran-jaranan
omah-omah + -an --> omah-omahan
3.3. Tembung Camboran
Tembung camboran inggih menika tembung kalih utawi langkung ingkang
dipun-angge sesarengan, lan sasampunipun kacambor nggadhahi teges setunggal.
Adhedhasar wujuding tembung lan pandhapukipun tembung camboran wonten warni
kalih, inggih menika tembung camboran ingkang tembung-tembungipun wetah lan
tembung camboran ingkang tembung-tembungipun dipun wancah utawi boten wetah.
3.3.1. Tembung Camboran Wetah
a) Tembung camboran ingkang tembung-tembungipun awujud tembung lingga
gubug penceng = araning lintang
gula klapa = araning gendera

17
b) Tembung camboran ingkang tembung-tembungipun awujud tembung lingga lan
andhahan
semar mendem = araning tetedhan
kutut manggung = araning gendhing
3.3.2. Tembung Camboran Tugel
kakkong = tungkak bokong
thukmis = bathuk klimis
II. Jinising Tembung
Miturut jinisipun, tembung-tembung ing basa Jawi saged kaperang dados sedasa, inggih
menika tembung kriya, tembung aran, tembung sesulih, tembung kaanan, tembung
katerangan, tembung wilangan, tembung panyilah, tembung ancer-ancer, tembung
panggandheng, lan tembung sabawa.
1. Tembung kriya (verba)
Tembung kriya inggih menika tembung ingkang mratelakaken solah abwa utawi
tumandang damel.
Tuladha: teka, lunga, mangan, ngombe, nyaponi, nibakake, dituku, lsp.
2. Tembung aran (substantiva)
Tembung aran inggih menika namining sedaya barang lan menapa kemawon
ingkang dipun-anggep barang.
Tuladha: mas, perak, manungsa, Suta, Naya, lsp.
3. Tembung sesuilih (pronomina)
Tembung sesulih inggih menika tembung ingkang kangge nyulihi barang
ingkang sampun dipunmangertosi, amrih boten wongsal-wangsul nyebat namining
barang klawau, lan ugi kangge nedahaken dununging barang.
a) Tembung sesulih tiyang: aku, kula, ingsun, lsp.
b) Tembung sesulih panuduh: iki, kuwi, kae, lsp.
c) Tembung sesulih pitakon: apa, sapa, endi, priye, lsp.
4. Tembung kaanan (adjectiva)
Tembung kaanan inggih menika sedaya tembung ingkang mratelakaken
kawontenaning barang.
Tuladha: abang, cilik, ayu, larang, landhep, lsp.
5. Tembung katerangan (adverbia)

18
Tembung katerangan inggih menika tembung ingkang nerangaken wasesa utawi
tembung sanesipun kejawi tembung aran.
Tuladha: adoh, banter, rindhik, lsp.
6. Tembung wilangan (numeral)
Tembung wilangan inggih menika tembung ingkang mratelakaken cacahing
barang utawi mratelakaken undha-usuk.
Tuladha: siji, loro, katelu, kapat, lsp.
7. Tembung panyilah (artikel)
Tuladha: sing, kang, ingkang.
8. Tembung ancer-ancer (preposisi)
Tembung ancer-ancer inggih menika tembung ingkang nedahaken ener utawi
papan ingkang dipuntuju.
Tulaha: ing, marang, menyang, saka, lsp.
9. Tembung panggandheng (konjungsi)
Tembung panggandheng inggih menika tembung ingkang tumindakipun
nggandheng utawi nyambung tembung ingkang setunggal kaliyan setunggalipun utawi
nyambung ukara setunggal kaliyan ukara setunggalipun.
Tuladha: lan, karo, sarta, miwah, utawa, lsp.
10. Tembung sabawa (panguwuh, interjeksi)
Tuladha: lo, la, adhuh, wah, tobat, ah, lsp.
III. Ukara lan Peranganing Ukara
Ukara inggih menika reroncening tembung ingkang dados wedharing
gagasaning manungsa, awujud katrangan, pitakenan, lsp.
3.1. Jinising ukara miturut wedharing gagasan
Miturut wedharing gagasaning manungsa utawi suraosipun, ukara ing basa Jawi
saged kapilahaken dados wolung warni, inggih menika:
a) Ukara carita:
Sasi Juni iki, ing alun-alun lor ana pasar malem.
b) Ukara pitakon:
Kowe arep menyang ngendi?
c) Ukara pakon:
Wacanen layang kabar kae, Ton!

19
d) Ukara pangajak:
Mangga ta dipun-entosi ngriki, sinambi lenggahan.
e). Ukara panjaluk:
Kula aturi midhangetaken anggenipun medhar sabda.
f). Ukara pangarep-arep:
Mugi-mugi Gusti Allah tansah paring pangaksama dhateng sedaya kalepatan kawula.
g) Ukara prajanji:
Manawa ibumu nayogyani, aku arep mangkat sesuk-esuk.
Ukara upama:
Upama aku bisa mabur, aku arep mubeng ing saindhenging jagad.
3.2. Ukara lama lan ukara camboran
3.2.1. Ukara Lamba
a) Ukara lamba (jejer (J) - wasesa (W))
Ibu siran.
J W
b) Ukara lama (J - W - lesan (L))
Pratiwi nata buku.
J WL
c) Ukara lamba (J - W - katrangan (K))
Pradipta ngguyu kekel.
JWK
d) Ukara lamba (K - J - W)
Wingi Warsita teka.
K J W
e) Ukara lama (J - W - L - K)
Susanto maca layang ing meja.
JWLK
f) Ukara lamba (K - J - W - L)
Biyen Wardaya ngandharake crita.
KJWL
g) Ukara lamba (J - KJ - W)
Kucing sing ireng mati.

20
J KJ W
h) Ukara lamba (J - KJ - W - L)
Windriya muris klas lima maca majalah.
J KJ W L
1) Ukara lamba (J - W - L - KL)
Wardhani maca majalah Jaka Lodhang.
J W L KL
j) Ukara lamba (J - W - KW)
kalung larang regane
J W KW
k) Ukara lama (J - KJ - W - L - KL)
Sudarna murid klas papat maca buku crita.
J KJ W L KL
l) Ukara lama (K - J - KJ - W - L)
Wingi Sari adhine Maya jajan bakso.
K J KJ W L

3.2.2 Ukara Camboran (Majemuk)


Ukara camboran inggih menika ukara lamba sawatawis ingkang karaketaken
dados setunggal.
a) Ukara camboran ingkang sami jejeripun.
Sutarto adus, Sutarto banjur dandan. ----> Sutarto adus, banjur dandan.
b) Ukara camboran ingkang sami wasesanipun.
Pratiwi maca koran, Darsono maca majalah.
c) Ukara camboran ingkang sami katranganipun.
Mengko ibu tindak pasar, bapak tindak kantor.
d) Ukara camboran ingkang mawi tembung pangiket.
Suwardi lara untu, ewasemono dheweke mlebu sekolah.

IV. Unggah-ungguhing Basa.


Tembung-tembung basa Jawi wonten warni kalih, inggih menika ngoko lan
krama. Menawi tiyang gineman ngginakaken tembung-tembung ngoko, tiyang menika

21
dipun-wastani gineman mawi basa ngoko, dene menawi ngginakaken tembung-tembung
krama, tiyang menika dipun-wastani gineman mawi basa krama. Tembung-tembung
krama wonten warni kalih, inggih menika krama lugu dalah krama inggil.
Bakening tembung ing basa Jawi menika wonten warni tiga, inggih menika:
ngoko, krama lugu, saha krama inggil. Tembung-tembung menika wonten ingkang
namung wujud ngoko, wonten ingkang wujud krama lugu lan ngoko, wonten ingkang
wujud krama inggil, krama lugu, lan ngoko.
Tuladha:
ngoko krama krama inggijl
omah griya dalem
lemah siti -
sengit - -

a) Ukara ngoko: Kebo mangan suket.


b) Ukara krama lugu: Kula tumbas lisah.
c) Ukara krama inggil: Eyang gerah waos. Ibu wungu sare.
d) Ukara krama lugu campur ngoko: Wingi kula sade pisang godhog.
e) Ukara krama inggil campur krama lugu: Wau enjing bapak rawuh ing griya kula.
f) Ukara krama inggil campur ngoko: Yen Bapak Lurah duka, wong-wong wedi kabeh.

22
KAPUSTAKAN
Adisumarto, Mukidi. 1975. Pengantar Tata kalimat bahasa Jawa. Yogyakarta: FKSS
IKIP.
Antunsuhono. 1956. Reringkesaning Paramasastra Djawa. Jilid I lan II. Djogdja: Hein
Hoo Sing.
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1977. Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang
Disempurnakan. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Hadiwidjana, R.D.S. 1967. Tata-Sastra. Jogja: U.P. Indonesia.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J>B> Wolters Uitgevers
Maatschappij N.V.
_______. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff Kolff N.V.
Subalidinata, R.S. 1994. kawruh Paramasastra Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusatama.
Sudaryanto (penyunting). 1991. Tata bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta
Wacana University Press.

23

You might also like