You are on page 1of 2

PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL

‫السال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬


َ
‫ َوأ َم َر نَا ِبا ِالا‬.‫علَ ْينَا ِبالصالَ ِة َوالصيَ ِام‬ َ ‫ َوا َ ْو َجب‬.‫سالَ ِم‬ َ ‫ا َ ْل َح ْمد هلل الذى ا َ ْنعَ َم‬
ِ ‫علَ ْينَا ِبنِ ْع َم ِة اْ ِال ْي َم‬
ْ ‫ان َواْ ِال‬
‫ص َحا ِب ِه‬ْ َ‫علَى ا َ ِل ِه وا‬
َ ‫ َو‬.‫س ِيا ِد نَا م َحمد َخ ْي ِر ا ْالَنَ ِام‬ َ ‫علَى‬ َ ‫ َوالصالَ ة َوالسالَم‬.‫ِت ا َحا ِد َو ِصلَ ِة ا ْالَ ْر َح ِام‬
َ ‫ ِمنَ ا ْلعَائِ ِد ْينَ َوا ْلفَا ئِ ِز ْينَ تَقَب‬.‫ أ اما بعد‬.‫ا ْل ِك َر ِام‬
. َ‫ل هللا ِمن َو ِم ْنك ْم اَجْ َم ِع ْين‬

Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati !

Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT,


ingkang sampun paring Rohmat shoho ni’mat, sehingga kulo lan panjenengan sedoyo saget
pepanggihan wonten meniko masjid, dalam rangka “melaksanaaken sholat jum ah”, lan
wonten ing kesempatan puniko- kulo ngajak dateng panjenengan sedoyo – monggo kito
tingkataken taqwa kito dateng Alloh SWT-dalam keadaan punopo kemawon – baik wonten
keadaan –susah – seneng – lan wonten ing pundi papan panggenanipun.

Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim lan salam bahagia Alloh, mugio tetep dipun
limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho poro ahli keluarga lan
sahabatipun.
Poro Bapak, Hadirin – sidang jum ah ingkang kulo hormati
Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten
ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken
ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene
sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon
kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti harapan - mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken
wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang
mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun - sehinggo saget
ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian - wonten ing manah kito sedoyo.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito ninda’aken
perintahipun Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon -
meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang
wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan dahar – ngunjuk - shoho keluhan lan
kelemahan tenogo - ingkang akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir
Miskin - sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng
Fakir-Miskin kolo wahu.
Poro hadirin ingkang kulo hormati : menawi kito mboten purun nglampahi ibadah
puoso - berarti kito meniko gesang nuruti kemauan howo nafsu lan kemauan weteng utawi
dados Abdul butun alias hamba perut - selalu dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari selalu dalam
pemborosan - mangan ngumbe sak katahipun- selalu berlebih-lebihan - melampauai batas
tanpa mengukur kekuatanipun. Padahal, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an :
َ‫س ِر ف ْوا ِإن هللا الَ ي ِحب ا ْلمش ِْرفِ ْين‬
ْ ‫كل ْو َواش َْرب ْوا َوالَ ت‬
Ingkang artosipun :
“Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut ora demen
marang wong kang ngliwati bates“
Poro Bapak, hadirin – sidang jum ah ingkang minulyo
Sak meniko sampun dugi wulan syawal - wulan ingkang penuh dipun rameaken lan
dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun
kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang langkung
sahe, katimbang wulan ingkang sampun berlalu.

Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge bersilaturrohmi -
mempererat tali persaudaraan antara keluarga – famili - konco-konco lan sanak kadang - soho
sederek seagama lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang berlalu terjadi
kesalahan-kesalahan - utawi sering melakukan hal-hal ingkang mboten nyekeca aken manah.
Sering timbul rasa iri – dengki - buruk sangka - mangkel-mangkelan lan sanesipun.
Pramilo saat meniko monggo kito bucal - kito hapus mawi berjabatan tangan- kito isi
kanti halal bihalal - saling maaf memaafkan lahir lan batin.
Monggo kito ndugeni- kito panggihi sanak keluarga - sahabat karib - tiyang sepuh kito -
guru-guru kito - kanti bersilaturahmi - supados gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh
SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh :
‫سا َء لَه ِفى أَث َ ِر ِه فَ ْليَ ِص ْل َر ِح َمه‬ َ ‫َم ْن أ َ َحب أ َ ْن ي ْب‬
َ ‫س َط لَه فِى ِر ْزقِ ِه َوي ْن‬
Artosipun :
“Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine - lan didawakne (di berkahi) umure - mongko becik
silaturrohmi (nyambung sanak sedulure)”

Mangal sirol muslimin rohimakumulloh


Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko - monggo kito tingkataken
mutu pendidikan lan praktek - utawi mewujudkan sedoyo amal ingkang saget mbeto bahagia -
sejahtera wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat kata penyair :
ْ َ ‫ِب ِع ْل ًم* َولَ ْم أ‬
‫صنِ ْغ يَدًا فَ َما ذا كَ ِم ْن ع ْم ِرى‬ ْ ‫إِذَا فَتَنِى ا ْل َي ْوم َولَ ْم أ َ ْكتَس‬
Ingkang artosipun :
“Naliko wis ngliwati aku sijining dino - lan aku durung ngasilken ilmu pengetahuan - lan durung
ngasilaken pekerjaan tangan - Mongko opo gunane umurku ing dino iku”
Poro hadirin sekalian !
Sesuai kalian kata syair kasebut - monggo kito berusaha ningkataken pendidikan dateng
putri-putri kito generasi mendatang - supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa -
ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas - saking agomo - bangsa lan negoro. Kranten
generasi meniko ingkang menentukan masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih :
‫غ َر س ْوا فَا َء َك ْلنَا َوإِننَا * لَنَ ْغ ِرس َحتى َيأ ْ ك َل الناس بَ ْع َد نَا‬
َ ‫لَقَ ْد‬
Ingkang artosipun :
“Sa’temene- wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa - lan kito sing mangan jasane. Lan
yektine kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa kito (metik
jasa kito)”

Poro rawuh ingkang kulo hormat !


Cekap semanten kutbah kawulo – mugi –mugi wonten gino manfaatipun dateng kito
sedoyo – lan monggo kito nyuwun ngarso dalem Alloh SWT – mugi – mugi kito dipun paringi
umur panjang ingkang barokah – rizki ingkang katah lan barokah lan slamet donyo akherot –
pungkasanipun husnul khotimah – aamiin yaarobbal alamiin
َ‫ِمنَ ا ْلعَا ئِ ِد ْينَ َوا ْلفائِ ِز ْينَ تَقَب َل هللا ِمن َو ِم ْنك ْم اَجْ َم ِع ْين‬
‫و باهلل التو فيق و الهداية‬
‫والسال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬

You might also like