You are on page 1of 2

SDN PETROKIMIA GRESIK

ULANGAN HARIAN
Tanda Tangan
Kelas : V (lima) …. Nilai
Orang Tua
Tema : 1.
Mapel : Basa Jawa
Kompetensi : Mengenal, memahami dan mengidentifikasi ………………….
Dasar teks narasi atau deskripsi Paraf Guru
………………… Hari / Tanggal : Rabu, 28 Agustus 2019
………………….
Nama : ……………………………………………
No. Absen : ……………………………………………

Festival Dolanan Tradisional

Ing wulan Agustus akeh lomba-lomba sing dianakake. kanggo mengeti dina kamardikan.
Nalika iku Dinas Pariwisata ing kuthaku nganakake lomba egrang. Pardi, Suntoro, Masrim,
Mujianto,lan Tarno, bocah lima iki pancen mahir yen bab egrang, mula seneng atine nalika ana
kabar yen arep ana lomba egrang. Saka bocah lima mau jebule mung Masrim singbisa melu
lomba amarga kancane ing dina iku ana kegiyatan liyane sing ora bisa ditinggalake. Dina
Minggu jam wolu Masrim wis siyaga ing alun-alun.
Pesertane akeh banget, saben kecamatan ngirim paling sithik sepuluh peserta. Masrim
ketok mesam-mesem nyawang peserta sing padha latihan nganggo egrang. Lagi munggah ana
sing langsung rubuh. Ana sing mlaku rong jangkah telung jangkah wis mudhun. Ngono umume
peserta sing arep melu lomba dina iku.
Masrim ngadeg saka papan palungguhane terus njupuk egrange sing modhele seje karo
egrang liyane, yaiku egrang susun, tegese bancikane sikil tundha telu. Masrim pamer kabisan.
Dheweke munggah egrang terus mlaku maju, mundur, maju, mundur, kadhang-kadhang mlayu.
Kabeh wong saalun-alun padha gumun lan surak-surak karo ngeploki aksine Masrim mau.
Rumangsa kagunggung atine Masrim banjur pamer kapinteran. Ora mung mlaku lan mlayu wae,
nanging gonta-ganti panggonan bancikan. Saka undhag siji.

I. Wangsulana pitakon ngisor iki!

1. Wacan mau nganggo irah-irahan apa?

2. Sapa paraga utama sing dicritakake ing wacan mau?

3. Sapa wae sing pinter egrangan?

4. Kapan dianakake lomba egrang?

5. Sapa sing nganakake lomba mau?

II. Isenana nganggo tembung sing mathuk!

1. Paragraf sing nyritakake sarana urut kedadean-kedadeane iku klebu jinise teks ….

2. Teks narasi iku umume nganggo basa ….

3. Latar sing dadi dhasare crita ing antarane yaiku latar ….. lan latar ….

4. Titikane wong sing sugih elmu iku salah sijine yaiku ora

5. Tembung "titikane" iku tegese padha karo tembung

6. Paragraf sing nyritakna barang kanthi rinci lan gamblang iku klebu jinise teks …
7. Sing klebu strukture teks narasi yaiku …., ….., …..

8. Bapak lunga karo Mas Bayu

ngoko aluse .....

9. Gagasan pokok sing diandharake kanthi cara nggambarake obyek, panggonan utawa kadadean

kanthi njlimet nganti sing maca rumangsa kaya ngalami dhewe diarani teks ...

10. Ibu dhahar sekul pecel.

Yen didadekake basa ngoko ....

III. Garapen manut pakone!

1. Sebutna struktur teks narasi iku apa wae!

2. Wektu, papan lan swasanane kadadean diarani .... saka narasi

3. Urutane kadadean diarani .... saka narasi

4. Sebutna struktur dheskripsi!

5. Ngandharake bagean obyek diarani .... sala dheskripsi

You might also like