You are on page 1of 4

RINGKESAN MATERI TEMBANG MACAPAT

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe
petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku
tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa
anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud
geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu.
Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa, saben ayat macapat nduweni baris ukara sing
kasebut gatra, lan saben gatra nduweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan akhir saka
suara sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat, yaiku
maksude cara maca sing kajalin saben papat suku tembung.
Aturan-aturan iku ana ing:
a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c. Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Timbulipun Sekar Macapat
Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem
saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening
Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.
Gunggungipun tembang macapat
Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:
1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmaradana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
Watak lan Gunane Tembang Macapat
1. Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin.
2. Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang.
3. Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah.
4. Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna.
5. Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna,
mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok.
6. Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa.
7. Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang.
8. Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung.
9. Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon.
10. Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur.
11. Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat
1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

1. Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé
ngambang nyang kandhutané ibuné.
2. Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya
bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau
wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké
antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa
urip bebrayan.
7. Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan.
Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi
wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa
welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh
rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka
piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan
marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.
PENGERTIAN LARAS SLENDRO DAN PELOG
LARAS SLENDRO merupakan sistem urutan nada yang terdiri dari lima nada dalam satu
gembyang (oktaf), nada tersebut diantaranya ; 1 (ji), 2 (ro), 3 (lu), 5 (mo), 6 (nem). Istilah ji,
ro, lu, mo, nem tersebut merupakan nama singkatan angka dari bahasa jawa, ji berarti siji
(satu), ro berarti loro (dua) lu berarti telu (tiga), mo berarti limo (lima) dan nem berarti enem
(enam).
LARAS PELOG, yakni tangga nada yang terdiri dari tujuh nada yang berbeda. Nada-nada
tersebut diantaranya nada; 1 (ji), 2 (ro), 3 (lu), 4 (pat), 5 (mo), 6 (nem) dan 7 (pi). Jika
dibandingkan dengan tangga nada diatonis, susunan tangga nada pelog kurang lebih sama
dengan susunan tangga nada mayor (do, re, mi, fa, so, la, si, do), namun penyebutan untuk
karawitan tetap menggunakan bahasa jawa (ji, ro, lu, pat, mo, nem, pi).

You might also like