You are on page 1of 7

UPACARA ADAT JAWA

“ SIRAMAN “

Dening :
Fitri Arida Sabhatina ( XI-5/19 )
Mei Ardian Nur Sinanto ( XI-5/23 )
Muhammad Farhan Nabhan ( XI-5/25 )
Nabilla Nadif Salya ( XI-5/27 )
Rara Fajrina Maharani ( XI-5/29 )
Sonia Jasmine Badjree ( XI-5/32 )

SMAN 1 BOJONEGORO

KABUPATEN BOJONEGORO

TAHUN PELAJARAN 2016/2017


ATUR PANGIRING

Ingkang sepisan kita ngaturaken puji syukur dhumateng kang Maha Kuwasa kagem
sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kita saged ngrampungake makalah upacara adat jawa
“ siraman “ iki lan kita ngaturaken matur nuwun kaliyan sedaya tiyang ingkang sampun
mbiyantu ngawujudaken makalah upacara adat jawa “ siraman “ punika.

Muga-muga makalah iki bisa dadiake paedah tumrap para sakabehe pawongan
Ananging menawa ana kaluputan saka kita , kita nyuwun agunging pangaksama. Matur
nuwun.

Bojonegoro, 31 Oktober 2016


BAB 1

PURWAKA

1.1 Lelandhesane Prakara


Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing
nduwe rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan
iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung ing suasana
sing khusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu. Salah sawijine adat tata cara
pengantenan yaiku siraman calon penganten, Acara siraman iku sejati upacara
perlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina
sedurung ijab kabul lan dilakokake ing daleme dhewe-dhewe calon manten, umume ing
dalem sing radha mbukak kaya halaman mburi dalem utawa ing taman ngarepan dalem.
Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sing duwe gawe wis utusan paraga
golek banyu sumber pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa
sumur.

1.2 Udheraning Prakara


- Apa sing dimaksud siraman menika?
- Kepriye tata cara lan ubarampe siraman menika?
- Kepriye filosofi saka siraman menika?
-
1.3 Tujuwan Prakara
- Nguri-uri budaya adat jawa
- Mangertosi pangerten,tata cara,ubarampe lan filosofi siraman penganten
- Nikelake katrenan marang budaya adat jawa
BAB II

ANDHARAN

2.1 Pangerten

Siraman yaiku salah sawijine adat tata cara upacara pengantenan. Acara siraman iku
upacara parlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten.

2.2 Lelampahan
Upacara iki dianakake sedina sadurunge ijab kabul ing daleme calon manten. umume
ing dalem sing radha mbukak kaya halaman mburi dalem utawa ing taman ngarepan
dalem. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga
pamaes.
2.3 Tata Cara

- Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduweni ancas minangka kanggo ngeyupi papan
kanggo mantu. Sing masang bleketepe ya iku wong tuwa saka penganten putri kanggo
pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing
kulawarga.Dene tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja
sawité, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron
waringin. Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan supaya penganten kekalih
énggal éntuk momongan.

- Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Penganten Priya ya iku sawise toya 7
sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang
omahe calon penganten priya. Sing ngirimake yaiku wakil saka kulawarga sing
diarani duta saraya.

- Sungkeman Sadurunge siraman, calon penganten sungkem marang wong tuwa


kanggo njaluk pangapura lan pangestu anggone arep mbangun abalewisma.

- Dedonga

- Siraman Sing nyiram sepisanan ya iku bapak calon penganten banjur ibu penganten
lan diterusaké para pinisepuh uga kalebu juru paes. Sawise iku, banjur calon
penganten wudlu nganggo banyu sing dipancuraké saka kendhi dening bapak calon
penganten.

- Pagas Rikma Sawise siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma utawa potong
rambut. Potongan rikma saka penganten kekalih banjur didadekake siji banjur
ditanem ing upacara tanem rikma.

- Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki nduweni
pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupé penganten suasanane bisa
rengeng. Sing dodol dhawet Ibuné penganten putri, déné bapaké mayungi ibune, karo
nyeyuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon penganten
bisa sesrawungan karo liya lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet ya iku para tamu
lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng).
Werdine (tujuwane) dodolan dhawet ya iku: wong omah-omah iku lanang wadon
nggayuh jejegé balé wisma (balé omah), supaya tandhan padha-padha marem ing ati
(ayem, tentrem). Werdiné dhawet iku arum lan enak rasané, lan bisa ngresiki ganda
sawise dhahar, mula tatacara ngombe dhawet iku tiba tatacara kang keri dhewe.
Kamangka, werdiné dhuwit kreweng iku saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya
saka lemah kang lantaran bapa biyunge, asale saka Gusti Allah.

- Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka penganten putri motong tumpeng kamulyan
banjur diwenehaké ibu banjur didulangaké penganten putri.

- Dulangan Penganten putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.

- Kembul Bujana Andrawina ( Para tamu dhahar sesarengan )

2.4 Ubarampe

Uba rampe sing kudu ana yaiku :

- Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu


- Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari) sing kajupuk saka 7 sumber
- Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang
kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga
- Wedhak teles limang werna kanggo sabunan
- Shampo tradhisional saka awu merang
- Duduh klapa
- Banyu peresan jeruk
- Klapa loro sing ditaleni dadi siji
- Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh
- Kain putih
- Kain pola bangun tulak patang kanggo nglawan hawa sing ala
- Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
- Kain batik motif grompol lan nagasari
- Andhuk
- Kendhi
- Gayung.

2.5 Tujuwan / Makna Filosofis

- Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari) sing kajupuk saka 7 sumber
angka pitu ing upacara siraman nggadahi arti pitulungan kanggo panguripanne calon
penganten.

- Kain pola bangun tulak patang kanggo nglawan hawa sing ala

- Masang bleketepe kanggo pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi
pangayom ing kulawarga.

- Masang tetuwuhan , yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja sawite, tebu wulung, ron
alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan iku
kanggo pralambang pengarepan supaya penganten kekalih enggal entuk momongan.

- Werdine dhuwit kreweng iku saka lemah, amarga manungsa iku asale ya saka lemah
kang lantaran bapa biyunge, asale saka Gusti Allah

- Acara siraman iku upacara parlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten.
BAB III
PANUTUP

3.1 Dudutan

3.2 Paprayu

You might also like