You are on page 1of 1

Gethuk inggih menika tedha jajanan (kudhapan) ingkang utaminipun dipundamel saking

ketéla pohung (singkong). Gethuk menika tedha ingkang gampil dipunpanggih ing Jawa
Tengah lan Jawa Wétan.

Gethuk wonten ingkang dipundamel saking téla. Raosipun ugi saged werna-werna. Wonten
ingkang raos kèju, coklat, vanila, stroberi. Sanesipun menika wonten ugi gethuk lapis,
tegesipun gethuk ingkang raosipun werna-werna lan didadosaken setunggal. Umpamanipun
gethuk lapis raos coklat, vanila lan strobèri. Téla ingkang dipilih kedahipun téla ingkang
mempur, boten ketuwan lan boten bongkrèken.

Bahan ingkang dipunbetaken kangge ndamel gethuk inggih menika banyu kangge nggodog,
tela pohunguyah,gula pasir/gula jawa, bahan pewarna, klapa parut.

Menawi ngajengaken saged gethuk ingkang warnanipun pethak, sasaenipun ngangge gula
pasir, kangge ingkang warnanipun abrit, sasaenipun nganggoe gula jawa lajeng menawi
ngajengaken warna ijem saged ngangge peresan godhong suji.

Cara ndamel gethuk

1. Pohung dioncèki kulitipun, lajeng dipungirah resik lan diiris-iris kirang langkung
5 cm.
2. Godhog puhung ngantos mateng, angin-angin ngantos kukusipun ical.
3. Kempal puhung - uyah sekedhik - gula. Lumat ngantos lembut.
4. Sukakaken bahan pawarna menawi.
5. Segahaken anget-anget kaliyan parutan klapa nem ingakang ditawuraké ing
nginggilipun.

Gethuk kulinanipun disegahaken kangge cemilan kaliyan ngombé tèh. Salah setunggalipun
variasi gethuk menika caranipun kaliyan digorèng. Ugi wonten ingkang langkung remen
nedha gethuk ingkang dipunangge pacitan menawi taksih wonten tamu.

You might also like