You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum Wr.

Wb

Dumateng Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan

Dumateng para kadhang sedaya ingkang kula tresnani

Wonten ing kalenggahan siang menika, mangga kita sareng-sareng tansah muji syukur
wonten ngersanipun Gusti ingkang maha kuaos, awit saking kanugrahan ingkang dipunparingaken
dumateng kita, sahingga kita saged kempal manunggal kanthi sehat walfiat. Salajengipun sholawat
ugi salam tansah kaunjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW sumugi kita
sedaya tansah pinaringan syafaatipun wonten yaumul akhir.

Keparenga kula wonten ing ngarsanipun panjenengan ngaturaken sekedik babagan Dinten
Pahlawan Nasional.

Para rawuh ingkang kula kurmati,

Punapa ingkang wonten dhateng penggalihipun panjenengan sadaya menawi


midhangetaken tembung “Pahlawan”? Kita sadaya sami nyumerepi bilih dinten pahlawan punika
wonten ing tanggal 10 November kedah kula lan panjenengan pengeti. Dinten pahlawan punika
dipun pangeti minangka mengeti perjuanganipun para pahlawan. Para pahlawan sampun ngangkat
drajatipun bangsa Indonesia ngantos saget mardhika saking para penjajah saengga kula lan
panjenengan sadaya saged gesang kanthi tentrem. Kula lan panjenengan sadaya kedah kedah engat
lan mangertosi prastawa lan kedadosan wonten ing zaman punika. Inggih menika ageng sanget
kepahlawanan bangsa Indonesia.

Para kadhang ingkang kebak kinasih,

Kanthi rahmatipun Gusti ingkang Maha adil,wonten tanggal 10 November, para pejuang
wekdal samanten saget ngrebat wilayah Surabaya . Arek-arek Surabaya ingkang dipun pandhegani
dening Bung Tomo kanthi sora paring semangat lan waosan takbir saget damel penjajah kawon.
Masyarakat ugi Bung Tomo ngupados ngandapaken lan ngrisak bendera abang putih biru punika
minangka digantosi kaliyan Sangsaka Merah Putih. Kathah ingkang gugur wonten wekdal semanten.
Sedaya punika dipun lampahi keranten raos remen lan tresnanipun dhumateng negari Indonesia.

Para rawuh ingkang bagya mulya,

Semangat para pahlawan ingkang ageng sanget saestu kedah kula lan panjenengan sadaya
lajengaken. Kados pundi caranipun? Kita sedaya mboten kedah perang damel ngrebat kamardhikan
negari. Hananging sakmenika wekdalipun kangge mbangun negari ingkang sampun 74 taun
mardhika punika.

Dados generasi ingkang gesang wonten zaman kang kebak ilmu pengetahuan lan teknologi,
kita kedah migunaaken kawontenan punika kanthi sae. Inggih menika dibarengi iman lan takwa ugi
tumindak ingkang mboten nyimpang kaliyan paugemaning agami. Kenging punapa? Amargi
penjajahan sakmenika mboten awujud perang, hananging pengaruh awon saking globalisasi kados
ta, HP, sosial media, lan sapiturutipun.
Sak sanesipun iman lan takwa, kita sadaya ugi kedah nggadahi kaprigelan babagan ilmu
pengetahuan lan teknologi. Amargi menawi satunggalipun negari saged maju iptekipun, gampil
sanget negari punika nggayuh karaharjanipun.

Para rawah ingkang tansah pinaringan rahmat,

Pramila mangga sesarengan kita nglajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para
pahlawan. Mboten cekap ngangge iptek mawon, hananging nasionalisme lan patriotisme ugi sami
wigatinipun. Sakmenika damel ngajengaken perjuangan pahlawan kang sampun gugur nalika zaman
peperangan. Amargi bangsa kang ageng inggih menika bangsa ingkang saget ngajengaken jasa
pahlawanipun. Mugi-mugi bangsa Indonnesia menika salajeng dipun paring kamerdekaan ugi
kamanunggalan dumugi akhir zaman. Dados negari ingkang gemah ripah loh jinawi tata tentrem
kerta raharja jaya jaya wijayanti.

Para kadhang saha Ibu guru ingkang tansah kinurmatan,

Wasana cekap semanten atur kawula. Matur nuwun kawigatosanipun panjenengan


sedanten. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan sedanten, kula nyuwun samodraning pangaksami.

Witing tresna jalaran saka kulina,

Witing mulya jalaran wani rekasa

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like