You are on page 1of 26

RESENSI NOVEL ASMARANI

Identitas Buku

Judul Buku : Asmarani

Penganggit : Suparto Brata

Diterbitake dening : Elmatera

Cetakan : 1 juni 2013

Kaca : 154 halaman

Amba+dhuwur : 14,5 x 21 cm

Warna kertas : Paper Green

ISBN : 978-602-777-740-8

Basa : Jawa

Asmarani yaiku novel karya Suparto Brata sing

diterbitake dening Elamatera nalika taun 2013.

Novel iki nyeritakake katresnan sing ora lumrah,

antarane Asmarani lan Marsan gurune, bocah SD

adu katresnan karo gurune. Ora mung iku,

nanging uga uripe Asmarani sing dadi anak

pupon. Ngrasakake kasih sayang sing beda, lan

perjuangan ngelakoni uripe nganti dadi wong

super kaya sing diimpek-impekake.

Sinopsis

Asmarani bocah wadon sing awit

cilik dadi anak pupon dirumati kaluwarga

Nataran ana ing Desa Ngombol. Pak

Nataran lan Mak Nataran yaiku tani sing


sugih ana ing Desa Ngombol, Pak Nataran

iku sabar banget anggone dadi wong.

Beda karo Mak Nataran sing panikan lan

emosinan. Ana uga Paerah, mbakyune

Asmarani sing judhes, manja lan aleman,

Paerah kerjane ning Surabaya. Lan akhire

kawin karo Raden Saptadi sing

dibanggak-banggakake marga pegawe

Bank.

Asmarani satemene wis awit bayi

pisah karo ibune merga jaman semana

diuber-uber para Walanda, Asmarani iku

satemene anake Nyai Juwita salah siji

pejuang ana ing jaman semana. Nyai

Juwita ninggalake Asmarani merga jaman

semana Asmarani isih bayi, lan Nyai

Juwita diuber-uber para Walanda. Akhire

ditinggalake ana ing omahe Pak Nataran,

dirumati Pak Nataran lan keluargane,

Nyai Juwita priyayi ana ing Kutha

Yogyakarta. Sejatine Asmarani pinter ing

sekabehane piwulangan, khususe itung-

itungan. Bocah iki cilikane nakal, seneng

nyolongan lan pencilakan. Asmarani

ndue konco kenthel, yaiku Mardinem.


Bocah sing isinan lan wedinan, nanging

setiya anggone bebalan. Meh saben dina

Mardinem doanane karo Asmarani,

merga pancen Asmarani sing kanca

kenthele awit cilik mula.

Nalikane Asmarani kelas 6 SD, dheweke

karo Marsan gurune nduweni katresnan, ora

lumrah yen dipikir, Asmarani umur 15 taun lan

Marsan meh umur tikele. Jaman semana Marsan

tenanan anggone seneng Asmarani, bocah wadon

sing isih lumrahe bocah, tau uga rerangkulan

ana ing kelas kang kothong, karo ngucap janji,

janji mbesok bakal tunangan lan omah-omah

bebarengan. Saya anggone tresna merga

Asmarani anake wong sugih sawah. Bareng

ngerti nek Asmarani anak pupon, langsung wae

ditinggalake. Satemene Marsan iku mung milik

donyane, ngarep-arepake dadi mantune wong

sugih sawah. Senajana ayu yen ora anake wong

sugih yo ora bakal dikarepake Marsan. Kaya

Asmarani, senajana isih bocah, nanging anake

wong sugih ya diarepi Marsan, sing munine

bakal saguh ngenteni gedhene Asmarani.

Nanging bareng Marsan nampa surat sing isine

nudhuhake yen Asmarani kuwi ora anake Pak


Nataran, terus wae diemohi. Sing ana malah

akhire Marsan mbaleni Paerah lan bebojonan

karo Paerah Mbakyune Asmarani, randa merga

pegatan karo Raden Saptadi pegawe Bank

Surabaya.

Ora mung karo Marsan, nanging uga

Tarwi, satemene Tarwi iku kakak kelase nalika

SD, sing saiki nerusake sekolah ana ing SMP.

Sing gedhe-gedhenane dadi Pak Lurah. Dimulai

saka anteman juwet sing dikrocokake ing Tarwi,

wiwit lebar kadadean iku Tarwi lagi nyadari yen

Asmarani iku jebule manis, nalika bubar padu

ana ing dalan nalikane Tarwi bali saka sekolah.

Intuk pesen saka Mardinem, kanca kenthele

Asmarani, Tarwi langsung nusul Asmarani ana

ing mburi sekolahan. Kanti permen karet sing

dadi lambing katresnane Asmarani ring Tarwi

lan nyampur getih dadi lambing senenge Tarwi

ring Asmarani. Iku kabeh dilakoni merga padha

senenge antarane Asmarani lan Tarwi. Wis

digadhang-gadhang sok nek gedhe dijak mah-

omah ana ing Kutha Yogyakarta.

Bareng Asmarani tamat anggone sekolah

dasar, Asmarani nduwe tekad kanggo luru lan

nyusul Biyunge. Dekne wis ngerti apa sebababe


kok ngrasakake kasih sayang kang beda saka Pak

Nataran lan Mak Nataran, ya kuwi merga

Asmarani mung anak pupon. Asmarani ngerti

yen dheweke kuwi ora anake Pak Nataran lan

Mak Nataran merga maca surat sing dikirimake

Biyunge lan diwehke Marsan marang biyunge.

Bareng ngerti isi surat sing nuduhake deweke

ora anake Pak Nataran lan Mak Nataran,

langsung wae dheweke sadar diri lan nyelengi

duet sitik sitik kanggo bakal biyaya nyusul

Biyunge ning Kutha Yogyakarta. Ora ngenteni

suwe kekarepane Asmarani kanggo nyusul

Biyunge keturutan. Ona utusan saka ibune yaiku

Suparto sing dikongkon njemput Asmarani

supaya dijak mulih ning Kutha Yogyakarta,

Ibune Asmarani sing lgi lara mung bisa ngutus

utusan lan ora bisa marani. Kanthi semangat

Asmarani gage-gage melu lunga utusane Ibune

mulih ning Kutha Yogyakarta. Wis awit cilik

mula Asmarani ndue kekarepan dadi manusia

super. Sing akhire keturutan sakbubare

Asmarani sekolah lan dirumati Ibune ana ing

Kutha Yogyakarta.

Kutha sing nggedhekake lan ngabulake

impen-impenane Asmarani nalika isih cilik. Bisa


awor, ketemu lan disekolahake dening Biyunge

nganti dadi wong gedhe. Asmarani ora mung

ayu, nanging uga cerdas. Satemene Nyai Juwita

bangga bisa nduweni anak kaya Asmarani.

Kesedehane Asmarani bisa ilang lan kebayar

nalika wis nemukake Biyunge. Bisa ngrasakake

kasih sayang sing tulus lan keluarga sing wutuh.

Unsur intrinsik dalam novel “Asmarani” karya

Suparto Brata

1. Tema

Novel Asmarani anggitane Suparta

Brata iki nyeritakake kisah salah -

sawijine remaja kang duweni

tekad mejuwangake kauripan lan

gegayutane.

1. Tokoh dan Penokohan

a) Tokoh Utama

1) Asmarani :

Asmarani kuwi

anak angkate Pak

Nataran, petani

kang sugih lan

kasuwur ing desa

Ngombol. Asmarani

kuwi remaja kang


ayu, usil, dheweke

uga nakal banget

nalika cilikane.

Nanging pinter ing

kabeh perkawis,

dheweke kuwi

wong kang ora

gampang ngresula,

ora mung kuwi

Asmarani uga wong

wadon kang kendel

lan ngabekti.

Kutipan: “Asmarani

ngliwer mlebu omah,

njujug ruwang tengah,

nggeret kursi menyang

ngarep lemari. Lemari

dibukak, dheweke

ancik-ancik kursi,

rogoh-rogoh rak

nduwur dhewe,

nggagapi piring sing

ana kono. Ketemu lapis

diemplok lapis, ketemu

tape diemplok tape.


Lemari banjur ditutup

maneh, kursi diseret

bali ing panggonane.

Dheweke terus mlayu

njrunthul mlayu metu

menyang kulon

omah.”(hal. 08)

Kutipan ing dhuwur kuwi

salah sawijine gambaran

kenakalane Amarani nalika

isih cilik.

Kutipan: “Saiki ngerti

tenan sebabe. Asmarani

dudu putrane Biyung

Nataran.” (hal. 74)

Kutipan ing dhuwur

ngandharake yen

Asmarani kuwi dudu

anake Ibu Nataran,

nanging dheweke kuwi

mung anak angkat.

Kutipan: “Nanging

kepriye carane nggoleki

alamate Biyunge ing

Kutha Yogya? Priye


carane pamit lunga

menyang kutha mrana?

Tekad-tekadan

Asmarani meneng-

meneng arep nyelengi

dhuwit, mengko yen

sakira dhuwite wis

cukup akeh nganti

sepuluh ewu rupiah,

dheweke arep merat

nyang Kutha Yogya!

Ora ndadak pamit Ba,

Bi, Bu, pokoke merat

ngono wae!” (hal. 75)

Kutipan ing dhuwur

nggambarake yen

Asmarani kuwi duweni

tekad lan kekendelan kang

gehde supaya bisa ketemu

karo ibu kandunge.

Kutipan diatas

menunujkkan bahwa

Asmarani

b) Tokoh Bawahan

1) Marsan : Tokoh
Marsan ing kene

kuwi sawijine guru

SDne Asmarani

nalika dheweke

sekolah Dasar.

Marsan ing kene

duweni watak milih

– milih, seneng

marah, seneng

ngawang – awing

lan seneng nrayu.

Kutipan :“Apa maneh

yen dipikir Asmarani

kuwi putrane

sapa,kirane prawan

sadhaerah Purwodadi

ora ana sing ngalahake

kesugihane pak

Nataran. Sugih sawah!

Akeh prawan ayu lan

wis mecucu gunung

kembare, nanging dudu

anake wong sugih

sawah. Kamangka

Marsan ora pisan-pisan


mendha anggone

kepingin dadi wong tani

duwe sawah!” (hal.63)

Kutipan ing dhuwur

ngandharake yen lakon

Marsan kuwi duweni sipat

kang milih – milih anggone

luru wong wadon utawa

gandhengan. Dhewele

luwih milih wong wadon

kang saka keturunane

petani sing sugih. Sanajan

akih wong wadon ayu

liyane, nanging ora saka

kulawarga kang sugih.

Kutipan: “Dhik

Kadinah, gedhang

kepok gedhang ijo rak

uwis, Dhik,” kanca-

kancane Kardinah sok

ngguyoni. Gedhang

kepok gedhang ijo

tegese ‘wong mondhok

dipek bojo.” (hal. 10)

Kutipan ing dhuwur


ngandharake yen lakon

Marsan kuwi seneng

ngerayu wong wadon ayu

kang ana ing desane.

2) Paerah : Paerah

kuwi mbakyu

angkate Asmarani.

Paerah duweni

watak kang

pemarah, duweni

tampang judes,

gumedhe lan ora

gelem kalah.

Kutipan: “Yen nonton

tata-rakite surasane

layang iki, pancen becik

temenan. Nanging

manut tata-cara,

dakkira kurang prayoga

wong lanang nglamar

wong wadon ora teka

marang wong tuwane

wong wadone. Saora-

orane wong tuwa bisa

mutusake yen wes


tepung karo bakal

mantune. Sokur-sokur

karo calon besan,

yakuwi wong tuwane

calon mantu. Rak iya ta,

Bu?”

“Kantene

enggih!” ujare sing

wadon karo manthuk-

manthuk.

“La iya, iku

dhisike karepe rak yo

ngono, ta, pak. La ning

saiki peraturan kantor

pancen sok ora

marengake netepi

lakune tata-cara. Dadi

dakkira ora dadi baya

ngapa ta, cara sing

dienggo Raden Saptadi

iki. Urip cara kutha

saiki ya wis ngono, lo,

pak. Seje karo wong-

wong jaman Bapak

biyen!” ujare Paerah


cathas. Pancen Paerah

adate keras, lan Bapak-

Emake kerep ngalah lan

nguja.” (hal. 34)

Kutipan ing dhuwur

ngandharake kanthi cetha

yen watak kang diduweni

Paerah kuwi gumedhe,

saksenengane dhewe, ora

gelem dikalahake. Watak

kuwi ora mung ditujukake

marang Asmarani, ibu lan

bapake, namung uga

kanggo kabeh wong.

3) Mak Nataran : Ibu

angkat dari

Asmarani, yang

membedakan kasih

sayang antara

Paerah dan

Asmarani yang

hanya anak angkat.

Mak Nataran buta

huruf, galak,

namun istri petani


kaya di desa

Ngombol.

Kutipan :“Lan mak

Nataran ngelem banget

diadi-adi kaya

mengkono. Paerah

dikekep gemes,

diambung-ambung

greget. Asmarani ora

tau disikepi kaya ngono

dening Emake.

Asmarani wis krasa

banget ditresnani kanthi

cara sing beda karo

mbakyune. Asmarani

mung krasa wae,

nanging ora nggoleki

sebab-sebabe. Malah

rumangsa wis ngerti

sebabe, yakuwi tingkah

lakune Asmarani sing

pethalitan lan

penyenyengan, ora

ndadeake Emake

nresnani dheweke. Lan


sikepe mbakyune sing

judhes marang

Asmarani uga dijarke

wae karo Emake, ora

dipenggak utawa

diwaoni. Asmarani

krasa dibedaake.” (hal.

74)

Kutipan ing dhuwur

nggambarake yen Pak

Nataran kuwi duweni

tumindak kang seneng

bedhakake tresna lan asih

marang anak – anake. Lan

kuwi gawe Asmarani

ngrasa yen dheweke kuwi

dibedhakake dening

bapake.

Kutipan: “Iya, iya. Aku

ora ngerti kebutuhane

wong kutha. Yen kowe

wes mathuk tenan, aku

lan Emakmu ya oleh-

oleh wae, jer ing

pangangkah dadia lan


becike.” (hal. 35)

Kutipan ing dhuwur

ngandharake kebecikan lan

sikep gelem ngalah kanggo

anake sanajan sejatine sing

dilakokake kuwi ora kaya

apa kang dirasakake, kuwi

kabeh dilakokake mung

kanggo senenge anake.

4) Mardinem :

Sahabat Asmarani

mulai dari kecil.

Penakut, pemalu,

namun baik, dan

setia kawan.

Kutipan: “Dheweke

ngajak Mardinem,

kancane kenthel, nalika

nyedhaki gurune kang

maca anteng ing klas

sing kothong bocah

marga lagi ngaso.

Mardinem

ketara wedi lan isin

nalika ngancani
Asmarani nyedhaki

Marsan.” (hal. 02)

Kutipan ing dhuwur

ngandharake yen lakon

Mardinem kuwi duweni

watak kang isinan lan

wedinan nalika diutus

Asmarani supaya ngancani

dheweke saperlu nemoni

Pak Marsan ing kelas sing

kosong.

5) Tarwi : kuwi

wong kang ngaku

yen dheweke kuwi

tunangane

Asmarani nalika

cilik, Tarwi duweni

watak kang seneng

banting tulang,

apik, lan uga dadi

lurah ing Desa

Ngombol.

Kutipan: “Kabeh bocah

kudu mlebu sekolah!

Merga manut nalarku


pembangunan kabeh iki,

apa wae, bakal muspra

yen kita ora ndedher

wiji kang becik. Dene

dhedherane ora liya

yakuwi ngudi kawruh

lan tata batine

manungsa! Bocah-bocah

diwulang wuruk maca

buku. Marga

sekabehane ngelmu apa

wae iki kabeh wes

dipacak dadi buku lan

bisa diwaca ing

buku.” (hal. 108)

Kutipan ing dhuwur

nggambarake Tarwi

anggone gawe majune

desane kuwi kanthi tulus,

lan kanthi kebecikan

supaya wong – wong ora

padha tininggal jaman lan

bocah – bocah tetep

mentingake

pendhidhikane.
2. Alur

Alur sing digunakake ing

novel Asmarani anggitane Suparta

Brata yaiku alur campuran.

Amarga kang dicritakake kuwi

kedadeyan kang kelakon ing

jaman saiki lan balik maneh ing

jaman biyen.

Kutipan: “Kang Ramamu karo

kang Ibumu biyen didhinesake

neng Purworejo. Purworejo

dijegi tentara Walanda. Rama

lan Ibumu ngungsi, keplayu

tekan kene. Ya dakwenehi

panggonan ing pendhapa kene.

Sisih kulon kuwi disingget dadi

kamar. Kowe lair ing

pengungsen kene. Nalika umur

telung sasi, Ramamu lagi

menyang Purwodadi. Ibumu lagi

tindak jedhing, kampung kene

digrebeg tentara Walanda Nika.

Omah iki pendhapane wis kebak

sepatu-sepatu boot utawa lares.

Landane padha pating dlajig


mlaku-mlaku ning kene iki.

Mrana! Mrene! Cekake

pendhapa iki kebak uwong –

serdhadhu landa – dudu pari yen

kaya panen kae. Kowe isih bayi,

durung ngerti doso, mung

plengah-plengeh, weruh

serdhadhu-serdhadhu mungsuh

gawa bedhil lan mimis kuwi.

Dene aku karo Emakmu dibanda

ana bale kana.” (hal. 88-89)

Kutipan ing dhuwur

nuduhake yen alur sing

digunakake kuwi alur

campuran, kabukti ana

crita kang nyeritakake

kedadeyan kang kelakon

saiki lan jaman biyen.

3. Setting

a) Latar Tempat

1) Di dalam kelas

Kutipan: “Dheweke

ngajak Mardinem,

kancane kenthel, nalika

nyedhaki gurune kang


maca anteng ing klas

sing kothong bocah

marga lagi

ngaso.” (hal.02)

2) Ning njero omah

kutipan: “Asmarani

ngliwer mlebu omah,

njujug ruwang tengah,

nggeret kursi menyang

ngarep lemari. (hal.08)

3) Ning mburi

sekolahan

Kutipan: “Tarwi

ndedhepi Asmarani ing

mburi sekolah.” (hal.20)

4) Ning stasiun

Kutipan: “Ing Stasiun

Jenar dheweke tuku

karcis sepur ngulon,

menyang

Kutoarjo.” (hal.64)

5) Ning omahe

Lurah Tarwi

Kutipan: “Ngono, ya?”

Asmarani nanggapi
sembranane Tarwi

kanthi ampang, ora

patia direwes, karo

clilengan maspadaake

bale omahe

Kelurahan.” (hal.107)

b) Latar Waktu

Latar waktu sing katon ana

ing novel Asmarani karya

Suparto Brata

1) Wayah Awan

Kutipan: “Awan-awan

Asmarani disrengeni

Emake marga

panganan.” (hal.13)

2) Wayah Bengi

Kutipan: “Bengi kuwi

Marsan netepake arep

sowan Pak

Nataran.” (hal.65)

3) Wayah Esuk

Kutipan: “Lan, esuk-

esuk dina Rebo, wayah

dina pasaran ing

Ngombol, srengenge lagi


sagenther dhuwure, ana

dhokar keblethong ing

pratelon cedhak

sekolahan.” (hal.97)

4) Wayah Sore

Kutipan: “Sore-sore

dudu watake Marsan

nguthek ana ngomah.

Dheweke ngedegake

kumpulan orkes, melu

kumpulan badminton,

lan apa-apa sing

magepokan karo

sumrambahing

sesrawungan ing

desane.” (hal.10)

4. Sudut pandang

Ana ing novel Asmarani karya

Suparto Brata nggunakake sudut

pandang wong katelu, amarga ing

crita novel iki panganggit ora

duweni peran, penganggit mung

nyeritakake kahanane wong liya.

5. Amanat

Amanat kang bisa kapetik


saka novel Asmarani karya

Suparto Brata urip iku akeh

cobaane, kudu kuat, sabar lan

nrima anggone ngelakoni urip iki.

Tansah ngati-ati marang wong

lanang lan tansah berjuang

kanggo urip mandiri.

Kelebihan

Ing novel Asmarani iki akih banget

kelebihane, salah sijine bisa didelok saka

segi alure, kang bisa nggawa wong kang

maca melu ngrasakake lan mlebu ana ing

njero crita kuwi. Saengga wong kang

maca bisa nyatu sampurna ing njero

crita. Ora mng iku, nanging uga ngawehi

kesan sing apik kanggo wong kang maca.

Asmarani pancen bocah nakal, nanging

kenakalane ora kalah karo kacerdasane

anggone ngelakoni urip iki. Akeh uga

peran moral social lan pendhidhikan sing

bisa dijupuk saka novel iki. Penganggit

uga gawe gampang wong kang maca

novel kanthi menehi tanda ing ejaan e, é

dan è. Saengga wong kang maca ora

kangelan bedakake.
Kelemahan

kelemahan saka novel iki angel

ditemukake, mung wae ana tembung-

tembung sing anggone ngetik ana sing

keliru, nanging iku ya lumrah wae. Mung

wong-wong kang ora kebiyasa maca

wacanan jawa menawane seradu

kangelan, merga ana basa-basa sing asing

lan jarang dirungokake ana ing basa

pakulinanane.

Nilai Buku

a) Nilai Moral

Nilai moral kang ana ing novel Asmarani

karya Suparto Brata salah sijine ngajeni

wong kang luwih lan ashor derajate kanti

cara mikurmati lan ngrapyaki wong mau,

lan uga niru tumindhak apike.

b) Nilai Sosial

Nilai Sosial saka novel iki bisa sidelok

saka kenthele kekancan antarane

Asmarani lan uga Mardinem, saling

bantu binantu anggone nglakoni

penggawean lan mangerteni kanca ana

ing sekabehane kondisi.

You might also like