You are on page 1of 2

5/17/2018 Skenario SandiwaraSemutLan Manuk-slidepdf.

com

  Skenario Sandiwara Semut lan Manuk

Ing sajroning alas ana wit kluwih ndhoyong mangling ing sendhang. Semut-semut padha
gojek ing pang. Ana semut siji sing mrucut tiba kecemplung ing sendhang.

Semut : Tulung….. Aku kecemplung ning sendhang… Tulung-tulung… Aku ora bisa nglangi… 

Manuk : Sapa kuwi? Ning ndi kowe?

Semut : Aku semut, ning ngisormu ken, aku kecemplung ning sendhang… 

Manuk : (noleh mangisor) Oalah, kowe to Mut… kok mesakke men kowe…  

Sek yo Mut, entenana sedhela, tak jupuke godhong...

Semut : Iyo… 
Manuk : (nyucuk godhong ditibake) Mut, godhong kuwi tumpakana ben kowe ora kelelep, mengko
yen wis nepi mudhuna seko godhong kuwi… 

Semut : (numpak godhong) Maturnuwun yo Nuk… Kowe pancen kancaku sing apikan tenan…  

Ing sawijing dina, ana Grema mlebu alas tingak-tinguk golek manuk. Bareng weruh manuk
ing nduwur wit, grema kanda sajroning ati.

Grema : Wah..Lha iki, lagi beja aku, ana manuk gedhe lagi lena kae…  

Entuk lawuh enak aku…hahahaha 

Semut : (sajroning ati) lho sapa ya kae? Waduh ana grema ta? Kok ngincer Si Manuk kancaku sing
apikan dewe sadonya ya? Wah, iki wektune aku bisa mbales kabecikanne Manuk… 

Semut tumuli gegancangan nggremet ing dlamakane grema krasa keri lan risi, ora kuwat
ngampet. Sikile diobah-obahke, karepe semute kareben ngalih lan ora nggremeti sikile. Semut ora
gelem lunga malah nyakot sikile grema.

Semut : Kapokmu kapan kowe Ma, aku ora bakal ngalih yen kowe tetep ngincer kancaku… 

Grema : Apa iki?? (noleh mangisor)asem yo... kurang ajar semut iki...

Semut : Minggir kowe, nek ora tak cokot lho kowe...( nyokot sikile grema)

Grema : Aduhh.....

Sawise dicokot sikile karo semut Grema njerit seru banget nganti ngagetke Manuk. Manuk

sing ngerti polah e kancane mung mesem banjur mabur sing adoh.

Roselina Alpha

18/XIID

http://slidepdf.com/reader/full/skenario-sandiwara-semut-lan-manuk 1/2
5/17/2018 Skenario SandiwaraSemutLan Manuk-slidepdf.com

http://slidepdf.com/reader/full/skenario-sandiwara-semut-lan-manuk 2/2

You might also like