You are on page 1of 3

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

ِ‫ِإ َّن ْال َح ْمدَ ِ َّّلِلِ ن َْح َمدُهُ َونَ ْست َ ِع ْينُهُ َونَ ْست َ ْغ ِف ُر ْه َونَ ْستَ ْه ِد ْي ِه َونَعُوذُ ِباهلل‬
ُ‫ض َّل لَه‬ ِ ‫ َم ْن يَ ْه ِد ِه هللاُ فَالَ ُم‬،‫ت أ َ ْع َما ِلنَا‬ ِ ‫س ِيئَا‬ َ ‫ش ُر ْو ِر أ َ ْنفُ ِسنَا َو ِم ْن‬ ُ ‫ِم ْن‬
‫ أَ ْش َهدُ أَ ْن الَ ِإلَهَ ِإالَّ هللا َوأَ ْش َهدُ أَ َّن‬.ُ‫ِي لَه‬ َ ‫ض ِل ْل فَالَ َهاد‬ ْ ُ‫َو َم ْن ي‬
‫علَى ُم َح َّم ٍد‬ َ ‫ار ْك‬ ِ َ‫س ِل ْم َوب‬
َ ‫ص ِل َو‬َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬.ُ‫س ْولُه‬ ُ ‫ع ْبدُهُ َو َر‬َ ‫ُم َح َّمدًا‬
‫ أَ َّما‬.‫ص ْح ِب ِه َو َم ِن ا ْهتَدَى ِب ُهدَاهُ ِإلَى يَ ْو ِم ْال ِقيَا َم ِة‬ َ ‫علَى آ ِل ِه َو‬ َ ‫َو‬
‫بَ ْعدُ؛‬

Ingkang kawulo hormati sedoyo hadirin Bapak


soho Ibu warga RT 18/06.
Langkung rumiyin, monggo sesarengan muji syukur
dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi
pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, sehinggo
alhamdulillah ing saat ndalu puniko kito saget
sesarengan kempal wonten mriki kangge keperluan
rapat musyawarah RT ingkang dalam keadaan sehat
mboten wonten alangan punopo.
Sholawat ma'assalam mugi kaunjuk dumateng
nabi kito Muhammad Salallahu'alaihi wasallah,
ingkang kito sedoyo mangentosi syafaatipun
benjang wonten dinten akhir. Amin.
Sepindah kawulo ngucapaken maturnuwun
sanget atas karawuhanipun panjenengan sedoyo,
ingakng sampun ngeluangaken wekdalipun
ingkang berharga kangge menghadiri acara
musyawarah wonten ing ngriyo puniko.
Salajengipun, kawulo nyuwun dumateng poro
rawuh sedoyo bilih samangke acara rapat
smusyawarah monggo dipun laksanaaken kanti
sae, keranten acara musyawarah sejatinipun
inggih puniko ngucali coro lan kesepakatan
sedoyo musyawirin. Misal wonten unek-unek
nopo gagasan monggo saget dipun sampeaken,
menawi wonten kritik lan sarang monggo dipun
sampekan. Supados musaywarah ing saat andalu
puniko saget manfaat kangge kampun kito.
Hadirin ingkang kawuo hormati
Salajengipun kawulo pribadi nyuwun agungipun
pangapunten, mbok menawi nompo
karawuhanipun panjenengan kawulo mboten
saget menghormati kanti sae, baik saking segi
papan palenggaha lan sak piturute.

You might also like