You are on page 1of 63

Kumpulan Geguritan

Krikil ing pelataran kampus


Dwi Indriyati

i
Atur Sapala
Tumrap aku, sasat kumpulan geguritan iki dadi
cempaluk. Pepinginan kang wus lawas banget dak pendhem
tak kira mung pengangen.
Babaring rasaku lejar prasasat kaya mbayar ujar sanajan
katandhing karo antologi geguritan kang wus nate terbi saka
penggurit liyane kumpulan geguritan iki iseh adoh saka
tembung apik lan bobot, malah kepara karan elek wae
durung.
kumpulan geguritan iki kanggo tugas akhir mata kuliah
Produktif Tulis Bahasa Jawa. Sepisan maneh, kumpulan
geguritan iki prasaja nuruti karep mburu marem lan seneg ati
pribadi, muga-muga cacat cawete ora gawe cuwa.

Semarang, 22 Oktober 2014


Dwi Indriyati

ii
DAFTAR ISI
Kumpulan geguritan _______________________________ i
Atur Sapala ______________________________________ ii
DAFTAR ISI____________________________________ iii
T.R.E.S.N.A _____________________________________ 1
DEDEG _________________________________________ 2
Krikil Ing Pelataran Kampus ________________________ 3
Tanpa Ngilmu ____________________________________ 4
Sangsara ________________________________________ 5
Kangen 1 ________________________________________ 6
Kangen 2 ________________________________________ 7
Risi ____________________________________________ 8
Sengit __________________________________________ 9
Udan __________________________________________ 10
Al lah _________________________________________ 11
Sepi ___________________________________________ 12
Ati Lanang _____________________________________ 13
Resepsi Mitraku _________________________________ 15
Layang Saka Mitra _______________________________ 16
Gurit Kanggo Mitra ______________________________ 17
Damaring Urip __________________________________ 18
Pathokan Gesang_________________________________ 19
Cerita Kakangku _________________________________ 20
Wengi-Wengi Kelabu _____________________________ 21
PETENGING WENGI ____________________________ 22
PEPADANG BAKAL TUMEKA ___________________ 23
WAYAH ESUK _________________________________ 24

iii
LINTANG-LINTANG ____________________________ 25
SEDYAKU _____________________________________ 26
Ngger Anakku ___________________________________ 27
Kidungan jaman cilikku ___________________________ 28
Amung Nyawang ________________________________ 29
Nalika Wengi ___________________________________ 30
Damar uplik ____________________________________ 32
Mitraku ________________________________________ 33
Suramadu ______________________________________ 34
Bocah cilik _____________________________________ 35
Kelu rupa bagus _________________________________ 36
Aja gampang nglokro _____________________________ 37
desaku ayu______________________________________ 38
Piandel kang kaprecaya____________________________ 39
Runtik _________________________________________ 40
Satrune Wong Tani _______________________________ 41
Rukun Para Warga _______________________________ 42
Sadurunge Turu__________________________________ 43
Anakku Thole ___________________________________ 44
Njaga lemah ____________________________________ 45
Ajar maca ______________________________________ 46
Tan Lila ________________________________________ 47
Bekti Kagem Ibu _________________________________ 48
Weling_________________________________________ 49
Aja Dhemen Utang _______________________________ 50
Ajining Pribadi __________________________________ 51
Ngirit __________________________________________ 52

iv
Lelakone Sapi ___________________________________ 53
Sumuk _________________________________________ 54
“Kampusku” ____________________________________ 55
LELANA GUGAT _______________________________ 56
Ibu ____________________________________________ 57

v
T.R.E.S.N.A

Laku lan esemmu kang nyawiji


Njangkah mara tan saya cedhak
Nggugah ana sajroning nala
Melu katut kagawa marutaning rasa
Apa iki?
Ah ora, ora ora
Ana nanging ora ana
Ora ana nanging tansah ana
Telenging jiwa kaya ora duwe daya
Mikul lan momong raga iki
Kayadene sirnaning warangka
Ana babagan olah rasa
Sega kaya krikil
Tela kaya wadhas
Banyu kaya lahar
Lan urip kaya mati
Dhuh Gusti
Apa iki jenenge katresnan
Sejati sejatining rasa
Utama utamaning manungsa

1
DEDEG

ora ana kang bakal sumurup


wikarane wus daksimpen ana telenging wardaya
kayadene baskara kang ora duwe daya
kanggo njumbul mring gegana

nanging, ingsun ora bakal mentar


saka sadarume kahanan kang ruwet iki
lan ingsun ora bakal netesake wasa saka
netra iki
kabeh mau namung cacaking Gusti

namung bisa nguda rasa narima


lan dedeg esemingsun
tumuju mring sasama
hayu hayu rahayu

2
Krikil Ing Pelataran Kampus

Yen angin sumilir ngobahake cemara-cemara


Lan akasia mesem karenan
Tumengoa sliramu,
Ana ati secuwil gumlethak ing krikil
Ngadhang samparaning sikilmu,
Lan liringing netramu

Saben wengi milang lintang


Anggondheli ati kapang
Ing pojok kampus iki
Sira kekancan bun lan angin kang nggeget ati

Ing godhong akasia garing


Kang tumiba ing pangkon
Dak ukir prasasti kasetyanku
Sira pepujaning ati
Dak tresnani tumeking janji

3
Tanpa Ngilmu

priyangga tanpa ngilmu


amung bisa gonyak-ganyuk
tan pearah lamun angling
dahat aminta dening keng kuwasa
nanging nora mesu

ngajab-ajab mukjizat tibaning drajat


mangka ngilmu kuwi
kalakone kanthi laku
eh, durung nganti pecus
kesusu kaselak besus
kulina mendhak-mendhak
angendhak janma
akale alangka
e..........
malah ketula-tula
ngaku pinter
jebul malah keblinger

4
Sangsara

uripku sarasa kapontal-pontal


aku nora urip aning ndalan
sekolah aku ya ora kalah
dene kaya, sawahku ya amba

nanging,
geneya uripku keranta-ranta
geneya awakku nora ndaya
uripku mung sak rega suwal
dene atiku tansah tawakal
marang maha awal

serasa pingin mati


urip tanpa aji

5
Kangen 1

rasa kangen marang sawijining wektu


sawijining wektu bali maneh wewayanganmu
liringing netramu ing mall wektu iku
dadi ubeting pikiran lan atiku
pamer esemu kang pait madu
nunjem ing pulung atiku
yen kanthi bisa ketemu
marang sliramu kang ayu
dak ukir prasasti kasetyanku
ing godhong waru
kang tumiba ing laut biru

6
Kangen 2

rasa kangen marang sawijining wektu


sawijining wektu bali maneh wewayanganmu
pamer esemu kang pait madu
nunjem ing pulung atiku

angin saya suwe tansaya nggigit


prasasat kaya katembus mimis
nalika ngelingi esem-esemanmu kang manis
nora beda kaya bumi
tansah diregedi lan direpoti
nanging nora nesu
malah kepara aweh wulu wetu
dadya satriya musthi sanjata putih
nitih kreta nurani

7
Risi

Satemene aku risi


Nyipati eksekutif legislatif
Padha anggegeri
Kesambet setan maruki
Padha golek sangkuni ing jero dami
Siji marang sijine padha nggegirisi
Lathine kaya glathi ambeset ati
Kepati-pati,
Aku dadi risi
Risi,

8
Sengit

Nalika grimis rimis-rimis


Aku kok suguh esem manis

Nalika,

Udan grimis rimis-rimis


Aku kok pledhingi silit
Gethingmu
Sundhul langit
Sengit sundhul langit
Kaya mangkunu saiki awakmu marang aku
Sengitmu sundhul langit

9
Udan

awan kang padhang jingglang


wektu mangkat kuliahe pak bambang

aku menyat saka papan paturonan


sakbibare krungu adzan kumandang
puanase rakaruwan
sansaya nembus mbun-mbunan

bareng mlebu ruangan


awan mau kok ngilang?
gumanti keluk ireng kang gerombolan
etan, kulon, elor lan kidul
padha nyedhak ambentuk semar

bress
banyu laut tumutah ing suketan
para mahasiswa padha kagirangan

emmm
aku isa adus sakjumbangan

10
Al lah

Lah
Al Al
lah lah
Al
lah
Al
lah
Al
lah
Al
lah
Al
lah
Al
lah
Al

11
Sepi

Ijen
Sepi,
Nyigar wengi
Nilap sikir-sikir
Sepi
Ijen,
Dzikirku
Notok
Sepi
Mu
Ijen
Ngetog karosan
Nothok
Lawangmu
Ijen
Sepi,
Sewu ati sepi
Sepi sewu ati
Padhang tanpa damar
Bersih tanpa sesuci
Nglegena tanpa raga
Tanpa takon
Sewu ati sepi
Sepi sewu ati

12
Ati Lanang

kala, tumenga ing tawang


ngiris siyung kadurjanan
para pamuda,
gebres getih kawitan
para pamuda,
kemlebat mlumpat kaya dene walang
para pamuda ngliga dada
gebres getih kawitan
getih kawitan

abang
saka pojok wetan, pojok kulon
panon lemah, banyu, bayu arus
(getih wutah, mblabar mbabar pitenah
lemah sangar banyu sangar,
gowang tanpa lintang tanpa padanging rembulan)

kadurjanan kadurakan,
marga wus salawase kuwanen lan pangigit sengit
dak pingit ing telenging pangrasa
wani
wus saempere,
ing aku mendhem rasa kasujanan kang jero
tumanjem
kasujanan
saengga tuwuh pangrintih
sing paling perih
saengga riwe-riwe mili getih

13
riwe getih ati lanang

ati lanang-ati lanang


kebak panantang mulih
malih bathang
provoksi
eksekusi
rai-rai abang tembaga
ngliga dhadha
taker ludira
ludira

14
Resepsi Mitraku

mitraku,
kiraku ora sepantese
aku nggendhong kluwih gori mentah
godhong gedhang, krambil sejanjang
pinangka pisumbang
resepsimu kang wah

mitraku, rasane mokal


lamun tekaku nggembol kabar
resepsimu panggah sugih wah
rasane mokal aku numpak sepeda pancal
gubet lemah
nekani resepsimu sing sugih wah

sapa nate ngimpi darbe rembulan


muncar kencar-kencar madhangi latar
gawe ati semelang kapan baya pangidham
babar dadi kanyatan

15
Layang Saka Mitra

mitraku,
sore iki srengenge semelet
sanajan wus ngancik surup
sala isih katon getem-getem kelangan cuyodan

mitraku,
sore iki sala tanpa rasa semanak grapyak
apadene nglaras kepenak,
isih katon rasa getem-getem dipendhem
kobar geni lanang
rai-rai ireng nglanges
mendhem sewu rasa pedhes
getem-getem getem

16
Gurit Kanggo Mitra

Pin,
Mbok gawa mlayu menyang ngendi
Kembang wira-wari
Kang dak sumping ing telenging ati
Wekasan ing aku nandang duhkita
Tumanjem jero,

Pin,
Mbok gawa ngumpet mangendi
Garis alis kang nandhes kae

Mangendi
Mangendi
Mangendi?

17
Damaring Urip

jungkat siti panggaraping sabin,


laku saru datan elok tenan
yen kebancut ora nduwe isin
calon klambi bisa mangan banyu

mula sira padha ngati-ati


ngecakake pasrawungan
nanging,
yen sliramu purun
marsudi laku utami
ngenggoni kalumrahan
padha-padha srawung

damar ingkang paring tuduh janmi


iku ana ing sajrone pancasila
tumrap kadang wajib ingudi
tanpa iki bakal rusak
babrah babreh donya bakal kiyamat

18
Pathokan Gesang

aja pisan darbe kayun


mentingake butuh pribadi
kang adhakan gampang lali
nyambut gawe rina wengi
ngunukuwi cirine wong gesang
diteliti ditimbang-timbang

aja grusa-grusu
becik dipikir dhisik
tanggung jawab ora gampang
ora ngawur waton wani
ora mawas murih becik
merga ati prungsang
nglali tujuane nguni
kang kanggo pathokan gesang
tata tentrem lair batin

iki dudu amung umuk


nanging kandha sung pepeling
tentrem ing dhiri
numusi maring nagari

19
Cerita Kakangku

ing papan sarwa salju, aku


ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju


guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom perih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi


sing durung kober kababar unine prasasti

20
Wengi-Wengi Kelabu

Sorene sore jingga


wengine wengi kelabu
kembang pandhan mesem karenan
tangane ngawe-awe sajak nakal
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingan jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojeganmu


kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir


pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumes

21
PETENGING WENGI

sumribit angin ngelus langit sore


manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore


tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung


bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring
wengi ?

22
PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan


kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung-lurung kang dawa satengahing
ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

wus sinerat ana ing kitab duk ing uni


pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung,
dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang …..

23
WAYAH ESUK

rong tahun kepungkur aku lan sliramu nate


mlaku ana dalan kene
salawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen
nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki
pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur


ing dalan iki rong tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

kang, kala kala sliramu isih dadi impenku


pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir
gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen


simpenen kangenmu ana impen

24
LINTANG-LINTANG

lintang-lintang abyor ing tawang


cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang
kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

25
SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing


lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…

26
Ngger Anakku

o, ngger sang ponang jabang bayi


bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing
wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen sira nangis tak emban lan tak tembangake


dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi


tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu
ing tembe

27
Kidungan jaman cilikku

Duk samana......
Wanci gagat rahinira, ngenteni pelunge si jago
Ing wanci tumetese bun kang tumempel ing
gegodhongan
Ingsun den lahirake, weruh gebyare donya
Nuhoni jagat minangka titah

Duk samana......
Rama ibu tan kendhat hanggulawentah
Ilmu panguripan sayekti
Yeku kang dadipangeling-eligku
Aku kala mangsa kaprungu swara
Tak lela.....lela....lela... ledhug
Iku kudangan sibu

28
Amung Nyawang

pasuryanmu sing bening


tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang


aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut

29
Nalika Wengi

Wengi sansaya atis


nalika aku sesingidan ing sajroning swara
gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat


anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan


obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu


lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing


kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot


anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet


adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

30
31
Damar uplik

Nalika kuping gembribing


Lelagon Ada Band
Kanca-kanca padha anyuwara
Aku nyawang ana ing sajroning jendhela Trans
Wijaya
Sawangan kang adoh saka pepadhang

Damar cilik anguplik


Damar uplik
Ana ing gubuk cilik
Ora ana tangga
Apa maneh mitra
Amung wit lan rawa
Kang dadi pangudarasa
Damar cilik
Nguplik

32
Mitraku

Uripmu kang gawe inspirasi kanggoku


Rikala ngemong aku lan kanca-kancamu
Iku pancen awakmu
Piwulangmu tansah dak gugu
Rina wengi angayahi
Ayahan kang durung dumadi
Dandananmu kang kumel lan kucel
Alis kang nggaris
Netra kang kaya lintang wengi
Ati kang tansah kaya widadari
Sikil kang kebak tela kuwi
Andadekake bukti
Rina wengi awakmu anggulet
Ana ing kampus konservasi iki

33
Suramadu

Dak sawang saka sajroning jendela Trans Wijaya


Jejeran pager beton
Ing sadawane dalan aspal
6 km kira-kira angawang-awang
Ana kapal mangkal
Ana ing pasir garing
Dak injen
Putih
Resik

Angin prasasat angawe-awe


Nelungake gegodhongan ana ing pinggir dalan
Kadya ngocap selamat datang
Beda kaya kutha Grobogan
Tansah kathah reregedan
Kang kaceceran

34
Bocah cilik

Bocah cilik,
Kepingin barang kang becik
Tangane wiwit ngranggeh-ngranggeh
Sasat menek ancik-ancik
Pigin nyandhak kekarepan
Ora wegah apa maneh wedi

Ati tatag nora mundur

Bocah cilik,

Ora sithik coba godha


Nanging wekasane bisa
Nampa kanugrahan kasil
Kecandhak kang den esthi
Cancu matak aji-aji
Nora wegah marang pait
Getinira.

35
Kelu rupa bagus

Aja pisan-pisan gumun


Marang kutha mompyor iki
Kabeh iku mung pameran
Pancen kena den gumuni
Nanging,
Coba yen ditlusur
Kabeh iku bisa ambebayani

Aja kelu rupa bagus


Aja katut tembung manis
Aja gampang lali
Nyawang bandha donya iki
Kencengana ancas nguni
Asu ajag bakal muni

Urip aning donya kuwi


Yen kebancut bakal ciri
Iki banget mitunani
Mila awakmu kudu
Angati-ati

36
Aja gampang nglokro

Tembung gambuh kang maweh sesuluh


Nadyan amung sembar-sembur
Nanging,
Bisa kango sangu
Dadi tuladha dhiri
Ndedunga iku prelu
Ngrumangsani yen manungsa iku
Grusa-grusu
Sakeh tindhak mesti bakal kleru
Pitadosa kalamun

Urip munu gampang yen dietung


Yen tumandang bakal rampung
Yen awak tan gampang nglokro

37
desaku ayu

pager latar kebun diupredi


tinanduran jeruk pisang cengkih
uga kopi genjah kates
sekabehane aluwih-luwih
nanging tetep asri
nora katon jumbrunge

sumber butuh manungsa kuwi


awit butuh ora kudu dhuwit
kebon wus cumawis
dadi warung yambung urip
bekicot kang tansah saben warih
kanthi gotong royong
nyata bakal amungkasi
ing desamu
apa ya ngunu kuwi?
Swarga ginawe ayu

38
Piandel kang kaprecaya

Priye carane,
Urip aning jaman iki
Tumrap nyawang para mudha
Uga mungwing para mudhi
Kalaksanan kang ginayuh
Kudu nganggo pait getir
Sedaya sampun sumadya
Kabutuhan jroning urip
Ora cukup sangu kawruh
Apa maneh amung dhuwit
Pasrawungan engganana
Parang catur singkirana

Yen ngulati jaman maju


Pikiran aja nganti kenthir
Awit maju kuwi ora gampang
Kudu duwe aji-aji
Piyandel kang kaprecaya
Kanggo sangu aning mardi

39
Runtik

Sapa ate ngimpi nate ngimpi darbe rembulan


Muncar kencar-kencar madhangi latar
Gawe ati sumelang
Sapa darbe srengenge
Kag sumelet panase
Gawe larapan gilang-gilang
Kabeh dhadhakrasa karudapaksa
Pikiran ketir-ketir
Gawe nyawa kepontang-panting
Kabeh langit tuwuh rasa runtik
Nandur rasa suthik
Nyawang wong-wong
Sing nganggo dhasi kuwi
Ing langit
Wis ora ana papan rawa
Kaggo pitakon
Luru ati setengah mati
Mati.

40
Satrune Wong Tani

Heh keparat ama wereng gal-ugalan


Tansah agawe rugi
Yen tan gelem minggat
Sida klakon ngincipi mandining obat
Aja takon dosa
Aku ora preduli
Aja ngewak-ewakake
Nantang-nantang
Senajan tekan kapan
Ning kene ora kena urip
Ayo kanca ora susah tidha-tidha
Wereng iu ama
Ngrusuhi tandur pari
Golekana pangananmu kang wus sumadya
Kayu kangkung kang galih

41
Rukun Para Warga

Waspadakna gendhis ingkang manis kang kok


pangan
Uga tanduran kang saka ngendi sangkan
dumadinya
Kabeh kuwi kringete pak tani
Ingkang manggon ana desa
Kebon
Sawah
Tegalan lan peternakan
Kabeh ditandangi kanthi gemati
Kadang tani pancen kudu ditresnani
Negara dimen reja
Among dagang lan among tani
Guru lan pamong desa
Kabeh padha rukun
Amakarya kasil bumi

42
Sadurunge Turu

Sepi pangranti
Tanpa turu lan ngimpi
Angin wengi tansah nggeget ati
Anggawe dhadha panas
Sesak napas,
Wewayanganmu
Wewayangan kang kebakpangigit
Getir
Sepi
Tanpa turu lan ngimpi

43
Anakku Thole

Thole anakku
Yen sliramu ngudi ngelmu
Aja sepisan sembrana
Tanpa ngilmu uripmu bakal rekasa

Yen sinau
Awak aja nganti ngelu
Jaman iki jaman maju
Wong bodho koyok aku
Aji godhong aji aking
Eman-eman yen awakmu
Urip nganti kayak aku
Katinggal jamn.

44
Njaga lemah

Siti kang siniram banyu udan iku


Ing sawanci-wanci yekti
Gawe tetanduran sigra thukul
Gawe krasan mring kang manggon

Papan iku becik aja dipun gundhul


Yen kok gundhul
Sliramu bakal kojur

Tetuwuhan dipun rabuk


Aja malah den tegori
Yen den terusake
Mengko rasakake dhewe
Amukane siti
Sira kateleb bumi

45
Ajar maca

Kakang mbakyu yen purun


Sira nyuwun urun-urunipun
Wurukana aku
Ajar maca lan ajar nulis
Supaya sira bisa maju
Tan longa-longo
Lan plola-plolo

Aku pancen krasa getun


Kena apa ora ajar kawit mbiyen
Mula mumpung nduwe kayun
Warahana sira saka ngisor
Najan aku wong dhusun
Gaweyanku tandur karo matun
Nanging aku nora mundur
Najak maju mring wong wadon

46
Tan Lila

Aku lungguh ana ing bangku kursi paling pinggir


Ana ing baris nomer telu
Sisihan karo bocah almamater warna biru
Cilik, putih ning yo ayu

Ana swara bapak PR 3


Maju bocah lanang ning yo rapati dhuwur
Perawakane cilik, kulite putih
Bocah lanang mau melaku
Nyepeng mik lan celathu

Dhuh.....
Gawe geter atiku
Tan lila ninggalake kampusmu
Tan lila ninggalake sliramu
Kapan bisa ketemu?

47
Bekti Kagem Ibu

Sembah sujud bekti konjuk


Mugi katuraken dateng ibu
Sira sampun rumangsa
Pinaringan gesang mukti saking keng kuwasa
Sira wus kudu ngerti
Sepira awrate
Tan bisa kagambarake
Nambut karya rupa-rupa
Kang jinangka mung sajuga
Gawe mulya para putra
Labuhira kanthi nyawa
Najan abot den lampahi

48
Weling

Dhuh ngger putraningsun


Apa sira eling
Marang mring biyung?
Lan mring bapa sira
Kang kinarya lantaran paring tuladha

Wanti-wanti ngger putraku


Aja sira ninggal welingku
Ngertiya ing onya iku
Rama tapa brata
Anak dadya patuladan
Bakal kaparing wahyu suci
Kena kanggo sangu gesang

49
Aja Dhemen Utang

Para kanca sedulur lan putra-putraku


Utang-utangan iku
Pakulinan kang banget angganggu
Katentreman jroning galih saben ari
Tansah goreh rasaniun

Upama kabancut
Sing diarah jo nganti imbuh
Tan wurung kudu nyaur
Ya lamun sira iku
Isih waras tan ketanggor
Mati iku ora ateges anglunasi
Utang nalika urip
Dadi gawan kang abot

50
Ajining Pribadi

Pancen abot mulang dhiri


Kanggo pawiyatan gesang
Ning jroning masyarakat
Nanging lamun dipun nalar
Kabeh mana
Tuladha kang sembada
Den gugu sarwa den tiru
Dadi ingajenan para kanca
Kabeh tindak-tanduk
Iku bisa den gegulang
Tangeh lamun bisa luhur
Kepra tumibeng nistha

51
Ngirit

Kala mangsa paceklik tumurun


Rega barang amundhak
Ngirit mono perlu sadhengah mangsa
Mumpung durung sungsang
Jempalik butuhmu
Wektu aja dibuwang
Wektu padha karo dhuwit
Lan sembarang iku bisa dieman
Mula iku,
Sandhang pangan sarta butuh
Erlu digemeni
Waton pantos ora angganggu
Kasarasan.

52
Lelakone Sapi

Dhuh begjaku urip pisan dadi kewan


Bisa nyambut gawe golek pangan
Ngewangi mbrujul aning ladhang
Ngrewangi para kadang tani
Mbok padha enggal gelema
Asih mring bangsaku iki
Awakku lara
Tansah dipun pecuti
Mbok tepa-tepa
Mesakna aku iki

53
Sumuk

Aku sumuk
Ana ing papan etan kuln tembok lan wesi
Jane ya amba
Nanging yen diisi mung wong lima
Sirah sewu nglumpuk dadi siji
Aku umuk
Nalika ana kang muni-muni
Ana ing mburi talingan nira
Ati sansaya remuk
Nalika sira nguni maneka warna

54
“Kampusku”

Bangunanmu kang megah


Madeg sawetane peken krempyeng
Dadi tujuwane mahasiswa
Sing padha golek ilmu kanggo sangu tuwa

Saben dina
Aku tansah ana njero ruanganmu
Ngrungokake piwulange bapak ibu dosenku
Apa sing kudu digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku


Sekolah ana ing kampus konservasi iku
Sing kawentar dosene
Sing kawentar prestasine

55
LELANA GUGAT

angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra


sasat tanpa leren ngobahake toya
iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
jumedhul sakdhuwure ombak kang gumregah
ilang swara mlebu ing angkasa
prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen
kanthi jala lan jaring saka sutra

obor thathit lan lintang


sambung sinambung ing wewangunan jagad
tepake isih katon cetha ing garis tangan

prasetya lan prasapa ngumbara


dadi omah urang lan kewan segara liyane
lumaku manut ilining pasir
molah malih njupuk warna cahyaning jaman
wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa
oyot

angin lagi thawaf


ngubengi kedhaton napas

56
Ibu

Pangandikanmu
Tumindakmu
Kabeh ngemu pitutur luhur
Luwih-luwih tresnamu
Tresna kang tan bisa den ukur

Ibu...
Aku kang tansah seneng dadi putramu
Amung sumanggem
Sumungkem
Lan tansah ngesti dhawuhmu
Awit ya ana samparanmu
Swargaku

Ibu....
Ing wengi kang tansah sepi
Aku kelingan panjenengan
Keligan kekepan
Kelingan sengenan
Kelingan kasihmu

57
Krudhung Abang

Daksawang ska pangilon aning kamar


Ing wayah esuk, awan lan wengi
Ing rame utawa sepi
Ing pangilon mau
Tansah ana ulu kablebet
Krudhung dhadhu
Bathuke kang nyela cendhani
Alise kang naggal sepisan
Idepe kang tumengo tawang
Irunge pendah kencana pinatar
Pipine kang nduren sajuring
Lambene manggis karengat
Lan uga janggute kang nyangkal putung

Gawe mangunkung kang saben manus


Luhur budine
Luhur lakune
Padhang ulate
Lan seneng nandur kabecikan
Mangkana bakal padhang pikire
Uga padhang dalane

58

You might also like