You are on page 1of 27

Basa Jawa

MACAPAT

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa.


Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing
diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara
guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi
nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
MACAPAT
Aturan-aturan jroning
macapat mau antara
liya:
• Guru gatra : wilangan
larik/gatra saben pada
(Indonesia: bait).

• Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata)


saben gatra.

• Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing


saben gatra.
Sekar Macapat utawa Sekar
Alit
• Maskumambang : Gambaraké jabang bayi sing isih ono
kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon,

kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané


ibuné.

• Mijil : Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.

• Sinom : Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing


paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu
kawruh sak akèh-akèhé.
• Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges
dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam
ndonya.

• Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan


(priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis
dadi kodrat Ilahi.

• Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang


ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur
digathukaké antarane priya lan wanita sing
padha nduwèni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Sekar Macapat utawa
Sekar Alit

• Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé,


apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé
sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak
kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah /
bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Sekar Macapat utawa
Sekar Alit

Durma
• Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis
rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas
asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang
kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma
/ wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau
disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak
sosialé manungsa.
• Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges
nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

• Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur


dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.
Sekar Macapat utawa
Sekar Alit

• Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat


rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan
marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Sekar Macapat

Sekar Macapat Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu

Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i , u

Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u , a , i, a

10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a


Dhandhanggula

Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i

Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a

Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i

Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i


Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a, a

Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a

Jurudhemung 7 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, u, u, a, u, a, u

Wirangrong 6 8, 8, 10, 6, 7, 8 i, o, u, i, a, a

Balabak 6 12, 3, 12, 3, 12, 3 a, e, a, e, u, e

Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o

Megatruh 4 12, 8, 8, 8, u, i, u, i, o

Girisa 8 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, a, a, a, a, a, a, a
GAMBUH
DURMA
KINANTI
mijil
PANGKUR
CARANE GAWE TEMBANG
Padha karo gawe geguritan (Puisi).
Carane:
1. Temtokake temane
2. Gawe cengkrongane tembang, kanthi basane dhewe
3. Ditata kanthi milih tembung kang endah (diksi),
diantarane : Purwokanthi, tembung dwi lingga, tembung
entar, paribasan, bebasan.
4. Dijumbuhake kanthi paugerane tembang.
Contone
1. Tema lingkungan
2. Gawe cengkorongan ukara lingkungan
6 ukara ( 6 kalimat )
ayo kanca padha saestu
ngumat resike sekolah iki
sengkuyung ditingkatna
supaya ngrembaka lestari
awit ngarep nganti nagarep uga
wujud open lan resiking dhiri
3. Tembunge dipilehke kanthi diksi (pilihane tembung)
4. Terus dijimbuhake karo tembange.
1. Tembang tradhisional ing
tanah Jawa kasebut
a. Macapat
b. Campursari
c. Pocung
d. Wangsalan
e. Geguritan
2. Wilangan wanda saben gatra
kasebut
a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu
d. Suku kata
e. Bait
3. Sekar alit kang ateges kanoman, minangka
kalodhangan sing paling wigati kanggoné
wong anom supaya bisa ngangsu kawruh
sak akèh-akèhé diarani
a. Maskumambang c. Sinom e. Asmarandana
b. Mijil d. Kinanti
4. Sekar ali kang
nggambaraké uripé wong
kang lagi seneng-senengé,
apa kang digayuh bisa
kasembadan. Kelakon
duwé sisihan / bojo, duwé
anak, urip cukup kanggo
sak kulawarga. Mula kuwi
wong kang lagi bungah /
bombong atine, bisa
diarani lagu ndandanggula
yaiku
a. Durma b. Pangkur
c. Pocung d. Megatruh
e. Dhandang Gula
5. Sinom
Pangéran kang sipat murah Nyatané ana ugi
Njurungi kajating dasih Iya Kiyageng ing Tarub
Ingkang temen tinemenan Wiwitané nenedha
Pan iku ujaring dalil Tan pedhot tumekèng siwi
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa
Ana pira guru gatrane ing tembang dhuwur iki?
a. 6 b. 7 c. 8 d.9 e. 10
6. Tembung temen ing
tembang sinom ateges
a. Ngapusi
b. Jujur c. Becik
d. Ala e. elek
7. Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu Kaprawiran dèn kaèsthi
Ing sasmita amrih lantip Pesunen sariranira
Aja pijer dhahar néndra Sudanen dhahar lan guling
Guru wilangan ing gatra ke-3 yaiku
a. 4 b. 5 c. 6 d. 7 e. 8
8. Asmarandana
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Anèng kuta Prabalingga
Prang tanding lan Wurubisma
Kariya slamet wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Guru lagu lan guru wilangan ing gatra ke-1 yaiku
a. 7i b. 6i c. 8i
d. 5 e. 4i
9. Tembung mami ing tembang asmarandana ateges
A. aku B. kowe C. Kula
D. jenengan E. kami

10. Tembung lantip in tembang Kinanthi ateges


A. Landhep pikire B. bodho C. Pinter
D. remen E. ayu

You might also like