You are on page 1of 2

Carita Aji Saka

Carita Aji Saka iku nyritakake Aji Saka saka India utawa Hindustan sing mara ing Tanah Jawa. Banjur
Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti
pati: Dora lan Sembada. Lorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka
banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka".
Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa
Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene:

ha na ca ra ka

da ta sa wa la

pa dha ja ya nya

ma ga ba tha nga

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:

"Hana caraka" tegese "Ana utusan"

"Data sawala" tegese "Padha garejegan"

"Padha jayanya" tegese "Padha digjayane"

"Maga bathanga" tegese "Padha dadi bathang".

Sinopsis

Versi sing kapacak ing ngisor iki miturut versi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata
(1939):

Kacarita ing jaman mbiyen ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke
putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa.
Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.

Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing
jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka
banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep
njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro
wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.

Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang
Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane
dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya.
Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi
siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung.

Nalika semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha.
Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.

Anuju sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa didhahar.
Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane.

Sang nyai randha lan patih dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah
kuwatir yen dheweke ora bakal mati. Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar.

Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka
ora gelem. Ana siji panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu
dhewe.

Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka
dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti
notog ing segara kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut
mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka
panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan
ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si
Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.

Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu
Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kengetan abdine
sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga
kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora
krungu apa

You might also like