You are on page 1of 1

SD 2 KRETEK

Assalamualaikum wr wb

Sumangga kita aturaken puji saha syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun
paring rahmat saha hidayahipun saengga kita saged kempal sesarengan.wonten ing
kalodhangan menika kula badhe ngandharaken sesorah kanthi irah2an tatakrama.
Tata krama utawi sopan santun utawi asring dipunsebat etika inggih menika padatan ingkang
mulang kadospundi cara kita tumindak wonten ing gesang bebrayan.ngetrapaken tatakrama
wonten gesang menika wigati sanget amargi saged mujudaken kabagyan,katentreman,saha
kaslametan.wujudipun tatakrama wonten ing pagesangan mliginipun kagem siswa wonten 3
inggih menika tatakrama wonten griya,sekolah,saha sakiwa tengenipun.

Sekolah inggih menika papan pinanggihipun siswa satunggal kaliyan siswa sanesipun
ingkang saking kulawarga ingkang beda,sanadyan gadhah ancas ingkang sami inggih menika
pados ngelmu saha nambah seserepan.sekolah minangka lembaga pendhidhikan formal kang
dipunanggep wigati kangge mujudaken kapribadening siswa,mila tata krama kedah
dipunwulangaken wonten sekolah,saged saking kagiyatan pasinaon.anggenipun mulang boten
kedah ngawontenaken mata pelajaran saha guru kang mligi,nanging sedaya guru saged
mulangaken tatakrama dhateng siswanipun.tatakrama ingkang dipunkajengaken inggih menika
tatatertib wonten sekolah,kadhisiplinan sekolah,cara wicantenipun guru kaliyan siswa,saha cara
etika sanesipun.

Tatakrama ingkang dipunwulangaken dhateng siswa wonten sekolah saged kanthi


maneka cara,ingkang sepisan saking pendhidhikan agama,cetha kaserat wonten Al-Quran
babagan nilai-nilai kasopanan dhumateng tiyang sepuh,sedherek,kulawarga,tangga
tepalih,saha guru.ing salebetipun ugi wonten ukumanipun menawi boten nindakaken badhe
pikantuk dosa saengga para siswa rumaos ajrih lan tansah tumindak sopan dhumateng sinten
kemawon.

Ingkang angka kalih inggih menika patuladhan saking guru.guru kedah


dhisiplin,jujur,tansah ngginakaken basa ingkang sopan nalika mucal,tansah sapa aruh nalika
pinanggih kaliyan guru utawi siswa.menika saged dados tuladha,para siswa ugi saged ningali
piyambak tuladha saking guru menika saengga saged ngetrapaken wonten dhiri pribadinipun
siswa.

Ingkang angka tiga inggih menika nalika pasinaon wonten kelas.guru saged nglebetaken
materi babagan tatakrama wonten mata pelajaran ingkang dipunasta.siswa kadhawuhan
majeng wonten ngajeng kelas,lajeng guru paring tuladha kadospundi caranipun mangsuli
dhawuhipun guru,saha kadospundi patrapipun nalika wonten ing ngajeng kelas.siswa ingkang
saged nindakaken kanthi sae dipunparingi bebungah supados para siswa tambah greget.kosok
wangsulipun menawi wonten ingkang tumindak lepat,dipunparingi ukuman.ukuman ingkang
dipunparingaken dhateng siswa kedahipun ingkang sipatipun mendhidhik supados mangertosi
kalepatanipun saha boten ngambali malih.

Mulangaken tatakrama dhateng siswa boten cekap namung satunggal dinten


kemawon,nanging betahaken proses ingkang panjang saha dipuntindakaken saben
dinten.perangan menika minangka cara ingkang saged dipunwiwiti kangge ndadosaken
generasi mudha ingkang sadhar lan mangertos tatakrama.mbok menawi cekap semanten
anggen kula matur.wonten kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr wb

You might also like