You are on page 1of 1

Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap
ndalu. Pramila monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.
Namung sak derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem
Allah SWT, Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo, sholawat sarto
salam mugi2 tansah katetepno dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2 syafaatipun
wonten ing yaumul qiamah.
Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah susunan acara
ingkang bade kito lampai :
Pambuka
Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam....)
Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng bpk...
Pembukuan
Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban)
Panutup
Monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak kathi waosan basmalah...
Acara sak lajengipun sambutan saking tuan rumah (Ketua Kelompok Ronda Malam...)
Poro bpk Lan sederek sedoyo, Acara sak lajengipun amalan milo wekdal
Kasumanggaaken dumateng bpk....
Acara sak lajengipun Pembukuan wekdal kasumanggaaken dumateng ing kang
tinanggenah.
Poro bpk lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur pamundutipun
ingkang kagungan dalem kito kacaosan unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking
kersanipun katuran dahar soho ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten badan kito
sedoyo pramilo kito langkung rumiyen doa sesarengan.
Acara sak lajengipun lain2 namung sakderengipun wekdal kito aturaken dateng ketua
paguyupan.
Acara sak lajengipun penutup.
Milo monggo pepanggian ing dalu puniko kito syukuri kanthi waosan hamdalah.
Lan saking kulo ambok bilih anggen kulo nderek aken adicoro ing dalu punika katha klenta
klentu kulo nyuwun agunging pangapunten.
Kulo akhiri Wassalamuaalaikum wr, wb

You might also like