You are on page 1of 2

Patih Suwanda utawi Bambang Sumantri (jeneng kang wektu isih cilik) ya iku tokoh pewayangan

saka epos Arjuna Sasrabahu. Miturut carita padhalangan, Bambang Sumantri iku putra Begawan
Suwandageni ing patapan Adi Sekar. Bambang Sumantri iku wujudé satriya bagus, prigel ulah
gegaman, sekti mandra guna. Dhèwèké duwé adhi siji kang banget ala rupané nanging kasektene
ngedap- edapi, kang aran Bambang Suka Srana. Bambang Sumantri kepéngin banget bakal suwita
marang Raja ing Maespati kang jejuluk Arjuna Sasrabau. Ing pungkasane pepinginane mau bisa
kasembadan awit saka olèh daya pitulungane adhine ya iku Bambang Suka Srana kang bisa muter
Taman Sriwedari menyang Kraton Maespati pinangka pitungkas anggoné arep suwita mau.
Gancarane carita, sawuse kelakon suwita ing Maespati, Bambang Sumantri mau tansah ngugemi
prakara saéngga pasuwitane bisa kasil. Siji, guna kang ateges sangu kepinteran wong labuh labet
marang praja kalebu ngèlmu bab olah kridhane gegaman tansah diudi. Loro, kaya kang ateges
bandha lan kasugihan liyané kang diduwèni sasuwéné wektu suwita kudu dipisungsungake marang
rajane. Telu, purun kang ateges Bambang Sumantri kudu sangu kekendelan utawa kuwanen kang
mbela marang kang bener, becik kang kudu dilakoni tanpa wigah- wigih lan ewuh pakewuh.

Kumbakarna iku putrané Begawan Wisrawa lan Dèwi Sukesi sing kaping loro. Sedulure ana papat,
ya iku Dasamuka (Rawana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Kasatriyané ing
Panglebur Gangsa. Garwané widodari, bebisiké Dèwi Kiswani, lan duwé putra cacah loro, ya iku
Kumba-Kumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diamuk déning Anoman sawadya balane,
Kumbakarna maju perang. Dhèwèké duwé niyat ingsun maju perang mbela tanah kelairane iya bumi
pertiwi kang nangis jalaran kanggo ajange pabaratan.
Wujudé Kumbakarna iku buta gedhé nganggo makutha. Gedhé dhuwur ora ana kang madhani lan
katon nggegirisi. Wujuding kupingé kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulané sinung aran
Kimbakarna.
Ana ing Alengka, kalungguhané Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala. Kumbakarna
sanadyan asipat diyu (buta) nanging pambegané satriya. Marang wataké Dasamuka kang banget
angkara murka, Kumbakarna benget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dèwi
Sinta garwané Ramawijaya banget cineda déning Kumbakarna. Miturut panemuné ngalap bojoning
liyan sarana dinustha, iku panggawé nistha, dudu pakartiné satriya. Yèn miturut wataké satriya
ngalap rabiné liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang
Dasamuka supaya Dèwi Sinta dibalèkaké dhisik marang Rama. Sawisé mangkono manawa
Dasamuka péngin nggarwa dhèwèké, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira
(bandayuda) mungsuh Rama.

Adhipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), nagara cilik
kebawah nagara Astina. Garwané asma Dèwi Surtikanti, putriné Prabu Salya ratu ing Mandaraka.
Dèwi Surtikanthi iku mbakyuné Dèwi Banowati (garwané Prabu Duryudana), mula ing padhalangan
Prabu Duryudana yèn ngaturi Prabu Karna, "Kaka Prabu Karna" utawa "Kaka Adipati Karna".
Adhipati Karna iku sadulur Janaka kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané adhipati Karna iku
aran Bethara Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-padha Dèwi
Kunthi.
Ing perang Bharatayudha, Karna mbélani Kurawa. Satriya iki ngerti yèn sajatiné Kurawa kang salah.
Nanging dhèwèké ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn mbela dhèwèké. Ing
perang iku, Karna bisa maténi Gathotkaca nganggo pusaka Kuntowijoyondanu. Dhèwèké uga méh
maténi Arjuna. Nanging panahé luput amarga Prabu Salyanyendhal jarané. Salya nalika iku dadi
kusiré Karna, kang sajatiné mantuné dhéwé. Déné Arjuna dikusiri déning Kresna. Lakon iki
kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhingamarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kéné, Karna
mati kena panahé Arjuna, kyai Pasopati.
Adhipati Karna iku paraga wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani simpatik. Dhèwèké bisa
kaanggep anti hero. Kaya déné Kumbakarna, Adhipati Karna asring dadi panutan ing
prakara nasionalisme

Patuladhan saka dhèwèké nalika ana perang Baratayuda adhipati Karna iki ora mbéla marang
prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dhèwèké kepéngin males
budi kabecikan marang ratu ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana.

Suri Tauladand

1. Adipati Karna

- hamdan bakti marang Ibune senajan Ibune luwih sayang marang adine.

- Pak Bomba nulungi Pak Sadi amarga wis pernah ditulungi kanggo bales budine Pak Sadi.

- Rajiman sregep sinau saben dina kanggo bebudene marang negara, wong tuwa, lan agama.

2. Kumbakarna

- Kumbakarna niyat ingsun maju perang mbela tanah kelairane bumi pertiwi kang nangis jalaran
kanggo ajange pabaratan.
- Para pahlawan ngerahkake kabeh tenagane kanggo belani negara Indonesia saka para penjajah.
- Para apparat kanthi tenanan brantas kasus korupsi kanggo njaga kesatuane negara.

3. Patih Suwanda
- Dina sekolah tumekan negara Cina kanggo golek kapinteran ing bebrayan mbesuk.
- Bu Asih seneng sedekah marang sapada-pada supaya bissa urip rukun sesarengan masyarakat.
- Kasih wani mbela Rosimin kang didarani nyolong duit marang kancane, amarga dheweke weruh
yen Rosimin ora salah.

You might also like