You are on page 1of 4

SENGKALAN

Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara.
Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan;
wusananipun luluh dados sengkalan. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra
Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi,
yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé
saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala
ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah
Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi.
Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun.
Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing
migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut
lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé,
banjur diarani: “Suryasengkala”.

WERNA –WERNA SENGKALAN

Miturut wujudé

Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:

 Suryasengkala; yakuwi sengkalan kanggo nengeri taun surya.


 Candrasengkala; yakuwi sengkalan kanggo nengeri taun candra.

Miturut jinise

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:

 Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja.


Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
 Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka
watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
 Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman
duwé watek 5.
 Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku
utawa pandhita sing nduwé watek 7.
 Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
 Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
 Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging
awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah
tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantune

1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma,
Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra,
Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .
2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah,
Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa,
Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub,
Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna,
Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat,
Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati,
Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa,
Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah,
Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala,
Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang,
Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti,
Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman,
Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang,
Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah,
Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep.
10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit,
Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan,
Swuh, Suda, Windu.

Carané Gawe Sengkalan

Yen arep gawe ukara sengkalan:

 Sepisanan kudhu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti
kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha.
Umpamane :gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
 Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing
padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan
tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
 Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan
padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi,
kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
 Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku
kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
 Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana
utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah
(ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
 Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak
wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan
padha yakuwi loro (2)
 Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda)
dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan
sing padha yakuwi telu (3)
 Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan
sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe
watak wilangan sing padha yaiku enem (6)

Watak bilangan itu merupakan salah satu syarat. Syarat yang lain adalah harus memenuhi unsur
estetika penulisan sastra jawa, yang ditandai dengan Guru Dasanama (sinonimi), Guru Sastra
atau Guru Lagu (persamaan kata), Guru Warga (persamaan golongan), Guru Wanda (persamaan
suku kata), Guru Sarana (persamaan fungsi), Guru Karya (persamaan sifat kerjanya), Guru
Darwa (persamaan sifat suatu barang), dan Guru Jarwa (persamaan makna).
Carané Maca Sengkalan

Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara
sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca
tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing
ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka
sengkalan Buta Cakil kang unine:Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan
bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan
janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 1670 Masehi

Contoh sengkalan lamba di Kraton Yogyakarta:

Paksa Pujangga Hangayong Jagad (1682 jawa, berdirinya Kraton Yogyakarta)

Nir Panca Padhita Ratu (1750 jawa, Sultan HB IV wafat)

Tunggal Catur Pandhita Iku (1741 jawa, dinobatkannya Sultan HB IV)

Contoh sengkalan memet di Kraton Yogyakarta:

Dwi Naga Rasa Tunggal (1682 jawa, berdirinya Kraton Yogyakarta, bisa dilihat di atas renteng
kelir baturana kagungan dalem regol Kemagangan dan regol Gadhung Mlathi berupa dua ekor
naga dengan ekor saling melilit).

Dwi Naga Rasa Wani (1682 jawa, berupa dua ekor naga berwarna merah yang berada di regol
Kemagangan)

Esthi Sara Esthi Aji (1858 jawa, berbentuk dua ekor kepala gajah yang terdapat anak panah di
belalainya, terdapat di Regol Danapratapa, merupakan penanda tahun dipugarnya Kori
Danapratapa oleh Sultan HB VIII)

You might also like