You are on page 1of 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Para sesepuh, para wredha mudha,saha para rawuh sedaya ingkang


tansah kinurmatan. Mangga kula dherekaken sami angaturaken puja puji ing
ngersanipun Pangeran, ingkang sampun tetela tanpa wilangan anggenipun
paring rahmat, nikmat, hidayat dhumateng kawulanipun.

Sholawat soho salam, mugiyo tetep kaunjuk dumateng rasulullah


SAW ingkang kito sedoyo tenggo tenggo syafaatipun mbenjang wonten
dinten pungkasan.

Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan.

Wonten mriki kula badhe nyampekaken sesorah wonten kaperlu


ngengeti dinten sumpah pemuda.

Kula lan panjenengan mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28


oktober bangsa Indonesia mengeti dinten sumpah pemuda. Inggih menika
salah sawijining prastawa sakral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih
bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat
nyawiji bhineka tungal ika, semata merdeka lan dadi bahasa ingkang ngadeg
jejeg.

Wondene isi sumpah pemuda inggih menika:

Mangga kita sedaya junjung duwur nilai kaluhuranipun saking


sumpah pemuda. Nggegemi kuat tali silaturahim lan persatuan bangsa.
Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan damalake
kagem mujudake pangarep arep cita cita kemerdekaan urip makmur, adil lan
sejahtera. Yaiku minangka pelajar/murid, kita wajib semangat lan mempeng
anggenipun sinau. Lan minangka pemuda kita kedah semangat lan sregep
anggenipun nyambut damel ngisi pembangunan bangsa.

Menika ingkang saged kula aturaken. Menawa enten klenta


klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangaksami.

Assalamualaikum wr wb

You might also like