You are on page 1of 5

DISUSUN OLEH :

AULYA NOER RAHMAT ( 04 )

GINANJAR DWI PRASETYO ( 13 )

MOLYANTO DWI SETIAWAN ( 18 )

MUHAMMAD NAZLI IRAWAN ( 16 )

SMKN 2 PENGASIH

KULON PROGO, D. I. YOGYAKARTA


TEDHAK SITEN
Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa
245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing
kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Upacara iki
ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta
déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".

Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi
idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti
ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake
kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke
manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep
ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang
ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani
bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari
kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.

Sebabe Dianakaké

Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi
nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula
dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone
nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku :

1. Pengaron sing diisi kembang setaman

2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut

3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan
kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:

a) Pari sabengket

b) Kapuk sabengket

c) Piranti nulis

d) Bokor kang diisi beras kuning

e) Werna-werna jinis dhuwit


f) Perhiasan

4. Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.

5. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan

6. Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang

7. Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip
sing arep dilakoni anak

8. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegese kanggo
ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna

9. Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka

Tata Caranipun upacara tedhak siten, yaiku :

1.

Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe
saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata
saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati
tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi
bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

Warna-warni menika nduweni teges :

Putih : Watak Dasar

Biru : Jati Diri

Ijo : Lambang Kehidupan

Jambon : Matahari

Abang : Semangat

Kuning : Harapan Tercapai Cita Cita

Ireng : Keagungan
2.

Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna”
lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang
mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni
watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan
bakti kaliyan Negara.

3.

Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang
nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun
gedhe.

4.

Ingkang kaping sekawan, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan
dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti
nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan
nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan
awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.
5.

Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur
kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng
tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

6.

Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur
kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil) anduweni teges kanggo nyucèni raga lan jiwa,
muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman
anak mau.

7.

Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si
bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing
uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.

Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta
keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar
panganan ingkang wonten.

You might also like