You are on page 1of 1

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Mugiya kawilujengan lan kasarasan saking ngarsa dalem Gusti Alloh tansah rumentah
kajiwa kasalira dhumateng kula lan panjenengan sami. Aamiin.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dhahat kinormatan,
Bapak, Ibu Guru saha karyawan-karyawati SMA N 1 Probolinggo ingkang pantes kacaosan raos
ing pakurmatan.
Rencang-rencang kelas 12 ingkang kula tresnani.
Nuwun sewu keparenga, kula wonten ing mriki supados ndherekaken lampahipun
titilaksana Perpisahan Kelas 12 SMAN 1 Probolinggo ingkang mapan wonten aula SMA N 1
Probolinggo
Namung saderengipun kula nglajengaken atur kula sumangga kula lan panjenengan sami
ngaturaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti Alloh ingkang sampun paring mapinten-
pinten kanikmatan saha hidayah, ing satemah kula panjenengan sami saged makempal wonten
mriki kanthi kebak ing kawilujengan.
Ing salajengipun keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titilaksana ingkang
badhe kalampah.
Ingkang sepisan Pambuka
Angka kalih talanging atur saking kelas 10, 11
Kaping tiga talanging atur saking kelas 12
Kaping sekawan pambagya saking ibu kepala sekolah
Kaping gangsal pentas seni
Ingkang pungkasan Panutup

Sumangga kita lumebet titilaksana ingkang sepisan inggih menika Pambuka, sumangga
kanthi wosan basmalah kula dherekaken “ Bismillahirrohmanirrohimi “
Kalajengaken titilaksana angka kalih inggih menika :
talanging atur saking kelas 10, 11, dhateng panjenenganipun ......................kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka kalih sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun dhateng
.......................
Lumebet Titilaksana ingkang angka tiga inggih menika: talanging atur saking kelas 12
dhateng penjenenganipun ...................kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka tiga sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun dhateng
.......................
Titilaksana kaping sekawan pambagya saking bapak kepala sekolah, dhumateng
panjenenganipun ibu ................................kasumanggakaken.
Mekaten menggah wedharing atur saking panjenenganipun ..............................., ingkang
menika ngaturaken gunging panuwun.
Sumangga dipunlajengaken titilaksana kaping gangsal inggih punika pentas seni.
Sagung para lenggah, menapa dene wasana sampun lumampah kanthi rancak, sumangga
kantun titilaksana pungkasan inggih menika Panutup.
Mangga pepanggihan menika lajeng dipun tutup kanthi waosan hamdalah kula dherekaken “
Alhamdulillahirrobbil ‘alamin”
Semanten lan mekaten anggen kula ndherekaken runtuting titilaksana menika , kathah
lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

You might also like