You are on page 1of 10

MICARA

MAKALAH

Dipundhamel Kagem Njangkepi Tugas Mata Kuliah Basa Jawa

Dosen Pengampu :Drs. Sukardi, S.Pd., M.Pd

Dening :

Kelompok 5

1. Hafnianda Shabrina T (1401417405)


2. Laila Putri Kemalasari (1401417407)
3. Soffiya Devi H.S. (1401417

Rombel J

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2019
BAB I

PURWAKA

1.1 Lelandhasaning Perkawis

Micara puika satunggaling kagiyatan ingkang penting kangge komunikasi, amargi


kanthi kagiyatan micara punika kitha sedaya saget mangertosi punapa ingkang dipun
ngendikaaken tiyang.

Micara ing pamulangan basa menika kalebet materi ingkang boten gampil
ginayuh. Saben dinten kita sedaya micara ngangge basa jawi. Nanging, keprigelan micara
basa jawi sakniki sampun kirang, niki ketingal saking cacahipun tiyang ingkang
migunakake basa jawi sampun sekedik. Masalah menika ndamel priyatin amargi basa
jawi menika warisan budaya ingkang wajib diuri-uri khususipun kangge tiyang jawi.

Basa Jawi punika ugi salah satunggaling basa ingkang sanget penting,
khususipun dhateng tiyang jawi lan umumipun dhateng warga masyarakat Indonesia.
Micara ing pamulangan basa punika kalebet materi ingkang boten gampil, napa malih
kangge siswa SD. Mula wonten ing makalah punika badhe dipunjelasake metode kangge
ningkatake keterampilan basa jawi siswa SD.

1.2 Undharaning Perkawis

Ingkang dados perkawis sesampunipun maos lelandhasaning perkawis ing nginggil


inggih punika:

1. Punapa ingkang dipun sebat keterampilan micara punika, punapa manfaat lan
jinisipun micara?
2. Punapa mawon ingkang kedah dipun gadahi dening pamicara supados saged wicara
ingkang sae?
3. Punapa basa micara menika?
4. Punapa metode ingkang tepat kangge ningkataken keterampilan micara basa
jawi siswa SD?

1.3 Tujuan

Ingkang dados tujuan pendamelan makalah punika yaiku:


1. Saged medharaken punapa keterampilan micara punika, manfaat lan jinisipun.
2. Mangertosi sanguning micara supados saged micara kanthi sae
3. Metode kasebut saged nglatih siswa kulina micara ngangge basa jawi.
BAB II

ANDHARAN

2.1 Hakikatipun Micara

Micara inggih punika kagiyatan kangge njlentrehaken pendapat, gagasan lan rasa
dhateng tiyang punapa kelompok. Moris ing Novia (2002) ngendikaaken bilih micara
punika satunggaling alat komunikasi ingkang alami kangge ngungkapaken gadahi
gagasan lan satunggaling wujud tindak – tumindak sosial. Micara punika gadahi
manfaat, manfaatipun yaiku:

1. Saged kangge komunikasi saben dinten kanthi micara basa jawi laras saha leres.
2. Dados unggah - ungguhipun menawi badhe matur tiyang enom dhumateng
tiyang sepuh.
3. Saged dados tuladha ingkang sae wonten ing masyarakat khususipun masyarakat
tanah jawi.

Sanesipun manfaat, micara ugi gadhah jenis – jenisipun, yaiku:

1. Micara Informal

Micara informal inggih punika wedharing gagasan kanthi lisan ingkang boten kaiket
dening paugeran, boten winatesan swasana, mardika/bebas, topik bebas, sakersanipun, boten
kedah runtut, sakersanipun ingkang micara. Tuladha: micara wekdal siswa sami dolanan
piyambak, mantuk sekolah sinambi ngobrol, lsp.

2. Micara Formal

Micara formal inggih punika mahyakaken gagasan kanthi lisan ing swasana tartamtu,
bab ingkang gumathok, tujuan ingkang tinamtu, dipunbiji (boten kedah biji ing kelas).
Upaminipun: sesorah, pranata adicara.

3. Taken – Tinaken

Taken - tinaken saged dumadi ing pacelathon padintenan, ugi wonten ing salabeting
kelas. Taken-tinaken ing padintenan limrahipun boten dipunrantam, bebas/mardika,
saged dumadi nalika lare nembe dedolanan, pitepangan, taken satunggaling papan, lsp.
Taken-tinaken ing salebeting kelas magepokan kaliyan pamulangan (interaksi). Kelas
ingkang sae yaiku kathah siswa taken-tinaken. Taken-tinaken ndudut raos kepengin
mangertos, mbudidaya nambah ilmu, nuwuhaken kekendelan, latihan micara runtut,
cetha, prasaja, gampil dipunmangertosi kanca, lsp.

4. Wawan Rembug

Wawan rembug punika pirembagan kanthi mardika/bebas. Wonten ing wawan


rembug boten namung taken-tinaken, nanging ugi ngandharaken satunggaling prekawis, usul,
mahyakaken gagasan, nyuwun pangertosan/andharan. Tibaning wawan rembug
sakalangkung wiyar tinimbang taken-tinaken.

5. Usul

Usul inggih punika ngajengaken satunggaling gagasan supados tiyang ingkang


mirengaken utawi tiyang ingkang dipun usuli nampi, paring tetimbangan, nindakaken
gagasan kalawau. Malah kepara wonten ingkang gadah usul.

6. Diskusi

Diskusi inggih punika pirembagan kangge ngrampungaken satunggaling prakawis.

7. Kerja Kelompok

Menawi siswa dipunsukani tugas ngrampungaken satunggaling bab kanthi kelompok,


mesthi para siswa micara. Wicaranipun trep kaliyan tugasipun, jumbuh kaliyan
gagasan/pamanggihing klompok, micara ingkang gampil dipunmangertosi, prasaja,
mentes (tumraping siswa), lsp.

2.2 Sanguning Micara


1. Sangu pokok
a. Olah swara: logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten blero/bindheng, kajiwa.
b. Olah sastra: pilihan tembung, purwakanthi, sekar, paribasan, wangsalan, lsp.
2. Sangu tambahan
a. olah raga lan busana

magatra : patrap wajar boten dipundamel-damel

malaksana : luwes

mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong


maraga : boten gumeter, mantep

matanggap : tanggap wasana (susah,seneng)

b. Ngilmu

Pamicara kedah gadhah ngilmu ingkang dipunandharaken

c. sangu panyengkuyung

mental

Pamicara mentalipun kedah kendel boten ajrih, biasa ngadhepi tiyang kathah,
siap ing materi.

Pawiyatan

Pamicara kedah gadah pawiyatan wonten ing sekolah, kursus lan pawiyatan
sanesipun ugi saged maos buku-buku bab pranata adicara.

Gladen

Pamicara perlu gladhen utawi latihan sadherengipun micara ing sangajenipun tiyang
sanes.

2.3 Basa wicara

Basa wicara magepokan kaliyan unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh micara basa


Jawi dipundamel prasaja kados ing ngandhap menika.

BIJI KAWEGIGAN WICARA: 4 W

a. Wicara

Pringgawidagda (2003) mahyakaken wirama sami kaliyan olah swanten kangge


wicara prayogi netepi wijang, boten blero, boten bindheng, tegas, cetha, sareh (boten
kesesa).

b. Wiraga
Wiraga inggih menika obahing sarira ingkang gadhah makna, mimbuhi pratela
cetha, boten ajeg (monoton), boten goreh, boten gumeter. Awit saking menika
kedal gadhah jiwa kendel (mental sae/boten ajrih), boten gugup, lsp.

c. Wirama

Wirama magepokan kaliyan andhap inggiling swanten (dinamik) saha cepet-alon


swanten (tempo).

d. Wirasa

Wirasa menika kajiwa (empathy/penghayatan). Kanthi wirasa, wicara/sesorah


saged kawedhar kanthi sae trep kaliyan isi/materi saha kawontenan, satemah
saged ndudut raos ingkang samya midhangetaken.

2.4 Metode Role – Playing

Kalebet satunggaling pendidikan, pendidikan mboten namung sebatas kalih


lingkup nasional kaliyan mata pelajaran umum, namung ugi diterapaken pendidikan
muatan lokal. Saking pendidikan muatan lokal kita saget menehi bekal tumindak,
pengetahuan, lan keterampilan ingkang dibutuhake tiapipun daerah. Salah sawijining
pendidikan muatan lokal yaiku mata pelajaran basa jawi. Ing piwulangan basa khususipun
basa jawi yaiku wonten 4 wernanipun keterampilan ingkang perlu diwulangaken, yaiku
keterampilan nyimak, keterampilan micara, keterampilan maos, lan keterampilan nulis.
Keterampilan bebasan yaiku kemampuanipun ingkang diperluaken kangge nyampeaken
sawijining gagasan, pikiran, menawa prasaan tiyang supados saget dipahami kalih tiyang
sanes. Rerata, seniki guru punika anggenipun mucal ingkang wonten kaitane kalih basa jawi
khususipun tentang ketrampilan micara basa krama teksih nggunaaken metode
konvensional utawi guru teksih ngagem metode umum anggenipun mucal, tuladhane
metode sesorah, penugasan, lan taken – pitaken. Metode role playing utawi teng basa
jawi disebat metode ingkang “mainaken peran” diraos pas kalih piwulangan ketrampilan
micara amargi menuntut langkung siswa sianu micara kaliyan materi ingkang
diwucalaken. Sanesipun ugi wonten nilai edukatif lan saget nglatih siswa kangge micara ing
ngajeng kelas. Pas kalih pendapatipun Huda (2013:209), yaiku ing metode role playing
siswa diperlakukan dados subjek piwulangan ingkang secara aktif nglakuaken praktek –
praktek basa (taken lan mangsuli pitakonan) kaliyan rencang – rencange ing situasi
tertentu. Mboten dipungkiraken kala dolanan kangge siswa SD yaiku hal ingkang menarik
lan disenengi. Saking metode role playing siswa secara langsung ajeng berkomunikasi
kalih basa jawi krama sanajan teksih sebatas ing peran tertentu. Kalih praktek
langsung, siswa langkung paham kalih penggunaan basa krama lan tata cara
nyampeaken ingkang berlaku wonten ing masyarakat.
BAB III

WASANA

3.1 Dudutan

Saking pamedharan ing nginggil saged kapundhut dudutan bilih micara punika
kagiyatan kangge njlentrehaken pendapat, gagasan lan rasa dhateng tiyang punapa
kelompok. Manfaatipun ketrampilan micara khususipun micara basa jawi dhateng tiyang jawi
inggih punika medharaken gagasan, ide, raos dhumateng tiyang sanes, supados tiyang
punika saget mangertosi punapa ingkang kita wedaraken.

3.2 Saran

1. Mahasiswa dipun biasakaken migunakaken basa jawi saben dinten wonten ing
papan lan tlatahipun.

2. Mahasiswa PGSD UNNES sewajaripun saget micara basa jawi kanthi laras saha leres lan
migunakaken unggah ungguh basa dhumateng sedaya dosen.
DAFTAR KAPUSTAKAN

Tarigan, djago dan henri Guntur Tarigan. 1990. Teknik pengajaran ketrampilan berbahasa.
Bandung : Angkasa.

Tarigan, Henri Guntur.1984. membaca sebagai keterampilan berbahsa. Bandung: Angkasa.

Nur hadi. 1980. Bagaimana meningkatkan kemampuan berbicara. Bandung : Sinar Baru.

http://www.wikipedia.keterampilan.bahasa.jawa.html. Dikutip tanggal 5 September 2014.

Suwarna. 2003. Impelementasi Kurikulum Berbasis Kompetensi dalam Pembelajaran


Bahasa Jawa. Makalah Penataran. Yogyakarta: Dinas Pendidikan.

Suwarna. 2009. The Simplification and the Reformulation of Unggah-Ungguh Javanese


Language Stratification. Makalah Kajian

Tarigan, Jago. 1987. Teknik Pengajaran Keterampilan Berbahasa. Bandung: Angkasa.

You might also like