You are on page 1of 4

Apresiasi Cerita Dewa Ruci

A. Sinopsis
Carita iki nyeritakake Raden Bima sing dikongkon karo Resi Drona
supaya nggolek banyu kuripan sing bakal nggawe Raden Bima tumeko
kasampurnan urip.

Ing perjalanane Raden Bima, dheweke nemu akeh halangan sing nggawe
dheweke tambah ilmu. Ing akhir, Raden Bima ketemu karo Dewa sing
mirip karo awak e Raden Bima dewe, jenenge Dewa Ruci. Amarga Raden
Bima ketemu karo Dewa Ruci, Raden Bima dadi luwih bijaksana lan
sabar njalani urip.

B. Unsur Intrinsik
- Tema

Tema sing diusungke ing carita iki yaiku babagan pengujian amarga,
tema iki bisa kabukten ing salah sijining petikan saka cerita Dewa Ruci
sing unine,

“Banjur Resi Drona mrintah Bima supaya nggoleki banyu kuripan sing
bakal nggawe Bima tumeka kasampurnaan urip”.

- Alur/Plot

Plot sing ana ing sajroning carita iki yaiku alur maju amarga, alur iki
bisa kabukten saka salah sijining petikan saka carita Dewa Ruci sing
unine,

“Bima banjur ngelakokake titah saka guru. Pisan dheweke dikongkon


menyang gua gunung Candramuka.......................Nganti akhire nang
segara den samya Bima ketemu karo Dewa cebol sing nduwe jenenge
Dewa Ruci sing raine persis Bima dewe”.
- Gaya Bahasa
Gaya bahasa sing ana ing carita iki yaiku gampang dipahami lan jelas
bah

asa sing digunakake amarga, gaya bahasa iki bisa kabukten saka salah
sijining petikan saka carita Dewa Ruci sing unine,

“Nganti akhire ing segara den samya Bima ketemu karo dewa cebol sing
nduwe jeneng Dewa Ruci”.

- Paraga/Penokohan
Penokohan ing carita iki ana telu bagean yaiku paraga utama, antagonis,
lan tritagonis. Paraga utama ing cerita iki yaiku Raden Bima, Paraga
antagonis ing cerita iki yaiku Resi Drona, lan Paraga tritagonis yaiku
Dewa Ruci. Watak saka katelu paraga iki kabukten saka salah sijining
petikan ing carita Dewa Ruci sing unine,

“Bima gelem dikongkon titah saka sang guru tanpa pitakon apa
apa”.(buktine yen Bima iku tokoh utama/protagonis)

“Perintah iki sayektine mung siasat kanggo nglenyapake Bima supaya ora
melu perang njero Perang Baratayuda sing kala kuwi
dipersiapake”.(buktine yen Resi Drona iku tokoh antagonis)

“Saka kunu Bima mahami wejangan Dewa Ruci sing sayekti yaiku
gambaran saka awake dewe.............sing dadi pangarepmu

- Sudut Pandang

Sudut pandang ing carita iki yaiku nggawe sudut pandang wong katelu.
Sudut pandang iki bisa kabukten ana ing salah sijining petikan ing
carita Dewa Ruci sing unine,

“Pisan, dheweke dikongkon menyang gua gunung Candramuka”.


- Latar / Setting
Latar ing carita iki yaiku ana 2 yaiku latar latar swasana, lan latar
panggonan. Kaloro latar kasebut kabukten ana ing salah sijining petikan
ing carita Dewa Ruci sing unine,

“Dheweke banjur merintahake Bima kanggo nuju Samudra supaya oleh


banyu kauripan”.(buktine yen ing carita Dewa Ruci nduweni latar
panggonan)

“Bima sakwise krungu tembang Dewa Ruci, atine padhang, nrima kanthi
ati seneng, njero ati ngarepke oleh anugrah wahyu sing sak
tenane”.(buktine yen ing carita Dewa Ruci nduweni latar swasana)

Asmaning Kelompok 5 :
- Adelia salsa larasati (02)
- Azzahra Zulfaniqandra (09)
- Dhea Amalia (13)
- Muhammad Rafi Triyanto (22)
- Rizky Setyo Laksono (29)
- Tania Yolanda Bahtiar (34)

You might also like