You are on page 1of 1

TUGAS BAHASA JAWA

Nama Anggota :
 Intan Erika Febrianti (01)
 Laila Alfisana (06)
 Lilik Khusnul Isnaini (07)
 Lillah Nursaputri (08)

Lahire Arjuna

Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti, lan Bima
kumpul ing kraton nunggu baline Prabu Pandhu. Ora suwe dumadakan teka salah siji utusan saka
Pandu kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana
ing tlatah Mandura.
Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur nglahirake jabang bayine. Saka kelahiran iku bayi
kang lagi wae mbrojol saka njero weteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora
liya yaiku kakang saka jabang bayi kui mau. Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura
kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.
Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini. Piyambake
sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa. Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti
diderekake dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur
nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra.
Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti
kawalan Begawan Abyasa. Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku
bapakne. Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti jeneng Parmadi, semono uga Begawan
Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak Dewi Kunti, sawetara Bima dados kakange paweh
jeneng Jlamprong dening bocah kui. Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat,
kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan terkenal yaiku Arjuna.
Ona ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma Parmadi lan Sumbadra, banjur
Basudewa mangku keloro bocah kui, Parmadi ana ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu
kiwane Basudewa. Saka kunu keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda
yen saka keloro bocah iki sesok bakal anurunake keturunan kang dadi raja.

You might also like