You are on page 1of 14

Muhammad

pimpinan politik Arab lan pangadeg Islam

Muhammad (Arab: ‫)ﻣﺤﻤﺪ‬, ing sawatara


basa sinebut Mohammad, Mohammed,
utawa Mahomet. Ing basa Arab,
Muhammad iku tegesé wong kang patut
pinuji. Sadurungé, durung ana manungsa
kang nganggo jeneng iki. Amarga
pinercaya dadi rasul pungkasan, mula
uga sinebut Rasulullah (Rasul Allah).
Muhammad iku dipercaya nggawa ajaran
agami Islam lan dadi panutan muslim
(wong kang milih Islam dadi agamané).
Manut sajarah, Muhammad lair ing taun
570 Masehi ing Mekah ingkang nami
ramanipun Abdullah lan séda ing titi
mangsa 8 Juni 632 Masehi ing Madinah.
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam

Rukun Islam

Syahadat · Shalat · Pasa


Zakat · Kaji

Rukun Iman

Allah · Al-Qur'an · Malaikat


Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar

Tokoh Islam

Muhammad
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait

Kota Suci

Mekkah ·Madinah · Yerusalem


Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul

Riyaya

Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha


· Asyura · Ghadir Khum

Arsitektur

Mesjid ·Menara ·Mihrab


Ka'bah · Arsitektur Islam

Jabatan Fungsional

Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti

Teks & Hukum

Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah


Fiqih · Fatwa · Syariat

Mazhab

Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah

Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah

Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam
deleng rembug besut

Muslim percaya yèn ajaran kang digawa


Muhammad iku kang nyempurnaaké
kabèh ajaran agama kang naté ana ing
donya iki.

Dasanama
Muhammad = kang patut pinuji.
Al Amin = kang bisa pinercaya.
Ash Shaadiq = kang bener
'Ummi = ingkang boten saged maos
saha nyerat
Hasyami = saking Bani Hasyim
Fathonah = kang pinter

Ètimologi
"Muhammad" sajeroning basa Arab
tegesé "kang pinuji". Muslim percaya yèn
ajaran Islam kang diasta déning
Muhammad wujud nyampurnani agama-
agama kang diasta déning nabi-nabi
sadurungé. Kaum Muslim ngaturi kanthi
gelar Rasul Allāh ( ‫)رﺳﻮل ا‬, lan
nambahaké kalimat Shalallaahu 'Alayhi
Wasallam (‫ﻋﻠﻴﻪ و ﺳﻠﻢ‬ ‫ﺻﻠﻰ ا‬, kang tegesé
"muga-muga Allah maringi kabagjan lan
kasalametan marang panjenegané"; kang
kerep dicekak dadi "S.A.W" utawa
"SAW"). Saliyané iku Kuran sajeroning
Surat As-Saff (QS 61:6) nyebut
Muhammad kanthi jeneng "Ahmad"
(‫)أﺣﻤﺪ‬, kang sajeroning basa Arab uga
duwé makna "pinuji".

Riwayat
Lair

Para panulis sirah (biografi) Muhammad


lumrahé sarujuk yèn Muhammad bin
Abdullah iku lair ing Taun Gajah, ya iku
taun 570 Masehi.Diarani taun gajah
kèrana nalika Muhammad lair iku ana
kedadian yèn ka'bah arèp di ancurke karo
tèntara gajah séng di pimpin karo rajané
ya iku ratu Abrahah, nanging kèdadian
kui ora sida amèrga gusti Allah ngutus
manuk séng jènèngè Ababil supaya
mudun saka langit karo gawa watu kèrikil
séng di jikuk saka nèraka supayané
dibalangké maréng tèntara gajah mau.
Muhammad miyos ing kutha Mekah,
sisih kidul Jazirah Arab. Nalika iku, Arab
isih kalebu panggonan kang durung
maju, adoh saka punjer niaga, seni,
utama ngèlmu. Ramané, Abdullah[1], tilar
donya ing marganing niaga nalika ing
Yatsrib kamangka Muhammad isih
anèng sajeroning kandhungan. Ingkang
rama marisaké unta lima, domba, lan
batur tukon wadon kang jenengé Ummu
Aiman kang samengko nggulawentah
Nabi.[2]

Ing umur enem taun, ibuné - Aminah binti


Wahab - ngajak menyang Yatsrib
(Madinah) tilik sadulur karo nyekar ing
saréyan ingkang rama. Nalika pas mulih,
ingkang ibu dhawah gerah. Sawetara
dina sabanjuré, Aminah tilar donya ing
Abwa' kang panggonané ora adoh saka
Yatsrib. Aminah dikubur ing kana.[3]
Sawisé ditinggal ibu,Muhammad dijaga
simbah, Abdul Muththalib.
Silsilah
                     

                     

                   
   

 
               

'Abd al-'Uzza
               

     
                   

 
   

Asad Muththalib
         

                       

Khuwailid
               

           
                 

   
             

Awwam Khadijah Hamzah


   

           
             

Zubair
             

   

             

       
               

Fatimah
               

               
     
       
               

 
   

               
al-Hasan
(lair 625)
               
     

Rujukan
1. Abdullah bin Abdul-Muththalib bin
Hâsyim bin 'Abd al-Manâf bin Qushay
bin Kilab bin Murrah bin Ka'b.
2. Subhani, Ja'far. Ar-Risalah: Sejarah
Kehidupan Rasulullah SAW. Jakarta:
Penerbit Lentera, 2002. ISBN 979-
8880-13-7
3. Lings, Martin. Muhammad: Kisah
Hidup Nabi berdasarkan Sumber
Klasik. Jakarta: Penerbit Serambi,
2002. ISBN 979-3335-16-5
Uga delengen
Islam
Kuran

Pranala njaba
Sejarah Hidup Muhammad
Muhammad menurut Kitab Agama
Lain
History of Muhammad

Artikel ngenani Islam iki minangka artikel


rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia
ngembangaké.
Dijupuk saka
"https://jv.wikipedia.org/w/index.php?
title=Muhammad&oldid=1492876"

Dibesut pungkasan 1 sasi kapungkur déning CahyoBot

Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0 ,


kajaba ana katerangan liyané.

You might also like