You are on page 1of 4

Kelangan Manuk

Dening : Dani Pambudi 18/XII IPA 4

Wengi wis lingsir, ing pinggir tengen lan pingir kiwo naming enek pandosa. Semilir
angin rasa-rasane kaya nggrogoti awak. Wit wringin gedhe dhuwur ana ing ngarepe. Anginkang
gedhe nabraki wit iku kaya-kaya wong sing arep padu. Ana ayang-ayang sing ireng gedhe ana
ing ngarep wit tuwo iku.
Dumadakan kakrungu ana suara manuk. Ayang-ayang sing ana ing ngarep wit mau
mlayu nggoleki suara sing ngagetne dek’e. Saka kadohan ketok ana manuk sing mencok ing
kuburan kang wis tuwo umure. Akhire ayang-ayang mau nangkep manuk kui. Sawise iku ayang-
ayang mau ngilang. Sosok ayang-ayang kui mau yaiku Ki Gendeng bin Richard suprapat, kang
nduweni pawakan galak, gedhe dhuwur kira-kira 170 cm, matane sipit lan rambute lurus ireng.
Wiwit kedadean iku ki gendeng njagani manuk sing disayangi iku amargi wonge tansah
menang nalika ki gendeng maen judi. Selain iku usaha ramal-ngeramale ki gendeng saya suwe
saya rame. Salah siji pelanggane ki gendeng yaiku pardi.
“ki.., nyuwun sewu?” pardi
“hmmm.., kowe meneh, nyapo koe rene maneh?”
“kula nyuwun tulung ki, kula kepengen gadhah pacar.”
‘apaaa? Koe pengen duwe pacar??” ki gendeng kaget
“nggih ki, sajane kula ki sampun ganteng lo ki. Nanging kawit mbiyen nganti saniki kok kula
dereng gadhah pacar nggih ki??”
“yo wes iki kanggo koe.”ki gendeng nyedhiyani kaca.
“apa niki ki???” pardi kaget
“nripatmu iki melek opo merem to jane!”
“meleklah ki.”
“nggenah-nggenah kaca kok yo sek takok!”
“Ooo.., dados kaca niki diagem damel nggolek pacar?”
“udu.”
“lha terus damel opo kaca niki ki???” pardi tambah bingung
“sak urunge nyedheki wadon koe iki ngaca o benakno rupane raimu kui ndhisek.”
Pardi langsung metu saka omahe ki gendeng lan nangis nggero-gero.
Sawulan luwih ki gendeng wis ngingu manuke iku, nanging ing dina iki ki gendeng kaget
nalika ningali kandang manuk amargi mauk kesayangane ki gendenng iku wis ora ana ing
kandange. Ki gendeng wis nesu-nesu lan percaya yen manuke iku enek sing nyolong. Ki
gendeng akhire ngumpulne para warga ing desane. Sawise warga desa wis ngumpul kabeh ki
gendeng langsung nakokake menyang para warga babgan manuke sing ilang.
“langsung wae, sapa ning kene sing duwe manuk?” kabeh warga sing lanang langsung ngadheg
“udu kui sing tak maksud! Maksudku, sapa ning kene sing pernah weruh manuk.” Kabeh warga
wadon langsung ngadeg
“wah, gawat mesti warga mikire udu manuk kewan, ananging manuke bojone” pikire ki
gendeng. Ki gendeng akhire mbaleni pertanyaane.
“sing tak maksud iku, sapa sing pernah weruh manuk sing udu duweke dewe?” separo wadon
ning kono ngadheg lan sing separo lungguh. Ki gendeng saya isin lan mbenerne apa sing
dimaksud ki gendeng
“nyuwun ngapunten, udu kui sing tak maksud. Maksudku iku sapa sing pernah weruh manukku”
langsung 10 wadon neng kono ngadeg. Ki gendeng langsung mlayu amargi bojone ki gendeng
wis podo arep nggodhag ki gendeng.
Wis seminggu ki gendeng nggoleki manuke, kabeh cara wis digunakake kaya nakokne
neng wargane, nggoleki nganggo jompi-jampine, ananging usahane iku sia-sia. Gara-gara wis
kesel nggoleki akhire ki gendeng ngongkon anak-anake nggoleki manuk kesayangane iku.
“Jo.., paijo?”
“nggih pak napa?”
“ jo.., njajal ewangono bapak nggoleki maunke bapak jo!”
“lha, ongkose pundi pak?”
“halah jo, jo, ngono wae wes njaluk duit. Koe ki lo jo kok gak pernah nyenengne bapak. Kapan
lo jo koe ki iso nyenengne bapak?”
“paijo kan sampun pernah nyenengake bapak!”
‘kapan lo jo kok bapak gak ngrasa ki??”
“bukane bapak sampun seneng wektu bapak nggawe paijo!” ki gendeng langsung cengingisan
“hehehe.., yo wesiki duwite, gek ndang minggat kono!!!”
“anak iki kok yo eruh apa sing disenengi bapak” pikire ki gendeng ing njero ati
Sajane ki gendeng pengen ngongkon anake sing liyane, anake sing iki paling rajin, pinter,
lan sregep. Selain iku anake sing iki patuh ing agama lan gaene shalat 5 wektu. Nanging iku
owah kabeh nalika anake iku nganggo jilbab. Ki gendeg maleh gak peduli maneh marang anake
iku. Sakurunge ngongkon nggoleki manuke, anake ki gendeng iku marani bapake.
“BAPAK.., bapak nyapo to, kok sampun mboten peduli marang aku? Napa to pak salahku niki?
Aku sadar pak yen niki kabeh amargi aku ngagem jilbab. Nanging nutup aurat niku hokum
wajibe pak. Aku sampun mutusne ngagem jilbab lahir saking ati pak, mboten wonten paksaan
saking pundi-pundi!” ki gendeng namung iso ngelus dadane
“Oalah.., BAMBAANG.., kowe iki lanang lo, makane bapak ora setuju yen koe gawe jilbab”
Bambang nangis lan mlayu nyang kamar. Ki gendeng wis mumet ngrasakake anake. Dumadakan
siti anake ki gendeng ngaget-ngageti bapake.
“BAPAAK!!” siti teka lan nggeblek pubdake ki gendeng
“oalah sit, sit, koe ki lo ngaget-ngaeti bapak wae kerjaane. Bapak iki lagi mumet dadi ojo
nggaggu bapak!”
“nggih pak, siti mriki namung pengen mijeti bapak kok”
“hayoo, mesti iki enek sing dikarepake. Yo wes amarga koe wis apik neng bapak, tak turuti opo
sing kok pingini”
“tenan pak, bapak mboten ngapusi to?”
“tenan sitiii bin gendeng, koe kepingin opo to?”
“gampang pak, siti namung pengen bapak seda mawon.”
“amit-amit jabang bayi, koe pingin bapak mati, dasar anak durhaka.”
“yen aku anake durhaka berarti bapak dehakane no., sajane siti niku namung pingin cepet-cepet
oleh warisan mawon pak”
“oalah sit, sit. Koe ki lo mbok yo kaya mbakmu kui sing menengan, manuta sisan!” ki gendeng
nduding tiyem mbake siti sing lagi asyik ndelok tivi ing sampinge siti.
“deloken mbakmu, wis ayu, menengan, nek dikongkon yo maunt ora koyo koe sit. Iyo to yem?”
“ng.., nggih pa, pak” jawabe tiyem
“yem koe sehat? Kok koe gelagepan ra karuan?”
“a.., ak., aku, mbot.., mbo., mboten ku., kuat pak!”
“gak kuat nyapo yem?”
“pak siti kok ngambu sesuatu nggih pak?” takoke siti menyang bapak
“bapak iya ngambu sit, ambune ki kaya…”
“iyem nggembol pak.., iyem sampun mboten kuat pak” jawabe iyem karo nangis
“ lha nyapo koe kok cepirit neng kene yem??” takoke ki gendeng
“lha mau wektu iyem ndelok tivi dening penyiare iyem mboten paring nyandi-nyandi, kon tetep
ing ngarep tivi mawon lo pak. Sajane iyem kat mau sampun kebelet pak.” Iyem nangis nggero-
gero.
“ndue anak papat kok yo ra enek sing waras to., suwe-suwe iso kendhat tenan iki. Wis manuku
ilang, ora ana sing ngewangi nggoleki, malah podo gendeng kabh anaku iki.”
Dumadakan ketelu garwane ki gendeng marani ki gendeng. Garwane sing ke siji jenenge
mbok jiji, garwane sing ke loro jenenge mbok roro, lan garwane sing ke telu jenenge mbok lulu.
“ten napa to bapak niki kok bingung mawon?” takoke mbok jiji
“nalika bapak niki sampun gadhah garwa telu lha kok iyo sek mikirne manuke” Tambahe bu lulu
“lho, lho., manuke kui ki udu manuk biasa lo bu. Iku ki manuk sekti mandraguna.”
“halah bapak iki, mboten sah dipikir dipikir pak, nek smapun ilang y owes ben ilang wae.
Bapakan tasih gadhah manuk kan luih sekti saking kui.” Sauté mbok roro kang matane merem
melek kaya wong cacingen
“ hah ibuk niki kok iso-iso wae. Yo weslah buk anak-anake adewe kok yo ora ana sing gelem
ngewangi aku, tak golekane dewe wae buk.” Jawabe ki gendeng
“nanging bapak kudu janji, bapak mboten mantuk wengi-wengi bapak yo mboten oleh godani
wado liya. Bapak kudu jani.” Peksane bu jiji
“iya buk, bapak janji.” Ki gendeng langsung metu ninggalne garwa-garwane
Ki gendheng goleki manuke saka desa siji menyang desa liyane. Saben ketemu uwong ki
gendeng mesti nakokne babagan manuke sing ilang. Akhire ki gendeng nemokne manuke saka
uwong sing wis ditakoni, anangin masalahe manuke iku yo uwis ditemokake kembang desa ing
desa liyane. Ki geneng langsung menyang omah kembang desa iku. Omahe ketok gedhe apik
nanging kembang desa iku urip dewean. Bapak lan ibuke sampun seda. Ki gendeng njajal
ndhodoki lawange. Akhire kembang desa iku metu, ki gendeng langsung trisna marang kembang
desa iku amargi ayune ngalah-ngalahne garwane ki gendeng. Rambute ireng lan dowo lurus,
irunge mancung, kulite putih, awake duwur lan bohay.
“nyuwun sewu..,” ki gendeng
“monggo..,” swarane kembang desa kang serak-serak “lah oleh tamu ganteng iki aku, kok aku
maleh ndredegya.” Pikire kembang desa ing jero ati
“wonten urusa napa nggih pak? Takoke kembang desa
“ saderenge nek oleh kenalan asmane mbak sinten. Aku ki gendeng biasane diceluk ki gendeng”
“kula simi pak, eh ki. Asmane kok lucu nggeh kaya wonge.”
“ah simi iku kok yo iso ndagel. Oh iyo aku mau mrene arep takok menyang koe?”
“takok napa nggih ki?”
“simi pernah nemokne manuk to?”
“nggih ki, oh niku ki manuke ki gendeng nggih? Ooo.., ki gedeng mriki ajeng nyuwun manuke
to, nanging iku enten syarate!”
“enek syarate?? Opo yo syarate iku?”
“halah syarate iku gampang kok ki., syarate iku namung ki gendemg kudu nikahi aku!”
“halah, nek kui gampang, nanging ki gendeng wis duwe garwa telu lo piye?”
“aku mboten napa-napa kok, asal kula saged urip kalian ki gendeng iku sampun cukup.”
Akhire ki gendeng setuju kalian syarate sing diwenehi saka simi, nangin sawise kui ki
gendeng malah ora mulih-mulih. Ki gendeng malah dolan lan blanja-blanja kangge garwane sok.
Sakbare blanja ki gendeng mulih nemoni garwane sing neng omah. Sawise tekan ngomah ki
gendeng wis disambut marang garwa-garwane.
“bar saka ngendi wae bapak iki. Pundi janjine bapak wingi,” takoke mbok jiji
“mending bapak turu neng kandang pithik kono, gak usah mantuk mriki!” mbok lulu
“ketimbang bapak turu neng kandang pithik mending bapak turu neng kamarku wae pak” mbok
roro karo merem-melek kang menehi sinyal
“wis-wis, bojoku sing ayu-ayu, ku ana wara-wara kanggo bojoku!”
“wara-waa apa amneh to pak” mbok jiji
“ngene lho. Aku mau wes nemokne manuku sing ilan, nanging enek syarate yen tak jalok.”
“apa syarate pak?” mbok roro
“syarate gampang, aku kudu nikahi wonge.”
“APAAA??” garwane ki gendeng kaget
“ora sudi aku yen bapak nikah maleh, mending bapak pegatno aku wae pak?” bu jiji
“mboten napa-napa bapak nikah maleh ananging kuburane bapak nggih sampun siap kok niki”
mbok lulu
“yen bapak pengen nikah meleh roro setju mawon, nanging roro nggih wonten syarate.” Mbok
roro
Ki gendeng mung meneng wae, ora nanggepi apa sing wis diomongne saka grwane. Ki
gendeng namung nggeret garwane metu saka omahe. Tibake ing ngarep omahe wes enek mobil
BMW anyar, perhiasan kaya kalung cincin gelang 30 karat, lan brondong-brondong. Mbok jiji
langsung mobile, mbok lulu milih-milihi perhiasane, lan mbok roro wis nggoda-godani
brondong.
Akhire bojo-bojone ki gendeng setuju babagan ki gendeng nikah meneh. Seminggu
sawise iku ki gendeng ngadakake pernikahane . ki gendeng wis gak sabar nunggu malm
pertamane. Ki gendeng wis gak kuat ngempet langsung ngajak simi mlebu kamar. Tibake wektu
malam pertama ki gendeng gak kuat ngadepi simi lan sampek smaput. Ki gendeng sidane digawa
menyang rumah sakit gara-gara gak sadar-sadar.
“bapak nyapo kok iso smaput, bapak gak kuat kalian bojo anyar?” takoke mbok jiji
“”bukane aku gak kuat buk, nanging dewing bapak kagat setengah mati buk.”
“kaget napa lo pak” mbok jiji
“bukane penak to pak, iso maen karo bojo anyar?” takoke mbok roro
“penak piye to buk, bukane maen mlebu metu eh, malah maen pedang-pedangan buk”
“APAAA??” garwane ki gendeng kaget
“brarti simi ki udu wadon???” takoke mbok lulu
“udu buk…,” jawabe ki gendeng karo nangis-nangis. Nanging ki gendeng nduwe garwa papat
pada kay apa sing dikarepake

You might also like