You are on page 1of 12

TATA PANGIBADAH WULAN BRAYAT

27 Oktober 2019
Tema Perayaan Iman
&
Khotbah
GUSTI ALLAH, SUMBERING KEKIYATANIPUN BRAYAT
Yeremia 14:7-10, 19-22; Jabur 84: 2-8; 2 Timotius 4: 6-8, 16-18; Lukas 18:9-14

P = Pandhita/Pangkotbah; Ltg = Liturgos; Pr 1,2 = Pradata


Lk1,2= Lektor; Ps = Pasamuwan
PURWANING PANGIBADAH
a. Gladhen/Latihan Lagu-lagu Enggal
(15-20 menit saderengipun pangibadah kawiwitan)
b. Pariwara Trumrap Lampahing Pangibadah (menawi wonten).
c. Pandonga Konsistorium
(5 menit sakderengipun pangibadah kawiwitan, Pradata saha paladosing pangibadah
sanesipun ngawontenaken pandonga konsistorium wonten ing konsistori.)
d. Pawartosing Pasamuan (Pasamuwan Lenggah)
Pr1: Ngaturaken pambyawara, nengenaken ingkang perlu lan
tambahing pawartos
I MANUNGGIL
a. Bel/LoncengTimbalan Pangibadah
 Bel Kapisan . . . . . . . kaungelaken sepisan . . . . . . . . . .
(Pasamuan wonten ing swasana ening, nindakaken pandonga pribadi.)
 Bel kaping kalih . . . . . . . kaungelaken kaping 2 . . . . . . . . . .
(Liturgos lumebet wonten ing sasana panembah nyumet lilin, atur pambagyo
kanthi ngajak pasamuan miwiti pangibadah.)

Ltg: Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah,


Ps: kawula badhé ngidung, kawula badhé ngrepèk-aken masmur.
Ltg: Kawula badheé ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka
wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yeé huwah
Ps: saha badhé ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing
tengahipun para suku bangsa;
1
Ltg: awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit,
Ps: saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing méga.
Ltg: Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos
ngungkuli langit,
Ps: saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.

(Lumebet Kidung tanpa pangatag)


Pasamuwan ngrepekaken KPJ 21: 1-3

PARA TITAH SADAYA SAMI NGREPÈKNA


1. Para titah sadaya samya ngrepeè kna kidung,
konjuk Hyang Makwasa kang gung ing sih susetya
Haleé luya! Haleé luya!

Instrumen KPJ 21
Pangrukti, pangkotbah, saha para Pradhata mlebet ruang ibadah.
Sasampunipun Pengkotbah wonten mimbar pasamuwan nglajengaken
2. Pujinen Hyang Murbeè ngrepekaken KPJ
ngrat, Gusti 21:2,3
kang gung sih-rahmat,
ngreksa lan ngayomi, ngrumati mrih lestari.
Haleé luya! Haleé luya!
3. Allah Kang Mawilasa wus nylametken manungsa,
slaminya pinuja, wah tansah pinundhia.
Haleé luya! Haleé luya!
b. Votum
P: Pangibadah punika lumampah ing Asmanipun Guti Allah ingkang
nitahaken langit kaliyan bumi. Panjenenganipun sumbering
pitulungan kita. Sih-kasetyanipun Allah langgeng ing salami-
laminipun.

Ps:

2
c. Salam
P: Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah kita Sang Rama lan
saking Gusti kita Yeé sus Kristus nunggila ing panjenengan sadaya!
Ps: Nunggila ing panjenengan ugi!
d. Introitus (Pasamuwan Lenggah)
Ltg: Para Sadheè reè k, Minggu punika kita badheé mungkasi Wulan Brayat
2019. Jejering pangandika ingkang kita suraosing pangibadah
punika: “Gusti Allah: Sumbering Kekiyatanipun Brayat”. Ing
salebetipun brayat ngadhepi sawernining pepalang sarta
karibedaning gesang samang-keé , brayat-brayat Kristen tinimbalan
supados tansah ngajeng-ajeng dhumateng pitulunganipun Allah
sarta sumeé ndheé dhateng kakiyatan peparingipun Gusti Allah ing
gesang padintenan kita.
(Lumebet Kidung tanpa pangatag)
Pasamuwan ngrepekaken KPJ 326: 1-4

PUNIKA BRAYAT KULA


Kakidungaken sadaya pasamuwan

1. Punika brayat kula, brayat tentrem kang ngangeni.


Sinten dados tanggelan? Namung Pangeé ran pribadi.
Refrein. Saiba prayoginya, lamun Gusti kang rumeksa,
temah tanpa rubeé da, sagotrah manggih raharja.
Kakidungaken para putra

2. Saiba eé ndahira, tyang-sepuh dadya tuladha,


sagunging para putra sami nulad pakartinya.
Kakidungaken sadaya pasamuwan

Refrein :
Kakidungaken para tiyang sepuh

3. Nalika nandhang sisah, kula sadaya ndedonga;


kala ngraosken bingah, saos sokur kang sumengka.
Kakidungaken sadaya pasamuwan

Refrein :
3
Kakidungaken sadaya pasamuwan

4. Sagriya angudia dadya brayat kang rumantya,


ngantos dados panutan, tumraping brayat sembada.
Refrein :

e. Pengakening Dosa
P: Para Sadheè reè k, brayat punika mujudaken patunggilanipun tiyang-
tiyang ingkang celak kaliyan gesang kita. Brayat ugi dados papanipun
saisining brayat sesarengan tuwuh ing salebeting kapitadosan
dhumateng Sang Kristus. Wonten manunggaling gesang, patunggilan,
kabingahan, pang-gunggung ingkang campur-bawur ing satengahing
brayat. Ananging, mbok bilih ugi wonten raos kuciwa, kasisahan,
karingkihan, sesengitan, pasulayan ing satengahing brayat amargi
saking dosanipun utawi kalepatanipun gegelitaning brayat. Gusti
Allah ngersakaken brayat ingkang wetah, tinangsulan deé ning
katresnan sarta gregeting manah apura-ingapura. Wekdal punika,
sumangga kita mawas dhiri sarta ndedonga sacara pribadi ing
ngarsanipun Gusti Allah, ngakeni sadaya dosa utawi kalepatan kita
dhu-mateng sesamining warganing brayat, sarta nyuwun
pangapuntening dosa ingkang badheé damel pulihing sesambedan
kita ing salebeting brayat kanthi sumeé ndheé dhateng kakiyatan
peparingipun Allah.
Pasamuwan kacawisan wekdal kanggé ndedonga sacara pribadi, ngakeni
dosanipun. Sasampunipun cekap Pangkotbah nutup pandonga pangakening
dosa

(Lumebet Kidung tanpa pangatag)


Pasamuwan ngrepekaken Kidung Panalangsa KPJ 61: 1-2

SAÈSTU KEDUWUNG
1. Saeè stu keduwung kula, deé neé kirang setya.
Kadhawuhan kineè n tresna dhateng Allah wah sesami,
nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci
2. Saeè stu keduwung kula, deé gesang mung nglaha.
Keè lu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya,
4
lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

f. Pawartosing Sih Rahmat (Pasamuwan Jumeneng)


P: Gusti Allah nresnani sanget dhateng kita para sadheè reè k. Awit saking
punika, tampeè nana pawartos sih-rahmat, ingkang kawedharaken
deé ning Rasul Paulus ing serat Rum bab 5: 5-6, “Deé neé pangarep-arep
iku mesthi ora bakal nguciwani, awit siheé Allah wis kaesokakeé ing ati
kita deé ning Roh Suci, kang wis pinaringakeé marang kita. Awitdeé neé ing
nalika kita isih padha apes, ing wektu kang katemtokakeé deé ning Allah,
Kristus wis nglampahi seé da kanggo kita para wong duraka.
Makaten pawartosing sih-rahmat saking Gusti!
Ps: Puji sokur konjuk Gusti Allah!

Pandhita ngatak Pasamuwan samidéné sesalaman lan pratela


“Tentrem Rahayu.”

(Lumebet Kidung tanpa pangatag)


Pasamuwan ngrepekaken kidung pamuji KPJ 335: 1-2

ANA PRAU LAYAR


1. Ana prau layar margi raharja, Gusti kang dadi Juru mudhi nira;
sapa kang arep uwal king cintaka, nungganga ing prauneé mesthi
waluya.
Reff Nungganga kanca! mara nungganga!
Aja wedi ing ombak wah prahara; deé prauneé Gusti mesthi datan
keé ntir, mesthi slamet lakuneé . Mula ja kwatir.
2. Tan ana pangunseè n liyaneé Gusti, kang wus ananggel karaharjan kula.
Tan ana maneè h prau kang santosa, wah kang bakuh nadyan tinempuh
prahara.
Reff.
(Pasamuwan lenggah)
II PAMEDHARING SABDA
a. Pandonga Kolekta/Presidium Pambuka
P: Ngaturi Lektor mapan wonten panggenan ingkang sampun kacawisaken.
Ngunjukaken pandonga pambuka kanthi ngunjukaken panuwun syukur awit

5
timbalanipun Gusti ingkang kepareng ngempalaken umatipun, ugi dados
pandonga ingkang nglantaraken paladosing pangandika/Sabda.

b. Waosan 1(Sejarah)
Lk1: Pasamuan ingkang kinasih ing Gusti Yesus, jumbuh kaliyan
waosan leksionari ingkang kita ginakaken, dhasaring kotbah
dinten punika kapendhet saking 4 waosan. Waosan Kitab Suci
ingkang sepisan kapendhet saking Kitab Yérémia bab 14: 7-10,
19-22
Makaten Sabdanipun Gusti!”
Ps : Syukur dhumateng Gusti!
c. Waosan Tanggapan
Lk2: Waosan tanggapan kapendhet saking Kitab Jabur bab 84: 2-8

d. Waosan 2(Serat-serat Rasuli/Epistel)


Lk2: Waosan kaping kalih kapendhet saking Kitab 2 Timotius bab
4: 6-8, 16-18
“Makaten Sabdanipun Gusti!”
Ps: Syukur dhumateng Gusti!
e. Waosan Injil
P: Waosan Injil kapendhet saking Injil Lukas bab 18: 9-14.
Makaten Injilipun Gusti Yeé sus Kristus. Ingkang rahayu inggih
punika sadaya tiyang ingkang mirengaken Sabdanipun Gusti
saha ingkang nindakaken ing geang padintenan. Haleé luya.!”
Ps :

f. Khotbah/Homili
GUSTI ALLAH, SUMBERING KEKIYATANIPUN BRAYAT

g. Wekdal Ening
h. Pangaken Iman Rasuli (Pasamuwan Jumeneng)

6
Ltg: Sesarengan kaliyan umatipun Gusti Allah ing sadheé ngah wekdal
lan papan, sumangga kita ngeé nggalaken iman kapitadosan kita
kanthi sesarengan ngidungaken Pangaken Pitados kados ingkang
kawrat ing KPJ 122: 1-4

KULA PITADOS
1. Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa;
ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya.
Kula pitados ing Gusti Yeé sus Kristus Kang Putra ontang - anting lan
kekasih, Gusti Pamarta kula.
2. Kang sampun kabobotaken sing kwasaneé Roh Suci;
miyos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit
kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya: sinalib nglampahi seé da,
tumedhak mring antaka
3. Tigang dintenipun wungu sing antaka, dyan minggah
dhateng suwarga, pinarak neè ng tengenipun Allah
Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badheé rawuh.
angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah.
4. Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun
pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum.
Pitepangane pra suci, pangapuntening dosa,
tanginira para mati, kang sarta gesang baka.

i. Pandonga Syafaat lan Pandonga Rama Kawula (Pasamuwan Lenggah)


P: Mimpin pandonga syafaat lan dipun pungkasi kanthi sesarengan
ngucapaken pandonga Rama Kawula

III PISUNGSUNG
a. Pecawisan
Pr2: Sumangga kita ngaturaken pisungsung kita kanthi
medharaken sokur sarta pepujeè n ingkang eé ndah kagem

7
Panjenenganipun. Sumangga caos sokur kanthi ngucap
makaten,
Pr2/PS: “Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamèngku, atiku
kumandel marang Panjenengané. Aku wus kapitulungan,
mulané atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukaké
panuwun marang Panjenengané kalawan kekidungan.”
(Jabur bab 28: 7)
b. Pandonga Pisungsung (Pasamuwan Jumeneng)
Pr2: Ndedonga kagem pisungsung ingkang badhe kakempalaken

c. Ngempalaken Pisungsung (Pasamuwan Lenggah)


Pr2: Ngatak pasamuwan ngrepekaken Kidung KPJ 179:1-2

PISUNGSUNG KAGEM GUSTI


1. Pisungsung kagem Gusti, sinaosken klayan bingah;
tan owel miwah kepeksa, nging kanthi eklas ing manah.
Yen kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya;
yen loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya.
Reff:
Kula sami memuji mring Allah Kang Mahamirah;
srana penambut kardi, saged nampeni berkah.
Kula mboten was sumelang ing sadhengah kabetahan,
yen pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan.
2. Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan;
ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang.
Nindhakken karseng Allah, nggih ibadah sejati;
tan kentir ombyaking jaman, nging manut pangrehe Gusti.
Reff:
d. Pisungsung Pepujen (Pasamuwan Lenggah)
Koor, Vocal Group lan warga ingkang badhe misungsungaken
pepujenipun saged kapapanaken ing bagian punika.

8
IV PANGUTUSAN LAN BERKAH
a. Pangutusan (Pasamuwan Jumeneng)
Ltg: Ngatak pasamuan nyawisaken manah lumebet dhateng pangutusan
kanthi ngrepekaken kidung pepujen KPJ 320: 1

KANG NUNTUN LAKU UTAMA


1. Kang nuntun laku utama yeè ku sabdaning Allah.
Wulangna mring brayat ira tan kendhat saben wayah.
Reff. Gya undhangna sabdeè ng Allah babaring sih rahmatnya,
mring sagunging pra tumitah, amrih tentrem raharja

P: Enerna manah panjenengan dhumateng Gusti Allah.


Ps: Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti Allah.
P: Gusti Allah dados etuking kakiyatan kita!
Ps: Inggih, Gusti Allah punika sumbering kekiyatanipun brayat
kita.
P: Gesanga ing salebeting katresnanipun Gusti Allah, sarta dadosa
seksinipun Gusti Allah ing setya tuhu.
PS: Kawula badhé dados brayat ingkang dados seksi tumrap
katresnanipun Allah.

b. Berkah
P : Tampeè nana berkahipun Gusti,
“Muga-muga Allah, etuking pangarep-arep, menuhi koweé kabeè h
kanthi sakeè hing kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning
pracayamu, supaya marga saka sawabeé Roh Suci, koweé nduweè ni
lubeè ring pangarep-arep.” (Roma 15: 13)
P+ Ps: Amin

V PURNANING PANGIBADAH
a. Kidung Panutup (Pasamuwan Jumeneng)
Tanpa pangatag pasamuwan mungkasi pangibadah
srana ngrepekaken kidung pepujen KPJ 320: 2

9
KANG NUNTUN LAKU UTAMA
2. Brayat di tansah angudi nilingke sabdeng Gusti
sarta padha anindakna kanthi tulusing driya.
Reff: Gya undhangna sabdeè ng Allah babaring sih rahmatnya,
mring sagunging pra tumitah, amrih tentrem raharja

b. Pandonga Pribadi (Pasamuwan Lenggah)


Pasamuwan lumebet ing wekdal ening, ndedonga saderengipun wangsul.

10
11
12
10

You might also like