You are on page 1of 4

DUMADINE RAWA PENING

ADEGAN 1

Ing zaman biyen ana sepasang suami istri kang jenenge Hajar Salokantara lan Retna Wulan. Ing
sawijining wengi, Hajar Salokantara entuk wangsit yen dheweke kudu nlakoni tapa ing gunung
telomoyo. Retna Wulan ditinggal, nanging sadurunge budhal, esuk e Hajar Salokantara weneh piweling
marang Retna Wulan.

Hajar Salokantara : “Nimas Retna Wulan, mau bengi kangmas antuk wangsiting dewa,nimas.”

Retna Wulan : “Wangsit punapa, kangmas?”

Hajar Salokantara : “Isine wangsit iku yen aku kudu tapa ana ing gunung telamaya, nimas. Mula,
aku nyuwun sedyamu, aku bakal ninggal sliramu nganti rampung anggonku tapa brata.”

Retna Wulan : ( nangis ) “menawi menika sampun kersaning hyang widhi, kula namung
ngestokaken kemawon, kangmas. Sanajan awrat wosing batos tinilar dening kangmas.”

Hajar Salokantara : “aku percaya marang kasetyanmu, nimas. Nanging, sasuwene aku lunga aku titip
pusaka awujud sumping karo lading iki. Nanging, eling-elinga piwelingku aja nganti sepisan-pisan
mangku ladhing iki, dene sumping iki mangkone bisa dadi sarana kanggo nggoleki aku.”

Retna Wulan : “enggeh kangmas.”

ADEGAN 2

Ing sawjining dina Retna Wulan melu rewang-rewang ing wong duwe gawe. Ora sengaja Retna wulan
nyelehake ladhing tinggalane Salokantara ing pangkonane.

Retna wulan : ( swara bledheg nyamber, Retna Wulan kaget ) “Dhuh gusti, aku lena marang piwelinge
kakang Salokantara. Pratandha apa iki, apa kang bakal kadadeyan marang aku?”

Pirang wulan sabanjure Retna wulan ngandhut, warga geger amarga Retna Wulan meteng nanging ora
ana bojone. Retna wulan ditundhung lunga. Pirang wulan sabanjure, Retna Wulan nglairake. Ananging
anake lair ing wujud ula. Sanajan ora percaya, nanging Retna Wulan tetep ngupakara anake kang
awujud ula. Sawise ngancik dewasa ula mau takon marang ibune.

Ula : “nuwun sewu ibu, sejatosipun kula menika putranipun sinten. Kula sampun dangu
wonten mriki, ananging kula dereng nate mangertosi sejatosipun rama kula.”

Retna wulan : “Ngger, anakku. Ceritane dawa ngger, saka mula bukane ibu ana kene nganti kowe
lair.”

Ula : “boten menapa ibu, kula badhe mangertosi kemawon sinten sejatosipun rama kula.”

Retna Wulan : “intine ngger, ibu ora sengaja nyelehake ladhing tinggalane ramamu ing pangkone ibu,
banjur ibu ngandhut lan nglairake kowe.”
Ula : “dados sejatosipun Hajar Slokantara menika rama kula? Lajeng samenika rama wonten
pundi?

Retna wulan : “iya, ngger. Saiki ramamu lagi tapa ana gunung telamaya ngger. Apa kowe arep nusul
menyang telamaya,ngger?”

Ula : “Kasinggihan, ibu. Nuwun tambahing pangestu keng putra badhe nusul rama wonten
pertapan.” ( pamit )

Retna wulan : “pangestuku mbanyu mili, ngger. Sing ngati-ati.” ( Nangis )

ADEGAN 4

Ing wayah sore, Ula tekan pertapan lan nemokake Salokantara. Kacarita amarga ula iki ana dusun
diceluk baruk, amarga nganggo sumping kang kaya klinthing, banjur diceluk baruk klinthing.

Baru klinthing : “ kula nuwun, Rama?”

Salokantara : ( kaget ) “ he, sapa kowe? Sato kewan kang bisa tata janma, wani-wanine kowe nyeluk
rama marang aku.”

Baru klinthing : “ nuwun gunging pangaksami, rama. Kula menika saestu putrapanjenegan, putra saking
Hajar Salokantara.”

Salokantara : “ lhadhalah,,,,,saka ngendi kowe ngerti jenengku? Aku tetep ora percaya yen kowe iku
anakku.”

Baru klinthing : “ kula putranipun dyah ayu Retna Wulan, lan menika sumping ingkang nate rama
titipaken dhateng kanjeng ibu.”

Salokantara : ( tansaya kaget ) “ lho, saka ngendi kowe entuk sumping kuwi?”

Baru klinthing : “ sampun kula aturaken kala wau,rama. Bilih kula menika putranipun retna wulan lan
sumping menika ingkang maringi kanjeng ibu.”

Salokantara :” aku tetep ora percaya,yen kowe pengin dadi anakku, aku nduwe sayembara. Kowe
kudu ngubengi gunung iki nganti sirah lan buntutmu iku gathuk. Apa kowe saguh?”

Baru klinthing : “ nuwun pangestunipun, rama. Sanajan awrat badhe kula lampahi.”

ADEGAN 8

Baru klinthing banjur mulai ngubengi gunung kuwi. Kanthi tekad kang kuat, Baru klinthing wis meh
rampung anggone nglakoni sayembara. Nanging, Salokantara tumindak licik kanthi nugel buntute Baru
klinthing. Dadine Baru klinthing wurung nglakoni sayembara iku. Cekak cerita tugelan buntut mau
banjur dadi manungsa wujud bocah cilik. Bocah iku mau sejatine ya Baru klinthing. Sakbanjur menika
Baru Klinthing ninggalake rama ne. Deweke mlaku pirang-pirang dino nganti ing sawijine desa ana
acara sedekah dusun, Baru klinthing muter-muter njaluk panganan nanging ora ana sing menehi, malah
para warga padha ngroyok Baru Klinthing, nanging baru klinthing tetep menang. Banjur, baru klinthing
gawe sayembara, kang isine kudu bisa ndudut sada kang ditancepke dening dheweke.

Baru klinthing : ( mbengok banter ) “ He,para warga.yen pancen padha digdaya, aku nduwe sayembara.
Sapa kang bisa ndudut sada iki, dheweke bakal dadi wong kang digdaya.”

Warga 1 : “ he,,,bocah bajang, aja ngajak guyon kowe. Mung perkara ndudut sada iku mung
sapucuking kuku kanggoku.”

Warga 2 : “ iya,,,kowe sajake ngece marang wong kene kabeh.”

Baru klinthing : “ wis, yen pancen kowe kabeh ngrasa digdaya. Jajal duduten sada iki.”

ADEGAN 5

Pungkasane ora ana kang bisa ndudut sada mau. Banjur baru klinthing ndudut sada iku lan bisa. Saka
bekas dudutan mau metu banyune kang bening. Ewa dene sada kang isih ana gebale mau diuncalake
banjur dadi gunung kendhalisada. Baru klinthing mlaku maneh banjur ketemu mbok randha, ing kono
mbok randha nampa Baru Klinthing kanthi apik.

Baru klinthing : “ kula nuwun,,,,mbok, kula nderek ngaso wonten mriki napa kepareng, mbok?”

Mbok Randha : “ e,,,iya rene le,,,,lungguha mrene. Asalmu saka ngendi lan kena apa kowe mara rene?”

Baru klinthing : “ kula saking panggenan ingkang tebih, mbok. Kula mriki namung badhe nyuwun tedha
sekedhik kemawon, ananging pranyata tiyang dusun malah damel piawon dhateng kula.”

Mbok Randha : “ e,,,lhadhalah, wong kok ya padha anggak ngono, ya. Ya wis le, iki ana maem
sethithik. Maem disik kanggo ngisi wetengmu kuwi.”

Baru klinthing : “ matur suwun sanget, mbok. Mugi pikantuk pinwales saking gusti. O, inggih mbok
kula namung weling kemawon, mangke menawi wonten bena ageng, kula suwun mbok randha nitih
lesung menika kangge praunipun, lan enthong menika dados welahipun.”

Mbok randha : ( gumun )” lho,,,,apa arep ana kadadeyan kang kaya kokcritake iku?”

Baru klinthing : “ nggih, namung kangge jagi-jagi kemawon. Gandheng menika sampun cekap kula
sowan, matur nuwun sampun kersa paring tedha kangge kula, kula namung saged dedonga mugi simbok
tansah pinaringan rahayu. Kula nyuwun pamit, mbok?”

Mbok Randha : “ iya, le. Sing ngati-ati.”

Pungkasane banyu kang metu saka bekas dudutan mau tansaya gedhe lan ndadekake banjir gedhe,
wong-wong dusun padha mati klelep amarga anggake. Dene mbok randha bisa slamet amarga eling
welinge baru klinthing. Banjir tansaya gedhe, pungkasane panggonan kono mau dadi waduk gedhe lan
banyune wening, mula nganti saiki kondhang kanthi sebutan RAWA PENING.

***TAMAT***
Analisis:

1. Tema : kedadeyane Rawa Pening


2. Alur : migunake alur maju
3. Latar :
 Latar papan : omah, papan pertapan (gunung telomoyo), desa, omah mbok rondo
 Latar wektu : esuk, sore
 Latar suasana : sedih (Retna Wulan ditinggal tapa Salokantara)
nelangsa (Baru Klinthing ora ngerti sapa rama ne)
kaget (Salokantara duwe anak ula)
tegang (ora ana seng iso ndudut sadane Baru Klinthing, ono banjir gedhe)
4. Watak :
 Retna Wulan : apik, sabar, penyayang, setia
 Salokantara : ora tanggung jawab, licik
 Baru klinthing : apik, sabar, mboten gampang nyerah
 Warga desa : sombong, pelit
 Mbok Rondo : apik, seneng nulung wong
5. Amanat : Dumadi manungso ojo sombong lan ngremehake manungso liyane
Dumadi manungso kudu saling tulung tinulung marang manungso liyane

You might also like