You are on page 1of 3

Garuda Putih

A. Tokoh lan Penokohan


1. Guritna / Garuda Putih
Yaiku penjahat sing misuwur kepinterane. Garuda Putih uga disebut Durjana kang
sinatriya amarga dheweke ngrampok kanggo mbela rakyat cilik lan wong kang
ditindas . Wong kang dirampok biyasane yaiku koruptor .
Watak : Cerdik , pahlawa nanging carane salah .
2. Emi
Yaiku wong wadon bayaran , Emi kuwi gendhaane Abisuna .
Watak : Ora duwe norma .
3. Maridi
Yaiku pembantu ing hotel Argadalu , wong kang merjaya Abisuna.
Watak : Dengki, kurang sopan , seneng fitnah , jahat.
4. Detektip Handoko
Yaiku detektip terkenal lan kerep ngewangi Polisi nalika nangani kasus . Detektip
Handoko uga wong kang bisa nyekel sapa kang merjaya Abisuna .
Watak : Cerdik , duwe wibawa , ora sembarangan yen tumindak.
5. Abisuna
Yaiku korban , Abisuna kuwi pwjabat sing alesan karo bojone arep rapat dinas ing
Malng . Nanging malah nginep ing hotel karo wong wadon liya .
Watak : Ora setiya , tukang ngapusi.
6. Bapak Pembantu Bupati Jawa tengah.
Yaiku pejabat sing kudune uga rapat karo Abisuna , nanging sakdurunge uga nginep
ana ing hotel Argadalu . Sak urunge Abisuna mati mbegine uga umon-omongan
bareng.
Watak : Jujur
7. Suhud
Yaiku meneger hotel Argadalu.
Watak : Jujur, bijaksana, setiti.
8. Bagus Pramutih
Yaiku wong kang diperintah dening nyonya Abisuna kanggo ngawas-awasi Abisua ig
hotel Argadalu.
Watak : Duweni rasa tanggung jawab, taat karo perintah.
9. Manik
Yaiku wong kang nemoake mayite Abisuna.
Watak : Wedinan , gusa-grusu.
10. Wicaksana
Yaiku wong kang nemoake mayite Abisuna.
Watak : Grusa-grusu
Watak : Serik karo bojone nanging ora tegelan.
13. Kapten Muhajir
Yaiku kapten kang diperintah kanggo nangani kasus Garuda Putih ing Tretes.
Watak : Ceroboh, emosional, keras kepala.
14. Kamdi
Yiku polisi kang ditugasi kanggo nangani kasus Garuda Putih.
Watak : Patuh karo pimpinan, cekatan.
15. Kusnun
Yaiku polisi kang ditugasi nangani kasus Garuda Putih ing Tretes.
Watak : Patuh karo pimpinan lan cekatan.
16. Rara Suwarni
Yaiku ponakae Suhud . Dheweke kancane Maridi.
Watak : Kurang sopan, modern, nanging patuh karo wong tuwa.
17. Sermaafin
Polisi saka Surabaya .
Watak : cekatan, lan patu7h karo pimpinan.
18. Harsalim
Kapten polisi .
Watak : Ngati-ati, duwe wibawa.

Emi, wong wadon bayaran, nalika tangi turu dheweke kaget amarga Abisuna, wong
kang nggawa dheweke ing sawijining hotel ing pegunungan yaiku hotel Argadalu wis ora ana
ing njero kamar. Esuk-esuk nalika wong loro nom - noman lanang wadon yaiku Manik lan
Wicaksana lagi mlaku-mlaku ana ing taman, dheweke namoake mayit. Mayit mau digantung
ing sak ndhuwure jirang. Mayit mau ora salah ya Abisuna.

Manik lan Wicaksana banjur enggal - enggal lapur karo meneger hotel yaiku Suhud.
Bar kui wong telu mau marani marang mayat. Banjur kasus mau ditangani dening polisi saka
Surabaya sing njanjane lagi ditugasi ngurus kasus durjana Garuda Putih. Kasus diperjayane
Abisuna uga ditangani dening detektip kondhang yaiku Handoko, sing uga wis suwengi ana
ing hotel Argadalu. Polisi nemoake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna , kertas
mau ana tulisane “ Ukumane wong slingkuh” . Kertas mau padha persis karo kertas sing
ditinggalake nalika ana maling Rajabrana ing daleme Bapak Suryapriyangga ing Surabaya
seminggggu kepungkur . Ing kertas sing ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga ana
tulisane “sing njupuk aku , Garuda Putih “ . Banjur padha ngannggep sing merjaya Abisuna
kuwi ya Garuda Putih .
Kabeh wong kang ana ing hotel mau diperiksa dening polisi , lan kabeh wong padha duwe
rasa curiga dhewe-dhewe . Bagus Pramutih dadi sasaran tudhuhan amarga dheweke gerak-
gerike nyurigani . Nanging wis mesti gudu Bagus Pramutih sing merjaya Abisuna, amarga
Bagus Pramutih teka ing hotel kana namung dikongkon dening nyonya Abisuna kanggo
nyekseni yen Abisuna pancen tenan ora lagi dinas ana ing Malang , nanging lagi slingkuh ing
hotel Argadalu. Nyonya Abisuna pikantuk info yen Abisuna lagi slingkuh saka surat budhek
sing ditulis ing kertas serbet hotel Argadalu , surat mau jare dikirim dening Garuda Putih .
Garuda Putih arep ngukum Abisuna amarga klakuane .

Guritna, tunangane Rara Suwarni, ponakane meneger hotel uga dadi sasaran tudhuhan ,
amarga dandanane necis kata ciri-cirine Garuda Putih , umur-umurane uga padha . Lan
dheweke teka ing daerah Tretes bareng karo tekane durjana Garuda Putih sing ditandhani
anane kasus diperjayane Abisuna , lan Guritna ditudhun yen dheweke kuwi Garuda Putih .
Nanging Polisi ora bisa mbuktikake yen Guritna kuwi Gariuda Putih , malah ana kabar yen
Garuda Putih dina kuwi kecekel lan mati ana ing Surabaya bibar ngrampok . Otomatis
Guritna bebas lan polisi sing ditugasake ing Tretes tugase uga dibubarake amarga Garuda
Putih wis kecekel . Banjur kasuse Abisuna ditangani dening detektip Handoko . Banjur
ketemu yen sing merjaya Abisuna kuwi ora salah ya Maridi , jongos hotel Argadalu . Motip
pembunuhane yaiku amarga Maridi arep njebak Garuda Putih . Maridi wis reti sapa kuwi
Garuda Putih , yaiku Guritna. Maridi sing nulis surat budhek kanggo nyonya Abisuna ,
kanggo detektip Handoko , uga surat kang ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga .
Maridi arep nggawe fitnah kanggo Garuda Putih , amarga Maridi wis suwe seneng karo Rara
Suwarni tunangane Guritna . Maridi yaiku kanca cedhake Rara Suwarni nalika SMP , janjane
Rara Suwarni uga seneng karo Maridi nanging Ibune Rara Suwarni ora ngrestoni . Nanging
polisi uga wis ngerti yen Guritna kuwi pancen Garuda Putih , naging Garuda Putih wis
limang taun kepungkur pensiun lan ora tau nggawe geger meneh . Uga ora ana bukti kuwat
yen Guritna kuwi Garuda Putih . Banjur sapa wong kang mati ngendhat ana ing Surabaya
dina kuwi lan sakdurunge mati ngaku yen dheweke kuwi Garuda Putih ? . Wong kuwi yaiku
anak buwahe Guritna , Guritna ngeculake manuk Doro kanggo ngirim nawala kanggo anak
buwahe kuwi . Njaluk tulung kanggo nyelametake identitase . Otomatis Guritna wis ora bisa
kena tudhuh.

You might also like