Soal KTSP - Paket A

You might also like

You are on page 1of 10

A.

PILIHAN GANDA

1. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi Setiti!


Cut Nyak Dhien
Cut Nyak Dhien iku Pahlawan Nasional Indonesia saka Aceh. Sawise wewengkon VI
Mukim diserang, panjenengane ngungsi, sauntara garwane, Ibrahim Lamnga melu perang
nglawan Walanda. Ibrahim Lamnga tewas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang njalari
Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.
Teuku Umar salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien.
Wiwitane Cut Nyak Dhien nolak, nanging amarga Teuku Umar ngijinake melu perang, Cut
Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang njalari moral wadyabala perlawanan Aceh
tansaya mundhak. Tembe mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kagungan putra kang
asmane Cut Gambang.

Cut Nyak Dhien duweni watak ….


A. sabar
B. gigih
C. pasrah
D. jirih

2. Wacanen kanthi setiti!


Dr. Sutomo
Dokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888. Nalika iku rama lan ibune
maringi asma Soebroto. Soebroto cilik kalebu bocah sing duwe rasa nasionalisme kang
dhuwur. Rikala isih timur kagungan gegayuhan kang luhur tumrap bangsane, yaiku
kamardikane bangsa Indonesia. Sawise namatake sekolah lanjutan, Soetomo banjur nerusake
sekolah tinggi ing STOVIA Jakarta. STOVIA sawijine sekolah tinggi sing ndhidhik calon
dhokter Jawa kala semana. Ing STOVIA Soetomo asring tukar pikiran karo kanca-kancane
babagan organisasi lan nasionalisme, sarta bab gegayuhane tumrap kamardikan bangsane.
Kanthi panyaruwe saka dr. Wahidin Sudiro Husodo lan kanca-kancane ing STOVIA, Soetomo
kasil ngedegake organisasi Boedi Oetomo rikala tanggal 20 Mei 1908, lan panjenengane dadi
ketuane. Boedi Oetomo dadi cikal bakale organisasi modern wiwitan ing Indonesia sing duwe
tujuan kanggo ningkatake pendidikan lan kabudayan kang duwe sipat sosial.

Organisasi modern yang kasil didegkake Dr. Sutomo yaiku ...


A. Boedi Oetomo
B. Sarikat Islam
C. STOVIA
D. Parindra

3. Wacanen kanthi setiti!


Objek Wisata ing Kutha Mojokerto
Kutha Mojokerto nduweni nilai sejarah sing gedhe tumrap bangsa Indonesia awit ing
kutha iki nate madheg kraton gedhe aran Majapahit, mulane ing kutha iki akeh ditemokake
situs peninggalan kerajaan Majapahit kang bisa dadi objek wisata sejarah kayata candi Brahu,
candi Gentong, gapura wringin lawang, kolam Segaran, candi Menakjinggo, candi Bajang
Ratu, candi Tikus, candi Kedhaton, situs Sentonorejo, makam Troloyo, lan sapiturute. Kejaba
situs peninggalan kerajaan Majapahit ing Mojokerto isih ana objek wisata liyane kayata
museum purbakala, pemandian air panas Pacet, air terjun Dlundung Trawas, lan sapiturute.

Gagasan pokok wacan kasebut yaiku ...


A. Kutha Mojokerto nduweni nilai sejarah sing gedhe.
B. Peninggalan kerajaan Majapahit bisa dadi objek wisata sejarah.
C. Kutha Mojokerto dadi objek wisata sejarah peninggalan kerajaan Majapahit.
D. Kutha Mojokerto nduweni objek wisata museum purbakala.

4. Wacanen kanthi setiti!


Dias kari dhewe ing jero angdes (angkutan pedesaan) nalika dheweke bali sekolah. Ora
let suwe ana sawijining ibu kang mudhun karo nyangking tas. Panase awan iku nyebabake
Dias sumuk. Kringet kang nelesi bathuke asring dilap. Nalika tekan ing ngarep regol gang,
Dias mudhun karo njingglengi dhompet sing dicekel.

Sing nyangking tas ana ing jero angkot yaiku ….


A. Bapake
B. Dias
C. Ibu
D. Sopir

5. Wacanen kanthi setiti!


Sawise kapilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe Dea dadi tansaya akeh. Saliyane
ngayahi jejibahane minangka murid dheweke kudu bisa ngoordhinir kanca-kancane saengga
ora ana kang nglanggar aturan sekolahan. Salah sawijine jejibahane ketua yaiku ….
A. nyeneni
B. ngongkoni
C. ngoordinir
D. ngarahi

6. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi Setiti!


Mugiman mubeng kampong nemoni kancane sakelas mbaka siji. Kabeh ditakoni, mbok
menawa duwe dluwang sing ngebaki omah lan dadi susuh tikus. Ora kenyana-nyana, jebule
ora mung dluwang wae. Kerdhus, plastic, wis kasil digawa mulih Mugiman. Ayeme ora
njamak sanadyan awake kesel. Sing bisa dadi patuladhane ing crita ing nduwur yaiku ….
A. Banting setir
B. Gelem usaha
C. Malesan
D. Ora duwe isin

7. Wacanen pethikan drama ing ngisor iki kanthi Setiti!


JAKA TARUB
Para nawang pada nyeleh slendhang ing ndhuwur watu gedhe.
Nawang Sekar : “Waaah seger tenan banyune.”
Nawang Sari : “Iya, bening banget.”
Nalika para nawang padha dolanan banyu lan guyonan jak tarub liwat lan ndhingkik para
nawang sing lagi adus.
Jaka Tarub : “Waah sapa kuwi ya Jagad Dewa bathara, ayu-ayu tenan rupane”
Jaka Tarub duwe akal arep jupuk salah siji slendhange para nawang.Tujuane supaya bisa
tetepungan kara salah sijine utawa kabeh.

Watak Jaka Tarub yaiku ....


A. sumbung
B. licik
C. jirih
D. serakah

8. Wacanen pethikan drama ing ngisor iki kanthi Setiti!


Sawijining dina nalika Ken Arok ana ing kraton Tumapel, dheweke weruh ana kenya
ayu,lan tanpa sengaja Ken Arok weruh wengkelan Kenya mau sing cumlorot cahyane.

Latar panggonan crita drama ing dhuwur yaiku ....


A. Alas
B. Kraton
C. Omah
D. Wana

9. Wacanen pethikan drama ing ngisor iki kanthi Setiti!


Keris Empu Gandring
Ken Arok : “Ki Empu,aku njaluk tulung ,gawekna sawijining keris sing ampuh.Dak
ajab bisa dadi ing wektu limang sasi. Tulung Ki, digatekake supaya keris
kuwi enggal rampung.”
Empu Gandring : “Menawa kepingin sing apik,kudune bisa rampung sasuwene
setaun,menawa limang sasi ora cukup.”
Ken Arok : “Aku ora peduli sing wigati keris kuwi kudu rampung limang sasi “
Limang sasi candhake, Ken Arok eling marang janjine yaiku pesenan keris marang Empu
Gandring.
Ken Arok : (Omong dhewekan) “Iki wis limang sasi, wektune aku jupuk keris
pesenanku”
“Ki, keris pesenanku apa wis rampung?”
Empu Gandring : “Dhuh kaki, kerismu kuwi saiki sing lagi tak kikir.”
Ken Arok : “Keris iki durung rampung. Aku rak wis wanti-wanti, ora ana gunane aku
kandha menawa kaya ngene kasunyatane. Kebangeten Ki, masak ngikir
keris wae limang sasi ora rampung.” (Ken Arok banjur muntab lan
ngamuk. Keris disabetake marang Empu Gandring)
Empu Gandring : “Ken Arok, sesuk kowe dhewe uga bakal mati dening keris kuwi. Anak
lan putumu, pitung ratu bakal nemoni pati dening keris kang padha.”
(sawise kandha mangkono Empu Gandring tumeka pati)

Alur saka crita drama ing dhuwur alur ….


A. mundur
B. maju
C. campuran
D. flashback

10. Wacanen pethikan drama ing ngisor iki kanthi Setiti!


Ken Arok getun tumrap patine Empu Gandring pranyata mbuktekake menawa keris sing
ampuh.Nyatane keris kasebut kasil merjaya Tunggul Ametung, Ken Arok dhewe,lan
keturunane pener kaya kang dadi prasapane Empu Gandring.

Pesen sing ana crita drama ing dhuwur yaiku ....


A. Males cilaka tembe burine
B. Pitulungan marang sasama
C. Aja tumindhak sembrana
D. Susah yen ora gelem usaha

11. Wacanen pethikan drama ing ngisor iki kanthi Setiti!


Anik : “Kulanuwun.”
Pak Karji : “Mangga nak, kene mlebu kene.”
Anik : “Inggih pak, matur nuwun.”
Pak Karji : “Ana perlu apa kok sajak wigati banget.”
Dewi : “Punika hlo pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjengan.”
Pak Karji : “Apa bae sing pengin dingerteni, Nak?”
Anik : “Punapa naminipun usaha bathik panjenengan Pak?”
Pak Karji : “Usaha bathik iki dakjenengake Sekar Jagad.”

Adhedhasar teks wawancara kasebut, tegese wawancara yaiku ...


A. Pirembugan antarane pewawancara lan narasumber.
B. Ngomong ing ngarepe wong akeh.
C. Ngomong ing antarane kelompok.
D. Pirembugan kang disusun.

12. Wawancara kang ditindakake dening sawijine pewawancara klawan sawijine informan diarani
wawancara ....
A. kelompok
B. bebas
C. individual
D. kapimpin

13. Gatekna bagan unggah-ungguh basa ing ngisor iki!

Adhedhasar bagan ing nduwur, ragame basa ngoko ….


A. Alus, Lugu
B. Alus, Madya
C. Lugu, Krama
D. Lugu, Madya

14. Gatekna bagan unggah-ungguh basa ing ngisor iki!

Adhedhasar bagan ing ndhuwur, ragame basa krama ….


A. Madya, Lugu
B. Alus, Lugu
C. Madya, Ngoko
D. Alus, Madya

15. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Eyang lagi mangan sego goreng ana buri.

Ukara kasebut yen disalin nganggo basa krama dadi....


A. Eyang lagi mangan sego goreng wonten wingking.
B. Eyang saweg nedha sekul goreng wonten wingking.
C. Eyang saweg dhahar sekul goreng wonten wingking.
D. Eyang lagi madhang sego goreng wonten wingking.

16. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Panjenengan kala wau punapa sampun dhahar?

Ukara kasebut yen disalin nganggo basa ngoko lugu dadi ...
A. Kowe mau apa wis mangan?
B. Panjenengan mau apa wis dhahar?
C. Sampeyan kala wau punapa sampun nedha?
D. Sampeyan kala wau punapa sampun dhahar?

17. Jangkepana ukara ing ngisor iki!


Griya kula Babatan, menawi panjenengan ...
A. griyanipun pundi?
B. daleme pundi?
C. omahe pundi?
D. dalemipun pundi?

18. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Pak Lurah ngadeg ing ngarep podhium kaleh Pak Wakil Lurah, aku lunguh ing kursi.

Patrape tembung sing bener…


A. Pak Lurah ngadeg ing ngarep podhium kaleh Pak Wakil Lurah, aku lunguh ing kursi.
B. Pak Lurah ngadeg ing ngajeng podhium kaleh Pak Wakil Lurah, aku pinarak ing kursi.
C. Pak Lurah jumeneng wonten ngajeng podhium kalihan Pak Wakil Lurah, aku lengah ing
kursi.
D. Pak Lurah jumeneng ing ngajeng podhium kalihan Pak Wakil Lurah, aku lunguh ing
kursi.

19. Wujude layang iku ana 2 resmi lan ora resmi, jinise layang ana layang: kitir, lelayu, paturan,
pribadi

Bedane layang resmi lan ora resmi yaiku …


A. Layang ora resmi ana paprenahe.
B. Layang ora resmi gawe kop.
C. Layang resmi ora gawe adangiyah.
D. Layang resmi ana stempel.

20. Layang ing ngisor iki setitekna!

Surabaya, 17 Januari 2015 (1)

Katur
Pakdhe/Budhe
Ing Blitar (2)

Ngaturaken sembah pangabekti,


Sesarengan serat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adhik-adhik
pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pakdhe lan Budhe inggih semanten ugi. Amin. (3)

Perangan nomer 2 (loro) diarani ….


A. titilaras
B. adangiyah
C. pambuka
D. isi

21. Setitekna pethikan layang ing ngisor iki!


Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten klentune kula nyuwun agunge
pangapunten.

Punggelan layang kasebut manggon ing perangan ....


A. Wasana basa
B. Surasa basa
C. Adangiyah
D. Bebuka

22. Setitekna pethikan pidhato ing ngisor iki!


Assalamu`alaikum warahmatullahi wabarokatuh.
Bapak/Ibu warga RT 10/RW 3 kelurahan Pakis ingkang tuhu kinurmatan. Para tamu
undhangan saha para kanca ingkang kula tresnani. Sumangga kita sesarengan muji syukur
konjuk ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan dhumateng
kita sedaya,saengga kita saged ngawontenaken adicara ... menika. Mugi-mugi tirakatan
menika saged nyelakaken kita dhumateng ngarsanipun Allah SWT.Amin.

Adicara ing ndhuwur iku kang trep karo wacan yaiku ....
A. hajatan
B. perpisahan
C. pengaosan
D. tirakatan

23. Setitekna pethikan pidhato ing ngisor iki!


“Mekaten kalawau ingkang saged kula aturaken, bilih wonten kekiranganipun kula namung
saged nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.”

Perangan kasebut mujudake ….


A. isi pidhato
B. dudutan
C. pambuka
D. panutup

24. Gatekna gambar wayang ing ngisor iki!

Watak satria gambar ing dhuwur yaiku ....


A. jujur
B. galak
C. sabar
D. satriya

25. Gatekna pethikan crita wayng ing ngisor iki!


Rama nelakake agung panuwun marang Jatayu amarga saka mantebe anggone memitran
karo prabu Dasarata olehe mbelani Dewi sinta nganti ditohi nyawa anganti tumekaning pati.
layone jatayu banjur di upakara lan disampurnakake.

Pesen sing bisa dijupuk saka teks wayang ing dhuwur yaiku ....
A. belapati
B. belani
C. memitran
D. mateni
26. Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Jam
Dening: Dorothea Rosa Herliany

Ora mental atiku


Nglirik jam kebuntel perban
Dleweran ludira
(arang kranjang tatu jaman)
Ora mental atiku
Swara tik-tak-tik-tak
Keprungu,”Dhuh, Biyung!”
Gawe getere kalbu
Dakluru ing ngendi
Dhangkane
Tuk swara-Mu

Tegese tembung kang dicethak kandel yaiku ....


A. ati
B. jantung
C. sikil
D. awak

27. Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Jam
Dening: Dorothea Rosa Herliany

Ora mental atiku


Nglirik jam kebuntel perban
Dleweran ludira
(arang kranjang tatu jaman)
Ora mental atiku
Swara tik-tak-tik-tak
Keprungu,”Dhuh, Biyung!”
Gawe getere kalbu
Dakluru ing ngendi
Dhangkane
Tuk swara-Mu

Tegese tembung “ludira” yaiku ....


A. kringet
B. getih
C. luh
D. banyu

28. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Ora urus karemane nguwus-uwus


Uwuse tan ana
Mung janjine murang-muring
Kaya buta buteng betah nganiaya

Kang diarani guru gatra yaiku cacahing ....


A. gatra saben sapada
B. gatra saben sawanda
C. pada saben sagatra
D. pada saben sawanda
29. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Ora urus karemane nguwus-uwus


Uwuse tan ana
Mung janjine murang-muring
Kaya buta buteng betah nganiaya

Guru lagu tembang pucung ing dhuwur yaiku ....


A. u, a, i ,a
B. a, a, i, a
C. u, i, i, a
D. u, a, i, u

30. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Ora urus karemane nguwus-uwus


Uwuse tan ana
Mung janjine murang-muring
Kaya buta buteng betah nganiaya

Gatra kaping 3 (telu) guru wilangane ....


A. 8 (wolu)
B. 9 (sanga)
C. 10 (sepuluh)
D. 12 (rolas)

31. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Ing madyaning ratri sasadara wus manjer kawuryan.

Ukara ing nduwur mujudake basa rinengga. Basa rinengga yaiku basa kang di ....
A. tulis
B. paes
C. waca
D. simpen
32. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Saben dina olah raga, mangan teratur supaya bagas waras.

Ukara ing dhuwur kalebu jenis basa rinengga ....


A. saroja
B. paribasan
C. bebasan
D. entar
33. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Paribasan dhemit ora ndulit setan ora doyan.

Paribasan ing dhuwur nduweni teges ...


A. Wong sing tansah kalis ing bebaya.
B. Wong sing tansah nemoni bebaya.
C. Wong sing nemu kabekjan gedhe banget.
D. Wong sing urip sarwa kecukupan.

34. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Kepingin urip tentrem aja nggawe pinggete ati wong liya.

Tegese tembung entar ing dhuwur yaiku ….


A. seneng
B. susah
C. serik
D. sumbung

35. Gatekna paribasan ing ngisor iki!


Gajah ngidak rapah

Tegese yaiku ….
A. Wong kang ngelanggar marang wewalere dhewe.
B. Wong kang urip rekasa amerga kakean anak.
C. Wong kang sembrana marani bebaya.
D. Wong kang lemu amerga kakean mangan.

36. Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki!

Tulisan aksara Jawa ing dhuwur migunakake aksara ….


A. legena lan sandangan
B. murda lan swara
C. pasangan lan sandangan
D. rekan lan swara

37. Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki!

Ukara kang mbutuhake sandhangan kasebut yaiku ...


A. Aku ora gelem tahu.
B. Wati lagi maca buku.
C. Soni tuku buku regane sewu rupiyah.
D. Minah tuku areng ing pasar.

38. Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki!


$urk/t
Yen ditulis latin yaiku ....
A. Garut
B. Surabaya
C. Surakarta
D. Nuswantara

39. Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki!


?Ib]aimLai/.
Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku.....
A. Indarti lair
B. Ibrahim lair
C. Bitraim lair
D. Braim lair

40. Gatekna ukara nganggo aksara Jawa ing ngisor iki!


?lai/[rt=gl\;14;j!uwri;2003;.
Tulisan aksara Jawa kasebut unine...
A. Lair tanggal 14 Januari 2003.
B. Lair tanggal 15 Januari 2002.
C. Laire tanggal 14 Januari 2003.
D. Laire tanggal 15 Januari 2002.

B. URAIAN

1. Ukara ing ngisor iki dadekna basa krama!


Sadurunge bapak mulih, adhiku wis mulih dhisik.

2. Bebasan ing ngisor iki terangna tegese


a. Sipate beda banget karo bapake sing pancen jembar segarane.
b. Nututi layangan pedhot.

3. Ing crita pewayangan sing kondang yaiku crita Ramayana lan Mahabaratha.
Sebutna tokoh pewayangan ing crita Mahabharata! (3 wae).

4. Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi gagrak lawas kanthi paugeran-paugeran
tartamtu.
Sebutna jinise tembang macapat! (3 wae).

5. Salinen dadi tulisan aksara Jawa!


Bapak tindak menyang kantor.

You might also like