Soal KTSP - Paket e

You might also like

You are on page 1of 10

A.

PILIHAN GANDA

1. Wacanen Kanthi Setiti!


Bung Karno iku sawijine tokoh sing cerdhas, ora gampang nyerah, sarta minangka
Orator ulung, mulane dadi mungsuh bebuyutane pemerintah kolonial Belanda. Tanggal 29
Desember 1929 pamarentah kolonial Belanda nangkepi tokoh-tokoh sing dianggep
mbebayani, salah sijine yaiku Bung Karno. Bung Karno dikunjara patang taun. Sawise Bung
Karno luwar saka pakunjaran, panjenengane nerusake perjuwangane. Karana panjurung saka
Hatta, Sahrir, lan uga para pemudha Bung Karno akhire bisa mroklamasekake kamardikan
Indonesia tanggal 17 Agustus 1945.

Manut wacan ing dhuwur watak Bung Karno yaiku ….


A. gampang nyerah
B. nangkepi tokoh sing mbebayani
C. ora gampang nyerah
D. orator ulung

2. Wacanen Kanthi Setiti!


Bung Karno iku sawijine tokoh sing cerdhas, ora gampang nyerah, sarta minangka
Orator ulung, mulane dadi mungsuh bebuyutane pemerintah kolonial Belanda. Tanggal 29
Desember 1929 pamarentah kolonial Belanda nangkepi tokoh-tokoh sing dianggep
mbebayani, salah sijine yaiku Bung Karno. Bung Karno dikunjara patang taun. Sawise Bung
Karno luwar saka pakunjaran, panjenengane nerusake perjuwangane. Karana panjurung saka
Hatta, Sahrir, lan uga para pemudha Bung Karno akhire bisa mroklamasekake kamardikan
Indonesia tanggal 17 Agustus 1945.

Kang diperjuwangake dening Bung Karno yaiku ....


A. bung Karno luwar saka pakunjaran
B. mroklamasekake kamardikan Indonesia
C. mungsuh bebuyutane pemerintah kolonial Belanda
D. perang

3. Wacanen Kanthi Setiti!


Sejatine alas iku gedhe banget guna paedahe tumrap panguripan. Kekayone, woh-
wohane, gegodhongan, sarta kewan-kewane kena dipurih kanggo nyukupi kebutuhane
manungsa. Kejaba saka iku uga kanggo papan rekreasi. Sing luwih penting maneh bisa dadi
betenge tetanen, jalaran alas iku bisa ngasilake lemen (pupuk) sarta dadi tandhone banyu sing
dibutuhake banget dening para among tani.

Bakune gagasan jroning paragraf ing ndhuwur, yaiku ....


A. guna lan paedahe alas
B. kewan sing bisa urip ing alas
C. sing dibutuhake dening alas
D. perlune njaga kelestariane alas

4. Wacanen Kanthi Setiti!


Sejatine alas iku gedhe banget guna paedahe tumrap panguripan. Kekayone, woh-
wohane, gegodhongan, sarta kewan-kewane kena dipurih kanggo nyukupi kebutuhane
manungsa. Kejaba saka iku uga kanggo papan rekreasi. Sing luwih penting maneh bisa dadi
betenge tetanen, jalaran alas iku bisa ngasilake lemen (pupuk) sarta dadi tandhone banyu sing
dibutuhake banget dening para among tani.

Kang ora bisa dipurih manungsa saka alas yaiku ....


A. kekayone
B. kewane
C. srengengene
D. woh-wohane

5. Wacanen Kanthi Setiti!


Sejatine alas iku gedhe banget guna paedahe tumrap panguripan. Kekayone, woh-
wohane, gegodhongan, sarta kewan-kewane kena dipurih kanggo nyukupi kebutuhane
manungsa. Kejaba saka iku uga kanggo papan rekreasi. Sing luwih penting maneh bisa dadi
betenge tetanen, jalaran alas iku bisa ngasilake lemen (pupuk) sarta dadi tandhone banyu sing
dibutuhake banget dening para among tani.

Kang klebu paedahe alas tumrap manungsa yaiku ….


A. bisa dadi betenge tetanen
B. dadi tandone banyu sing reget
C. dadi papan rekreasi sing mbebayani
D. ora bisa ngasilake pupuk

6. Wacanen Kanthi Setiti!


Sejatine alas iku gedhe banget guna paedahe tumrap panguripan. Kekayone, woh-
wohane, gegodhongan, sarta kewan-kewane kena dipurih kanggo nyukupi kebutuhane
manungsa. Kejaba saka iku uga kanggo papan rekreasi. Sing luwih penting maneh bisa dadi
betenge tetanen, jalaran alas iku bisa ngasilake lemen (pupuk) sarta dadi tandhone banyu sing
dibutuhake banget dening para among tani.

Kang oleh paedah paling gedhe saka anane alas yaiku ....
A. kewan sing bisa urip ing alas
B. manungsa sing bisa dicukupi kabutuhane
C. tetuwuhan sing bisa urip ing alas
D. lemen kang bisa diasilake alas

7. Gatekna pethikan pacaturan drama ing ngisor iki!


Pak Guru : Dadi siswa kudu bisa ngajeni marang wong liya mligine marang wong tuwa lan
wong sing dianggep luwih tuwa.
Wati : Maksudipun punapa kita kedah ngajeni dhateng tiyang sepah lan sedherek
kemawon, pak?
Pak Guru : Ora, Wati. Kajaba ngajeni marang bapak lan ibu ing kluwarga, kita uga kudu
ngurmati marang eyang, pakdhe-budhe, paklik, paman-bibi, lan anggota
kluwarga liyane.
Budi : Punapa dhateng tiyang sanes kita kedah nyaosi pakuratan, Pak?
Pak Guru : Bener Bud, marang sapa wae kita kudu nyaosi pakurmatan, mligine marang
wong sing umure luwih tuwa tinimbang awake dhewe.
Susi : Menawi dhateng tiyang ingkang yuswanipun sadrajad utawi langkung enem
punapa kita ugi kedah ngajeni, Pak.
Pak Guru : Bener Sus, marang sapa wae kita kudu ngajeni. Yen awake dhewe kepingin
diajeni, kita kudu bisa ngajeni wong liya.

Watak wantune paraga Susi ing crita drama kasebut yaiku ....
A. ngajeni wong tuwa
B. ora nduwe unggah-ungguh
C. ora nduweni tata krama
D. sakepenake dhewe

8. Gatekna pethikan pacaturan drama ing ngisor iki!


Narti : Ibu punapa siyos tindak sapunika?
(karo nyedhaki ibune sing lagi setrika)
Ibu : Ya, durung ta, Nar. Iki isih ngenteni Bapakmu.
Narti : Bapak kala wau tindak pundi ta, Bu. Ngantos yah manten kok dereng rawuh?
Ibu : Ngendikane mau neng daleme Pak RT, nanging kok ya suwemen!
Bapak : Assalamu’alaikum, walah-walah wis padha ganti klambi ta iki!
(mlaku karo nyopot helm tumuju ibu lan Narti)

Manut teks drama kasebut, papan panggonane Ibu, Narti, lan Bapak nalika rembugan ing ....
A. garasi mobil
B. kamare ibu
C. kamare Narti
D. ruwang setrikan

9. Gatekna pethikan pacaturan drama ing ngisor iki!


Pak Guru : Dadi siswa kudu bisa ngajeni marang wong liya mligine marang wong tuwa lan
wong sing dianggep luwih tuwa.
Wati : Maksudipun punapa kita kedah ngajeni dhateng tiyang sepah lan sedherek
kemawon, pak?
Pak Guru : Ora, Wati. Kajaba ngajeni marang bapak lan ibu ing kluwarga, kita uga kudu
ngurmati marang eyang, pakdhe-budhe, paklik, paman-bibi, lan anggota
kluwarga liyane.
Budi : Punapa dhateng tiyang sanes kita kedah nyaosi pakuratan, Pak?
Pak Guru : Bener Bud, marang sapa wae kita kudu nyaosi pakurmatan, mligine marang
wong sing umure luwih tuwa tinimbang awake dhewe.
Susi : Menawi dhateng tiyang ingkang yuswanipun sadrajad utawi langkung enem
punapa kita ugi kedah ngajeni, Pak.
Pak Guru : Bener Sus, marang sapa wae kita kudu ngajeni. Yen awake dhewe kepingin
diajeni, kita kudu bisa ngajeni wong liya.

Saka pethikan naskah drama kasebut, bisa dideleng yen critane drama duweni alur ....
A. campuran
B. maju
C. maju-mundur
D. mundur

10. Gatekna pethikan pacaturan drama ing ngisor iki!


Pak Guru : Dadi siswa kudu bisa ngajeni marang wong liya mligine marang wong tuwa lan
wong sing dianggep luwih tuwa.
Wati : Maksudipun punapa kita kedah ngajeni dhateng tiyang sepah lan sedherek
kemawon, pak?
Pak Guru : Ora, Wati. Kajaba ngajeni marang bapak lan ibu ing kluwarga, kita uga kudu
ngurmati marang eyang, pakdhe-budhe, paklik, paman-bibi, lan anggota
kluwarga liyane.
Budi : Punapa dhateng tiyang sanes kita kedah nyaosi pakuratan, Pak?
Pak Guru : Bener Bud, marang sapa wae kita kudu nyaosi pakurmatan, mligine marang
wong sing umure luwih tuwa tinimbang awake dhewe.
Susi : Menawi dhateng tiyang ingkang yuswanipun sadrajad utawi langkung enem
punapa kita ugi kedah ngajeni, Pak.
Pak Guru : Bener Sus, marang sapa wae kita kudu ngajeni. Yen awake dhewe kepingin
diajeni, kita kudu bisa ngajeni wong liya.

Piwulang (amanat) sing bisa disinaoni yaiku ….


A. aja nganti ngapusi marang wong tuwa
B. kudu bisa ngajeni marang sing enom lan sing tuwa
C. menehi kawigaten marang wong sing luwih tuwa
D. seneng andhum berkah karo wong sing luwih enom

11. Wacanen pacaturan ing ngisor iki!


OLAHAN BANDENG
Tata : Punapa kemawon bahan-bahan kangge othak-othak bandeng punika?
Bu Suci : Bahan-bahane yaiku iwak bandeng, klapa parut sing enom, santen, lan endhog.
Tata : Kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng
punika?
Bu Suci : Sakawit, aku dodol mung neng omah lan nggawekake kanca-kanca cedhakku
ing instansi pemrintahan. Banjur saya suwe saya akeh sing pesen lan wekasane
aku mbukak usaha ing omah. Nanging, saiki aku wis bisa ngrembakakake usaha
iki amarga anane bantuan saka Dinas Koperindag.
Tata : Bantuan ingkang kadospundi wujudipun?
Bu Suci : Bantuane kuwi arupa modhal kanggo usaha lan disedhiyani web kanggo
promosi produk liwat internet.
Lintang : Sasampunipun panjenengan pikantuk bantuan saking Dinas Koperindag punika,
kadospundi anggenipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng
punika?
Bu Suci : Prodhuk olahan bandeng iki dakpasarake kanthi cara dikirim menyang toko
pusat oleh-oleh, ing pasar swalayan, ing rumah makan, uga dakkirim ing hotel-
hotel. Nanging, uga bisa pesen ing kene.

Kagiyatan tanya jawab/dialog antarane pewawancara lan narasumber kanthi tujuan golek
warta (informasi) kanggo kaperluan tartamtu kaya ing pethikan kasebut diarani ...
A. dhiskusi
B. konferensi
C. seminar
D. wawancara

12. Wacanen pacaturan ing ngisor iki!


JEMBATAN SURAMADU
Nadhira : Nuwun sewu Pak, kula kaliyan kanca kula saking SMP Taman Pelajar
Surabaya kepengin mangertosi bab jembatan Suramadu punika.
Pak Darto : O.. Iya mangga yen arep takon-takon.
Nadhira : Awit kapan jembatan punika dibangun, Pak?
Pak Darto : Anggone mbangun wis diwiwiti dhek tanggal 20 Agustus 2003, sing
ditandhani kanthi Pemancangan Tiang dening Presiden Megawati. Wektu iku
Ibu Presidhen didherekake Gubernur Jawa Timur Imam Utomo lan Menteri
Kimpraswil Sunarno. Pembangunan jembatan Suramadu iku kanthi
adhedhasar/lelandhesan Keputusan Presiden RI no. 79 taun 2003.

Pethikan wawancara kasebut nuduhake yen sing nindakake wawancara marang Pak Darto iku
mung Nadhira. Teknik sing digunakake ing pethikan wawancara kasebut yaiku teknik ….
A. bebas
B. indhividhual
C. kapimpin
D. kelompok

13. Gatekna bagan ing ngisor iki!

Adhedhasar bagan ing ndhuwur, ragam/wernane basa ngoko yaiku ....


A. Alus, Madya
B. Lugu, Alus
C. Lugu, Krama
D. Lugu, Madya

14. Gatekna bagan ing ngisor iki!

Adhedhasar bagan ing ndhuwur, ragam/wernane basa krama yaiku ....


A. Lugu, Alus
B. Lugu, Krama
C. Lugu, Krama
D. Lugu, Madya

15. Kowe dhek wingi nonton Ludruk karo sapa?

Ukara basa ngoko kasebut yen didadekake krama inggil yaiku ...
A. Panjenengan dhek wingi mirsani Ludruk karo sapa?
B. Panjenengan kala wingi mirsani Ludruk kaliyan sinten?
C. Sampeyan dhek wingi ndelok Ludruk kalih sinten?
D. Sampeyan kala wingi ningali Ludruk kaliyan sinten?

16. Budhe tindak dhateng peken Klewer, mundhut kain bathik.

Ukara kasebut yen disalin nganggo basa ngoko lugu sing bener yaiku ....
A. Budhe kesah menyang pasar Klewer, blanja kain bathik.
B. Budhe kesah menyang pasar Klewer, njahit kain bathik.
C. Budhe lunga menyang pasar Klewer, tuku kain bathik.
D. Budhe tindak menyang pasar Klewer, tuku kain bathik.

17. Panjenengan mau apa wis dhahar?

Ukara kasebut nggunakake basa ....


A. Krama Alus
B. Krama Lugu
C. Ngoko Alus
D. Ngoko Lugu

18. Bu Guru ... aku supaya sregep sinau.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....


A. ngutus
B. ndhawuhi
C. ngengken
D. ngongkon

19. Gatekna jinising surat ing ngisor iki!


(1) layang kitir
(2) layang paturan
(3) layang dhawuh
(4) layang ulem
(5) layang lelayu
(6) layang ganep

Sing klebu layang ora resmi yaiku nomer ….


A. (1), (2), (3)
B. (2), (4), (5)
C. (3), (4), (6)
D. (3), (5), (6)

20. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi setiti!


Kanthi serat punika keng wayah ngaturaken sembah sungkem dhumateng ngarsanipun
Eyang sekaliyan wonten ing Malang. Boten kesupen keng wayah ugi ngaturaken kabar bilih
keng wayah wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng, nir ing sambekala pikantuk
berkahing Gusti Kang Maha Asih.

Perangan layang kasebut klebu ....


A. Adangiyah
B. Pambuka
C. Surasa basa
D. Wasana basa

21. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi setiti!


Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten keladuking atur saha kirang
duga, keng wayah nyuwun agunging samodra pangaksami.

Perangan layang kasebut kalebu ....


A. Adangiyah
B. Peprenah
C. Surasa basa
D. Wasana basa

22. Wonten ing kalodhangan punika kula badhe … bab cara-cara ngembangaken kewirausahaan.
Tembung kang cocog kanggo njangkepi bageyan pidhato kasebut yaiku ….
A. maringaken
B. ngrampungaken
C. njlentrehaken
D. nyaosaken

23. Wacanan pethikan pidhato ing ngisor iki kanthi setiti!


Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinormatan, Bapak Ibu Guru ingkang satuhu kula
bekteni, lan mitra kula ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti
ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya.

Perangan pidhato ing ndhuwur diarani ….


A. Isi
B. Pambuka
C. Pangarep-arep
D. Panutup

24. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi setiti!


"Kangmas Adipati Karna pun rayi ngaturaken sembah pangabekti, ugi nyuwun agunging
samodra pangaksami sampun kumawantun lan cumantaka dhumateng panjenengan wonten ing
palagan punika, ugi ngaturaken welingipun pun Ibu Ratu Kunthi, sejatosipun dereng telat
menawi panjenengan kersa makempal nunggal sawiji kalihan sedaya kadang Pandhawa.”
Arjuna lumajar banjur angrungkepi badane sang Adipati Karna.

Adhedhasar pethikan crita wayang kasebut, watak sing diduweni dening paraga Arjuna yaiku
....
A. welas asih
B. gampang nesu
C. seneng tetulung
D. sregep

25. Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi setiti!


"Kangmas Adipati Karna pun rayi ngaturaken sembah pangabekti, ugi nyuwun agunging
samodra pangaksami sampun kumawantun lan cumantaka dhumateng panjenengan wonten ing
palagan punika, ugi ngaturaken welingipun pun Ibu Ratu Kunthi, sejatosipun dereng telat
menawi panjenengan kersa makempal nunggal sawiji kalihan sedaya kadang Pandhawa.”
Arjuna lumajar banjur angrungkepi badane sang Adipati Karna.

Kang bisa disinaoni saka pethikan crita wayang kasebut yaiku …


A. Adhi kudu bisa ngrungkepi badane kakange.
B. Adhi kudu welas asih marang kakange.
C. Anak kudu bisa nyenengake ibune.
D. Anak kudu tetep eling karo ibune.

26. Wacanen pethikan geguritan ing ngisor iki kanthi setiti!


DHUH NIMAS
Dening : Sapta Ganisa
Dhuh Nimas
Apa kang dadi panjalukmu
Supaya kowe tansah maju
Ngadep urip kang sarwa saru
Dhuh Nimas
Lagak lagon lembeyanmu
Ndadekke wong tuwamu
Ora bisa turu

Tembung “Nimas” kanggo nyeluk bocah ....


A. cilik
B. lanang
C. remaja
D. wadon
27. Wacanen pethikan geguritan ing ngisor iki kanthi setiti!
...
Aku sida mangkat saiki, biyung
Ninggal pangkonmu
Kanggo ngranggeh gegayuhanku
Sanajan abot lan trenyuh
Aku ora nangis, biyung
Jarene tangis kuwi pepalange laku
Dak jaluk pangestumu
Kang tansah takbundheli ana atiku

Tembung “gegayuhanku” nduweni teges ....


A. bandhaku
B. dosa
C. ngimpiku
D. sedulurku

28. Sun tuturi kabeh putra putri


Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
Estokna tutur ika

Tembang ing ndhuwur kedadeyan saka sepuluh gatra. Cacahe gatra saben sapada ing tembang
macapat diarani ….
A. Guru gatra
B. Guru lagu
C. Guru watak
D. Guru wilangan

29. Sun tuturi kabeh putra putri


Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
Estokna tutur ika

Miturut cakepan tembang Dhandhanggula kasebut, guru wilangane yaiku ....


A. 10, 10, 9, 7, 9, 6, 7, 8, 12, 7
B. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 7, 8, 12, 7
C. 10, 10, 9, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
D. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

30. Sun tuturi kabeh putra putri


Lamun sira sregep ing pangolah
Budi pikir lan ngelmune
Aja sira gumunggung
Kebat kliwat datan pamikir
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur
Singkirana tindak nistha
Kang pranyata nora gawe urip mukti
Estokna tutur ika
Miturut cakepan tembang Dhandhanggula kasebut, guru lagune yaiku ....
A. i, a, a, u, i, a, u, a, u,a
B. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
C. i, a, e, u, i, a, u, i, i, a
D. i, a, a, u, i, a, u, i, i, a

31. Damarwulan satriya kang gagah prakosa.

Tembung “gagah prakosa” klebu basa rinengga.


Basa rinengga yaiku ….
A. Basa sing alus
B. Basa sing nyleneh
C. Basa sing endah
D. Basa sing kasar

32. Wacanen kanthi setiti!


Preian semester ganep iki Salma arep lunga menyang omahe kancane ing Mojokerto.
Dheweke janji marang kancane arep ngrewangi adang sega lan nggodhog wedang, amarga
kancane mbukak warung sing sepisanan ing Mojokerto. Nalika tekan dalan ora disengaja
Salma ketemu karo guru basa Jawa sing disenengi nalika ing SMP. Guru kuwi disenengi
amarga saliyane jembar segarane uga ora tau mbukak wadine siswane.

Ing pungkasane ukara wacan sing diwenehi garis ngisor klebu basa rinengga jinis ....
A. Tembung camboran
B. Tembung entar
C. Tembung garba
D. Tembung saroja

33. Pak Joko iku pancen jembar segarane, senajan kesalahanku akeh diapura.

Tegese tembung entar “jembar segarane” yaiku …


A. Gedhe atine.
B. Gedhe kekarepane.
C. Gedhe pangapurane.
D. Gedhe rumangsane.

34. Bengi iku rembulan katon padhang jingglang.

“Padhang jingglang” nduweni teges ….


A. Grahana rembulan
B. Padhang banget
C. Padhang setengah peteng
D. Peteng setengah padhang

35. Krungu warta sing ala iku dheweke abang kupinge.


“Abang kupinge” tegese ....
A. Bungah atine
B. Nesu banget
C. Sedhih banget
D. Seneng atine

36. ?j+ iyrhwlisz.


Aksara Jawa kasebut diwaca ziarah wali sanga. Tembung ziarah nggunakake aksara kang
nyleneh jalaran klebu tembung kang diserep saka basa Arab. Tembung kasebut nggunakake
aksara kang diarani ….
A. Aksara angka
B. Aksara murda
C. Aksara rekan
D. Aksara swara

37. ?tukuseg … .
A. pecel\
B. pe[cl\
C. [p[cl\
D. [pcel\

38. Gatekna ukara nganggo aksara Jawa ing ngisor iki!


(1) ?[r!iluzmev=$ur*y.
(2) ?jmilhvw=segr.
(3) ?[#titukuroti.
(4) ?yufimulihse[kolh.

Aksara Jawa kasebut sing nggunakake aksara murda yaiku angka ….


A. (1) lan (2)
B. (1) lan (3)
C. (2) lan (3)
D. (2) lan (4)

39. ? E[ro% ffi benuw si=mju .


1 2 3 4

Tembung sing nggunakake aksara swara yaiku nomer ….


A. 1 (siji)
B. 2 (loro)
C. 3 (telu)
D. 4 (papat)

40. R.A. Kartini lair tanggal ….


A. ;21;Ap]il\
B. ;12;Ap]il\
C. ;25;Ap]il\
D. ;15;Ap]il\

B. URAIAN

1. Pak, aku duwe tela goreng, sampeyan arep?

Owahana ukara ing ndhuwur dadi basa krama alus sing bener!

2. Jlentrehna tegese tembung entar sajrone ukara ing ngisor iki!


a) Roni iku dadi bau tengen dhosene ing kampus.
b) Prajurit iku kandel kulite, ditunjep nganggo pedhang ora mati.

3. Gatekna wacan ing ngisor iki!


LAIRE PANDHAWA
....
Sang Pandhu paring palilah marang garwane Dewi Kunthi supaya ngrawuhake para
dewa kanthi mateg aji Pameling kasebut. Dewi Kunthi banjur mateg aji lan ngrawuhake
Hyang Darma utawa Hyang Yama. Hyang Darma banjur maringi putra aran Yudhistira.
Yudhistira bakal katitisan sipate Hyang Darma kang jujur, wicaksana, lan adil paramarta.
Kapindho Dewi Kunthi ngrawuhake Bathara Bayu, banjur diparingi putra aran Bimasena.
Bimasena katitisan sipate Bathara Bayu, yaiku kuwat, dhemen tetulung, lan paring
pangayoman. Keping telu Dewi Kunthi ngrawuhake Hyang Indra, banjur diparingi putra aran
Arjuna. Arjuna bakal nduweni sipat kaya Hyang Indra kang bagus pasuryane, dhemen mbela
bebener, lan pahlawan sejati. Garwane sang Pandhu sing nomer loro, Dewi Madrim uga
kepengin kagungan putra. Dewi Kunthi banjur paring mantra aji Pameling marang Dewi
Madrim. Sawise maos mantra kasebut, Dewi Madrim banjur karawuhan Jawata kembar paring
asma Hyang Aswin-Kumar. Sabanjure Hyang Aswin-Kumar maringi putra kembar marang
Dewi Madrim aran Nakula lan Sadewa. Nakula lan Sadewa marisi sipate Hyang Aswin-
Kumar kang bagus pasuryane, kendel, lan wicaksana.

Saka wacan kasebut, sebutna kanthi cetha wargane Pandawa saka ibu Dewi Kunthi lan saka
ibu Dewi Madrim!
4. Tembang macapat yaiku salah siji lelagon Jawa lawas kang kaiket paugeran guru watak, guru
lagu, guru wilangan, lan guru gatra.

Sebutna tembang macapat sing kedadeyan saka 4 gatra!

5. Ayo dolan bareng menyang Suramadu.

Owahana ukara kasebut dadi aksara Jawa mawa aksara Murda sing bener!

You might also like