You are on page 1of 3

Nama : Winarto

Kelas : XII TKJ

No. Abs : 32

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kulo urmati lan Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati,
sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun
kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih
samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.

Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMK
MUHAMMADIYAH REMBANG ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing
kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para
siswa kelas XII ing wulan April menika utawi luwih leresipun tanggal 22 dumugi 24 April
tahun 2014 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMK
kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.

Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin.
Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan,
sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita
kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”.
Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.

Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn
namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika
supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses
sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.

Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot
maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah
dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon
ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang
bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika.
Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales
nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para
Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.

Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula
nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


10 TULODHO GUGON TUHON

1. Aja sok lungguh ing bantal, mundhak lara wudunên.

2. Aja sok nêkuk bantal, mundhak ora ilok.

3. Aja sok jagjagan ana ngambèn utawa paturon, mundhak ora ilok.

4. Yèn mapan turu aja nganti gupak upa, mundhak ngimpi ditampêl lintah.

5. Aja sok turu malang-megung, mundhak ora ilok.

6. Aja sok turu nganggo bantal dhuwur, iku anggêdhèkake [anggêdhèka...]

7. Aja sok mangan ana paturon, mundhak lara gudhigên.

8. Aja mêmangan karo taturon, mundhak adoh malaekate.

9. Yèn nêngah-nêngahi madhang aja sok ngombe, iku dibasakake anggêdhèkake


kamuktèn.

10. Yèn madhang aja sok nisa, mundhak mati pitike.

Nama : Winarto

Kelas : XII TKJ

No. Abs : 32

You might also like