You are on page 1of 1

Assalaamu'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh..

Dhumateng panjenenganipun Bapak.......( ingkang pasrah ) ingkang hangemban wajib luhur ing
madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.

Nun inggih sederengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadhang
panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaruraken puji syukur wonten ngarsa
dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal
manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang
Maha Kuwasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.

Panjenenganipun Bapak........( ingkang pasrah ) menggah lekasing pangandika panjenengan


hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah,
salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak.......( ingkang mengku gati )
karana badhe kepanggihan miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi
laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing
sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging
basa saking panjenenganipun Bapak......( mengku gati ) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana
kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan
sarombongan.

Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten
ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.

Ing wasana wabillahi taufik wal hidayah wassalamu 'alaikum warrahmatullaahi wabarakatuh.

You might also like