You are on page 1of 257

BAB I

PAMBUKA
Panliten iki ngrembug babagan Tradhisi Kirap Encek
Nganten ing Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro. Ing bab I iki bakal
dijlentrehake babagan alasane panliten lan undherane panliten.
Saliyane iku, uga bakal diandharake ngenani ancas, paedahe,
wewatesane panliten, lan panjlentrehe tembung. Andharane kaya
ing ngisor iki.
1.1 Lelandhesane Panliten
Bangsa Indonesia dumadi saka Sabang nganti Merauke.
Saben panggonan ing Indonesia nduweni kabudayan kang
maneka warna. Kabudayan kuwi sipate heterogen, nduweni corak,
ragam lan titikane nduweni nilai. Kabudayan kang diduweni
mau minangka warisan saka para leluhur. Kabudayan kasebut
kudu dilestarekake dening generasi mudha supaya ora cures
kagiles jaman kang saya maju. Saben kabudayan ngandhut
aturan-aturan lan norma-norma kang biasa ngatur tindak ujube
manungsa sajrone bebrayan.
Kabudayan minangka sakabehe kawruh manungsa
minangka makhluk sosial kang digunakake kanggo mangerteni
lingkungan sarta pengalaman manungsa lan dadi paugeran
tumindake manungsa. Kabudayan asale saka basa Sansekerta
yaiku buddhayah yaiku wujud jamak saka tembung buddhi kang
tegese budi utawa akal. Kanthi etimologis, tembung kabudayan
yaiku bab kang sesambungan karo akal (Koentjaraningrat,
1985:9).
Bakker (1984:22) ngandharake kanthi ringkes ngenani
kabudayan, yen kabudayan iku anggone nyipta, anggone ngatur
lan anggone ngolah nilai-nilai insani. Bakker kang dikutip dening
Simon, (2008:10) ngandharake kabudayan minangka kagiyatan
utawa proses kang nduweni asil, lan asil kasebut mesthi

1
2

diwujudake maneh. Manungsa minangka salah sawijine paraga


kang nyengkuyung kabudayan.
Liliweri (2003: 10) njelasake menawa kabudayan yaiku
salah sawijine interpretasi, pikiran, lan makna kang duweni
dening manungsa lan ora mung omongan. Kabudayan iku
nyakup ngenani kaprecayan, nilai-nilai, lan norma. Kabudayan
uga bisa mangaribawani tumindake manungsa. Saka panemu-
panemu kasebut bisa didudut yen kabudayan minangka asil saka
cipta, rasa, lan karsa manungsa kang sanjerone mau ngandhut
kawruh, nilai, sarta norma kang ditrepake dening manungsa
sajrone urip bebrayan lan uga bisa mangaribawani tumindake
manungsa.
Kabudayan kang diduweni dening bangsa Indonesia
minangka warisan saka para nenek moyang. Kabudayan bangsa
Indonesia iku bisa dadi daya tarike wisatawan lokal utawa
wisatawan mancanegara kang kepengin mangerteni ngenani
kabudayan kang tuwuh lan ngrembaka ing Indonesia. Anane
wisatawan-wisatawan kasebut uga bisa nambahi devisa negara
Indonesia sarta bisa ndadekake kabudayan Indonesia misuwur
ing mancanegara.
Sudikan (2001:4-6) ngandharake kabudayan nuswantara
kaperang dadi telu, yaiku (1) kabudayan lokal, (2) kabudayan
dhaerah, lan (3) kabudayan nasional. Saben-saben kabudayan
kasebut ora bisa tuwuh lan ngadeg dhewe-dhewe. Antarane siji
kabudayan klawan siji kabudayan liyane iku nduweni gegayutan
kang bisa ndadekake katelune kabudayan kasebut ora ilang.
Kabudayan lokal ora bisa kuwat tanpa disengkuyung kabudayan
dhaerah, kabudayan dhaerah ora bisa kuwat tanpa disengkuyung
kabudayan nasional, lan uga suwalike. Kabudayan nasional
yaiku kabudayan kang disetujoni dadi duweke sakabehe bangsa
Indonesia kanthi bebarengan. Kabudayan suku yaiku
sakumpulane manungsa kang kaiket kasadaran lan dadi ciri
3

pangenal sawijine budaya kang ana ing sawijine dhaerah utawa


suku bangsa tartamtu. Kabudayan lokal minangka wujud saka
kagiyatan-kagiyatan panguripane para warga saka perangan
sawijine masyarakat suku bangsa utawa luwih, saengga
kagiyatan-kagiyatan kasebut dadi lelandhesane pranata-pranata
sosial kang punjere saka kabudayan-kabudayan lokal senadyan
biasane ana pangribawa saka kabudayan dhaerah kang nduweni
ciri khas lan mutu kang adiluhung.
Bojonegoro minangka salah sawijine kabupaten kang
manggon sisih kulon saka provinsi Jawa Timur kang isih
ngugemi lan ngleluri kabudayan lokal. Salah sawijine kabudayan
lokal kang narik kawigaten lan arep ditliti ing kene yaiku
kabudayan lokal kang arupa Tradhisi Kirap Encek Nganten
sabanjure dicekak TKEN kang dianakake ing Dhusun Grenjeng
Sraturejo, Bojonegoro. Adicara kasebut dianakake setaun sepisan
sawise panen pari. TKEN ora bisa dipisahake karo masyarakat
kang manggon ing Dhusun Grenjeng, amarga tradhisi kasebut
minangka tradhisi kanggo mujudake rasa syukur masyarakat
marang Gusti Pangeran lan kanggo ngurmati Kaki Krebut lan
Nyai Krebut kang minangka sesepuh Dhusun Grenjeng.
Masyarakat tansah nguri-uri TKEN amarga masyarakat nduweni
kaprecayan yen ora nganakake bakal oleh kala. Saliyane iku,
sajrone TKEN uga ana hiburan kanggo masyarakat. Tujuwan
dianakake hiburan kasebut kanggo ngrameake adicara TKEN lan
aweh hiburan sarta piwulangan tumrap masyarakat sakitar.
Kang gawe pepinginane panliti anggone nliti TKEN
yaiku :
(1) Tradhisi kang dianakake sacara gedhen-gedhen lan
masyarake wiwit mudha nganti tuwa katon nyengkuyung
anane TKEN wiwit jaman biyen nganti saiki.
(2) Encek ing tradhisi liyane biasane cacahe amung siji, nanging
sajrone TKEN iku enceke cacahe ana loro yaiku encek
4

nganten lan encek sega. Encek nganten diperang dadi loro


yaiku encek lanang lan wadon kang digawe wujude gedhe
saengga diarani encek raseksa kang gawe saka asil bumi
saka masyarakat kayata palapendhem, palasandhung lan
palagantung banjur diarak ngumeti Dhusun Grenjeng.
(3) TKEN ing Grenjeng diwujudake kanthi sawenehing tatarakit
adicara lan ubarampe kang maneka warna. Sakabehe
ubarampe kang diprelukake kasebut kudu disiapake dening
masyarakat. Tatarakite lan ubarampe sajrone adicara TKEN
iku beda karo tatarakiting tradhisi liyane. Saben tatarakite
lan ubarampe TKEN iku nduweni makna kang beda karo
tatarakite liyane. Tatarakit lan ubarampe kang dirasa aneh
utawa akang iku ing jaman modern jarang ana masyarakat
Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo lan generasi mudha kang
mangerteni makna lan pigunane kang kinandhut saka
adicara TKEN, mula akeh pitakonan-pitakonan saka
masyarakat
(4) Anane kaprecayan saka masyarakat yen ora nindakake bakal
ana bebendu ing Grenjeng.
(5) TKEN kang wis dianakake nalika jaman biyen nganti jaman
saiki nduweni owah-owahan salaras karo pangaribawa
ngrembakane jaman lan lingkungan sosial, amarga TKEN
minangka salah sawijine tradhisi kang asipat dinamis.
Anane owah-owahan sajrone TKEN iki tetep ora nyuda
makna sarta fungsine tumrap masyarakat ing Grenjeng.
(6) Upacara kasebut miturute pamawase panliti lan masyarakat
Grenjeng Desa durung diteliti kanthi luwih rowa.
Adhedhasar mula bukane kang wis diandharake ing
dhuwur, panliti kepengin nliti lan nganalisis kabudayan TKEN
ing Grenjeng kanthi setiti. Saka panliten iki dikarepake supaya
masyarakat Jawa luwih mangerteni makna kang kinandhut
sajrone tradhisi-tradhisi Jawa saengga masyarakat luwih jero
5

mangerteni ngenani TKEN ora mung ngakoni lan nglakoni bae.


Panliten iki uga kanggo mangerteni owah-owahan kabudayan
sajrone TKEN ing Grenjeng.
1.2 Punjering Panliten
Adhedhasar lelandhesaning panliten kasebut ing
dhuwur mula punjering panliten yaiku:
1.2.1 Kepriye mula bukane TKEN ing Dhusun Grenjeng Sraturejo
Bojonegoro?
1.2.2 Kepriye tatarakit lan makna kang kinandhut sajrone TKEN?
1.2.3 Apa wujud ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone
TKEN?
1.2.4 Apa fungsi/piguna kang kinandhut sajrone TKEN?
1.2.5 Kepriye owah gingsire tradhisi sajrone TKEN?
1.3 Tujuwan Panliten
Miturut undhering panliten ing dhuwur nuwuhake
anane tujuwan kaya andharan iki:
1.3.1 Tujuwan Panliten Umum
Tujuwan panliten umum ing panliten iki kanggo
nggambarake kepriye TKEN ing Dhusun Grenjeng Sraturejo,
Bojonegoro.
1.3.2 Tujuwan Panliten Khusus
Panliten babagan TKEN ing Dhusun Grenjeng nduweni
tujuwan khusus, yaiku:
1.3.2.1 Ngandharake mula bukane TKEN ing Grenjeng Sraturejo
Bojonegoro.
1.3.2.2 Ngandharake tatarakit lan makna kang kinandhut sajrone
TKEN.
1.3.2.3 Ngandharake wujud ubarampe lan makna kang
kinandhut sajrone TKEN.
1.3.2.4 Ngandharake fungsi/piguna TKEN.
1.3.2.5 Ngandharake owah gingsire tradhisi sajrone TKEN.
6

1.4 Paedahing Panliten


Asiling panliten iki diajab supaya bisa kanggo:
1.4.1 Nambahi kawruh kanggo panliten-panliten liyane ngenani
budaya Jawa mligine TKEN ing Grenjeng.
1.4.2 Nglestarekake budaya Jawa mligine TKEN ing Grenjeng.
1.4.3 Menehi kawruh bebrayan ing Bojonegoro ana obyek wisata
budaya yaiku TKEN.
1.4.4 Nambahi referensi bab kabudayan Jawa tumrap piwulangan
basa Jawa ing sekolah.
1.4.5 Minangka dokumentasi tradhisi, mligine tumrap warga
Grenjeng ing babagan kabudayan Jawa supaya tansah
dijaga luhur pambudidayane.
1.5 Watesane Panliten
Panliten iki diwatesi supaya ora uwal saka punjering
panliten lan tetep nggatekake irah-irahane panliten. Wewatesane
panliten iki mligine ngenani mula bukane TKEN, tatarakiting,
ubarampe, lan makna sajrone TKEN, pigunane TKEN, owah
gingsir tradhisi sajrone TKEN.
1.6 Panjlentrehe Tembung
Panjlentrehe tembung iki nduweni pangajab supaya ora
ana lupute pamawas sajrone panliten iki. Wujude tetembungan
yaiku kang kerep digunakake sajrone panliten iki, ing antarane
yaiku:
(1) Tradhisi yaiku sakabehing adat, kapitayan, lan liya-liyane
kang diwarisake para leluhur lan isih ditindakake dening
masyarakat (Poerwadarminta, 1939:1069).
(2) Kirap yaiku metu bareng arak-arakan (Sudaryanto, 2001: 445)
(3) Encek yaiku salah sawijine samubarang kan dieyeng-eyeng
wong akeh (2001:264)
(4) Nganten yaiku wong lanang lan wadon kang ngresmekake
anggone urip bebrayan (Sudaryanto, 2001:668)
7

(5) Dhusun Grenjeng yaiku minangka jeneng kanggo salah


sawijine dhusun kang ana ing Desa Sraturejo. Dhusun
Grenjeng minangka dhusun kang manggone sisih kulon
saka Desa Sraturejo Kecamatan Baureno Kabupaten
Bojonegoro. Dhusun Grenjeng uga minangka panggonan
kang dianakake adicara TKEN.
(6) Owah utawa ewah yaiku salin kahanan, malih dadi beda karo
sakawit. Owah-owahan tegese molah malih kahanane, ora
lestari(Poerwadarminta,1939:1409
BAB II
TINTINGAN KAPUSTAKAN
Ana ing tintingan kapustakan iki diandharake ngenani
tintingan panliten kang saemper panemu-panemu lan
lelandhesaning teori kang ana sambung rakete karo panliten iki.
Panliten kanthi irah-irahan “Tradhisi Kirap Encek Nganten ing
Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro” nggunakake tintingan
kapustakan kang diandharake kaya ing ngisor iki.
2.1 Panliten kang Saemper
Panliten babagan tradhisi kanggo ngucap rasa syukur
marang Gusti Kang Akarya Jagad kang wis maringi berkah sarta
kaslamatan tumrap manungsa wis tau dilakoni dening (1) Dany
Harja Saputri (nomer registerasi 062114016) Jurusan Pendidikan
Bahasa Daerah (Jawa). Ing panlitene, Dany nliti babagan Tradhisi
Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi (tintingan
wujud, makna, lan fungsi). Asil saka panlitene yaiku babagan
kepriye tatarakiting Tradhisi Pethik Lauting Kecamatan Muncar
Kabupaten Banyuwangi lan ubarampe, uga kepriye aspek religius
lan nilai sosial kanggo bebrayan Kecamatan Muncar.
Panliten nomer (2) kang dilakoni dening Tri Iswanti
(nomer registerasi 072114211) Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah
(Jawa). Ing panlitene, Tri Iswanti nliti babagan UpacaraTradhisi
Sedhekah Desaing dhusun Njulek Desa Pakis Kecamatan Kujang
Kabupaten Kediri (tintingan wujud, makna, lan fungsi). Asil saka
panlitene yaiku babagan sejarah dianakake Upacara Tradhisi
Sedhekah Desa, tatarakiting Upacara Tradhisi Sedhekah Desa, wujud
ubarampe Upacara Tradhisi Sedhekah Desa, fungsine Upacara
Tradhisi Sedhekah Desa, tanggapane bebrayan dhusun Njulek
tumrap Upacara Tradhisi Sedhekah Desa.

8
9

Panliten nomer (3) kang dilakoni dening Handini


Kusuma Wandari (nomer registerasi 082114042) Jurusan
Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa). Ing panlitene, Handini nliti
babagan sejarah Tradhisi Nyadran ing Pundhen Kramat
Kabupaten Nganjuk, tatarakiting Tradhisi Nyadran ing Punden
Kramat, maknaubarampe Tradhisi Nyadran ing Pundhen Kramat,
fungsi Tradhisi Nyadran ing Pundhen Kramat, panemune
masyarakat ngenani Tradhisi Nyadran ing Pundhen Kramat.
Panliten nomer (4) kang dilakoni dening Dyah Ayu Purwandani
(nomer registrasi 10020114240). Ing panlitene, Dyah Ayu nliti
babagan alasan masyarakat nindakake Tradhisi Balakng Sega ing
Tondomulo, Kedungadem, Bojonegoro, makna kang kinandhut
sajrone TBS, piguna sajrone TBS, lan owah-owahaning budaya
sajrone TBS ing Desa Tondomulo.
Panliten bab TKEN ing Dhusun Grenjeng Sraturejo,
Bojonegoro iki karo panliten sadurunge duwe bab kang padha
lan kang beda. Bab kang padha karo panliten sadurunge yaiku
padha-padha ngandharake ngenani wujud, makna,
fungsi/piguna kang kinandhut, sarta owah gingsir tradhisi
sajrone TKEN. Bedane panliten iki karo panliten ing dhuwur
yaiku ing babagan objek kang beda ing papane yaiku objek kang
ditintingi ing panliten iki yaiku TKEN ing Dhusun Grenjeng
Sraturejo, Bojonegoro.
2.2 Konsep Kabudayan
Kabudayan minangka salah sawijine idhentitas bangsa.
Saben kabudayan nduweni wujud universal kang beda-beda
jinise. Jinis lan pambedane yaiku saka wujud kabudayan kang
duweni dening masyarakat tartamtu. Pambedane kaasilake saka
olah tangane lan pangalaman-pangalamane masyarakat
panyengkuyunge kabudayan kasebut. Bebrayan Jawa minangka
klompok kang nduweni kabudayan lan titikan dhewe kang
mbedakake antarane kabudayan Jawa karo kabudayan liyane.
10

Koentjaraningrat, (1985:9) kabudayan asale saka basa


Sansekerta yaiku buddhayah yaiku wujud jamak saka tembung
buddhi kang tegese budi utawa akal. Mula saka iku kabudayan
bisa diarani bab kang nduweni gegayutan karo budi lan akal.
Koentjaraningrat, (2009: 146) kabudayan yaiku arupa cipta, karsa,
lan rasa. Saliyane iku miturut Koentjaraningrat kang dikutip
dening (Sukarman, 2006: 21) kabudayan yaiku minangka
sakabehe sistem gagasan, tumindak lan asil karya manungsa
sajrone urip bebrayan kang didadekake idhentitas dhiri dening
masyarakat lan carane kanthi cara sinau.
Bakker (1984:22) ngandharake kanthi ringkes ngenani
kabudayan, yen kabudayan yaiku anggone nyipta, anggone
ngatur lan anggone ngolah nilai-nilai insani. Miturut Bakker kang
dikutip dening Simon (2008:10) kabudayan minangka kagiyatan
utawa proses kang nduweni asil, lan asil kasebut mesthi
diwujudake maneh. Manungsa minangka salah sawijine paraga
kang nyengkuyung kabudayan.
Koentjaraningrat (sajrone Suwarni lan Widayati, 2011: 6)
wujud kabudayan iku diperang dadi telu yaiku, (1) budaya
abstrak, yaiku minangka wujud kabudayan minangka salah
sawijine kompleks saka ide-ide, gagasan, nilai-nilai, norma-norma,
paugeran lan sapiturute, (2) wujud kabudayan minangka salah
sawijine kompleks kagiyatan sarta tumindake manungsa sajrone
bebrayan, (3) budaya konkrit, minangka asil karyane manungsa.
Kabudayan kang minangka asil karyane manungsa lan
ngrembaka ing sajrone bebrayan iku nduweni unsur-unsur.
Koentjaraningrat (1985:2) ngandharake ngenani unsur-unsur
kabudayan universal utawa cultural universal, yaiku (1) sistem
religi lan upacara agama, (2) sistem organisasi masyarakat, (3)
sistem pengetahuan, (4) basa, (5) kesenian, (6) sistem
pangupajiwa, (7) sistem teknologi lan piranti. Urut-urutane unsur
kang mangkono wis salaras saka ukuran supaya bisa kagawa
11

karo kabudayan liyane, kayata, sistem religi kang suwe anggone


owah, nanging yen sistem alat lan teknologi cepet banget owah-
owahane sajrone bebrayan.
Sudikan (2001: 4-6) ngandharake kabudayan Bangsa
Indonesia bisa diklompokake dadi telung jinis, yaiku :
1) Kabudayan nasional yaiku kabudayan kang disetujoni dadi
duweke sakabehe bangsa Indonesia kanthi bebarengan.
2) Kabudayan suku yaiku sakumpulane manungsa kang kaiket
kasadaran lan dadi ciri pangenal sawijine budaya kang ana
ing sawijine dhaerah utawa suku bangsa tartamtu.
3) Kabudayan lokal minangka wujud saka kagiyatan-kagiyatan
panguripane para warga saka perangan sawijine masyarakat
suku bangsa utawa luwih, saengga kagiyatan-kagiyatan
kasebut dadi lelandhesane pranata-pranata sosial kang
punjere saka kabudayan-kabudayan lokal senadyan biasane
ana pangribawa saka kabudayan dhaerah kang nduweni ciri
khas lan mutu kang adiluhung.
Adhedhasar pamikire para ahli kasebut bisa kadudut yen
TKEN kalebu kabudayan lokal amarga TKEN minangka wujud
saka kagiyatan-kagiyatan panguripane para warga mligine warga
Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro. Saliyane iku TKEN
minangka salah sawijine kabudayan lokal kang nduweni ciri khas
lan mutu kang adiluhung saengga nganti seprene TKEN tansah
diugemi lan dilestarekake dening warga Dhusun Grenjeng.
2.3 Konsep Folklor
TKEN minangka salah sijine kabudayan ing Indonesia
khususe kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Jawa. Kabudayan
iku mesthi wae ngalami pangrembakan lan tamtune owah saka
asale, nanging iku kabeh gumantung marang tanggepane
masyarakat iku dhewe yaiku para masyarakat Dhusun Grenjeng,
Desa Sraturejo. Pewaris kang aktif sasuwening suwe mundhak
kurang, amarga kapangan wektu lan umur. Pewaris aktif
12

minangka golongan minoritas. Kamangka pewaris pasif yaiku


pewaris folklor.
TKEN minangka salah sijine tradhisi kang bisa
dilebokake sajrone folklor. Sacara etimologis tembung folklor
minangka jarwan saka tembung Inggris folklor, kang asale saka
rong tembung yaiku folk lan lore. Folk yaiku sakelompok wong
kang nduweni ciri-ciri fisik, sosial lan kabudayan, saengga bisa
dibedakake dadi klompok-klompok liyane. Lore minangka
tradhisi saka folk, yaiku saperangan kabudayan kang diwarisake
kanthi cara turun temurun lumantar cara lisan utawa kanthi cara
tuladha kang dijangkepi gerak isyarat (Danandjaja, 1984:1-2).
Sejatine, istilah folklor iku ditemokake dening William John
Thoms minangka ahli kabudayan antik (antiquarian) Inggris.
Ciri-ciri folklor miturut Danandjaja (1984:3) ngandharake
kayadene (1) disebar lan diwarisake kanthi cara lisan, yaiku
disebar saka wong siji marang wong sijine, (2) folklor asipat
tradhisional, disebarna kanthi wujud relatif tetep utawa kanthi
wujud standart lan disebarna ing antarane kolektif tartamtu kang
mbutuhake wektu suwe, (3) folklor nduweni versi lan varian
kang beda, (4) folklor asipat anonim, (5) folklor nduweni wujud
rumus utawa pola, (6) folklor nduweni piguna, (7) folklor asipat
pralogis, (8) folklor iku duweni wong akeh.
Folklor kang ngrembaka bisa didadekake idhentitas saka
kabudayan warga kang nduweni kalungguhan ing tlatah
tartamtu. Saben warga klompok, warga ing tlatah tartamtu
mesthine nduweni folklor. Folklor mujudake tinggalan sejarah
kang patut dilestarikake supaya ora muspra. Brunvard sajrone
Danandjaja (1984:21) wujud folklor adhedhasar tipene bisa
kaperang dadi telu, yaiku :
a. Folklor lisan, yaiku folklor kang wujude murni lisan, antarane:
1) Ungkapan tradhisional (paribasan, teka-teki, lan
sapanunggalane),
13

2) Lelagon rakyat,
3) Basa rakyat kayata dialek, julukan, sindhiran, basasandi, lan
sapanunggalane,
4) Pitakonan tradhisional,
5) Carita rakyat kayata dongeng, mite, legendha, sage, carita lucu,
carita cabul, lan sapanunggalane.
b. Folklor saperangan lisan, yaiku folklor kang wujude campuran
unsur lisan lan ora lisan, kayata:
1) Sandhiwara rakyat (ketoprak, ludrug, wayang lan
sapanunggalane),
2) Tari (gambyong, remo, sapanunggalane),
3) Kaprecayan lan tahayul (gugontuhon)
4) Upacara (kelairan, kawinan, wong mati, lan sapanunggalane),
5) Dolanan lan hiburan rakyat (gobaksodor, jamuran, lan
sapanunggalane),
6) Adat pakulinan kayata gotong royong, wates umur kanggo
nyunat anak, lan sapanunggalane),
7) Pesta rakyat kayata wetonan, sekaten, lan sapanunggalane.
c. Folklor ora lesan yaiku folklor kang wujude ora lisan, kayadene
arsitektur rakyat lan solahbawa tradhisional rakyat.
Hutomo (1991: 7) ngandharake konsep folklor iku
ngandhut sakabehe babagan yaiku (1) sastra lisan, (2) sastra tulis
daerah warga cilik, lan (3) ekspresi budaya kang ngemut
teknologi budaya, kawruh rakyat, kesenian. Mula saka iku folklor
uga bisa ngrembakake kabeh kang nduweni piguna luwih ing
sajrone panguripan kang kairing klawan kemajuan lan
ngrembakane jaman.
Adhedhasar jinise folklor, TKEN ing Dhusun Grenjeng,
Sraturejo, Bojonegoro iku kalebu folklor saperangan lisan,
amarga sajrone adicara TKEN kasebut ana katrangan kang asipat
lisan saka masyarakat sarta simbol-simbol kang nduweni makna
tartamtu. Saliyane iku, uga adhedhasar saka kaprecayan ing
14

bebrayan mligine bebrayan Dhusun Grenjeng kang diwujudake


kanthi upacara tradhisi kang wis dadi pakulinane bebrayan
panyengkuyunge.
2.4 Konsep Tradhisi
Poerwadarminta, (1939:1069) tradhisi yaiku sakabehing
adat, kapitayan, lan liya-liyane kang diwarisake para leluhur lan
isih ditindakake dening masyarakat. Mula adat bisa ateges
tumindak samubarang kang wis dadi pakulinan kang
ditindakake wiwit jaman biyen nganti saiki. De Hann (sajrone
Widayati, 2008:79) tradhisi minangka salah sawijine tumindake
manungsa kang nyakup sakabehe panguripan sosial, politik
ekonomi lan teknik sarta kawruh kang nduweni gegayutan karo
piguna sajrone urip bebaryan, lan lumaku kanthi cara turun
tumurun kanthi diiket dening norma.
Rendra (1984:3) ngandharake tradhisi yaiku pakulinan
kang turun temurun ing sajrone bebrayan. Tradhisi minangka
piranti kang ana kanggo nglayani bebrayan lan bisa ngrewangi
lancare ngrembakane pribadi saben wong. Saka andharan
kasebut bisa didudut yen tradhisi yaiku budaya kang diwarisake
saka leluhur ing sajrone bebrayan kang asipat amba lan
ngrembaka.
Koentjaraningrat (1985:20) ngandharake tradhisi utawa
adat bisa kaperang dadi yen tradhisi utawa adat Jawa iku
kaperang dadi patang tingkatan. Patang tingkatan iku mau yaiku
(1) tingkat nilai budaya, yaiku arupa panemu kang awujud bab-
bab kang paling wigati ing panguripane bebrayan lan lumrahe
gegayutane karo emosi lan jiwane manungsa, (2) tingkat norma-
norma, yaiku arupa nilai-nilai budaya kang gegayutan karo
panyengkuyunge saben anggota bebrayan ing lingkungane kang
diarani unggah-ungguh, ing antarane wong tuwa lan anak, guru
lan murid lan sapiturute, (3) tingkat hukum yaiku arupa hukum
kang lumaku ing bebrayan, lan (4) tingkat aturan kang mligi
15

utawa asli, yaiku arupa tumrap tumindak kang winates ing


bebrayan lan nduweni sipat konkret utawa nyata, kayata sopan
santun.
Adhedhasar patang tingkatan adat utawa tradhisi ing
dhuwur , simbol kang ana ing saben tradhisi bakal bisa dionceki
lan dimangerteni kanthi luwih gampang. Simbol-simbol kasebut
nduweni maksud utawa makna kang bakal menehi piguna
tumrap bebrayan ing dhaerah iku.
2.5 Konsep Fungsi
Kabudayan kang tuwuh lan ngrembaka sajrone bebrayan
mujudake sawijine tradhisi utawa kabiasaan kang dilakoni
dening masyarakat kang precaya ngenani adicara kasebut.
Kabudayan kang dilakoni dening masyarakat kasebut nduweni
piguna tartamtu tumrap masyarakat. Piguna-piguna kasebut
bakal narik kawigatene masyarakat supaya tetep ngugemi lan
ngrembakake tradhisi kasebut. Kayadene TKEN ing Dhusun
Grenjeng nduweni piguna-piguna kanggo masyarakat khususe
masyarakat Dhusun Grenjeng.
Bascom kang dikutip dening Danandjaja (1984: 19)
piguna folklor kanggo masyarakat panyengkuyunge bisa
kaperang dadi papat, yaiku: (1) minangka sistem proyeksi, yaiku
minangka sarana piranti kang dadi kaca benggalaning angen-
angen sawijine kolektif, (2) piranti pengesahan pranata-pranata lan
lembaga kabudayan, (3) kanggo sarana pendidikan, (4) pameksa
lan ngawasi supaya norma-norma masyarakat bisa diugemi
dening kolektif.
Dundes (sajrone Sudikan, 2001:152) ngandharake piguna
folklor ana papat yaiku (1) kanggo mujudake rasa solidaritas
kolektif, (2) menehi salah sawijine bab kang dibenerake dening
masyarakat, (3) menehi cara kang dibenerake dening masyarakat
supaya bisa ngandhani wong liya, (4) minangka alat kanggo
16

mrotes adil lan ora kahanan ing sajrone masyarakat, lan (5)
menehi cara kang bisa narik kawigaten saka donya.
Malinowski (sajrone Hutomo, 1991: 18) ngandharake yen
sastra lisan bisa nduweni fungsi minangka kontrol sosial lan
kanggo panggulawenthah tumrap mudha-mudhi. Malinowski
(sajrone Hutomo, 1991:19) ngandharake yen fungsi minangka
unsur-unsur kabudayan yaiku wujud kanggo nyukupi
kabutuhan naluri manungsa. Kabutuhan manungsa ing ngalam
donya iku wujude maneka warna. Salah sawijine kabudayan uga
bisa dadi panggulawenthah tumrap generasi mudha, babagan
kaya ngono iku ndadekake panemu dening generasi mudha.
Mula, kanggo nintingi piguna saka TKEN iki,
nggunakake konsep Bscom amarga dianggep luwih trep kanggo
ngonceki piguna kang kinandhut sajrone TKEN. Dumadi saka
patang piguna folklor, yaiku (1) minangka sistem proyeksi, (2)
minangka piranti ngesahake pranata-pranata lan lembaga
kabudayan, (3) minangka piranti pendhidhikan kanggo anak, (4)
minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi amrih norma-norma
sajrone masyrakat tansah diugemi. Kaya kang wis diandharake
ing dhuwur, konsep pigunane folklor ing satengahe bebrayan iku
wigati banget, iku nggambarake yen folklor nduweni piguna
tumrap masyarakat panyengkuyunge, mula anane tradhisi ing
tengahe bebrayan iku angel dipisahake amarga nduweni piguna
kang akeh banget tumrap pangrembakane kabudayan. Anane
piguna-piguna kang kinandhut sajrone tradhisi Jawa ndadekake
tradhisi Jawa kasebut diugemi lan diuri-uri dening bebrayan
saengga ora ilang kagiles jaman kang saya suwe saya maju.
Kayadene TKEN ing Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo,
Kecamatan Baureno, Kabupaten Bojonegoro.
2.6 Konsep Makna Simbolis
Tembung simbol asale saka basa Yunani yaiku symbolos,
kang ateges tandha utawa titikan kang menehi weruh sawijine
17

bab marang wong liya (Teeuw, 1984:47). Simbol saka pamawase


Saussurean kang dikutip dening (Berger, 2010: 27) minangka jinis
tandha kang antarane penandha lan petandha iku asipat arbiter.
Sajrone upacara-upacara adat akeh kang nggunakake piranti-
piranti arupa simbol utawa lambang kang miturut para ahli
simbol-simbol iku nduweni mkna kang mbutuhake dadi
manungsa kang nduweni sipat budi luhur. Lambang ora mung
nduweni makna, nanging uga bisa menehi pengaruh tumrap
manungsa supaya tumindak kaya dene makna saka lambang
kasebut.
Herusatoto (2008: 29) ngandharake ciri-ciri saka simbol
kayata subjek dikarepake bisa mangerteni objek (subjek aktif),
nduweni luwih saka siji teges, subjek dikarepake mangerteni
objek sacara tetep, wujude abstrak, mung manungsa kang bisa
mangerteni, kang digunakake kanggo simbol ora nduweni
sesambungan kang mligi karo apa kang dilambangake,
diciptakake dening manungsa kanggo manungsa.
Kuntowijoyo (1987: 66-67) lingkungan semiotik yaiku
sakabehe bab kang arupa makna lan komunikasi, kayata
tembung, basa, mite, nyanyian seni, upacara, tumindak, piranti-
piranti, konsep-konsep, lan sapiturute. Anane lingkungan
semiotik adhedhasar ing komunitas sajrone maneka warna
makna.
Herusatoto (2008: 88) ngandharake ngenani tindakan
simbolis wong jawa antarane yaiku: (1) tumindak simbolis ing
sajrone religi, (2) tumindak simbolis sajrone upacara, (3)
tumindak simbolis sajrone seni. Mula, sajrone bebrayan Jawa
akeh kang nglaksanakake prastawa kang wigati lan ora bisa uwal
saka simbol. Simbol-simbol ngenani falsafah wong Jawa bisa
kadeleng nalika anane kaprecayan marang kakuwatan gaib.
Kakuwatan gaib utawa kakuwatan roh cikal bakal isih nduweni
peran kang wigati ing bebrayan, amarga kapercyan kasebut
18

gegayutan karo sistem nilai-nilai budaya bebrayan Jawa. Sajrone


bebrayan Jawa asring nggunakake simbol kanggo medharake
samubarang bab simbol. Simbol utawa lambang yaiku
samubarang kayata tandha lukisan, tetembungan, lencana lan
liya-liyane kang ngemot maksud tartamtu (Poerwadarminta,
1939:947).
Ilmu kang nyinauni ngenani simbol iku diarani semiotik.
Pangerten semiotik miturut Luxemburg (1992:44) ngandharake
semiotik minangka ilmu kang ngandharake babagan simbol lan
pratandha. Tembung semiotik asale saka basa Yunani yaiku
semion (pratandha) kang tegese ilmu kang nyinaoni sistem
pratandha lan pralambang, sistem lambang sarta proses
pralambang (Luxemburg, 1992:44). Pierce (sajrone Luxemburg,
1992:46) ngandharake yen faktor-faktor kang nemtokake anane
tandha, yaiku (1) tandha kuwi dhewe, (2) bab kang ditandhani,
lan (3) sawijine tandha anyar kang dumadi ing batine panampa.
Saliyane nyinaoni ngenani tandha, semiotik uga nyinaoni
babagan pralambang utawa simbol.
Teeuw (1984:47) ngandharake ngenani semiotik utawa
semiologi yaiku ilmu ngenani tandha kang tansaya ngrembaka,
amarga ora mung bisa ditrepake ing ilmu basa lan sastra nanging
uga aspek-aspek tartamtu ing ilmu seni (estetik), antropologi
budaya, filsafat, lan liya-liyane.
Pierce (sajrone Nurgiyantoro, 2007: 42) uga ngandharake
tandha ana sesambungane karo bab liya kang kaperang dadi telu
yaiku (1) ikon, yaiku sawijine tandha kang dumadi adhedhasar
anane pepadhan, (2) indeks, yaiku sawijine tandha kang dumadi
sabab musababing karo apa kang disesulihi, (3) simbol, yaiku
sawijine tandha kang ditemtokake dening paugeran umum
(konvensi). Saka andharan ing dhuwur bisa didudut yen TKEN
iki minangka salah sawijine tradhisi kang nduweni makna lan
simbol tartamtu kang dikarepake dening masyarakat Dhusun
19

Grenjeng, Desa Sraturejo, Kecamatan Baureno, Kabupaten


Bojonegoro.
2.7 Konsep Owah Gingsir
Saben masyarakat nduweni tata cara kang beda kanggo
nindakake kabudayan. Saapik-apike kabudayan iku mesthi ora
statis amarga kabudayan nduweni sipat kang dinamis saengga
kabudayan iku mesthi ana owah-owahane. Owah utawa ewah
yaiku salin kahanan, malih dadi beda karo sakawit. Owah-
owahan tegese molah malih kahanane, ora lestari
(Poerwadarminta, 1939:1409). Tradhisi iku asipat dinamis
saengga saben wektu bisa ngalami owah-owahan. Miturute
Maran (2007:50-52) owah-owahane kabudayan iku krana limang
perkara, yaiku: (1) faktor kahanan utawa lingkungan alam, (2)
anane kontak karo masyarakat kang nduweni norma, nilai, lan
teknologi kang beda, (3) discovery (panemuan) lan invention
(reriptan kang anyar), (4) masyarakat ngadhopsi utawa njupuk
kabudayan liya, lan (5) bangsa nganakake modifikasi kanthi
ngadhopsi kawruh lan kapitayan kang anyar. Sukarman (2006:
38) owah gingsir kabudayan iku bisa amarga faktor saka njaba
lan saka njero. Faktor saka njero kayata discovery lan invention.
Faktor saka njaba yaiku saka proses difusi, akulturasi, lan asimilasi.
Owah gingsire, miturut Sukarman (2006: 37) umume
kaperang dadi telung tahap, yaiku (1) tahap selektif, njupuk
kabudayan kang mlebu nganggo sawijine pranata kang
digunakake, (2) tahap adhaptip, sawise nyaring lan njupuk unsur
kabudayan kang selaras, mula kudu diselarasake lan
diadhaptasiake karo kabudayan kang lawas, (3) tahap akulturasi,
yaiku nyampur lan merang antarane kabudayan anyar lan
kabudayan lawas. Shoemaker (sajrone Sukarman 2006: 37) uga
ngandharake yen owah-owahan dumadi saka telung tahap, yaiku
(1) invensi, nyipta lan ngrembakake panemu anyar, (2) difusi,
nyebarake panemu anyar marang sistem sosial, (3) konsekuensi,
20

owah-owahaning kang dumadi ing sistem sosial minangka


wujud pengadaptasian utawa penolakan inovasi.
2.8 Lelandhesan Teori
Lelandhesan teori yaiku dhasare saka saperangan teori
kang digawe lelandhesane panliten kang ditliti, kanggo nintingi
babagan sajrone objek kang arupa wujud, makna, piguna, lan
owah-owahaning kabudayan. Saperangan lan dhasaring teori iki
digunakake supaya objek kang dtliti lumaku adhedhasar konsep
kang wis tumata. Lelandhesan teori iki uga digunakake wektu
nindakake panliten ngenani TKEN ing Grenjeng supaya bisa dadi
kasil kayadene kang dikarepake dening panliti.
Babagan kapisan, kang ditintingi yaiku wujud saka
TKEN ing Grenjeng, iki nggunakake teori folklor kang
diandharake dening Danandjaja. Folklor kaperang dadi telu
yaiku (1) folklor lisan, (2) folklor saperangan lisan, (3) folklor
dudu lisan. TKEN kalebu folklor saperangan lisan amarga TKEN
kasebut minangka folklor kang wujude kacamapuran karo unsur
lisan lan unsur dudu lisan. TKEN kacampuran unsur lisan
amarga tatarakiting anggone nindakake TJP wis dadi
kesepakatane anggota-anggota kolektife, kayata kepriye tata
carane nemtokake tanggal sajrone TKEN. Adicara TKEN uga
sesambungan karo lisan kang diwujudake saka donga kang
diucapake dening modin, kang pocapane kasebut nganggo lisan.
TKEN uga kacampuran unsur dudu lisan amarga nggunakake
ubarampe, kirab lan liya-liyane kang wujude ora lisan nanging
uga diwulangake kanthi cara lisan.
Babagan kapindho, yaiku ngenani makna kang
kinandhut sajrone TKEN, nggunakake teori semiotik Pierce
(sajrone Luxembrug, 1992:44-46). Semiotik yaiku ilmu ngenani
tandha-tandha lan lambang-lambang. Ing teorine Pierce
ngandharake faktor-faktor kanggo nemtokake tandha, yaiku (1)
21

tandha iku dhewe, (2) bab kang ditandhani, lan (3) sawijine
tandha anyar kang dumadi ing batine panampa.
Babagan katelu, yaiku ngenani fungsi kang kinandhut
sajrone TKEN, nggunakake teorine Bascom ngenani fungsi
kabudayan. Konsep fungsi kasebut digunakake kanggo nintingi
pigunane TKEN kanggone masyarakat Jawa. Fungsi kabudayan
dumadi saka patang fungsi folklor yaiku : (1) minangka sistem
proyeksi, (2) minangka sarana pangesahan pranata –pranata lan
lembaga-lembaga kabudayan, (3) minangka sarana
pendhidhikan, (4) minangka sarana piranti kanggo meksa lan
ngawasi supaya norma-norma ing satengahe masyarakat
diugemi lan ditindakake dening anggota kolektif. Saliyane iku uga
nggunakake teori kang diandharake dening Dundes sajrone
(Sudikan, 2001:100) yaiku (1) kanggo mujudake rasa solidaritas
kolektif, (2) menehi salah sawijine bab kang dibenerake dening
masyarakat, (3) menehi cara kang dibenerake dening masyarakat
supaya bisa ngandhani wong liya, (4) minangka alat kanggo
mrotes adil lan ora kahanan ing sajrone masyarakat, lan (5)
menehi cara kang bisa narik kawigaten saka donya.
Kapapat, babagan owah gingsire kang diandharake
nggunakake pamawase Koentjaraningrat lan Sukarman. Owah-
owahane sajrone tradhisi diperang dadi telu yaiku tahap selektif,
tahap adhaptif, lan tahap akulturasi. Faktor-faktor kang nyebabake
anane owah gingsire tradhisi kasebut amarga anane faktor intern
utawa faktor saka njero, kayata discovery lan invention, dene faktor
ekstern utawa faktor saka njaba yaiku kayata difusi, akulturasi lan
asimilasi. Saliyane iku uga dijlentrehake dening panliti ngenani
dampak owah-owahane TKEN kang ditindakake dening
masyarakat mligine bebrayan Grenjeng.
BAB III
METODHE PANLITEN
Ing bab III iki ngrembug ngenani metodhe panliten.
Metodhe panliten menehi paedah kanggo lakune panliten supaya
tumata kanthi apik lan bener. Sajrone bab iki bakal diandharake
ngenani ancangan panliten, papaning panliten lan objek panliten,
sumber dhata lan dhata panliten, instrumen panliten, tata cara
ngumpulake dhata, sarta tata cara nganalisis dhata sajrone
panliten. Andharan kanthi jangkep bakal diandharake kaya ing
ngisor iki:
3.1 Ancangan Panliten
Panliten ngenani Wujud, Makna, Piguna, lan Owah
Gingsire TKEN ing Dhusun Grenjeng yen ditintingi saka jinise,
kalebu panliten kualitatif dheskriptif. Bodgan lan Taylor kayadene
kang dikutip Moleong (2009:4) ngandharake penelitian kualitatif
yaiku minangka prosedur panliten kang ngasilake dhata
dheskripsi kang arupa tembung-tembung kang ditulis utawa lisan
lan solah bawa kang dijlimeti.
Denzin lan Lincoln (sajrone Moleong, 2009:5)
ngandharake yen panliten kualitatif yaiku panliten kang
nggunakake latar alamiah, kanthi maksud kanggo nafsirake
prastawa kang dumadi lan dilakoni kanthi cara nggunakake
sawarnane metodhe kang ana. Sarwono (2006:257) panliten
kualitatif luwih nengenake marang makna, nalar, lan kahanan
tartamtu kang kadadeyan sajrone panguripan sabendinane.
Panliten kualitatif tumrap TKEN luwih asipat dheskriptif,
amarga dhata kang dikumpulake awujud tembung-tembung lan
gambar, ora nengenake ing babagan angka. Bab dheskriptif sajrone
panliten nduweni teges eksplorasi utawa nggambarake swasana
sosial kang arep ditliti kanthi jero, amba, tur rowa.

22
23

Senajan wujud panliten kualitatif tansah ngrembaka lan owah,


nanging panliten kualitatif dheskriptif kalebu tintingan panliten
kang cetha, amarga bisa ngasilake dhata panliten kang sistematis
adhedhasar kasunyatan tumrap objek panliten.
3.2 Papaning Panliten
Papan panliten minangka papan kang didadekake
tujuwan kanggo nggolek sakabehing dhata dening panliti. Papan
panliten ngenani TKENditindakake ing Dhusun Grenjeng
Sraturejo Bojonegoro. Dhusun Grenjeng manggon ing sisih kulon
saka Desa Sraturejo. Dhusun Grenjeng mayoritas masyarakate
tani. Panliti njupuk Dhusun Grenjeng minangka papan panliten
amarga : (1) TKEN manggon ana ing Grenjeng. Papan kasebut
luwih cetha manggon ing petilasan sumur nganten kang ana
makame sesepuh desa yaiku Kaki Krebut (Prabu Lembu
Amisena) lan Nyai Krebut (Kanjeng Ratu Lebdasari) kang ana
gegayutane karo sejarah mula bukane Desa Sraturejo. Adicara
TKEN ditindakake saben taun khususe sawise panen yaiku ing
dina Senin Pon. Petilasan sumur nganten kasebut wis dadi
perangan kang ora bisa dipisahake karo anane TKEN, amarga
adicara TKEN ditindakake ana ing papan kasebut. (2) Sesepuh
kang mangerteni ngenani TKEN manggon ing Grenjeng. Saliyane
iku Grenjeng iku mujudake salah sawijine dhusun kang isih
ngugemi kabudayan Jawa kanthi saiki mligine ngenani TKEN.
Moleong (2009: 128) watesan geografis lan praktis kayata
wektu, biyaya, tenaga perlu didadekake timbangan sajrone
nemtokake panliten. Objek kang dadi panliten yaiku TKEN kang
manggon ana ing Grenjeng. Alesane panliti milih adicara TKEN
lan nganakake panliten iki yaiku manggone panulis kang
lumayan cedhak karo Dhusun Grenjeng, dadi panulis ora
mrelokake biyaya utawa tenaga kang akeh wragade. Pamilihan
papan panliten iki ora uwal amarga tuwuh lan ngrembakane
TKEN. Kahanan kang ana ing Grenjeng uga kagolong dhusun
24

kang isih ngugemi tata krama kang becik, kayata saben satekane
panulis ing papan panggonan ditrima kanthi apik, masyarakate
katon saling kurmat, saliyane iku uga kadeleng yen masyarakate
katon guyub rukun kang kabukten saka interaksine masyarakat
sabendinane kang katon harmonis lan bisa kabukten nalika
dianakake adicara TKEN, sakabehe masyarakat wiwit nom
nganti tuwa, miskin sugih padha guyub rukun dadi siji kanggo
ngregengake TKEN.
3.3 Sumber Dhata lan Dhata Panliten
Panliten TKEN ing Grenjeng pikantuk sumber dhata lan
dhata panliten saka informan, sumber dhata lan dhata panliten
kaandharake ing ngisor iki:
3.3.1 Sumber Dhata
Arikunto (2010:172) sumber dhata minangka subjek saka
ngendi dhata kasebut bisa dipikolehi. Sumber dhata yaiku
sumber dhata kang bisa menehi informasi utawa kawruh marang
panliti. Lofland kang dikutip dening Moleong (2009:157) sumber
dhata sajrone panliten cacahe ana loro yaiku sumber dhata primer
lan sumber dhata sekundher.
Sumber dhata primer yaiku sumber dhata kang mligi ana
sajrone panliten iku dhewe, sajrone panliten kualitatif iku sumber
dhatane yaiku informasi ngenani TKEN ing Grenjeng kang
dipikolehi saka informan. Informasi kasebut arupa tembung-
tembung lan tumindake manungsa. Sumber dhata sekundher
yaiku sumber dhata tambahan sajrone panliten kang
nyengkuyung sumber dhata primer, tuladhane kang awujud
rekaman, dhokumentasi, lan sapanunggalane.
Sumber dhata ing panliten TKEN iki yaiku masyarakat
kang ana ing wilayah Grenjeng, kang diasilake kanthi cara
wawanrembug. Masyarakat kang menehi informasi kuwi bisa
diarani informan. Informan yaiku wong kang bisa menehi
katrangan utawa informasi ngenani objek panliten. Kanggo
25

namtokake sawijine pawongan kang bisa didadekake informan


kamangka diprelokake persyaratan yaiku: (1) jujur, (2) ora
kagolong wong kang bertentangan karo latar panliten, (3) manut
ing aturan, (4) luwes wektu menehi informasi, (5) taat ing janji,
(6) anduweni pamawas tartamtu ngenani kadadeyan kang ana
ing sajrone panliten (Moleong, 2009: 132).
Sudikan (2001:91) nerangake informan bisa diperang
dadi loro yaiku informan primer lan informan sekundher. Informan
primer yaiku sawijine pawongan kang bisa menehi dhata saakeh-
akehe, sarta dhata kang jangkep kang diprelukake panliti.
Informan primer anduweni syarat yaiku (1) wong kang
gegayutan anduweni pamawas kang jembar ngenani prakara
kang ditliti, (2) umur informan kasebut wis tuwa, (3) informan
sehat jasmani lan rohani, (4) informan kasebut nduweni sipat
netral, (5) informan uga tokoh masyarakat, (6) informan kasebut
nduweni pengetahuan kang jembar ngenani babagan kang ditliti.
Sajrone panliten TKEN ing Grenjeng, kanthi tintingan
wujud, makna, fungsi lan owah gingsire iki, informane yaiku (1)
Bapak Haryanto Abdoellah minangka carik saka Desa Sraturejo
lan uga ketua saka Sanggar Pakeliran ing Desa Sraturejo. (2)
Bapak Simat minangka sesepuh Dhusun Grenjeng kang biasane
nggawe ubarampe-ubarampe TKEN, (3) Mas Agung Yatmoko,
SH. SPd minangka cucuk lampah sajrone TKEN lan uga
minangka juru serat sajrone Sanggar Pakeliran, (4) Bapak
Sutrisno minangka mudin Desa Sraturejo, (5) Bapak Kusnan
minangka petani Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo.
3.3.2 Dhata Panliten
Dhata minangka perangan saka panliten. Dhata sajrone
panliten TKEN ing Grenjeng iki awujud dhata lesan yaiku saka
asiling rekaman wawancara kang arupa tembung-tembung,
ukara, lan wacana saka informan. Dhata tulisan yaiku arupa
pethikan-pethikan katrangan saka para ahli kang tinulis ing
26

buku. Dene dhata kang awujud barang yaiku arupa gambar saka
asiling dhokumentasine tata laku lan ubarampe TKEN.
3.4 Instrumen Panliten
Miturut Arikunto (2010:203) instrumen panliten yaiku
alat utawa saranakang digunakake dening panliti sajrone
ngumpulake dhata supaya panliten bisa lumaku kanthi gampang
lan asile uga apik kayata luwih njlimet, jangkep, lan sistematis
saengga luwih gampang diolah.
Ing panliten iki, panliti minangka pihak sepisan kang
dadi instrumen utama amarga panliti nindakake utawa pelaku
saka awal nganti akhir panliten, kang diwujudake ing laporan
panliten. Panliten TKEN ing Grenjeng iki minangka panliten
lapangan kang nggunakake piranti-piranti panliten kang lumrahe
kanggo nggolek dhata yaiku:
(1) Kamera Digital kanggo njupuk gambar utawa foto nalikane
adicara.
(2) Hp kanggo ngrekam nalika wawanrembug karo informan.
(3) Daftar pitakonan kanggo wawancara.
(4) Buku cathethan lan pulpen kanggo nyathet bab-bab kang
wigati nalika nindakake panliten ing lapangan.
3.5 Tata Carane Ngumpulake Dhata
Panliten tumrap adicara TKEN nggunakake maneka cara
pangumpulan. Panliten kaya mangkene lumrah asebut panliten
lapangan, amarga panliten langsung tumuju papaning panliten
kanggo nintingi sakabehe prakara kang bakal diandharake luwih
rowa maneh. Tata cara pangumpulane dhata ing sajrone panliten
iki diperang dadi telu yaiku:
3.5.1 Teknik Observasi
Babagan observasi kalebu bab kang kudu ana sajrone
panliten lapangan. Observasi miturut Sarwono (2006: 224) nyatet
sacara sistematik kadadeyan-kadadeyan, tumindak, objek-objek
kang dideleng lan perkara-perkara kang diprelukake anggone
27

nyengkuyung panliten kang dianakake dening panliti. Moloeng


(2009:175) ngandharake paedah observasi utawa pengamatan
yaiku bisa ngoptimalake kabisane panliti saka segi motif,
kaprecayan, kawigaten, prilaku ora sadhar lan pakulinan.
Sudikan (2001:86) merangake teknik pengamatan dadi loro yaiku:
1) Pengamatan kanthi langsung. Ing pengamatan iki panliti
langsung ngamati objek panliten lan ngamati kanthi langsung
objek panliten. Suparlan kang dikutip dening Sudikan
(2001:87) njlentrehake babagan apa wae kang kudu digatekake
nalika pengamatan yaiku ruwang lan wektu, paraga,
kagiyatan, piranti, prastawa, tujuwan lan pangrasa. Ing
pengamatan langsung, panliti kudu nduweni sesambungan
kang apik karo informan. Pengamatan kanthi langsung iki
dianakake ora mung pisan pindho nanging bisa ing wektu
kapan bae.
2) Pengamatan kang biyasa, ing teknik pengamatan iki panliti
amung kapengin weruh wae, lan ora kapengin ngontrol utawa
nliti nganti jero babagan kang arep ditliti.
Sajrone panliten TKEN ing Grenjeng iki, panliti
nggunakake rong teknik pengamatan iku mau. Observasi sajrone
panliten iki nggunakake tata cara yaiku:
(1) Panliti nekani panggonan kang dianakake TKEN ing
Grenjeng.
(2) Panliti ndeleng tata rakiting adicara TKEN ing Grenjeng.
(3) Panliti njupuk dhokumentasi sajrone adicara TKEN. Panliti
moto-moto gambar ngenani tatarakit sajrone adicara TKEN
lan ubarampe-ubarampe sajrone TKEN.
(4) Nyathet bab-bab kang dianggep wigati kang ana gegayutane
karo objek kang ditliti.
3.5.2 Teknik Wawancara
Miturut Lincoln lan Guba (sajrone Moleong, 2009:186)
wawancara yaiku pacelathon kanthi maksud tartamtu.
28

Pacelathon kasebut ditindakake dening rong pihak, yaiku


pewawancara utawa interviever kang ngajokake pitakonan lan
terwawancara utawa interviewee kang menehi jawaban ngenani
pitakonan kasebut. Miturut Maryaeni (2005:70) wawancara yaiku
cara njupuk hata kang ditindakake kanthi rerembugan lesan ing
wujud timumtun, radi tinuntun, lan ora tinuntun.
Koentjaraningrat (sajrone Sudikan, 2001:90) merang
wawancara dadi loro yaiku, (1) wawancara terencana lan (2)
wawancara ora terencana. Bedane antarane wawancara terencana
lan ora terencana yaiku ana ing prelu orane pedoman kanggo
nindakake wawancara karo informan. Yen dideleng saka wujud
pitakonane kanggo informan, wawancara bisa dibedakake dadi
loro, yaiku (1) wawancara katutup, lan (2) wawancara tinarbuka.
Wawancara katutup yaiku wawancara kang wangsulane winates
saka informan. Dene wawancara tinarbuka yaiku wawancara
kang wangsulan kang dikarepake dening informan kasebut ora
winates.
Lincoln (sajrone Moleong, 2009:188) uga merang
wawancara ana papat yaiku (1) wawancara dening tim utawa
panel yaiku ana luwih saka siji utawa loro wong kang menehi
pitakonan biasane kanthi nganggo tim, (2) wawancara katutup
lan wawancara tinarbuka, bedane yaiku saka wangsulane
informan yen diwatesi dening panliti asipat wawancara katutup,
dene ora diwatesi kalebu wawancara tinarbuka, (3) wawancara
riwayat kanthi cara lisan yaiku wawancara kang ditindakake
tumrap wong kang tau nulis sejarah utawa karya ilmiah kang
gedhe, sosial, pambangunan lan sapanunggalane, lan (4)
wawancara terstruktur lan ora terstruktur. Wawancara
terstruktur yaiku wawancara kang pewawancarane netepake
dhewe pitakonan kang ditujokake lan nduweni tujuwan kanggo
nggoleki jawaban tumrap pitakonane, dene wawancara ora
terstruktur yaiku wawancara kang pitakonane ora kasusun luwih
29

dhisik, malah diselarasake karo kahanan lan tetenger kang khas


saka responden. Kagiyatan wawancara lumaku kaya pitakonan
kang ana ing padinan, mbutuhake wektu kang suwe lan kerep
disambung dina liyane.
Cundhuk karo panemu-panemu kasebut panliti sajrone
TKEN milih wawancara terstruktur jalaran panliti luwih dhisik
nyusun dhaptar pitakonan kanggo informan lan pitakonan-
pitakonan kang ditujokake marang informan-informan kasebut
wis ditemtokake dhewe dening paliti. Panliti ing sajrone TKEN
nggunakake jinis wawancara terstruktur jalaran panliti nduweni
tujuwan kepengin mikolehake wangsulan ngenani masalah kang
dtliti. Saliyane iku wawancara kang ditindakake dening panliti
yaiku wawancara kang asipat tinarbuka, amarga wangsulan
wawancara kang dikarepake dening informan kasebut ora
winates sarta informan uga mangerteni maksud lan tujuwan
ditindakake wawancara kasebut dening panliti.
Sajrone panliten TKEN kang dianakake ing Grenjeng,
panliti anggone wawancara ora mung sepisan nanging kaping
bola-bali kanthi mbutuhake wektu kang suwe. Panliti uga ora
langsung precaya ngono wae marang apa kang diandharake
dening informan, nanging panliti uga prelu nintingi lan ngecek
sajrone kahanan kang ana ing sakiwa tengene. Panliti kudu bisa
nintingi, ngecek, lan nyocogake katrangan saka informan siji lan
sijine.
Supaya wawancara bisa luwih efektif, mula panliti
njupuk rong informan kanggo njupuk dhata. Rong informan
kasebut yaiku informan utama lan informan panyengkuyung.
Informan kang utama yaiku (1) Bapak Haryanto Abdoellah
minangka carik saka Desa Sraturejo lan uga ketua saka Sanggar
Pakeliran ing Desa Sraturejo, (2) Bapak Simat minangka sesepuh
Dhusun Grenjeng (3) Agung Yatmoko, SH. SPd minangka cucuk
lampah sajrone TKEN lan uga minangka juru serat sajrone
30

Sanggar Pakeliran. Dene informan panyengkuyung ing panliten


iki yaiku (1) Bapak Sutrisno minangka modin Desa Sraturejo, (2)
Bapak Kusnan minangka warga ing Dhusun Grenjeng Desa
Sraturejo.
Panliti milih informan kasebut amarga para informan
kasebut wis njangkepi syarat kayadene kang diandaharake
(Sudikan, 2001:91) yaiku: (1) wong kang gegayutan anduweni
pamawas kang jembar ngenani prakara kang ditliti, (2) umur
informan kasebut wis tuwa, (3) informan sehat jasmani lan
rohani, (4) informan kasebut nduweni sipat netral, (5) informan
uga tokoh masyarakat, (6) informan kasebut nduweni
pengetahuan kang jembar ngenani babagan kang ditliti. Saka
asile wawancara iku, panliti kasil oleh dhata ngenani apa kang
dadi punjere panliten TKEN yaiku dhata ngenani mula bukane
TKEN, tatarakiting TKEN, ubarampe TKEN, fungsi/piguna
TKEN, owah gingsire tradhisi sajrone TKEN kang arupa
tetembungan-tetembungan. Saliyane iku panliti uga pikoleh
dhata arupa profil Desa Sraturejo.
Koentjaraningrat (sajrone Sudikan, 2001:92) uga
ngandharake, nyathet dhata sajrone wawancara iku minangka
bab kang wigati banget, amarga yen dhata kang diolehake
kasebut ora dicathet kaya semesthine, mula saperangan dhata
bakal ilang, lan usaha nindakake wawancara kasebut amung
siya-siya bae ora ana gunane. Mula saka iku, sajrone wawancara
pewawancara uga nyepakake lan nggunakake maneka warna
piranti kanggo nyathet lan ngrekam asile wawancara kang arupa
pulpen, kertas, kamera digital, tape recorder lan asile tulisan sarta
daptar pitakonan sajrone wawancara kasebut lan diarani
instrumen.
3.5.3 Dhokumentasi
Guba lan Linclon (sajrone Moleong, 2009:216)
ngandharake yen dhokumen yaiku saben bahan kang tinulis
31

utawa film. Dhokumentasi miturute (Sarwono, 2006:225) yaiku


sarana pambiyantu kanggo panliti kanthi cara maca surat-surat,
pengumuman, iktisar rapat, prenyataan kang katulis lan bahan-
bahan tulisan liyane. Dhokumentasi nduweni piguna banget
amarga bisa dianakake tanpa ganggu objek utawa swasana
panliten. Dhokumentasi sajrone panliten TKEN ing Grenjeng, iki
ditindakake kanggo golek dhata arupa dhokumen yaiku ngenani
profil desa saka perangkat Desa Sraturejo lan foto-foto ubarampe
TKEN, foto tatarakiting TKEN, lan foto para informan.
Teknik dhokumentasi ditindakake dening panliti kanthi
cara nekani papan panggonane adicara kang bakal dtliti, maksute
panliti njupuk gambar utawa foto kang tujuwane bisa
nggampangake panliti kanggo ngandharake dhata. Tahap
dhokumentasi iki bisa kanggo nguwatake dhata asile observasi
lan asile wawancara. Dhokumen-dhokumen kang isine dhata-
dhata kang dibutuhake yaiku buku-buku kang relevan, sarta foto-
foto utawa gambar-gambar ngenani Desa Sraturejo lan TKEN.
Panliti ngumpulake dhata kang arupa profil Desa
Sraturejo kanggo ngasilake gambaran sacara umum ngenani Desa
Sraturejo yaiku kayata babagan panggonan (balaki desa,
panggonan ibadah, sekolah-sekolah kang ana ing Desa Sraturejo,
petilasan sumur nganten ing Dhusun Grenjeng). Saliyane iku uga
ngenani foto-foto kang ana sajrone TKEN kayata gambar
tatarakiting adicara TKEN lan ubarampe adicara TKEN.
Dhokumen-dhokumen utawa dhata kang wis dikumpulake saka
instansi-instansi saemper karo tema sajrone panliten TKEN.
Dhata kang awujud foto-foto bisa nampilake sakabehing dhata
kang jangkep lan dadi panyethane gambar ing panliten.
3.6 Tatacara Nganalisis Dhata
Analisis dhata kualitatif miturut Seiddel (sajrone
Moleong, 2009:248) yaiku, (1) nyathet lan ngasilake cathethan
lapangan, kanthi mangkono diwenehi tandha supaya sumber
32

dhatane isih bisa diweruhi asale, (2) ngumpulake, milah-milah,


nggolongake, mensitesiskan, nggawe ikhtisar, lan nggawe indeks,
(3) olah pamikir kanthi cara supaya dhata kasebut nduweni
makna, nggoleki lan nemokake pola lan gegayutane, lan nggawe
panemu-panemu kang asipat umum.
Panliten iki nggunakake analisis dhata kaya kang
diandharake dening Sudikan (2001:80) yaiku (1) open coding,
tegese panliti kudu nggolek variasi dhata saakeh-akehe kang
salaras karo panliten kang dilakoni, (2) axial coding, tegese
ngurutake dhata saka open coding mau miturut panggolongane,
(3) selective coding, tegese panliti nggolongake proses pemeriksaan
kategori inti kang ana gegayutane karo liyane supaya mujudake
dudutan.
Adhedhasar andharan kasebut tahapan-tahapan kanggo
nganalisis dhata sajrone panliten TKEN, ing antarane yaiku:
(1) Panliti ngumpulake dhata-dhata kang wis ana, yaiku panliti
ngumpulake dhata-dhata arupa asile observasi, kayata
rekaman wawancara karo informan-informan, cathethan
nalika nindakake wawancara, dhokumen-dhokumen profil
desa, sarta foto-foto adicara puncak TKEN yaiku awujud foto
tatarakiting lan ubarampe TKEN ing Grenjeng.
(2). Panliti milah lan milih dhata, yaiku panliti merang-
merangake dhata-dhata kang wis diolehake saka anggone
nganakake panliten. Dhata-dhata kasebut dipilih lan diperang
adhedhasar wujud, makna, piguna, lan owah gingsire sajrone
TKEN.
(3). Panliti kudu bisa nglasifikasikake dhata, yaiku kanggo milah
lan milih dhata adhedhasar masalah-masalah kang ana
sajrone undhering panliten, yaiku kayata wujud, makna,
piguna, lan owah-owahan kabudayan sajrone TKEN.
(4). Sawise telung tahap mau, panliti banjur nganalisis dhatane,
yaiku sawise dhata wis diklasifikasi, dhata dipisahake miturut
33

masalah kang arep ditliti, banjur dhata kang wis cepak


dianalisis nganti dadi draf laporan.
BAB IV
ANDHARAN ASILING PANLITEN
Tradhisi Kirap Encek Nganten minangka salah sawijine
tradhisi kang tuwuh lan ngrembaka ing Grenjeng kang
dianakake sabubare panen lan nduweni makna minangka wujud
rasa syukur warga marang Gusti Pangeran lan wujud
pakurmatan marang sesepuh desa. Tujuwan kang ana sajrone
TKEN yaiku supaya warga tansah diwenehi kaslamatan,
kasarasan, lan kahanan alam Grenjeng kang subur, tetanduran-
tetanduran kang ditandur tansah gemah ripah loh jinawi saengga
warga Dhusun Grenjeng bisa urip makmur lan tentrem.
Kanggo mangerteni monografi Desa Sraturejo bakal
diandharake kahanan alam, kahanan bebrayan kang dumadi saka
struktur pamong desa, cacah pendhudhuk, pendhidhikan,
pangupajiwa masyarakat, agama lan sistem religi, basa kang
digunakake masyarakat, gegayutan monografi desa karo TKEN
ing Desa Sraturejo.
Sajrone bab iki saliyane ngrembag ngenani monografi
Desa Sraturejo uga ngrembag ngenani mula bukane TKEN,
tatarakiting TKEN, ubarampe sajrone TKEN, piguna kang
kinandhut sajrone TKEN, lan owah gingsire. Supaya luwih
mangerteni ngenani panggonan kang digunakake kanggo
panliten dening panliti mula bakal diandharake kayata ing
ngisor iki:
4.1 Gegambaran Alam Desa Sraturejo Kecamatan Baureno
Kabupaten Bojonegoro
Desa Sraturejo yaiku salah sawijining jeneng desa kang
ana ing Kecamatan Baureno, Kabupaten Bojonegoro, Provinsi
Jawa Timur. Kecamatan Baureno minangka salah sawijining
kecamatan kang ana ing Kabupaten Bojonegoro kang manggon
ing sisih wetan kang wewatesan karo Kabupaten Lamongan.
Kecamatan Baureno kalebu kecamatan kang maju ing wilayah

34
35

Bojonegoro. ecamatan Baureno dibagi dadi 25 desa. Saka 25 desa


kasebut salah sijine yaiku Desa Sraturejo.
Desa Sraturejo dumadi saka nem dhusun. Dhusun-
dhusun kasebut dipimpin dening kepala dhusun kang cacahe ana
telung wong. Saben kepala dhusun nduweni tugas kanggo
ngatur dhusune supaya maju. Saliyane iku. Desa Sraturejo
dumadi saka Rukun Tetangga lan Rukun Warga. Cacahe Rukun
Tetangga ing Desa Sraturejo ana 31 dene cacahe Rukun Warga ana
12.
Dalan kang ana ing Desa Sraturejo yaiku dalan aspalan
lan separone dipaving. Desa Sraturejo kalebu desa kang srategis
lan maju yen dibanding desa-desa liyane amarga Desa Sraturejo
dilewati Jalur Provinsi antarane Provinsi Jawa Timur lan Jawa
Tengah. Akeh transportasi umum ing Desa Sraturejo kayadene
mikrolet, bis, becak kanggo sesambungan antarane Desa
Sraturejo lan panggonan ngendi wae uga wis akeh. Desa
Sraturejo dadi lewatane sepur saengga transportasi Desa
Sraturejo katon maju. Sarana lan prasarana transportasi uga
ndukung berkembange kegiyatan perekonomian masyarakat.
Desa Sraturejo kalebu desa kang strategis amarga wis cedhek
karo fasilitas umum, kayadene sekolahan, toko-toko, kantor,
pabrik rokok.
Jarak Desa Sraturejo menyang Kecamatan Baureno
kurang luwih 2 nganti 3 km, jarak antaraning Desa Sraturejo
menyang Kabupaten Bojonegoro sakitar 25 km, dene jarak
menyang provinsi sakitar 94 km. Desa Sraturejo sisih lor
wewatesan karo Desa Pasinan Kecamatan Baureno, sisih wetan
wewatesan karo Desa Blongsong Kecamatan Baureno, sisih kidul
wewatesan karo Desa Tlogorejo Kecamatan Baureno, sisih kulon
wewatesan karo Desa Banjaran Kecamatan Baureno. Desa
Sraturejo jembare yaiku 318.815 ha. Minangka rincian jembare
kaya mangkene:
36

Tabel 4.1
Jembare Lemah Desa Sraturejo
No Katerangan Jembare
(ha/m2)
1 Jembare lemah kang wis didegi 57.575
bangunan
2 Jembar sawah 216
3 Jembar kebun -
4 Jembar kuburan 1.800
5 Jembar pekarangan 20.000
6 Jembar taman -
7 Perkantoran 2.500
8 Jembar prasarana umum 20
Liya-liyane 893
Total 318,815
Sumber arsip Desa Sraturejo 2014
Saka tabel no.1.1 bisa dideleng yen Desa Sraturejo kalebu
desa kang nduweni lemah kang jembar. Saka jembare lemah
kasebut dibagi-bagi kanggo bangunan, sawah, kebun, kuburan,
pekarangan, taman, perkantoran, prasarana umum, lan liya-
liyane. Jembare lemah kasebut ndadekake para masyarakat Desa
Sraturejo nyambut gawe dadi tani utawa buruh tani. Para kadang
tani ing Desa Sraturejo nggunakake lemah kang jembar kasebut
kanggo sawah kang diiciri pari, mbako, jagung, brambang,
tanduran palawija liyane. Akeh tanduran kang didadekake
tanduran utama ing desa, kayadene pari lan mbako. Mula saka
kuwi akeh pendhudhuk kang ora rumangsa angel golek pangan
kanggo nyukupi kabutuhan sabendinan amarga lemah ing Desa
Sraturejo iku kalebu lemah kang gemah ripah loh jinawi, mula
masyarakat Desa Sraturejo bisa urip makmur lan ora ana
bebendu. Kanthi lemah kang gemah ripah loh jinawi kasebut,
bisa ngasilake tetanduran kang maneka werna. Saka asil panen
37

tanduran-tanduran kasebut dening warga Dhusun Grenjeng


didadekake gunungan kanggo adicara TKEN.
4.1.1 Kahanan Bebrayan ing Desa Sraturejo
Kahanan bebrayan ing Desa Sraturejo kalebu desa kang
ASRI. Desa Sraturejo dipandegani dening lurah sarta perangkat
pemerintahan liyane saengga ndadekake desa kasebut maju yen
dibandhingake desa liyane. Ing ngisor iki bakal kaandharake
ngenani kahanan bebrayan awit saka kahanan pendhudhuk,
pangupajiwa, pendhidhikan, agama lan sistem religikang ana ing
Desa Sraturejo, Kecamatan Baureno kayadene ing ngisor iki:
4.1.1.1 Struktur Pamong Desa Sraturejo
Pamong desa minangka salah sawijine pawongan kang
nduweni pakaryan kanggo ngurusi ngenani pamrintahan kang
ana ing desa. Desa Sraturejokalebu desa kang nduweni lemah
jembar. Desa Sraturejo kang maju kasusun saka 31 RT, 12 RW.
Desa Sraturejo dipandegani dening lurah kang mimpin lan
ngatur pemerintahan ing Desa Sraturejo. Lurah ing Desa
Sraturejo dipilih masyarakat saka pemilu. Lurah ora bisa ngatur
pemerintahan kanthi apik yen ora disengkuyung utawa
dibiyantu dening pamong-pamong. Perangkat desa kasebut
nduweni wewenang dhewe-dhewe miturut kaahliane. Kayadene
perangkat desa kang mbiyantu lurah yaiku kasun, modin, staf
urusan administrasi. Kasun kang mandhegani saperangan RT
dadi tangan tengene lurah. Modin ngurusi babagan adicara wong
kang tilar donya, slametan, adicara temanten, sarta bab banyu ing
sawah. Dene staf urusan administrasi kang wasis ing babagan
administrasi uga nduweni pakaryan kang wigati ing sajrone
struktur pamong desa.
4.1.1.2 Cacah Pendhudhuk Desa Sraturejo
Adhedhasar data kang dipikolehi saka profil Desa
Sraturejo taun 2013 lan 2014, cacahe masyarakat Desa Sraturejo
38

yaiku 4804 wong. Jumlah kasebut kaperang saka priya 2391 wong
lan wanita 2413 wong.
Tabel 4.2
Cacahing Pendhudhuk Desa Sraturejo
No Jenis Cacah Pendhudhuk Katerangan
Kelamin 2013 2014
1 Priya 2390 2398
2 Wanita 2396 2416
Cacah 4786 4814 Pindahan lan
kelairan
Cacahe KK 1186 1218
Kepadatan 66,44/Km 1513/Km
Pendhudhuk

Sumber arsip Desa Sraturejo 2013/2014


4.1.1.3 Pendhidhikan Masyarakat Desa Sraturejo
Pendhidhikan yaiku sarana kanggo ndhidhik manungsa
supaya nduweni kawruh kang migunani tumrap panguripan.
Pendhidhikan iku saya suwe dadi kawigaten pamrintah amarga
dianggep minangka perangan kang wigati banget. Sawijining
desa bisa diarani desa kang maju yen masyarakate nduweni
pendhidhikan kang dhuwur. Anane pendhidhikan iku bisa
mangribawani tumrap pola pikir masyarakat. Masyarakat kang
nduweni pendhidhikan luwih dhuwur bisa kritis lan logis
pamikire saengga bisa nrima lan milah ngenani pangrembakane
jaman ing era globalisasi.
Pendhidhikan ing Desa Sraturejo wis maju tinimbang
jaman biyen, senadyan isih ana wong tuwa kang durung sadhar
ngenani pendhidhikan. Ing jaman kang saya maju iki para
masyarakat nduweni kawigaten kang gedhe tumrap
pendhidhikan. Ing kene bakal diandharake ngenani
39

pangrembakane pendhidhikan kang ana ing Desa Sraturejo taun


2014:

Tabel 4.3
Wujud Pangrembakane Pendhidhikan

No Pendhidhikan Cacah Cacah Keterangan


2011/2012 2013/2014

1 Durung Sekolah 751 819 -


2 Ora tamat SD - - -
3 Tamat SD/ 2152 2145 SD, MI
sapadhane
4 Tamat SLTP/ 916 956 SMP, MTS,
sapadhane paket B
5 Tamat 816 847 SMA, SMK,
SLTA/sapadh MAN
ane
6 Tamat 14 28 -
Akademi/sap
adhane
7 Tamat 67 73 -
Perguruan
Tinggi/
sapadhane
8 Wuta aksara 69 55 -
Sumber: Arsip Desa Sraturejo 2013/2014
Saka tabel ing dhuwur bisa dideleng cacah pendhidhikan
nalika taun 2011/2012 lan 2013/2014 ana pangrembakan
pendhidhikan sajrone masyarakat Desa Sraturejo. Bisa dideleng
40

ilmu. Dene masyarakat yen arep nglanjutake sekolah ing SMP,


SMA lan perguruan tinggi bisa sekolah ing desa tetangga kang
ana ing Kabupaten Bojonegoro. Kanthi anane babagan
pendhidhikan kang luwih maju kasebut nduweni pangaribawa
tumrap adicara TKEN. Masyarakat kang nduweni pendhidhikan
maju bakal nduweni pamikiran kanggo pangrembakane TKEN.
Pendhidhikan kang luwih maju ndadekake para pendhudhuk
tansah isih gelem ngeluri kabudayan Jawa.

4.1.1.4 Pangupajiwa Masyarakat Desa Sraturejo


Saben manungsa kang uripe ing ngalam donya iku
mbutuhake sawijine pakaryan. Pakaryan minangka sawijine bab
kang wigati tumrap manungsa kanggo nyukupi kabutuhaning
urip saben dina. Maneka warna pakaryaning pendhudhuk
amarga pangribawane kahananing alam. Kahanane Desa
Sraturejo kang subur ndadekake masyarakat akeh kang dadi tani
utawa buruh tani. Senadyan ana pawongan kang ora nduwe
sawah, nanging bisa nyambut gawe ing sawahe wong liya. Ing
Desa Sraturejo ana loro pabrik kang gedhe yaiku pabrik plastik
lan pabrik rokok. Saka loro pabrik kasebut mbutuhake tenaga
kerja saengga akeh masyarakat priya lan wanita kang makarya
ing pabrik. Ing ngisor iki bakal diandharake ngenani jinis
pakaryan pendhudhuk Desa Sraturejo kang dijupuk saka buku
monografi tahun 2004 kang bisa dideleng ing tabel iki:
41

Tabel 4.4
Pakaryan Pendhudhuk Desa Sraturejo
No Jenis Pekerjaan Priya Wanita Juml %
(wong) (wong) ah
(won
g)
1 Tani 1472 896 2368 70%

2 Buruh tani 194 187 381 11,2%

3 Buruh migran 7 3 10 0,3%


wanita
4 Pegawai negeri 37 27 64 1,9%
sipil
5 Pengrajin industri - - - -
rumah tangga
6 Pedagang keliling 42 9 51 1,5%

7 Peternak 3 - 3 0,08

8 Nelayan - - - -

9 Montir 8 - 8 0,2%

10 Dokter swasta - - - -

11 Bidan swasta - 3 3 0,08%

12 Perawat swasta 1 3 4 0,1%

13 Pembantu rumah 1 4 5 0,1%


tangga
14 TNI 9 - 9 0,3%
42

15 POLRI 4 - 4 0,1%

16 Pensiunan 11 - 11 0,3%
PNS/TNI/POLRI
17 Pengusaha kecil 16 4 20 0,6%
dan menengah
18 Pengacara - - - -

19 Notaris - - - -

20 Dukun kampung - - - -
terlatih
21 Jasa pengobatan - - - -
alternatif
22 Dosen swasta - - - -

23 Pengusaha besar - - - -

24 Arsitektur - - - -

25 Seniman/Artis - - - -

26 Karyawan 62 366 428 12,64%


perusahaan
swasta
43

27 Karyawan - - - -
perusahaan
pemerintah

28 Pensiunan PNS 11 4 15 0,4 %

Jumlah 1878 1506 3384 99,85%



100 %
Total 3384 wong

Sumber: Arsip Desa Sraturejo 2014


Saka tabel ing dhuwur bisa dideleng yen masyarakat
Desa Sraturejo mayoritas pendhudhuke akeh kang makarya tani.
Masyarakat Sraturejo kang makarya dadi tani sakitar 70% lan
kang dadi buruh tani sakitar 11,2%. Jinis pakaryan kang arupa
tani iki ditindakake dening priya lan wanita, nanging kang akeh
yaiku priya. Para pendhudhuk akeh kang makarya tani amarga
nduweni sawah kang amba. Sawah kang amba iku mau dening
para kadang tani ditanduri tetanduran kayata pari, mbako,
brambang lan sayur-sayuran liyane. Ing Desa Sraturejo komoditase
arupa pari.
Saka asil panen kasebut masyarakat bisa nyukupi
kabutuhan kaluwarga saengga saya suwe panguripan
masyarakat Sraturejo katon makmur. Masyarakat tani kang ora
nduweni sawah makarya dadi buruh tani. Upah buruh tani ing
Desa Sraturejo saben dinane rata-rata nganti Rp 35.000,00. Anane
para kadang tani kang nduweni sawah lan buruh tani padha
katon nyengkuyung siji klawan sijine. Saliyane makarya
minangka tani, masyarakat uga akeh kang makarya dadi
44

karyawan perusahaan swasta amarga ing Desa Sraturejo


nduweni pabrik rokok Wismilak mula akeh masyarakat kang
makarya dadi karyawan, sisane iku para masyarakat uga
makarya dadi PNS, pedhagang keliling lan liya-liyane. Babagan
wujud pangupajiwa sajrone desa kasebut nduweni gegayutan
karo panguripane tradhisi. Pakaryan kang ditindakake dening
warga nduweni gegayutan karo lumakuning TKEN. Masyarakat
kang makarya dadi tani, buruh, tukang lan liya-liyane tansah
luwih nengenake babagan piguna tradhisi nanging kurang
nindakake amarga prabeya. Anane prabeya kang digunakake
kanggo adicara TKEN iku terkadhang dirasa abot dening para
warga kang pakaryane andhap. Masyarakat kang nduweni
pangupajiwa kang kagolong dhuwur utawa mampu (ekonomi),
sakehe warga kasebut kerep nindakake tradhisi ananging ora bisa
nlisik piguna utawa makna kang kinandhut sajrone TKEN. Mula,
kanthi anane pangupajiwa masyarakat kasebut bisa ndadekake
anggone masyarakat nduweni panemu, yen ta penting orane
anggone ngugemi tradhisi kang wis ana.
4.1.1.5Agama lan Sistem Religi
Agama minangka cekelane urip manungsa sajrone
nglakoni urip ing donya. Papan dununge agama iku manggon
ing ati lan kapercayane dhewe-dhewe, mula saka kuwi ora ana
lan ora oleh yen lumantar paksakane wong liya. Ing Bangsa
Indonesia dhewe, agama diatur dening UUD 1945. Adhedhasar
bab agama kang dienut dening manungsa sajrone UUD 1945
pasal 29 ayat 1 lan 2 kang bisa dideleng saka pethikan iki:
1) Negara berdasar atas KeTuhanan Yang Maha
Esa. 2) Negara Menjamin kemerdekaan tiap-tiap
penduduk untuk memeluk agamanya makang-
makang dan untuk beribadah menurut agamnya
dan kepercayanya itu.
45

Saka pethikan kasebut bisa dideleng yen masyarakat


Indonesia ngenani agama diatur sajrone UUD 1945. Bangsa
Indonesia ora maksa saben masyarakat kudu nduweni agama lan
kaprecayan siji nanging sakabehe mau dipasrahake marang
saben masyarakat. Mula ing Indonesia ana enem agama yaiku
Islam, kristen protestan, kristen katolik, hindu, budha, konghucu.
Ananging mayoritas masyarakat Indonesia ngugemi agama
Islam. Semana uga kang ana ing Desa Sraturejo ngugemi siji
agama yaiku Islam.
Agama iku ora mung diucapake nanging uga kudu
matuhi apa kang dadi kwajiban lan apa kang ora oleh dilakoni.
Salah sawijine kwajiban kang kudu ditindakake dening
manungsa yaiku. Kanggo nindakake ibadah, para warga
mbangun papan ibadah arupa masjid utawa mushola. Senadyan
sakabehe warga Sraturejo ngugemi agama Islam, nanging uga
isih ngugemi budaya lan tradhisi saka sesepuhe. Kayata tradhisi
kirap encek nganten kang ana gayutane karo Gusti Pangeran lan
para sesepuh desa. Miturut dhata kang dipikolehi saka kelurahan
Sraturejo, ana 28 panggonan ibadah yaiku kang arupa masjid
sarta mushola.
46

Tabel 4.5
Cacahing Papan Ibadah ing Desa Sraturejo
No Jeneng Langgar/Masjid Taun Madeg
1 Nurul Ilmi 1960
2 Al-Ihlash 1960
3 Baitul mu’minin 1967
4 An-Nur 1969
5 Nurul Imam 1970
6 Al-Muminiin 1971
7 Al-Fikri 1975
8 Baitul Amin 1978
9 Nurul Amal 1980
10 Al-Ihlash 1981
11 Al-Ihlash 1985
12 Damaruddin 1990
13 At-Thoyib 1990
14 Baiturrahman 1990
15 Al – Huda 1991
16 Al-Ihlash 1992
17 Al-Hidayah 1992
18 Hidayatul Muttaqin 1995
19 Ihya’ul Ulum 1995
20 Baitul Muttaqin 1995
21 Syajarotun Thoyybah 1996
22 An-Nuur 1997
23 Al-Huda 1998
24 Al –amin 2002
25 Al-Falah 2003
26 Al – Ihsan 2007
27 Jami Baitul Mu’minin 2009
28 Al – Falah 2010
Sumber arsip Desa Sraturejo 2014
47

Saka tabel kasebut bisa dideleng yen bangunan kanggo


ibadah ing Desa Sraturejo arupa masjid lan mushola. Masjid lan
mushola ing Desa Sraturejo wis katon akeh yaiku ana 28
bangunan. Bangunan masjid kang paling tuwa ing Desa Sraturejo
dibangun taun 1960. Bangunan masjid lan mushola ing Desa
Sraturejo saya suwe katon apik lan layak yen digawe panggonan
ibadah. Masjid kang dadi kabanggane para warga yaiku masjid
Jami’ kang kerep digunakake kanggo adicara tahlilan nalika
TKEN utawa tahlilan rutin, pengajian, lan sapiturute.
Masyarakat tansah njunjung piwulangan agama Islam,
nanging senadyan ngugemi agama Islam, masyarakat ora lali
karo tradhisi Jawa kang wis diwarisake dening para leluhur.
Gegayutan antarane babagan agama lan TKEN yaiku malah saya
suwe masyarakate padha nyengkuyung tradhisi Jawa kayata
TKEN kanthi cara nglebokake unsur agama Islam kayata
nganakake adicara tahlilan nalika pra adicara TKEN. Ritual
kejawen kang isih dilkoni dening masyarakat Sraturejo iku
nudhuhake yen masyarakat Sraturejo ora bisa ucul saka
kapercayan kang diyakini saengga saya suwe TKEN ing Desa
Sraturejo mligine ing Dhusun Grenjeng saya ngrembaka.
4.1.1.6 Gegayutane Monografi Desa Sraturejo karo Tradhisi
Kirap Encek Nganten ing Dhusun Grenjeng Desa
Sraturejo
Gegambaran kahanan Dhusun Grenjeng Sraturejo
sejatine nduweni gegayutan kang raket karo TKEN. Mula TKEN
iki saya suwe katon ngrembaka lan tansah diugemi dening
sakabehe lapisan masyarakat. TKEN uga minangka tradhisi kang
paling gedhe ing Kabupaten Bojonegoro. Mula saka mangkono
babagan iku kang narik kawigatene panliti.
Gegambaran alam ing sajrone Dhusun Grenjeng, Desa
Sraturejo nduweni gegayutan karo TKEN. Tatarakiting adicara
sajrone tradhisi kasebut uga digayutake karo kaanan alam ing
48

sajrone desa. Kaanan alam kang mujudake lemah sawah kang


jembar iku menehi daya pangribawa tumrap pangrembakane
TKEN. Adicara TKEN kang ditindakake sabubare panen pari
yaiku ing dina Senin Pon iki mujudake salah sawijine wujud
upacara adat. TKEN dipangribawani dening sumber daya alam
kang diduweni dening masyarakat mligine Dhusun Grenjeng.
Kaanan alam sajrone desa uga tansah kajaga lan ora ana bebendu
kang ndadekake kaanalam katon tansah lestari lan ora rusak.
Babagan kaanan bebrayan yen ditintingi kanthi cetha
nduweni daya pangribawa tumrap TKEN. Ing babagan pamong
desa nduweni pangribawa tumrap TKEN. Ing babagan pamong
desa nduweni pangribawa mligine sajrone ngrembakake
pamikire tumrap TKEN kang saya maju saengga ndadekake
TKEN saya ngrembaka. Pamikire para pamong desa kang luwih
maju tumrap adicara TKEN kasebut diltularake dening
masyarakat lan banjur dilaksanakake kanthi bebarengan saengga
adicara TKEN saya suwe saya ngrembaka.
Babagan pendhudhuk ing Desa Sraturejo mligine
Dhusun Grenjeng mujudake kaanan desa kang ngugemi
tradhisine iku bisa disawang saka anane tradhisi kang
ngrembaka ing sajrone masyarakat kayata TKEN, tradhisi sesuci,
tingkeban, slametan weton, slametan wong mati, slametan pari,
lan liya-liyane. Anane tradhisi-tradhisi kang isih ngrembaka
kasebut nudhuhake yen para pendhudhuk desa isih precaya lan
ngugemi tradhisi kang diwarisake saka para leluhur.
Babagan pendhidhikan sajrone pangrembakane tradhisi
uga nduweni daya pangribawa. Ing sawijine bab bisa ndadekake
tradhisi kasebut tansah ngrembaka amarga pamikiring para
mudha-mudhi kang tansah maju lan ngrembaka. Ing babagan
pendhidhikan kang saya luwih maju, para pendhudhuk isih
gelem ngeluri kabudayan Jawa nanging akeh kang ninggalake
lan ora mangerteni makna bab ubarampe lan tatarakiting TKEN
49

saengga para sesepuh kudu menehi piwulangan tumrap para


generasi mudha supaya bisa mangerteni makna saka TKEN.
Saperangan masyarakat kang ngangsu kawruh ing panggonan
liya uga nduweni pangaribawa tumrap owah gingsire TKEN.
Babagan wujud pangupajiwa sajrone desa nduweni
gegayutan karo panguripane tradhisi. Pakaryan kang
ditindakake dening warga nduweni gegayutan karo lumakuning
tradhisi kang wis ana. Kayadene masyarakat andhap, tani, buruh,
tukang lan liya-liyane nengenake bab piguna tradhisi kasebut
nanging kurang nindakake tradhisi kasebut amerga prabeya.
Sabanjure masyarakat kang mampu (ekonomi), sakehe warga
kasebut kerep nindakake tradhisi ananging ora bisa nlisik piguna
utawa makna kang kinandhut. Mula saka iku kaaanan kasebut
kudu tansah mlaku bebarengan supaya kaanan kabudayan bisa
dipikul dhuwur ing satengahing masyarakat.
Babagan kang pungkasan yaiku ngenani agama lan
sistem religi ing Desa Sraturejo. Agama nduweni gegayutan kang
raket karo lumakune kabudayan Jawa. Agama Islam kang dadi
agama utama mujudake masyarakat nduweni pamikir kang
padha tumrap sakabehe kabudayan. Senadyan masyarakat Desa
Sraturejo ngugemi siji agama yaiku agama Islam nanging isih ana
kang nindakake tradhisi Jawa. Kagiatan adicara kasebut nganti
saiki isih kerep ditindakake dening masyarakat, saengga bisa
kadudut yen masyarakat Desa Sraturejo isih ana kang ngugemi
ngelmu kejawen utawa bisa kasebut Islam kejawen. Nanging
aliran kaprecayan kang diugemi masyarakat kasebut bisa mlaku
bebarengan agama Islam lan kabudayan kang urip ing
satengahing masyarakat. Mula saka iku, ngenani babagan agama
lan sistem religi iku nduweni daya pangribawa kang wigati
tumrap kabudayan TKEN kang ngrembaka ing Dhusun Grenjeng
nganti saiki.
50

4.2 Mula Bukane Madege Desa Sraturejo lan TKEN ing


Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo Kecamatan Baureno
Kabupaten Bojonegoro
TKEN minangka salah sawijine tradhisi Jawa kang
tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun Grenjeng. Sadurunge
mangerteni ngenani tatarakit, ubarampe, fungsi, sarta owah
gingsir sajrone TKEN, luwih dhisik kudu mangerteni ngenani
mula bukane madege Desa Sraturejo minangka sumber TKEN lan
mula bukane TKEN ing Grenjeng kang bisa dideleng kaya
andharan ing ngisor iki:
4.2.1 Mula Bukane Madege Desa Sraturejo Minangka Sumber
TKEN
Sacara tartulis ora ana lan durung ditemuake manuskrip
kang ngandharake sejarah madege Desa Sraturejo kang kasusun
saka enem dusun. Amung saka carita kang diandharake sacara
lisan lan turun temurun dening generasi sabanjure kang bisa
didadeake paugeran. Carita iku ora amung saka siji sumber
nanging saka pirang-pirang sumber. Bapak. Alm. Abdullah kang
minangka bapake Bapak Haryanto (Juru kunci Sumur Nganten)
kang wis kasil nulis sawijine buku ngenani madege Desa
Sraturejo.
Buku iku ngandharake yen madege Desa Sraturejo iku
ana gegayutane karo asal-usul Desa Sraturejo. Carita kapisan
kang salaras karo sejarah baku sakitar taun 1161-1222 M yaiku
baku nalika masa krajaan Kahuripan, Jenggala, Daha lan
Ngurawan kang manggon ing Jawa Wetan yen diwawas ing
jaman saiki, Kraton Kahuripan manggon ing Surabaya, Kraton
Jenggala manggon ing Sidoarjo, Kraton Daha manggon ing
Kediri, lan Kraton Ngurawan manggon ing Desa Sraturejo,
mligine manggon ing situs petilasan Sumur Nganten kang mlebu
ing wilayah Dhusun Grenjeng.
51

Papat raja saka kraton iku minangka dulur kandung. Raja


Kahuripan asmane Prabu Lembu Amisani, raja Jenggala asmane
Prabu Lembu Amiluhur, raja Daha asmane Prabu Lembu
Amijaya, raja Ngurawam asmane Prabu Lembu Amisena. Saka
papat raja iku nduweni prajanji yen supaya tali paseduluran ora
ilang, mula saka papat raja iku anak-anake kudu dijodhohake,
lan prajanji iku dilaksanakake dening para raja kasebut.
Prabu Lembu Amisena kang minangka raja saka Kraton
Ngurawan nduweni garwa kang asmane Kanjeng Ratu
Lebdasari. Kekarone nduweni putra telu yaiku Dewi Surengrana
kang dadi garwane Raden Panji Asmara Bangun putra mahkota
Kraton Jenggala, Dewi Kumudaningrat kang dadi garwane
Raden Panji Sastra Miruda kang uga putra Jenggala, lan anak
ragil kang nduweni asma Raden Panji Sinjanglaga. Kaluwarga iki
katon urip rukun lan bagya.
Sawijine dina ing Kraton Ngurawan ana tamu saka
Kraton Daha yaiku Raden Panji Gunungsari kang isih nduweni
hubungan paseduluran yaiku minangka misanan (sepupu).
Dheweke teka menyang Kraton Ngurawan saperlu pesta (kembul
bojana andrawisa) kang dirameake kanthi hiburan langen tayub
lan tari bedhaya. Tari bedhaya minangka salah sawijine jinis
tarian kanggo nyambut para tamu. Wengi iku tari bedhaya
ditariake dening Dewi Kumudaningrat kang katon luwes. Nalika
mangerteni Dewi Kumudaningrat nari, Raden Panji Gunungsari
dadi nebsu kayungyun marang garwane Raden Panji
Sastramiruda.
Saya suwe, Raden Panji Gunungsari nandang branta
saengga tuwuh pepinginan kanggo nyidra lan nggendhak sikara
(ngrebut atine Dewi Kumudaningrat kanthi cara meksa utawa
mrawusa) kang wis nduweni garwa. Tengah wengi sabubare
pasamuwanRaden Panji Gunungsari menyang ing paturone
Raden Panji Sastramiruda lan Dewi Kumudaningrat kang peteng
52

dhedhet. Raden Panji Gunungsari kepengin nglampiasna niate


sacara ndhelik-ndhelik kanthi cara mlebu kamare Dewi
Kumudaningrat lan garwane. Raden Panji Gunungsari banjur
mbungkem Dewi Kumudaningrat lan nglangkahake sikile ing
lawang kanthi maksud kepengin nggawa metu Dewi
Kumudaningrat, nanging Raden Panji Sastramiruda tangi amarga
krungu swara jangkah sikil.
Nalika krungu swara iku Raden Panji Sastramiruda
mbengok sabanter-bantere: “Sapa kuwi?!” “Maling utawa
kucing?!”. Raden Panji Gunungsari katon kaget lan bingung
banjur nyelehake Dewi Kumudaningrat ing jobin lan menyat
saka panggonan karo njawab: “Meong....!” Krungu swara
mangkono kasebut Raden Panji Sastramiruda ora precaya yen
swara iku swarane kucing senadyan pawongan iku niru swarane
kucing. Mula Raden Panji Sastramiruda banjur tangi lan
nggodhag swara kucing kasebut. Akhire Raden Panji Gunungsari
konangan dening Raden Panji Sastramiruda lan akhire
kadadeyan apa kang ora dadi pepinginane. Kekarone padha
gelut senadyan isih dulur (sepupu).
Raden Panji Gunungsari kang pikirane bingung amarga
tumindake dikonangi dening Raden Panji Sastramiruda banjur
mlayu ngidul numpak jaran karo tato keris Raden Panji
Sastramiruda kang wis mancep ing pupu kiwane. Papan
panggonan anggone gelut mau dikramatake dening masyarakat
Sraturejo. Papan panggonan gelut mau manggon sajrone kompleks
perusahaan rokok PT. Gelora Djaja (Wismilak) papan iku diarani
“Petilasan Kucing Lamur” kang nduweni teges kucing samaran
utawa wong kang nyamar kaya kucing. Petilasan Kucing Lamur
kang ana sajrone PT. Gelora Djaja (Wismilak) manggon ing lore
petilasan Sumur Nganten. Jarak saka PT. Wismilak karo petilasan
Sumur Nganten sakitar 200m. Nalika ing kono Raden Panji
53

Gunung Sari durung kalah, dheweke isih kuwat ngadhepi Raden


Panji Sastramiruda.
Raden Panji Gunungsari banjur mlayu ngidul. Dheweke
mandheg ing sawijine panggonan karo ngenteni pangiringe kang
durung teka. Papan panggonan mandhege Raden Panji
Gunungsari nalika ngenteni pangiringe yaiku ing kidule kraton
Ngurawan. Nalikane mandheg, Raden Panji Gunungsari njabut
keris kang mancep ing pupu kiwane lan papane diarani Sawah
Panji. Raden Panji Gunungsari senadyan lara nanging tansah ora
ngrasaake amarga dheweke sejatine isih kepengin nggendhak
Dewi Kumudaningrat kang praupane ayu banget.
Kraton Ngurawan iku diyakini manggon ing petilasan
Sumur Nganten kang dening warga Sraturejo isih dikramatake.
Saben taun, sabubare panen yaiku dina Senin Pon digawe ritual
TKEN. Saliyane digawe ritual tradhisi kirap encek nganten, ing
sumur nganten uga digunakake ritual sesuci kanggo nganten
anyar. TKEN iku minangka wujud rasa syukur warga Sraturejo
mligine Dhusun Grenjeng marang Gusti Pangeran lan para
sesepuh desa yaiku Pangeran Lembu Amisena (Kaki Krebut) lan
Kanjeng Lebdasari (Nyai Krebut) kang minangka sepasang
penganten kang ora bisa dipisahake.
TKEN ora bisa dipisahake karo masyarakat Sraturejo
mligine Dhusun Grenjeng amarga tradhisi kasebut ana
gegayutane karo pembebasan Raja saka Ngurawan, yaiku Prabu
Lembu Amisena karo garwane kang asmane Putri Lebdasari
kang dikunjara dening Patih Jayakanga. Ing sawijine dina Prabu
Lembu Amisena lan garwane lagi sembahyang ing “Sanggar
Pamujan” sakitar “patirtan” kang panggonane ora adoh saka
istana Ngurawan. Nalika iku Patih Jaya Kanga nduweni niat ala
yaiku kepengin ngrebut kakuwasaane krajaan kang dikuwasani
dening Prabu Lembu Amisena. Nalika nguwasani tahta banjur
nyiapake pamberontakan. Akeh para pejabat kang kena godha
54

lan tipu daya saka Patih Jaya Kanga. Sawise Prabu Lembu
Amisena lan Kanjeng Putri Lebdasari rampung sembahyang,
dumadakan dirangket saka mburi karo prajurit pengikute Jaya
Kanga. Kadadeyan iku ndadekake Prabu Lembu Amisena lan
Kanjeng Putri Lebdasari dadi kaget.
Ana pacelaton antarane Prabu Lembu Amisena lan Patih
Jayakanga. “Ana apa iki kakang patih?” Nuwun sewu Prabu,
mbokbilih anggen kula murang tata kalih panjenengan, nanging
dina iki aku bakal mimpin Kraton Ngurawan.”Prabu Lembu
Amisena katon kaget lan ora precaya anane kadadeyan kaya iku.
Prabu Lembu Amisena ngendhika,”Kakang Patih, sun iki
ratu...Sun Ratu (saya ini raja). “Saiki ora! Sun kang Ratu!”
(sayalah yang raja). Banjur Prabu Lembu Amisena lan Kanjeng
Putri Lebdasari dilebokake ing pakunjaran kraton. Saka andharan
kanthi nggunakake tembung “Sun Ratu” (Saya Raja) iku kang
akhire dadi jeneng madege Desa Sratu.
Patih Jaya Kanga kasil ngrebut kakuwasaan Ngurawan
kanthi gelar Prabu Jayakanga lan nduweni garwa Niken
Lembayung. Putra-putrane saka Prabu Lembu Amisena lan
Kajeng Putri Lebdasari padha mlayu lan njaluk pitulungan
marang Krajaan Kahuripan, Jenggala, lan Dhaha kang minangka
kaluwarga. Mula disiapake kanggo nyusun kakuwatan supaya
bisa ngrebut pamrintahan Ngurawan. Para pangeran,
tumenggung, lan para punggawa saka patang krajaan nganakake
sidang ing sawijine panggonan pinggir sumur kanthi wit kang
agrom. Sumur kang digawe rundhingan iku diarani “Sumur
Gandring”. Tembung “gandring” asale saka tembung
“begandring” kang nduweni teges berunding.
Sawise dianakake pamberontakan ing pusate Kraton
Ngurawan, sawijining Pangeran saka patang kraton kasebut kasil
merjayani Patih Jayakanga. Kadadeyan kang kasil ngrebut Prabu
Lembu Amisena lan Kanjeng Putri Lebdasari iku ndadekake
55

Prabu Lembu Amisena lan garwane diwenehi jeneng “Kaki


Krebut” lan “Nyai Krebut”. Pasangan raja lan ratu saka Krajaan
Ngurawan iki katon kaya penganten kang ora bisa dipisahake siji
klawan sijine. Mula kekarone diarani nganten dening masyarakat
dhusun Grenjeng lan masyarakat Sraturejo umume.
Sepasang nganten kasebut kang kasil dibebasake banjur
diarak dening warga Dhusun Grenjeng kanthi ngumeti Dhusun
Grenjeng. Kaki Krebut lan Nyai Krebut katon ngucapake syukur
marang Gusti Pangeran kang wis diwenehi pitulungan supaya
bebas saka Patih Jaya Kanga. Para prajurit padha seneng
mangerteni yen raja lan ratune wis bisa bebas. Makam raja lan
ratu Ngurawan iki nganti saiki isih dijaga lan diramut dening
masyarakat Grenjeng, Sraturejo. Makam kasebut uga ditutupi
genteng utawa diarani cungkup, saliyane iku dening masyarakat
Dhusun Grenjeng kanggo ngenang Kaki Krebut lan Nyai Krebut
dianakake TKEN. Tradhisi kasebut dianakake setaun sepisan
yaiku ing dina Senin Pon.
4.2.2 Mulabukane Tradhisi Kirap Encek Nganten ing Dhusun
Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro
TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang tuwuh lan
diuri-uri dening warga Grenjeng. Diarani Tradhisi Kirap Encek
Nganten amarga kang digawe kirap kanggo tradhisi kasebut
yaiku arupa encek. Teges saka encek yaiku baki utawa lengser
kang digawe saka pring banjur dinam kanthi arang-arang.
Sajrone adicara TKEN, cacahe encek iku ana loro yaiku encek
nganten lan encek sega. Encek nganten diperang dadi loro yaiku
encek lanang lan wadon. Encek nganten kasebut minangka
simbol sapasang nganten yaiku Prabu Lembu Amisena (Kaki
Krebut) lan Kanjeng Ratu Lebdasari (Nyai Krebut). Tembung
nganten minangka dialek saka masyarakat Grenjeng kang asale
saka tembung manten. Tembung nganten ing kene nduweni
teges wong loro lanang lan wadon kang ora bisa dipisahake
56

nganti mati. Encek nganten kang digunakake sajrone TKEN


digawe saka asil bumine para warga lan kanggo nggawe wujud
ragangan encek nggunakake pring ori. Para warga milih
nggunakake pring ori amarga pring kasebut dirasa luwih kuwat.
TKEN uga minangka siji-sijine tradhisi kirap kang
dianakake sacara gedhen ing Kabupaten Bojonegoro. Adicara
TKEN saya suwe pancen saya ngrembaka. Tradhisi kasebut
nduweni gegayutan karo mula bukane madege Desa Sraturejo.
Adicara TKEN dianakake ing dina Senin Pon sawise para kadang
tani panen pari rendhengan. Para warga milih dina Senin Pon
amarga dina iku minangka dina kalairan sesepuh Grenjeng yaiku
Prabu Lembu Amisena utawa kerep diarani Mbah Sunanda.
Saliyane iku asma kanglone yaiku Kaki Krebut.
Tradhisi iki dianakake ing petilasan Sumur Nganten
kang manggon ing Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo. Petilasan
minangka panggonan kang nduweni sejarah tumrap kadadeyan
ing jaman biyen. Endraswara (2010:205) ngandharake petilasan
yaiku asale saka tembung tilas (bekas). Petilasan nduweni teges
tilas panggonan kramat. Tilas kasebut arupa panggonan mligi
kang dianggep wingit lan nduweni sejarah. Petilasan bisa awujud
makam utawa liya-liyane. Panggonan kasebut dianggep nduweni
berkah saka para leluhur, apa maneh yen leluhure nduweni
kasekten, wibawa, lan nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap
masyarakat.
Petilasan sejarah iki arupa pondhasi bangunan kuno
kang asale saka batu bata ukurane sakitar (20x35 cm). TKEN kang
ngrembaka ing Dhusun Grenjeng iku dianakake dening sakabehe
lapisan masyarakat. Nalika ana adicara TKEN masyarakat katon
seneng banget. Babagan mula bukane TKEN iki diandharake
dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:
“Mula bukanipun TKEN ing Dhusun Grenjeng Desa
Sraturejo niki kangge ngurmati Kaki Krebut lan Nini
57

Krebut ingkang disareaken wonten petilasan Sumur


Nganten ingkang diwastani punden bubak. Rumiyin
Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang dados
pepundhen ingkang saniki kadosta bupati, rumiyin
niku uga diwastani akuwu. Menawi dipun tlusur
saking sejarah baku Indonesia menika kinten-kinten
wonten sakitar jaman Kangasari, Kediri ingkang
pungkasan ngantos jaman Majapahit, amarga ing
ngriku wonten wujud bata ingkang ageng umpami kita
bandhingaken kaliyan petilasan wonten ing candhi-
candhi Jatim. Ingkang wonten Sumur Nganten inggih
bata-bata ageng ingkang saniki taksih kependhem.
Kaki Krebut lan Nyai Krebut rumiyin nate dados
adhipati lan dibrontak kalih patihe. Patihe kanthi asma
Jayakanga menika nate ngrebut panguwaos. Kaki
Krebut menika ing ngriki dikenal kanthi asma
Basunanda utawa wonten ingkang mastani Prabu
Lembu Amisena. Bupati sangandhape ing pamrintahan
Kediri niku nggunakake tembung Lembu Maesa.
Wonten ing Sumur Nganten menika Prabu Lembu
Amisena utawa Basunanda wonten owah-owahan uga
diwastani Mbah Sandhong sekaliyan Prameswari
dirangket dening Patih Jayakanga, pungkasan diluwari
dening para ksatriya, para punggawa lan Patih
Jayakanga dipungkasi. Wekasan kekalihipun (Prabu
Lembu Amisena lan Kanjeng Putri Lebdasari)
disesuceni wonten Sumur Nganten menika. Bakda niku
minangka wujud rasa syukur amarga kasil
dibebasasaken mula Raja lan Ratu kasebut diarak utawa
diiring dening masyarakate. Banjur ngawontenaken
manganan ing kraton kang samenika manggen ing
petilasan Sumur Nganten.” (Bapak Haryanto, 19 Mei
2014)

Saka andharan Bapak Haryanto bisa dideleng yen


adicara TKEN iku dianakake kanggo mujudake rasa syukur
58

warga marang Gusti Pangeran lan sesepuh desa yaiku Kaki


Krebut lan Nyai Krebut kang wis kasil mbuka lan mimpin Desa
Sraturejo mligine Dhusun Grenjeng nalika jaman krajaan
Ngurawan. Ing jaman biyen Kaki Krebut uga diarani akuwu,
yaiku ing jaman saiki kayata bupati. Nalika dadi raja krajaan
Ngurawan, Prabu Lembu Amisena lan garwane kanthi asma
Kanjeng Ratu Lebdasari dibrontak dening patihe kanthi asma
Patih Jaya Kanga. Patih Jaya Kanga minangka salah sawijine
tangan tengen saka Kaki Krebut, nanging amarga Patih Jaya
Kanga kepengin ngrebut kakuwasaan kang diduweni dening
Kaki Krebut, banjur nalika Kaki Krebut lan Nyai Krebut
sembahyang ing sakitar petilasan Sumur Nganten dikunjara
dening Patih Jayakanga. Wekasan Kaki Krebut lan Nyai Krebut
ora bisa nglawan. Banjur Patih Jaya Kanga dadi raja krajaan
Ngurawan. Para prajurit lan pejabat pamrintahan Ngurawan
kasil dibujuki dening Patih Jaya Singa.
Putra saka Prabu Lembu Amisena lan Kanjeng Ratu
Lebdasari njaluk pitulungan marang krajaan Daha, Kahuripan,
Jenggala. Saka rombongan iku banjur mbebasake Prabu Lembu
Amisena lan Kanjeng Ratu Lebdasari. Patih Jaya Kanga dipateni
dening para raja lan prajurit saka telung krajaan kang uga
minangka dulur kandhung saka Kaki Krebut lan Nyai Krebut.
Nalika pambebasan ngalawan Patih Jaya Kanga, putra sijine saka
Prabu Lembu Amisena kanthi asma Raden Sinjanglaga tilar
donya amarga kena kerise Patih Jaya Kanga. Sawise bisa
dibebasne Kaki Krebut lan Nyai Krebut banjur disesuceni lan
diarak utawa dikirap dening warga Dhusun Grenjeng. Nganti
saiki diuri-uri dening warga Dhusun Grenjeng kanthi nganakake
adicara TKEN.
Ing wilayah petilasan Sumur Nganten ana wit ringin
gedhe kang cacahe ana loro. Wit ringin gedhe kasebut manggon
ing sisih wetan saka petilasan Sumur Nganten saengga petilasan
59

Sumur Nganten katon agrom. Sumur nganten iki pancen kentel


karo sejarah mula bukane madege Desa Sraturejo saengga akeh
masyarakat mligine masyarakat Grenjeng kang nduweni
kawigaten marang petilasan Sumur Nganten. Panggonan kasebut
uga dikurmati dening warga Grenjeng lan sakitare. Ing jaman
biyen jarang ana wong kang wani dolanan ing petilasan Sumur
Nganten amarga dening para warga panggonan kasebut
dianggep wingit utawa angker. Babagan Sumur Nganten
diandharake dening Bapak Haryanto:
“Amarga sumur menika rumiyin dados panggenan
ingkang sakral damel sesuci pasangan inggih menika
Kaki Krebut lan Nyai Krebut. “(Bapak Haryanto,
wawancara 19 Mei 2014)

Adhedhasar pethikan wawancara karo Bapak Haryanto


bisa dideleng yen diarani petilasan Sumur Nganten amarga ing
jaman biyen ana sawijine pasangan yaiku Kaki Krebut lan Nyai
Krebut kang minangka raja Kraton Ngurawan disesucine ing
Sumur Nganten. Kekarone sesuci ing kono amarga bisa bebas
saka pakunjaran kang dianakake dening Patih Jaya Kanga. Kaki
Krebut lan Nyai Krebut kasil dibebasne dening anak-anake lan
sedulure. Nalika iku Patih Jayakanga kang dianggep pambiyantu
Kraton Ngurawan malah khianat marang raja lan ratune.
Panggonan Kraton Ngurawan iku ana ing petilasan Sumur
Nganten kang nganti saiki isih dijaga lan dilestariake dening
warga Dhusun Grenjeng.
Sumur Nganten wiwit jaman biyen nganti saiki
digunakake kanggo adicara TKEN lan saliyane iku uga
digunakake kanggo adicara sesuci. Malah saya suwe petilasan
Sumur Nganten iku dibangun apik dening pamrintah Desa
Sraturejo kanthi cara dipaving. Plataran Sumur Nganten iku
dibangun supaya yen nalika nganakake kirap encek nganten ora
60

embet nalika mangsa udan lan supaya katon resik. Saliyane


dipaving, ing petilasan Sumur Nganten uga diwenehi panggonan
dolanan dadi akeh bocah-bocah cilik kang dolenan ing petilasan
Sumur Nganten. Salaras karo andharane Bapak Haryanto,
babagan Sumur Nganten uga diandharake dening Mbah Simat
kaya pethikan wawancara iki:
“Amarga peteking nganten iku dhateng sumur niku lan
kuburane nganten ya manggon ing sumur niku Mbak.
Kuburan loro niku kuburane Kaki Krebut lan Nyai
Krebut.” (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharane Mbah Simat bisa dideleng yen diarani


Sumur Nganten amarga peteking nganten ana ing panggonan
iku. Nganten kang dimaksud yaiku Prabu Lembu Amisena (Kaki
Krebut) lan Kanjeng Ratu Lebdasari (Nyai Krebut). Saliyane ana
Sumur Nganten kang dadi panggonan sakral dening warga
Dhusun Grenjeng lan sakitare, ing petilasan Sumur Nganten uga
ana makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Makam iku manggon
ing sisih lore sumur. Makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut ing
dhuwure diwenehi cungkup nanging ing dhuwure cungkup iku
ana bedane. Cungkup Kaki Krebut ana mahkotane kang
nglambangake bilih Kaki Krebut minangka raja saka Kraton
Ngurawan.
Ing puser makame diwenehi mori lan ing dhuwure makam uga
diwenehi watu-watu. Makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut
tansah dijaga nganti saiki. Makam iki biasane disekari dening
para warga nalika nduweni kajat. Nalika adicara TKEN, makam
Kaki Krebut lan Nyai Krebut diresiki lan diwenehi ubarampe-
ubarampe kang wis disiapake dening warga.
Adicara TKEN kang diuri-uri dening masyarakat
Dhusun Grenjeng iku minangka wujud rasa syukur warga
Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo marang Gusti Pangeran kang
61

wis menehi panen pari rendhengan lan wujud kurmat marang


Prabu Lembu Amisena (Kaki Krebut) lan permaisuri Lebdasari
(Nyai Krebut) kang wis mbuka alas dadi Desa Sraturejo mligine
Dhusun Grenjeng. Sajrone TKEN kasebut nduweni tujuwan
supaya masyarakat mligine Dhusun Grenjeng lan umume Desa
Sraturejo bisa urip kanthi slamet adoh saka bebendu. Kahanane
TKEN ing jaman saiki wis nduweni saperangan makna lan
piguna kang beda yaiku amarga owah gingsire jaman kang saya
modern. Babagan adicara TKEN diandharake dening Bapak
Haryanto ing pethikan wawancara iki:
“Rumiyin menika Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang
dikirap ngubengi dhusun, lajeng sasampunipun Kaki
Krebut lan Nyai Krebut tilar donya lajeng
dingawontenaken kirap kanthi nggunakake jodhang.
Menawi kirap saking kawontenan dhusun menika
sakitar kepala desa ingkang sepisan inggih menika taun
1921 menika wonten kepala dhusun Grenjeng, amarga
rumiyin menika Desa Sraturejo gadhah tiga kepala
dhesa, dados Desa Sraturejo menika sakitar taun 1923.
Lurah kapisan asmane Mbah Sarijan. Rumiyin ingkang
didamel kirap menika jodhang, ingkang isinipun inggih
kadosta kembang goyang, kucur, jadah, ondhe-ondhe,
nagasari pokoe ingkang didamel adicara ngantenan
ngoten niku, niku diwiwiti taun 1921 lajeng vakum taun
1984-1990 mboten nate dipun ngawontenaken malih
mung dingawontenaken nanging manganan kemawon.
Niku kok dirasa wonten ingkang aneh ngoten nalika
mboten ngawontenaken Kirap Encek Nganten menika
kathah pageblug lan kacingkrangan, inggih lajeng
dipun ngawontenaken malih dening masyarakat
amargi masyarakat inggih ajrih, wiwit taun 2011 niki
didamel encek nganten ingkang arupi woh-wohan lan
janganan menika.” (Bapak Haryanto, wawancara : 19
Mei 2014)
62

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


TKEN iku kawiwitan kang dikirap yaiku sepasang nganten (Kaki
Krebut lan Nyai Krebut) amarga wis bisa bebas saka Patih Jaya
Kanga. Sawise Kaki Krebut lan Nyai Krebut tilar donya, adicara
TKEN tansah diuri-uri dening warga, nanging para warga
nggunakake jodhang kanggo dikirap. Ing jaman biyen, Desa
Sraturejo iku nduweni telu kepala desa. Salah sijine kanthi asma
Mbah Sarijan kang dadi Kepala Desa ing Grenjeng. Panjenengane
nganakake TKEN kanthi nggunakake jodhang sakitar taun 1921.
Jodhang kang cacahe loro kasebut diarak saka balaki desa
menyang omahe Pak Lurah banjur sawise iku digawa menyang
petilasan Sumur Nganten. Jodhang yaiku minangka salah
sawijine piranti kanggo wadhahe jajan kang digawe saka kayu
jati kang dibentuk pesagi panjang.
Nalika taun 1984-1990 adicara TKEN iku banjur ora
dianakake dening warga Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo.
Alesan kang ndhasari ora dianakake adicara TKEN ora jelas.
Adicara TKEN iku ora ana amarga kaputusan saka Bapak Silam
Hadi nalika dadi Kepala Desa Sraturejo periode 1971-1990.
Anane peraturan kang kaya mangkono iku para warga kudu
melu naati kaputusan Kepala Desa senadyan para warga Dhusun
Grenjeng ora mangerteni alesan kang njalari ora dianakake
TKEN.
Adicara TKEN ora dianakake nganti taun 2010, banjur
dianakake maneh taun 2011. Alesan kang nyebabake para warga
nganakake maneh adicara TKEN amarga nalika ora dianakake
ing Dhusun Grenjeng akeh pageblug. Nalika iku para warga
padha bingung lan wedi saengga para warga nduweni
pepinginan lan niat supaya adicara TKEN dianakake maneh.
Nalika adicara TKEN dianakake maneh ngalami owah-
owahan. Ing jaman biyen kang dikirap yaiku jodhang kanthi isi
jajan-jajan nanging nalika taun 2011 diganti kanthi woh-wohan
63

lan janganan kang ditata kaya gunung. Woh-wohan lan janganan


kasebut arupa palasandhung, palagantung, lan palapendhem.
Sakabehe mau asale saka warga kang ditata apik lan cacahe ana
loro yaiku encek lanang lan encek wadon. Encek lanang
minangka lambang saka Kaki Krebut (Prabu Lembu Amisena)
dene encek wadon minangka Nyai Krebut (Kanjeng Ratu
Lebdasari). Babagan TKEN uga diandharake dening Mbah Simat
kang minangka sesepuh desa kaya andharan iki:
“Rumiyin menika namung sedhekah bumi biasa mbak,
bektane namung encek ingkang nginggile wonten
sekule, nanging saya dangu niku masyarakat
nggadhahi pamikiran amrih tradhisi menika dados
ageng, lajeng caranipun ndamel encek ageng. Encek
ageng niku didamel saking asil panenipun para
masyarakat Grenjeng kadosta lombok, tomat, kacang
lanjaran, melon, terong. Masyarakat kang guyub rukun
iku nggawe encek lan banjur dikirap mubeng Dhusun
Grenjeng, encek iku banjur dipanggonake ing sumur
nganten.”(Mbah Simat, 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Mbah Simat kang minangka sesepuh Grenjeng bisa dideleng yen
TKEN ing jaman biyen karo jaman saiki ana owah-owahane. Ing
jaman biyen , kang digawa iku mung encek cilik-cilik kang
dhuwure ana segane lan lawuhe dene ing jaman saiki TKEN iku
diwujudake kanthi cara encek gedhe kang cacahe ana loro yaiku
encek lanang lan encek wadon. Encek gedhe mau kang diarani
encek nganten. Isi saka encek nganten yaiku woh-wohan kang
saka asil bumi kayata terong, lombok, tomat, kacang lanjaran lan
sapiturute. TKEN saya suwe ngrembaka amarga anane TKEN
kebak nilai panguripan lan budaya kang ora bisa dipisahake karo
panguripane warga. Mula para warga tansah nguri-uri TKEN
64

nganti saiki lan ora bakal ninggalake maneh tradhisi kang wis
diturunake dening para sesepuh.

4.3 Tatarakiting Tradhisi Kirap Encek Nganten ing Grenjeng


Sraturejo, Bojonegoro
TKEN iku nduweni tatarakit kang beda karo tatarakit
sajrone tradhisi liyane kang ngrembaka mligine ing Kabupaten
Bojonegoro. TKEN iki wis ana wiwit jaman biyen nganti saiki,
saya suwe TKEN saya ngrembaka. Adicara TKEN biasane
diwiwiti nalika dina Minggu Pahing, nanging rame-ramene ing
dina Senin Pon. Tatarakiting sajrone TKEN iku nduweni makna
kang becik tumrap panguripane manungsa mligine kanggo
warga Grenjeng. Manut kamajuane jaman, tatarakiting TKEN uga
ngalami owah-owahan. Adicara TKEN ora bisa kalaksanan
kanthi sampurna yen tatarakite ora dilaksanakake saka wiwitan
nganti pungkasan. Tatarakit TKEN diperang dadi loro yaiku pra
lan inti. Tatarakit ing pra yaiku dilaksanakake ing Minggu
Pahing dene tatarakit inti ing dina Senin Pon. Urutan tatarakiting
adicara TKEN bisa dideleng kayata andharan iki:
4.3.1 Ngresiki Dhusun Grenjeng Sraturejo
TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang diwarisake
dening para leluhur lan ngrembaka ing Grenjeng. Sadurunge
adicara TKEN kalaksanan ing dina Senin Pon, biasane kanggo
nyambut adicara TKEN wis diwiwiti nalika dina Minggu Pahing.
Tatarakite kang sepisan yaiku ngresiki dhusun. Sadurunge
ngresiki dhusun Grenjeng yaiku ing dina Minggu Pahing, biasane
nalika dina Kamis malem Jumuah, para warga kang tahlilan iku
diwenehi pawarta yen dina Minggu Pahing bakal dianakake
resik-resik dhusun. Sawise para warga mangerteni pawarta
kasebut, banjur ing dina Minggu Pahing padha cepak-cepak
kanggo resik-resik.
65

Para warga tuwa lan mudha padha ngresiki dhusun


supaya dhusune katon luwih resik. Ngresiki dhusun
dilaksanakake wektu esuk nganti tumekane awan sakitar jam
07.00 WIB nganti 11.30 WIB. Nalika ngresiki dhusun para warga
padha ngresiki alang-alang, pasuketan kang ana ing ngarep
omahe dhewe-dhewe, balaki desa, lan makame Kaki Krebut lan
Nyai Krebut kang manggon ing petilasan Sumur Nganten.
Saliyane iku para warga uga padha ngecet omahe supaya katon
resik lan endah, amarga yen ana TKEN para warga mligine kang
makarya ing kutha padha mulih saperlu melu ngramekake
adicara kasebut. Para warga katon guyub rukun nalika ngresiki
dhusun. Tatarakit kang arupa ngresiki dhusun iki nduweni
makna kang kaya diandharake dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.1 : Para warga ngresiki Dhusun Grenjeng

“Tata lairipun ngresiki rerumbukan supados padhang


saengga mboten wonten reregedan, dene tata batinipun
ngresiaken ati lan pikiran supados padhang dados
mboten butek, menapa ingkang ngalangi ibadah
menika saged kabuka padhang.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 19 Mei 2014)

Saka andharan Bapak Haryanto bisa dideleng yen


makna saka tatarakit ngresiki dhusun yaiku ana rong makna.
66

Makna kapisan yen dideleng saka lair ngresiki rerumbukan


supaya katon resik lan endah. Dadi dhusun kang biyene reged
jarang diresiki bebarengan, yen diresiki bebarengan mesthi bae
katon resik lan endah. Kahanan Grenjeng kang katon resik iku
mau ndadekake para warga padha seneng anggone nyawang.
Kaping pindho yaiku nduweni makna kang dideleng saka tata
batin manungsa. Ngresiki dhusun dideleng saka tata batin yaiku
ngresiki ati kang buthek supaya padhang. Dadi para warga kang
sadurunge ing njero atine nduweni uneg-uneg utawa prakara
pribadi utawa prakara karo tetangga bisa resik, saengga bisa
ndadekake anggone nglaksanakake ibadah kalaksanan kanthi ati
kang padhang. Anane ati kang padhang kasebut bisa
mangaribawani para warga khusuk anggone nglaksanakake
ibadah marang Gusti Pangeran. Andharan ngenani ngresiki
dhusun uga diandharake dening Mas Agung Yatmoko, kang bisa
dideleng kayata andharan iki:
“Saderenge kirap menika, tatarakit ingkang sepisan
inggih ngresiki Dhusun Grenjeng menika Mbak.
Menika saking sugih miskin inggih kempal dados
setunggal kangge nglaksanakake resik-resik niku.
Maknanipun menika Mbak inggih supados warga
menika guyub rukun. Setunggal klawan setunggalipun
menika saged gotong royong. “(Mas Agung Yatmoko,
23 November 2014)

Adhedhasar andharan Mas Agung bisa dideleng yen


anane tatarakit kang arupa ngresiki dhusun kasebut ora saderma
amung ngresiki bae nanging nduweni makna ningkatake
karukunan antarane warrga siji klawan sijine saengga yen
kumpul bisa dadi rukun. Saliyane iku anane ngresiki dhusun iku
nduweni makna supaya para warga tansah ningkatake gotong
royong saengga pakaryan kang abot bisa dadi enteng lan cepet
rampung.
67

4.3.2 Ater-Ater (Sega Bingung)


Tatarakit kang kaping pindho yaiku ater-ater. Tatarakit
kang arupa ater-ater yaiku menehi panganan kang bisa awujud
sega, jangan, lan jajan marang sanak kadang utawa tangga
teparo. Nalika para warga priya padha resik-resik dhusun, dene
para warga putri padha masak-masak ing omah. Saben omah
mesthi padha masak dhewe-dhewe amarga arep ater-ater
menyang omahe kaluwarga kang manggon ing beda dhusun
utawa marang tangga teparo. Panganan kang dimasak arupa
ayam, mie lan jajanan tradhisional kayata kucur, nagasari, tape,
mendhut lan sapiturute. Ater-ater iku biasane nggunakake
wakul utawa panci.
Ater-ater utawa dening masyarakat Kabupaten
Bojonegoro kerep ngarani weweh, dene ing Dhusun Grenjeng
nduweni aran kang mligi yaiku sega bingung. Diarani sega
bingung amarga sega kang bingung ora mangerteni arep digawa
menyang ngendi bae, ing ratan katon rame wong-wong kang
padha ater-ater. Sejatine wong kang arep ater-ater ora bingung
amarga wis mangerteni tujuwan sega iku arep diwenehake sapa,
nanging kang bingung iku masyarakat liyane kang bingung sega
iku arep digawa menyang ngendi. Bocah-bocah cilik iku biasane
seneng banget yen dikongkon ater-ater amarga saka ater-ater
kasebut bisa oleh dhuwit utawa diarani sangu, yen ora oleh
sangu mesthi bae terkadhang ora gelem budhal. Sangu kang
biasane diwenehake marang bocah-bocah kang lagi ater-ater iku
gumantung saka pawongan kang diwenehi ater-ater. Tatarakit
sajrone TKEN kang arupa ater-ater utawa sega bingung iku ora
saderma amung ater-ater nanging nduweni makna kaya kang
diandharake dening Bapak Haryanto:
68

Gambar 4.2: Ater-ater (Sega bingung)


“Wonten ngriki inggih diwastani weweh. Weweh
menika andum. Tiyang ngriki ngarani sega bingung
amarga wonten kang teka wonten kang budhal, dados
radosan ten ngriki rame mbekta sekul wewehan,
wonten kang ngalor, ngidul, ngetan, ngulon.
Sejatosipun menika inggih mboten bingung wong
sampun semerep tujuwanipun, nanging ingkang
panggih wonten dalan menika lo ngedhika sega kok
ngalor, ngidul, ngetan, ngulon, dados ingkang semerep
menika ingkang bingung, amargi saking kathahipun
ingkang slira-sliri. Maknanipun maringi pasugatan
utawa sedhekah marang kaluwarga utawa tangga
teparo supados sedaya sami ngraosaken saengga
paseduluran saged langkung rumaket lan ningkataken
karukunan.”(Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei
2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


sega bingung iku sejatine mung aran bae. Miturut andharane
Bapak Haryanto, sega bingung amarga para warga kang ora
mangerteni tujuwan arep digawa menyang endi sega kasebut,
sega padha digawa ngalor, ngidul, ngetan, ngulon dadi kang
mangerteni padha bingung. Sega bingung iku biasane
69

diwenehake marang tetangga utawa kaluwarga kang manggon


ing dhusun utawa desa liya. Makna saka ater-ater utawa sega
bingung yaiku menehi sedhekah marang wong kang mbutuhake
amarga seben manungsa iku ora kacukupan kabeh, ana kang
mbutuhake pitulungan saka wong liya. Saliyane iku maknane
uga nuwuhake lan ningkatake karukunan antar kaluwarga,
tangga teparo saengga urip katon rukun lan tentrem. Salaras karo
panemune Bapak Haryanto, Bapak Sutrisno ngandharake
babagan ater-ater (sega bingung):
“Ater-ater wonten Grenjeng niki weweh Mbak. Lha
niku ingkang dipun bekta damel ater-ater kayata sega,
jajan, lawuh ya saged mie, tempe, tahu ngoten niku
mboten mesthi kok Mbak. Maknane inggih maringi
sodakoh. Manungsa menika la inggih kedah sodakoh
to.” (Bapak Sutrisno, 12 Januari 2015)

Adhedhasar andharane Bapak Sutrisno kasebut bisa


dideleng yen ater-ater utawa sega bingung iku kang digawe ater-
ater arupa sega, jajan, lan lawuh. Lawuh-lawuhe kayata mie,
tempe, tahu dene jangane biasane arupa kare ayam. Makna saka
anane ater-ater utawa sega bingung yaiku menehi sodakoh
marang liyan supaya bisa ngrasakake masakane siji lan sijine.
Saliyane iku kanthi anane sodakoh bisa pikoleh ganjaran.
4.3.3 Nyekar Menyang Makam Kaki Krebut
lan Nyai Krebut sarta Para Sesepuh
Tatarakit kang kaping telu sajrone TKEN yaiku nyekar.
Sudaryanto, (2001: 937) ngandharake nyekar yaiku ziarah ana ing
kuburane para leluhur. Nyekar sajrone tatarakit TKEN yaiku
menyang ing makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut dening juru
kunci sumur nganten (Bapak Haryanto Abdoellah). Makam Kaki
Krebut lan Nyai Krebut kang manggon ing petilasan Sumur
Nganten kasebut diwenehi cungkup ing dhuwure. Juru kunci
Sumur Nganten anggone nyekar nggawa kembang lan nganggo
70

udheng ing sirahe. Kembang kang biasane digawe kanggo nyekar


kayata mawar, mlati, kenanga, pacar banyu lan sapiturute.
Sadurunge nyekar kembang-kembang kasebut luwih dhisik
didongani.
Saliyane nyekar ing makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut
uga para warga padha nyekar ing makam para kaluwarga kang
wis tilar donya. Nyekar iku biasane dilaksanakake awan sawise
resik-resik utawa sore. Sakabehe warga padha nyekar, nanging
masyarakat wadon kang nyekar iku cacahe amung sethithik,
kang akeh yaiku para priya. Alesane masyarakat wadon luwih
sethithik anggone nyekar amarga padha akeh kang masak
kanggo nyiapake manganan ing petilasan Sumur Nganten lan
terkadhang ana kang lagi menstruasi. Makna saka tatarakit arupa
nyekar iku nduweni makna kaya kang diandharake dening
Bapak Haryanto lan Mbah Simat:

Gambar 4. 3 Juru kunci nyekar ing makam Kaki Krebut


lan Nyai Krebut
“Sabibaripun menika lajeng nyekar wonten nggene
Kaki Krebut lan Nyai Krebut, bakda niku nyekar
wonten pesarehan umum. Maknanipun menika
minangka wujud rasa kurmat manungsa ingkang taksih
71

gesang marang sesepuh ingkang sampun kapundhut.”


(Bapak Haryanto, wawancara :19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara bisa dideleng yen tatarakit


nyekar ing makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut sarta makam
para sesepuh iku nduweni makna kaya kang diandharake dening
Bapak Haryanto. Makna saka nyekar yaiku minangka wujud rasa
kurmat para warga marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang
wis kasil mbuka alas dadi dhusun-dhusun ing Desa Sraturejo.
Senadyan Kaki Krebut lan Nyai Krebut wis tilar donya wiwit
jaman biyen nanging isih dikenang dening para warga. Saliyane
menehi kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut uga menehi
kurmat marang para sesepuh desa liyane utawa para kaluwarga
kang wis tilar donya. Salaras karo panemune Bapak Haryanto,
Mbah Simat kang minangka sesepuh Dhusun Grenjeng uga
ngandharake makna saka nyekar kang bisa dideleng saka
pethikan iki:
“Ya kayata nyekar iku nduweni makna ngirim donga
kanggo para leluhur kang wis tilar donya supaya dosa-
dosane diampuni dening Gusti Pangeran.”( Mbah
Simat, wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat ing bisa dideleng


yen nyekar iku nduweni makna ngirim donga marang para
leluhur kang wis tilar donya supaya dosa-dosane nalika isih urip
diampuni dening Gusti Pangeran. Para warga saka nom nganti
tuwa padha nyepakake kembang kanggo nyekar, dadi kang
nyekar ora mung para warga kang wis tuwa nanging uga para
kawula mudha.
4.3.4 Tahlilan
Tahlilan minangka tatarakit adicara kang kaping papat.
Tahlilan yaiku maca surat kang ana ing Al-Qur’an mligine Surat
Yasin lan liya-liyane. Tahlilan kalebu tatarakit adicara kang
72

kalebu anyar amarga warga nyelarasake unsur kejawen karo


agama Islam. Tahlilan iku dilaksanakake sawise isya dening para
warga priya saka umur kang mudha nganti tuwa. Adicara
tahlilan dilaksanakake ing Masjid Jami. Kabeh warga padha
kumpul dadi siji saperlu nglaksanakake tahlilan. Makna saka
adicara tahlilan iku bisa dideleng kayata andharan iki:

Gambar 4.4: Tahlilan

“Minggu dalu niku tahlilan utawa kirim donga.


Maknanipun ngirimi donga kangge para sesepuh
ingkang sampun tilar donya khususipun kangge
kaluwarga piyambak. Kirim donga supados sesepuh
menika pikantuk pangampunan lan diparingi
panggenan ingkang murwat surganipun, pikantuk
syafaatipun Nabi Muhammad SAW.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 19 Mei 2014)
73

“Tahlilan menika rame sanget Mbak. Maknanipun


kirim donga marang Gusti Pangeran lan sesepuh
ingkang sampun tilar donya.” (Bapak Sutrisno,
wawancara: 12 Januari 2015)

Saka andharane Bapak Haryanto lan Bapak Sutrisno


bisa dideleng yen sajrone TKEN iku ana tahlilan kang minangka
tatarakit kang kalebu anyar. Makna saka tahlilan kang
dilaksanakake dening para warga priya yaiku kirim donga
marang para sesepuh kang wis tilar donya supaya dosa-dosane
nalika isih urip ing donya diampuni dening Gusti Pangeran
saengga yen dosa-dosane diampuni bisa mlebu surga. Saliyane
iku supaya para sesepuh utawa kaluwarga kang wis tilar donya
pikoleh syafaat saking Baginda Rassulullah SAW. Tatarakit kang
arupa tahlilan iki kalebu anyar nanging dening para warga
Dhusun Sraturejo ditampa kanthi becik, saengga kabeh padha
seneng anane tahlilan.
4.3.5 Tirakatan
Tatarakit adicara tirakatan minangka tatarakit nomer
lima sajrone TKEN. Sudaryanto (2001:1026) ngandharake
tirakatan yaiku lek-lekan utawa jagongan nalikane nduwe gawe.
Pawongan kang kerep nganakake tirakatan umume
dilaksanakake dening para priya. Tirakatan iku ora mung ing
omah, pos, nanging uga ana tirakatan ing makam. Kayadene
warga Grenjeng nganakake tirakatan ing makam Kaki Krebut lan
Nyai Krebut. Tirakatan dilaksanakake sawise tahlilan.
Tujuwan saka anane tirakatan yaiku supaya para warga
padha katon rumaket siji klawan sijine dadi ora ana pambeda.
Saka warga kang tuwa lan mudha, sugih lan miskin padha
tirakatan ing petilasan Sumur Nganten. Saliyane iku tujuwan
saka nganakake tirakatan supaya para warga Dhusun Grenjeng
bisa njaga petilasan Sumur Nganten. Tirakatan kang
dilaksanakake dening warga Dhusun Grenjeng nduweni makna
74

kang bisa dideleng saka andharane Bapak Haryanto lan Mbah


Simat:
“Bakda tahlil wangsul, lajeng wonten sumur nganten.
Ing sumur nganten ngrika sampun dideki tarub kangge
tirakatan dalunipun kalih ngrantos senin enjing.
Maknanipun menika ningkataken karukunan antar
warga lan supados sedaya warga Dhusun Grenjeng
ingkang nggadhahi niyat utawi pepinginan marang
Gusti saged kasembadan kanthi ngawontenaken
tirakatan menika, dados tirakatan menika saged dipun
ngawontenaken dening sinten kemawon..” (Bapak
Haryanto, wawancara 19 Mei 2014)

Biasanipun Minggu dalu menika wonten tirakatan


Mbak, tiyang ngriki niku la mastani jagongan. Menika
sedaya sami ngempal ngoten ing Sumur Nganten.
Maknane inggih supados menapa ingkang dipingini
niku saged kasembadan ngoten.” (Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara dening Bapak Haryanto lan


Mbah Simat bisa dideleng yen tirakatan iku dilaksanakake
sawise tahlil. Para warga padha tumuju menyang Sumur
Nganten. Ing petilasan Sumur Nganten iku wis dideki tarub lan
diwenehi kursi. Para warga tirakatan nganti tumekane esuk,
pancen katon ora dirasa dening para warga amarga padha adu
omongan saengga lumakune wektu ora krasa. Miturut Bapak
Haryanto lan Mbah Simat makna saka tirakatan yaiku
ningkatake karukunan antar warga lan supaya apa kang dadi
pepinginane warga Dhusun Grenjeng bisa kasembadan kanthi
nganakake tirakatan, kayata para warga kang nduweni
pepinginan supaya adicara TKEN iku bisa kalaksanan kanthi
lancar ora ana alangan apa-apa. Anane tirakatan iku pancen bisa
ningkatake karukunan amarga kang sadurunge arang omong-
75

omongan dadi bisa omong-omongan, kang arang pethuk dadi


bisa pethuk, ing kono karukunan para warga saya luwih becik
saengga paseduluran antarane para warga tansah bisa dijaga.
4.3.6 Nggawe Encek Nganten
Tatarakit kang kaping enem yaiku nggawe encek
nganten. Encek nganten minangka encek kang digawe saka
pring. Diarani encek nganten amarga encek iki cacahe ana loro
kang minangka simbol saka penganten yaiku Kaki Krebut lan
Nyai Krebut. Encek nganten iki uga diarani encek raseksa amarga
encek iki gedhe ukurane kanthi ukuran kang gedhe yaiku sakitar
1x1m dibandhingake ukuran encek biasa. Ragangan kang
digunakake kanggo nggawe encek nganten yaiku saka pring ori.
Pring kang digunakake kanggo nggawe encek uga minangka
sumbangan saka masyarakat Dhusun Grenjeng. Biasane cacahe
pring kang dibutuhake saben nggawe encek siji yaiku 6 lonjor.
Dadi yen ana loro encek lanang lan wadon mbutuhake 12 nganti
13 lonjor, amarga saben encek iku kang digunakake kanggo
mikul mbutuhake pring 4 lonjor.
Encek nganten iki digawe dening para warga mligine
saka Sanggar Pakeliran. Sanggar Pakeliran minangka salah
sawijine sanggar kabudayan Jawa kang ngrembaka ing Grenjeng.
Anggota saka sanggar pakeliran iku ora mung wong tuwa
nanging para generasi mudha uga dadi anggota lan malah ana
kang dadi penguruse. Para warga kang putri padha ngumpulake
asil panen kang arupa palapendhem, palagantung, lan
palasandhung. Sakabehe mau dikumpulake dadi siji ing omahe
Pak Carik (Bapak Haryanto). Para warga padha ngumpulake asil
bumi ing omahe Pak Carik (Bapak Haryanto) amarga Pak Carik
nduweni kalungguhan minangka pamong desa, juru kunci
petilasan Sumur Nganten, sarta omahe Pak Carik kasebut luwih
cedhak karo masjid Jami. Anggone nggawe encek nganten ing
platarane masjid Jami’ kang amba.
76

Asil bumi kang dikumpulake dening para warga arupa


palasandhung, palagantung, lan palapendhem. Sawise
palapendhem, palagantung, palasandhung dikumpulake banjur
diraket lan ditata dening para warga. Carane nggawe encek
nganten yaiku : 1) Pring kang digawe ragangan diketoki, banjur
diiris utawa disigari tipis-tipis. Sawise iku dianyam kanthi wujud
kaya kurungan pitik nanging anyamane luwih rapet dene kang
sisih ngisor dianyam kaya gedhek nanging luwih arang-arang. 2)
Asil bumi warga Dhusun Grenjeng kang wis dikumpulake banjur
ditata ing ragangan kang wujude kaya kurungan pitik. Saben
ubarampe ditali nggunakake rapia. Tatarakit nggawe encek
nganten Grenjeng iki nduweni makna kayata kang diandharake
dening Bapak Haryanto:
“Nanging sanesipun menika ingkang saking anggota
sanggar pakeliran ndamel encek nganten lanang lan
wadon ingkang didamel dening asil panen para warga.
Biasane jam 12 dalu menika sampun dados encekipun.
Sedaya menika sumbangan saking para warga dhusun.
Menawi dipun etang kanthi arta telas 2 jutanan niku
encekipun, nanging menika asil saking para warga.
Maknanipun ngrakit encek inggih menika ningkataken
gotong royong lan karukunan antar warga.” (Bapak
Haryanto, 19 Mei 2014)

Saka andharan wawancara dening Bapak Haryanto bisa


dideleng yen nalika nggawe encek nganten iku dilaksanakake
nalika bengi dening anggota Sanggar Pakeliran. Encek nganten
kang ukurane gedhe iku wragade diperkirakake sakitar 2 juta yen
diitung nganggo dhuwit, nanging encek kasebut sakabehe
minangka sumbangan saka para warga, wiwit saka pring nganti
palasandhung, palagantung, lan palapendhem. Encek nganten
iku digawe sakitar jam 20.00 WIB nganti 24.00 WIB. Woh-wohan
77

lan janganan kang arupa palasandhung, palagantung, lan


palapendhem kasebut ditata kanthi apik.
Anane nggawe encek nganten iku nduweni makna
kanggo ningkatake gotong royong. Para warga saka mudha
nganti tuwa padha gotong royong supaya encek nganten bisa
cepet dadi saengga ora suwe anggone nggawe. Kagiyatan yen
dilaksanakake gotong royong mesthi katon enteng ora abot.
Saliyane ningakatake gotong royong uga ningkatake karukunan
antar warga. Nalika nggawe encek nganten kabeh padha kumpul
mudha lan tuwa, sugih lan miskin saengga ora ana bedane padha
rukun siji klawan sijine. Salaras karo andharane Bapak Haryanto,
Mas Agung Yatmoko uga ngandharake babagan nggawe encek:
“Ndamel encek nganten bahanipun nggawe encek
menika saking asil bumi kadosta janganan lan buah-
buahan saka asil panen. Para mudha lan para sepuh
sami gotong royong manunggal dados setunggal
ndamel encek nganten menika Mbak. (Mas Agung,
wawancara: 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


warga padha gotong royong lan tansah guyub rukun nggawe
encek nganten kang minangka simbol saka Kaki Krebut lan Nyai
Krebut. Encek nganten digawe dening para warga mudha lan
tuwa. Dadi nalika nggawe encek nganten ora ana bedane
antarane wong mudha lan wong tuwa. Sakabahe padha gotong
royong supaya encek kang digawe cepet rampung lan bisa
dikirap ing dina sesuke yaiku dina Senin Pon. Sawise encek
nganten lanang lan wadon wis rampung digawe banjur digawa
menyang omahe Bapak Haryanto (Pak Carik) supaya ora rusak
utawa ilang.
78

4.3.7 Kondangan (Slametan)


Tatarakit adicara kang kaping pitu yaiku kondangan
(Slametan). Para warga Dhusun Grenjeng yen ngarani kenduri
utawa slametan iku kondangan. Teges saka kondangan utawa
slametan yaiku nggawe berkatan kang arupa sega utawa jajan
banjur didongani dening Pak Modin utawa Pak ustad supaya
oleh kaslamatan. Sudaryanto (2001: 966) ngandharake slametan
saka tembung slamet kang nduweni teges ora ana sakara-kara
utawa luput ing bebaya, banjur pikoleh panambang –an dadi
slametan kang nduweni teges sedhekah utawa kenduri. Slametan
sajrone adicara TKEN dilaksanakake ing dina Senin Pon sakitar
jam 11.00 WIB.
Nalika slametan sakabehe ubarampe wis padha
dicepakake. Biasane panganan kang digunakake kanggo
slametan yaiku ingkung, sega, mie, tempe, tahu, lan liya-liyane.
Panggonan kang dipilih kanggo kumpul lan kanggo nyepakake
ubarampe yaiku ing omahe Pak Carik (Bapak Haryanto) kang
manggon ing ngarepe masjid Jami’. Kondangan (slametan) iku
dilaksanakake dening para paraga kang arep budhal kirap.
Nalika kondangan ana sega lan lawuh-lawuhan kang dicepakake
dening panitia. Kondangan (slametan) sajrone TKEN kang
dilaksanakake dening para paraga kirap nganten iku nduweni
makna kaya kang diandharake dening Bapak Haryanto lan Mas
Agung Yatmoko:
79

Gambar 4.5 : Kondangan (Slametan)

“Inggih nglajengaken nyepaaken ubarampe ingkang


kirang. Lajeng bakda niku saderengipun bidhal kirap
wonten adicara kondangan wonten griya kula.
Maknanipun menika supados adicara kirap encek
nganten menika saged kalampahan kanthi sae mboten
wonten alangan.” (Bapak Haryanto, wawancara 19 Mei
2014)

“Kangge ngawali mlampahe kirap menika wonten


kondangan. Niku kondangan wonten daleme Pak carik.
Umumipun menika ingkang kondangan saking Sanggar
Pakeliran. Makna saking kondangan menika supados
slamet mboten wonten alangan, Mbak.” (Mas Agung,
wawancara: 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


sadurunge kirap para paraga padha kondangan (slametan) ing
omahe Pak Carik. Panganan kang digunakake nalika kondangan
(slametan) dimasak dening para ibu-ibu ing omahe Pak Carik.
Para paraga padha nggunakake klambi ireng-ireng. Mligine kang
melu kondangan (slametan) yaiku anggota Sanggar Pakeliran
kang anggotane akeh saka kawula mudha, dijupuk anggota
Sanggar Pakeliran kang kondangan utawa slametan amarga
80

anggota Sanggar Pakeliran kang dadi paraga nalika nganakake


TKEN. Makna saka kondangan (slametan) yaiku supaya adicara
TKEN iku bisa kalaksanan kanthi apik ora ana alangan saengga
TKEN bisa kalaksanan kanthi lancar. Ujub saka kondangan
(slametan) nalika arep budhal kirap yaiku diandharake dening
Bapak Haryanto:
Ilaa hadrotin nabiyil musthofa Muhammadin
sholallohu’alaihi wasallam. Wa alihi wa shobihi ajma’in
khususon ilaa mukminin Dhusun Grenjeng Desa
Srarurejo . Alfatihah!
Dinten niki, Senin Pon ngleresi weton-tironipun Eyang
Krebut ing Sumur Nganten ingkang kita kurmati lan
dongaaken sesarengan, sineksenan rinten klawan dalu,
dinten pitu pekenan gangsal, surya lan sasi. Jinangkung
pangayoman Gusti Allah lan tuntunan Rassulullah
Muhammad, kairing para wali tanah Jawi, Nyai Among
Kaki Among ingkang setya ngemong, dalah para
leluhur lan pepundhen ingkang tansah pinundhi-
pundhi. Amin amin ya robbal’alamin. (Bapak Haryanto,
wawancara : 19 Mei 2014)
Saka pethikan ujub kang diandharake dening Bapak
Haryanto ing bisa dideleng yen isi saka donga kasebut yaiku
muga-muga Gusti Pangeran menehi kaslamatan tumrap para
warga Grenjeng lan supaya adicara TKEN bisa kalaksanan kanthi
lancar. Muga-muga donga kanggo Kaki Krebut, Nyai Krebut,
sarta para sesepuh desa bisa ditampa dening Gusti Pangeran
saengga panjengane tansah manggon ing swarga.
4.3.8 Ngobong Menyan
Sawise kondangan (slametan) ing omahe Pak Carik
dibanjurake tatarakit sabanjure yaiku ngobong menyan. Menyan
minangka salah sawijine ubarampe kang kudu dicepakake.
Sajrone bebrayan ubarampe kang arupa menyan iku nduweni
gegayutan karo mistis. Menyan kang digawe ing adicara iki
nggunakake menyan madhu. Menyan madu dipilih kanggo
81

ubarampe sajrone TKEN amarga ambune saka menyan madu iku


luwih wangi. Ngobong menyan ing jaman biyen karo jaman
saiki uga ana bedane. Menyan kang diobong iku diwadhahi
kemarang nganti metu beluke. Ambune menyan iku wangi
saengga menyan dipilih kanggo ubarampe. Wong kang ngobong
menyan nalika adicara TKEN yaiku juru kunci Sumur Nganten
(Bapak Haryanto). Panggonan kanggo ngobong menyan nalika
adicara TKEN ing ngarepe masjid. Milih panggonan ing ngarepe
masjid amarga budhale TKEN iku saka ngarepe masjid, mula
dipilih plataran masjid kanggo ngobong menyan. Tatarakit kang
arupa ngobong menyan iku dilaksanakake sakitar jam 12.15
WIB. Sawise menyan kasebut diobong banjur digawa kirap kang
digawa dening salah sawijine anggota Sanggar Pakeliran.

Gambar 4.6 : Ngobong menyan


“Bakda niku ngobong menyan. Menyan kang diobong
iku diwadhahi kemarang. Makna ngobong menyan
supados ambu-ambu kang mboten eca saged dados
wangi saengga saged nglaksanakake ibadah kanthi
temenan.” (Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)
“Ngobong menyan Mbak, niku sasampunipun
kondangan ten griyane Pak Carik. Makna saking
ngobong menyan menika inggih kangge ngilangi ambu-
ambu kang mboten sekeca. Menyan menika wangi kan,
82

dados supados wangi ngoten.” (Mas Agung Yatmoko,


23 November 2014)
Saka pethikan wawancara bisa dideleng yen sawise
kondangan ing omahe Pak Carik banjur ngobong menyan.
Menyan iku diwadhahi kemarang kang digawe saka lemah.
Makna saka ngobong menyan yaiku supaya ambu kang ora enak
kang ana ing Dhusun Grenjeng bisa ilang lan ganti ambu kang
enak utawa sedhep. Ambu ing kene maksude minangka prakara-
prakara utawa bebendu kang ana ing Grenjeng supaya dening
Gusti Pangeran diilangake saengga warga padha urip kanthi
slamet. Saliyane iku Bapak Haryanto ngandharake yen ngobong
menyan uga nduweni makna supaya warga bisa nglaksanakake
ibadah marang Gusti Pangeran kanthi khusuk saengga bisa
pikantuk ganjaran.
4.3.9 Para Warga Nggawa Encek Sega Saka Omah
Nalika wis mari nglaksanakake tatarakit kang arupa
ngobong menyan. Tatarakit sabanjure yaiku para warga padha
nggawa encek saka omah. Encek sega kang digawa dening para
warga iku digawe saka pring banjur dianyam tipis-tipis kanthi
wujud pesagi lan ing ndhuwure diwenehi godhong gedhang
utawa godhong jati. Encek kang digawa ukurane cilik yaiku
sakitar 50cm x 50cm. Ing jaman biyen para warga nggawa encek
bareng karo encek nganten, nanging ing jaman saiki para warga
luwih dhisik budhal menyang Sumur Nganten. Para warga ing
jaman biyen padha mlaku ngetotake encek, nanging saiki kang
omahe rada adoh saka petilasan Sumur Nganten padha numpak
pit motor. Andharan ngenani tatarakit kang arupa nggawa encek
saka omah bisa dideleng saka pethikan wawancara kang
diandharake dening Bapak Haryanto lan Bapak Sutrisno:
83

Gambar 4.7 : Para warga nggawa encek sega

“Bakda niku ingkang para warga padha mbekta encek


ing Sumur Nganten kang digunakake kangge mangan-
mangan. Ing jaman rumiyin para warga sami mbekta
encek sareng kaliyan para paraga kirap, nanging ing
jaman saniki malah rumiyin para warga dadose encek
nganten dugi petilasan sampun wonten para warga
ingkang makempal. Maknanipun menika minangka
wujud rasa syukur warga Dhusun Grenjeng marang
Gusti Pangeran ingkang sampun paring panen raya.”
(Bapak Haryanto, wawancara 19 Mei 2014)

“Para warga niki nggih ndamel encek Mbak. Rumiyin


menika sekedhik encek sekulipun saniki kathah sanget
ingkang mbekta. Sedaya sami mbekta encek sekul.
Menawi maknanipun inggih niku minangka wujud rasa
syukur warga Grenjeng Mbak marang Gusti lan Kaki
Krebut Nyai Krebut.” (Bapak Sutrisno, wawancara : 12
Januari 2015)
84

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen jaman


biyen tatarakit kang arupa nggawa encek dening para warga
ngalami owah-owahan. Ing jaman saiki sadurunge encek nganten
teka ing petilasan Sumur Nganten, para warga wis padha
kumpul dadi siji, lungguh bebarengan antarane tuwa lan mudha,
sugih lan miskin. Ing jaman biyen cacahe encek iku amung
sethithik nanging ing jaman saiki enceke saya akeh. Nggawa
encek menyang Sumur Nganten iku dilaksanakake dening
sakabehe warga. Makna saka nggawa encek menyang Sumur
Nganten yaiku minangka wujud rasa syukur warga marang
Gusti Pangeran kang wis menehi rejeki arupa panen raya. Saka
asil panen raya kasebut para warga bisa nyukupi kabutuhan
uripe kang arupa sandhang, pangan, lan papan. Sarta makna
saka nggawa encek sega saka ngomah yaiku minangka wujud
kurmat para warga marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang
wis mbabat alas dadi Desa Sraturejo. Saliyane Bapak Haryanto
lan Bapak Sutrisno, babagan nggawa encek saka ngomah uga
diandharake dening Bapak Kusnan kayata mangkene:
“Nggawa encek Mbak menyang Sumur Nganten. Niku
dinten Senin Pon. Walah rame sanget niku. Sedaya niku
mbekta encek sekul. Inggih lawuhane kadosta mie,
tahu, endhog, la gadhah rejeki kathah inggih ingkung
niku. Miturut kula maknanipun inggih supados dados
manungsa menika ekhlas ngoten maringi sodakoh.”
(Bapak Kusnan, wawancara: 12 Januari 2015)

Adhedhasar andharane Bapak Kusnan bisa dideleng yen


nggawa encek sega iku lawuhe kayata mie, tahu, tempe. Warga
kang nduweni rejeki akeh iku biasane lawuhe ingkung. Kanthi
nggawa encek sega menyang petilasan Sumur Ngnaten nduweni
makna yen supaya manungsa mligine warga Dhusun Grenjeng
kasebut dados manungsa kang ekhlas anggone menehi sodakoh.
85

Wong kang gelem sodakoh bakal diganti luwih akeh dening


Gusti Pangeran.
4..3.10 Ngirap Encek Nganten Lanang lan Wadon Saka Masjid
Menyang Balaki Desa
Encek nganten kang cacahe ana loro yaiku lanang lan
wadon nalika awan sawise adzan duhur wis siap dikirap.
Anggone ngirap encek nganten diwiwiti saka plataran masjid
amarga nyelarasake antarane kabudayan Jawa karo agama Islam
kang wis diwulangake dening para wali sanga kang mbabat
tanah Jawa. Para paraga kang ngirap encek nganten yaiku priya
lan wanita. Para priya padha nggawa klambi jawa kang warnane
ireng lan sirahe nganggo udheng, blangkon lan jarik kang ditali
ing bangkekan. Para paraga priya kasebut ora mung wong-wong
tuwa nanging wiwit saka bocah SD nganti wis tuwa, malah ana
kang saka TK. Dene para paraga putri padha nggunakake
kebaya kanthi dandan kang ayu. Para paraga putri iku dijupuk
saka prawan-prawan Dhusun Grenjeng, biasane kang lagi
sekolah SD nganti kang makarya. Sakabehe mau padha seneng
melu adicara TKEN. Kaya dene kang diandharake dening Bapak
Sutrisno minangka modin Desa Sraturejo:
“Sedaya lapisan masyarakat ndherek. Wiwit saking lare
SD, SMP, SMA, bapak-bapak, ibu-ibu, mbah-mbah
sedaya ndherek. Para paraga ingkang ngetutake encek
ageng niku mbekta rasukan adat Jawa.” (Bapak
Sutrisno, 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara karo Bapak Sutrisno bisa


dideleng yen paraga kang melu ngirap encek nganten yaiku saka
sakebehe lapisan masyarakat. Wiwit saka bocah SD,SMP, SMA,
lan uga bapak-bapak/ibu-ibu, embah-embah kang tansah melu
nyengkuyung adicara TKEN nganti saiki. Saka paraga-paraga iku
mau nggunake klambi adat Jawa. Anane nganggo klambi adat
Jawa iku supaya warga Dhusun Grenjeng tansah eling marang
86

sesepuh dadi ora lali karo Jawane kang minangka masyarakat


Jawa. Dadi klambi Jawa kang digunakake dening para paraga
kirap iku nudhuhake yen warga Grenjeng isih ngeluri kabudayan
Jawa kang diwarisake dening para sesepuh.
Nalika ngirap encek nganten barisan kang ngarep dhewe
yaiku cucuk lampah. Pawongan kang dadi cucuk lampah ing
TKEN yaiku salah sawijine pengurus anggota Sanggar Pakeliran
kanthi asma Mas Ngabehi Agung Yatmoko Prasetyo. Sabanjure
para paraga kang nyekel ubarampe-ubarampe, para penabuh
dramben, lan kang pungkasan yaiku para paraga kang nggotong
encek nganten. Cacahe paraga kang nggotong saben encek
nganten ana wolu. Saka cacah wolu iku ora ana maknane, amarga
kang nggotong encek nganten iku bisa gonta-ganti. Dadi yen
cacahe encek nganten iki loro ana nem belas paraga kang
nggotong encek nganten. Biasane sadurunge budhal kirap, luwih
dhisik ing plataran masjid para paraga kang nabuh dramben
padha nguniake drambene saengga ngasilake swara kang banter
lan wirama kang apik. Para paraga kirap encek nganten katon
seneng lan semangat senadyan hawane panas amarga wektune
awan.

Gambar 4.8 : Ngirap encek nganten saka masjid


87

“Siyangipun bakda duhur para paraga kadosta cucuk


lampah, penabuh dramben, lan para gadhis-gadhis
sami mbekta ubarampe-ubarampe ingkang sampun
dipun cepakaken lajeng diwiwiti saking masjid lajeng
encek lan sedaya dikirap. Maknanipun mboyong Kaki
Krebut lan Nyai Krebut kang minangka sesepuh desa”
(Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen cucuk lampah, penabuh
dramben, lan para gadhis-gadhis wis padha kumpul lan nggawa
ubarampe-ubarampe. Para paraga kasebut katon seneng bisa
nyengkuyung adicara TKEN kang dilaksanakake ing dhusune.
Cucuk lampah kang ngatur lumakune encek nganten saengga
lumakune para paraga kang ngirab encek nganten bisa katon
endah. Makna saka ngirap encek nganten saka masjid nganti
balaki desa yaiku mboyong Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang
minangka sesepuh desa menyang balaki desa. Saliyane Bapak
Sutrisno lan Bapak Haryanto, babagan ngirap encek nganten
lanang lan wadon saka masjid menyang balaki desa uga
diandharake dening Bapak Kusnan kang bisa dideleng ing
pethikan ngisor iki:
“Ngirap encek nganten Mbak, encek ngantene niku
dikirap saking masjid ngajenge Pak Carik niku lo
ngantos dugi balaki desa. Niku sedaya sami ngetutaken
ngoten. Maknanipun inggih supados sedaya warga
mangertosi niki lo sesepuh Dhusun Grenjeng Sraturejo
inggih menika Mbah Sunondo (Kaki Krebut) lan Nyai
Krebut.

Adhedhasar andharan Bapak Kusnan kasebut bisa


dideleng yen makna saka ngirap encek nganten lanang lan
wadon saka masjid menyang balaki desa yaiku supaya sakabehe
warga mangerteni ngenani Kaki Krebut lan Nyai Krebut kanthi
88

cara diarak lan dilambangake kanthi wujud gunungan. Nalika


encek nganten kasebut diarak sakabehe warga padha nyawang
lan kang sadurunge durung mangerteni ngenani Kaki Krebut lan
Nyai Krebut bakal mangerteni sapa sejatine Kaki Krebut lan Nyai
Krebut kang minangka sesepuh Dhusun Grenjeng.
4.3.11 Mapag Pamong Desa
Encek nganten kang digotong dening para anggota
Sanggar Pakeliran iku lumaku kanthi iringan swara dramben
saengga para paraga kirap encek nganten dadi katon semangat.
Para warga kang maune durung metu saka omah padha metu
saperlu ndelok adicara TKEN kang rame kanthi iringan swara
dramben. Jarak masjid sakitar 8 meter saka balaki desa Sraturejo.
Sejatine saka balaki desa, suara dramben iku wis krungu banter
amarga jarake kang cedhak. Ing balaki desa para pamong desa
padha wis siaga ing teras balaki desa. Para pamong desa padha
baris kanthi runtut. Barisan kang paling ngarep saka pamong
desa yaiku Pak Lurah, banjur para pamong desa liyane kayata
Pak Carik, Pak Bayan, Pak Jogoboyo, Pak Kamituwa. Klambi
kang digunakake yaiku klambi adat jawa kayata nganggo klambi
ireng, nganggo jarik, nganggo blangkon, lan nganggo keris.
Nalika para rombongan kirap encek nganten teka ing
plataran balaki desa. Cucuk lampah mlaku mengarep saperlu
menehi pakurmatan marang pamong desa kang wis siaga
ngenteni. Pamong desa katon menehi esem manis marang para
paraga kirap encek nganten. Para pamong desa katon seneng lan
bombong marang para warga kang wis nyengkuyung adicara
TKEN. Sabanjure mbalik kaya barisan sadurunge yaiku barisan
ngarep cucuk lampah, para paraga kang nggawa ubarampe, para
pamong desa, penabuh dramben, lan para paraga kang nggotong
encek nganten lanang lan wadon. Makna kang kinandhut sajrone
tatarakit mapag pamong desa kaya kang diandharake dening
Bapak Haryanto:
89

Gambar 4.9 : Mapag Pamong desa

“Lajeng encek nganten saking masjid menyang balaki desa


inggih menika saperlu mapag para pamong desa dipun
dhereaken kirap sawingkinge cucuk lampah. Maknanipun
guyubipun para warga lan para pamong desa saengga
dados manunggal lan supados para pamong sumerep
kahananipun para warga lan kahanan dhusun.” (Bapak
Haryanto, wawancara 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara bisa dideleng yen makna saka


mapag pamong desa ing balaki desa yaiku supaya para warga lan
para pamong desa iku bisa guyub rukun manunggal dadi siji
saengga antarane para warga lan para pamong desa ora ana
bedane, yen warga lan para pamong desa bisa guyub rukun
mesthi bae sesambungan uga bakal luwih rumaket saengga bisa
mbangun Dhusun Grenjeng lan Desa Sraturejo kanthi guyub
rukun, saliyane iku makna mapag pamong desa para pamong
desa mangerteni kahanan desa. Babagan mapag pamong desa
uga diandharake dening Mas Agung:
“Wonten mapag para pamong desa menika inggih
Mbak nggadhahi makna srah trima, dados niku asil
bumi saking para warga lajeng dipun pasrahaken
90

marang para Pamong Desa.” (Mas Agung Yatmoko,


wawancara: 23 November 2014)

Saka pethikan kasebut bisa dideleng makna saka


tatarakit mapag pamong desa yaiku masrahake asil bumi warga
kang diwujudake encek nganten lan ubarampe-ubarampe liyane
marang para pamong desa kang nduweni kalungguhan paling
dhuwur ing Desa Sraturejo. Kanthi masrahake asil bumi kasebut
banjur para pamong desa nampa apa kang dipasrahake dening
para warga. Sawise srah trima, pamong desa lan para warga bisa
ngirap encek nganten lan ubarampe panjangkep liyane.
4.3.12 Ngirap Encek Nganten Lanang Wadon Ngubengi Dhusun
Grenjeng
Tatarakit sawise mapag pamong desa yaiku ngirap encek
nganten lanang lan wadon ngubengi Dhusun Grenjeng. Alesan
kang ndhasari amung ngubengi Dhusun Grenjeng nalika ngirap
encek nganten amarga kang nduweni kajat iku warga Dhusun
Grenjeng, dene dhusun liyane iku nduweni adicara slametan
kang beda lan uga dilaksanakake ing dina kang beda. Dina Senin
Pon iku dina kanggo pundhene Dhusun Grenjeng. Mula adicara
TKEN dilaksanakake ing dina Senin Pon. Ngirap encek nganten
sawise mapag pamong iku mlakune liwat dalan kang ana ing
kulone balaki desa Sraturejo banjur arahe ngalor sawise iku
ngidul nganti teka ing petilasan Sumur Nganten.
Para paraga katon luwih semangat amarga bisa ngirap
encek nganten lanang lan wadon kang minangka kabanggaane
warga Dhusun Grenjeng, karo para pamong desa. Sakabehe
padha katon guyub rukun kaya makna kang kinandhut. Nalika
ngirap encek nganten lanang lan wadon akeh para warga kang
kepengin ndelok. Ora amung warga Dhusun Grenjeng bae kang
ndelok TKEN, nanging uga para warga saka dhusun liya lan
malah ana kang saka kecamatan utawa kabupaten liyane. Para
91

warga padha seneng banget ndelok TKEN, apa maneh warga


liyane kang durung tau mangerteni ngenani TKEN. Dalanan
gedhe nalika kirap encek nganten bisa macet amarga akeh para
warga saka wilayah liya kang mandheg saperlu ndelok TKEN.
Ngirap encek nganten lanang lan wadon iki oleh kawalan ketat
saka polisi lan TNI. Para warga kang ndelok saka ngarep omah
padha melu ngetutake encek nganten menyang petilasan Sumur
Nganten.

Gambar 4.10: Ngirap encek nganten ngubengi


Dhusun Grenjeng
“Sabakdanipun ngampiri para pamong desa, sedaya
menika lajeng mlampah ngumeti dhusun maknanipun
inggih supados sedaya rukun lan semerep kados pundi
kahanan dhusun menika tumuju wonten sumur
nganten ingkang sampun disambut dening para
warga.” (Bapak Haryanto, wawancara 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara bisa dideleng yen makna


saka ngumeti Dhusun Grenjeng kang ditindakake dening warga
lan pamong desa iku padha karo makna mapag pamong desa
yaiku supaya warga lan para pamong desa padha guyub rukun
dadi siji lan supaya anggone ngumeti dhusun iku bisa
mangerteni kepriye kahanan Dhusun Grenjeng, saengga apa
92

kang sakirane kurang bisa diapiki lan apa kang sakirane apik bisa
luwih ditingakate amarga yen kahanan dhusun iku katata apik
lan endah bisa dadi daya tarik para warga kang lagi dolan
menyang Dhusun Grenjeng. Saliyane iku makna saka ngirap
encek nganten ngubengi Dhusun Grenjeng uga diandharake
dening Mas Agung Yatmoko ing pethikan wawancara iki:
“Encek menika dipun kirap ngubengi dhusun. Ngirap
menika la mlampah to mbak, saking mlampah mubeng
menika menawi dilogika inggih menika saged
nimbulake energi utawa kekuwatan Mbak. Dados
makna saking ngirap encek nganten menika inggih
supados Dhusun Grenjeng kanthi kekuwatan menika
saged nolak balak Mbak nggih.”(Mas Agung Yatmoko,
23 November 2014)

Adhedhasar andharane Mas Agung bisa dideleng yen


ngirap encek nganten ngubengi dhusun iku nduweni makna yen
ngirap iku sejatine mlaku bebarengan kanthi ngubengi dhusun
mligine Dhusun Grenjeng. Para warga ngubengi Dhusun
Grenjeng kasebut bisa nuwuhake kakuwatan. Anane kakuwatan
kasebut dikarepake bisa nolak balak kang arep mlebu ing
Dhusun Grenjeng, saengga sarta para wargane bisa urip kanthi
slamet adoh saka bebendu.
4.3.13 Udhik Dhuwit
Udhik yaiku ngumbulake utawa nyebarake dhuwit
receh banjur direbut dening pawongan liya. Sudaryanto
(2001:1053) udhik yaiku nyebar dhuwit dienggo dedana marang
wong miskin. Dhuwit minangka sawijine piranti kang wigati
banget. Saben manungsa iku makarya kanggo nggolek dhuwit
kang akeh. Dhuwit senadyan amung samubarang mati nanging
dibutuhake banget tumrap panguripan manungsa ing ngalam
donya. Yen ora ana dhuwit manungsa bakal kangelan uripe
amarga sakabehe kabutuhan iku kudu nggunakake dhuwit.
93

Udhik dhuwit mligine ing Kabupaten Bojonegoro iku


digunakake ana ing telung tradhisi yaiku nalika wong mati
dibudhalna menyang makam, tradhisi tedhak siten (tudhun), lan
sajrone TKEN. Biasane nalika udhik dhuwit iku ora mung bocah
cilik-cilik kang seneng royokan dhuwit nanging wong kang wis
tuwa uga melu royokan, senadyan cacahe dhuwit amung
sethithik nanging para warga wiwit bocah-bocah cilik nganti
wong tuwa padha cepet-cepetan anggone royokan. Dhuwit asil
udhik kasebut banjur ditukoake panganan dening bocah-bocah.
Tatarakit kang arupa udhik dhuwit sajrone adicara
TKEN dilaksanakake dening salah sawijine paraga kirap encek
nganten kang nggawa dhuwit dicampur beras kuning. Cacahe
dhuwit kang digunakake kanggo udhik iku ora winates. Dhuwit
kang digunakake kanggo udhik ing adicara TKEN saka para
warga kang mbiyene nduweni nazar. Biasane nazar kang
diucapake dening para warga utawa sakitare iku werna-werna
kayata nazar muga-muga kepengin sehat, sugih, kepengin cepet
oleh jodho utawa liya-liyane gumantung apa kang dadi
pepinginane para warga. Pepinginane warga kang wis
kasembadan kasebut banjur nyumbang dhuwit kanggo
diudhiake. Paraga kang nyekel dhuwit kang digunakake kanggo
udhik iku manggon ing mburine cucuk lampah. Paraga kang
nyekeli dhuwit kanggo udhik yaiku kanthi jenis kelamin priya.
Andharan ngenani udhik dhuwit kang diandharake dening
Bapak Haryanto kang bisa dideleng ing pethikan wawancara:
94

Gambar 4.11: Udhik dhuwit


“Nalika saderengipun mlebet plataran sumur nganten
wonten Udhik dhuwit. Maknanipun menika bagi-bagi
rejeki marang sesama.” (Bapak Haryanto, wawancara
:19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


dhuwit kang minangka salah sawijine ubarampe sajrone TKEN
iku diudhiake yen wis cedhak karo plataran Sumur Nganten. Ing
kono biasane nalika udhik dhuwit akeh bocah-bocah cilik kang
njupuki dhuwite yen para paraga wis mlebu plataran Sumur
Nganten. Bocah-bocah cilik katon bungah yen ana udhik dhuwit
amarga dhuwite bakal digunakake kanggo tuku jajan. Dhuwit
ing adicara TKEN iku cacahe lumayan akeh lan iku biasane
minangka sumbangan saka para warga masyarakat kang rejekine
luwih.
Makna saka udhik dhuwit yaiku menehi rejeki marang
manungsa liyane amarga kita minangka manungsa kang
diwenehi rejeki saking Gusti Pangeran kudu bisa ngatur kanthi
becik, yen ana rejeki kudu dibagiake marang manungsa liyane
kang mbutuhake, dadi yen pikoleh rejeki saka Gusti Kang
95

Murbeng Dumadi kudu dibagi-bagi utawa disedekahake, yen ora


ngunu rejekine bakal seret. Babagan udhik dhuwit uga
diandharake dening Mbah Simat:
“Udhik dhuwit menika artanipun saking para warga
Mbak, ingkang anggadhahi nazar. Lha biasane niku
saumpami kita gadhah nazar, suk la aku lara la mari ta
menehi dhuwit kanggo diudhikna ngoten niku, lajeng
saras lha niku kedah nuruti nazare Mbak. Makna udhik
dhuwit niku inggih kangge wujud rasa syukur marang
Gusti Pangeran supados slamet ngoten.”(Mbah Simat,
wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat kasebut bisa


dideleng yen anane sajrone TKEN nduweni makna minangka
wujud rasa syukure masyarakat marang Gusti Pangeran kang
wis maringi kaslamatan, rejeki, kasarasan saengga masyarakat
bisa urip kanthi sehat, slamet lan kacukupan sandhang, pangan,
lan papan. Masyarakat kang kacukupan lair lan batine bisa urip
kanthi makmur.
4.3.14 Para Paraga Kirap Mlebu ing Cungkup Kaki Krebut lan
Nyai Krebut
Sawise udhik dhuwit ing ngarepe plataran Sumur
Nganten, banjur para paraga kirap encek nganten padha mlebu
tarub saperlu ndeleh ubarampe-ubarampe, dene ingkang para
pamong desa padha langsung lungguh lan para penabuh
dramben padha buyar barisane. Salah sawijine paraga kirap
mlebu menyang cungkupe Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang
manggon ing sisih lor saka terop. Para paraga kasebut padha
nggawa ubarampe-ubarampe kang mau wis digawe kirap banjur
dideleh ing dhuwur makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Para
paraga kasebut diarani limpad. Limpad yaiku pawongan kang
nduweni kawruh kang mumpuni. Para paraga kang mlebu ing
cungkup Kaki Krebut lan Nyai Krebut yaiku Bapak Haryanto,
96

Mas Pudji, Mas Ganjar, Mas Koko, Mbak Sulis lan biasane ana
Mbah Simat. Para paraga kasebut nduweni kalungguhan, kayata
Bapak Haryanto, minangka juru kunci petilasan Sumur Nganten,
Mas Pudji lan Mas Koko minangka ketua para pemudha Dhusun
Grenjeng kang bisa sesambungan karo alam gaib. Mas Yulianto
lan Mbak Sulistiani nduweni kalungguhan minangka sapasang
nganten kang manggon ing Dhusun Grenjeng. Mbah Simat
nduweni kalungguhan minangka sesepuh desa kang mangerteni
ngenani sejarah Desa Sraturejo mligine Dhusun Grenjeng.
Sadurunge donga, para paraga kasebut ngaturake kayata kang
diandharake dening Bapak Haryanto lan Mas Agung:
“Limpad inggih menika minangka pawongan ingkang
mumpuni kawruhipun. Sasampunipun udhik dhuwit,
wonten para pamuka agami, para limpad utawa
sesepuh ingkang mlebet dhateng cungkupipun Kaki
Krebut lan Nyai Krebut. Ngoten niku inggih kalih
ngedhikan “Nuwun sewu eyang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut. Maknanipun kangge ngaturaken kulanuwun
lan wujud rasa kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut. Wonten ngriku mangke ngaturaken donga ing
cungkup.”(Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)
“Bakdo niku lajeng para paraga mlebet wonten
cungkup niku Mbak. Wonten ngriku sampun wonten
ubarampe-ubarampe. Maknanipun inggih wujud
kurmat marang Mbah Sunondo kang dados sesepuh
dhusun ngriki.” (Mas Agung Yatmoko, 23 November
2014)

Saka andharane Bapak Haryanto lan Mas Agung bisa


dideleng yen nalika wis mlebu cungkup Kaki Krebut lan Nyai
Krebut, para paraga (limpad) banjur ngucapake “Kula nuwun”
marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang mbaureksa Dhusun
Grenjeng. Ukara “Kula nuwun Eyang” nduweni makna yen
warga Dhusun Grenjeng iku kang diwakili dening para limpad
97

tansah kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang wis
tilar donya lan dadi sesepuh desa. Sawise iku para limpad padha
ngaturake donga kang bisa dideleng kaya andharan iki saka
pethikan:
“Assalamualaikum Wr. Wb
Nuwun, nuwun kawula nuwun. Rahayu, rahayu.
Samyaraharja nir ing sambikala. Hamemuji syukur
dhumateng ngarsa dalem Allah SWT. Sholawat salam
konjuk dhumateng Bagindha Nabi Muhammad Saw.
Hangaturaken sembah sungkem pangabekti katur
Eyang Krebut Nyai Krebut lan dhahat kinurmat leluhur
nuswantara Eyang Sabda Palon sumrambah Eyang
Wanara Seta. Kanjeng Ibu Ratu Kidul, Kanjeng Ibu
Lanjar Kuning dalah sadaya leluhur ingkang hamangku
tanah Jawi. Ingkang sami rawuh ing pandayangan
dhusun Sraturejo mugi tansah njangkung lan paring idi
pangestu anjrah sadaya warga dhusun Grenjeng .
Katuraken dhumateng leluhur kang sampun manggen
ing alam kalanggengan kumara asor, kumara madya,
kumara nginggil kang tumuju kasampurnan mugi
tansah pinaringan rahayu paring kersanipun Gusti
Kang Murbeng Dumadi. Ing wekdal punika Senen Pon
sedaya warga Dhusun Grenjeng atur caos dedhaharan
arupi: kupat, lepet, pisang ijo, cengkir gadhing, ndhas
wedhus, tebu ireng, palawija, palagantung,
palapendhem, menyan madu, menyan putih, menyan
ireng, banyu kendhi, cok bakal, buceng golong.
Sumangga sami dipunsekecakaken. Mbok bilih kirang
trapsila anggen kita para warga wayah buyut sowan lan
wonten kirang jangkepipun tata rakiting ubarampe,
nyuwun gunging samodra pangaksami. Rahayu rahayu
mugi tansah jinangkung sih rahayu kersanipun Gusti
ingkang murbeng dumadi.
Amin...amin..amin ya robbal’alamin.
Walaikumsalam. Wr. Wb.
98

Saka pethikan donga kasebut bisa dideleng yen para


limpad kang makili para warga Dhusun Grenjeng iku ngucapake
donga marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Makna saka donga
kasebut minangka ngaturake seserahan kang wis digawe lan
dicepaake dening warga Dhusun Grenjeng marang Kaki Krebut
lan Nyai Krebut. Yen sajrone seserahan kasebut ana kang kurang
mula warga nyuwun pangapura marang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut, saengga Kaki Krebut lan Nyai Krebut bisa menehi sepura
lan bisa njaga Dhusun Grenjeng saka bebendu. Babagan makna
saka tatarakit kang arupa para limpad mlebu ing cungkup bisa
dideleng diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan
ngisor iki:

Gambar 4.12: Para paraga mlebu cungkup

“Wonten para limpad, yaiku pamuka agami utawa


sesepuh ingkang mlebet dhateng cungkupipun Kaki
Krebut lan Nyai Krebut. Maknanipun kangge ngaturaken
kulanuwun lan wujud rasa kurmat marang Kaki Krebut
lan Nyai Krebut.” (Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei
2014)
99

Saka pethikan wawancara bisa dideleng yen paraga kirap


encek nganten kang mlebu ing cungkup Kaki Krebut lan Nyai
Krebut yaiku para limpad kang kasusun saka para pamuka
agama, juru kunci, lan sesepuh. Nalika mlebu ing cungkup para
paraga kasebut padha dedonga. Bapak Haryanto uga
ngandharake yen makna saka para paraga kirap encek nganten
mlebu ing cungkup yaiku kanggo ngaturake kulanuwun marang
danyang Dhusun Grenjeng. Para warga lan para paraga kirap
encek nganten ibarate minangka tamu kang dolen menyang
omahe wong, banjur nganturake kulanuwun minangka salam
saengga katon nduweni rasa sopan santun. Saliyane iku makna
kang kinandhut uga minangka wujud rasa kurmat marang Kaki
Krebut lan Nyai Krebut. Para paraga lan para warga kang
manggon ing Dhusun Grenjeng kudu nduweni rasa kurmat
marang sesepuh.
4.3.15 Sesorah saka Pak Lurah
Sesorah yaiku menehi panemu marang pawongan liya
saengga siji klawan sijine padha mangerteni maksud lan tujuwan
saka sesorah. Sesorah miturut Atmasandjaja ( 2007: 13) yaiku
nglairna gagasan, panemu, utawa uneg uneg kang ana ing ati
kanthi sarana lisan ing ngarepe wong akeh. Sesorah iku kalebu
sawijine tatarakit kang ana ing TKEN. Sesorah ing TKEN ana loro
yaiku sesorah saka Pak Lurah lan sesorah saka Pegawai
Kecamatan utawa Kabupaten Bojonegoro. Sesorah kang kaping
pisan yaiku saka Pak Lurah Desa Sraturejo. Nalika pranata cara
maca reroncene adicara kang arupa sesorah saka Pak Lurah,
banjur Pak Lurah langsung ngadeg ing ngarepe para warga.
Tatarakit kang arupa sesorah iki biasane dilaksanakake sakitar
jam 13.20 WIB. Para warga kang padha lungguh ing plataran
Sumur Nganten lan sakitare padha ngrungoake sesorah saka Pak
Lurah.
100

Isi pokok saka sesorah Pak Lurah yaiku ngajak para


warga mligine warga Dhusun Grenjeng supaya tansah eling
marang Gusti Pangeran kang wis menehi asil panen sarta
kasarasan, kamakmuran marang para warga kanthi cara
nglaksanakake TKEN. Adicara TKEN kang minangka warisan
saka para leluhur kudu tansah diuri-uri amarga TKEN minangka
salah sawijine kabudayan Jawa kang nduweni makna sarta
piguna kang migunani tumrap panguripan warga. Mula saka iku
para warga kang tuwa kudu tansah ngelingake sarta menehi
piwulangan tumrap generasi mudha supaya nguri-uri TKEN
saengga ora cures kagiles jaman, saliyane iku para warga kudu
bisa guyub rukun kanggo mbangun Desa Sraturejo saengga ora
kalah makmur karo desa-desa liyane. Pak Lurah uga ngajak
marang warga supaya tansah dadi warga kang guyub rukun siji
klawan sijine, kudu tansah njaga persatuan lan kesatuan.
Para warga katon tansah sarujuk marang sesorah kang
diandharake dening Pak Lurah, amarga panjenengane minangka
pawongan kang nduweni kalungguhan dhuwur ing Desa
Sraturejo. Minangka dadi lurah kudu tansah bisa ngemong para
wargane. Panjenengane kudu tansah dikurmati dening para
warga, Pak Lurah minangka pemimpin kanggo pambangunan
sawijine desa. Bapak Haryanto lan Mbah Simat ngandharake
makna sesorah saka Pak Lurah kaya andharan iki:

Gambar 4.13 : Pak Lurah menehi sesorah


101

“Salajengipun menika, wonten sesorah saking Pak


Lurah lajeng dilajengaken kaliyan Pak Camat utawa
Pak Bupati. Maknanipun sesorah saking Pak Lurah
paring kurmat kangge para tamu lan menehi pangajak
marang para warga supados tansah purun
nglestantunaken tradhisi menika.” (Bapak Haryanto,
wawancara 19 Mei 2014)

“Wonten malih sesorah Mbak saking Pak Inggi utawa


Pak Lurah. Niku nggih ngajak para warga ngoten lo
supados guyub rukun, gotong royong, tansah purun
ngugemi tradhisi niku.” (Mbah Simat, wawancara 27
September 2014)

Saka pethikan wawancara bisa dideleng yen sesorah saka


Pak Lurah iku nduweni makna wujud rasa kurmat saka Pak
Lurah kang makili pamong desa marang para tamu. Tamu ing
kene bisa uga para warga, para warga dhusun-dhusun liyane lan
para tamu saka kecamatan utawa kabupaten kang wis teka ing
adicara TKEN. Ing taun iki isi sesorah saka Pak Lurah nduweni
panemu supaya warga Dhusun Grenjeng tansah gelem ngeluri
TKEN amarga TKEN minangka warisan saka para leluhur kang
aja nganti cures utawa dijupuk pawongan liya. Saliyane iku para
warga kudu tansah dadi warga kang njaga karukunan lan gotong
royong antarane siji lan sijine.
4.3.16 Sesorah saka Bapak Camat utawa Para Pangarsa
Kabupaten Bojonegoro
Tatarakit sawise sesorah saka Pak Lurah yaiku
dibanjurake sesorah saka pihak tamu, ing taun iki sesorah
diwakili saka dinas pariwisata Kabupaten Bojonegoro. Dinas
pariwisata uga nyengkuyung anane TKEN, malah ing sawijine
dina Dinas Pariwisata Kabupaten Bojonegoro ngajak pamong
desa Sraturejo supaya adicara TKEN gelem melu ngrameake
ulang taun Kabupaten Bojonegoro, nanging saka pihak pamong
102

desa dereng gelem amarga biayane akeh. Dinas Pariwisata tau


menehi sumbangan kanggo adicara TKEN nanging ora saben
taun lan yen diitung sumbangan kasebut amung sethithik.
Isi sesorah saka perwakilan Dinas Kabudayan lan
Pariwisata Kabupaten Bojonegoro sejatine padha karo isi sesorah
saka Pak Lurah yaiku ngajak warga Kabupaten Bojonegoro
mligine warga Dhusun Grenjeng kang kudu tansah njaga lan
ngrembakake kabudayan Jawa kayata TKEN. Adicara TKEN bisa
narik kawigaten lan uga bisa narik wisatawan saka njaba,
saengga para warga kudu tansah nyengkuyung adicara kasebut.
Dinas Kabudayan lan Pariwisata Kabupaten Bojonegoro menehi
janji yen bakal ndadekake TKEN dadi warisan utawa budaya
Kabupaten Bojonegoro. Andharan ngenani sesorah saka pihak
kecamatan atau Dinas Pariwisata Kabupaten Bojonegoro kaya
andharan iki:

Gambar 4.14 : Sesorah saka Pak Camat utawa para pangarsa


kabupaten
103

“Sesorah saking Pak Camat nggadhahi makna maringi


pesen-pesen kangge para warga, makna umumipun
inggih karukunan lan rasa syukur marang Gusti
Pangeran ingkang sampun paring panen.” (Bapak
Haryanto, 19 Mei 2014)

“Lajeng wonten sesorah saking muspika Kabupaten


Bojonegoro. Niku sasampunipun sesorah saking Pak
Lurah. Biasanipun inggih Pak Camat ingkang maringi
sesorah Mbak, nanging wonten taun niki diwakili
saking muspika kabupaten. Wonten sesorah niku
nggadhahi makna supados para warga tansah kedah
ekhlas nguri-uri kabudayan Jawa kadosta kirap encek
nganten niki.” (Mas Agung Yatmoko, 23 November
2014)

Saka pethikan wawancara kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto lan Mas Agung bisa dideleng yen sawise sesorah
Pak Lurah, dibanjurake sesorah saka Pak Camat utawa Dinas
Pariwisata Kabupaten Bojonegoro. Sesorah saka dinas pariwisata
Kabupaten Bojonegoro nduweni makna supaya warga Dhusun
Grenjeng tansah njaga karukunan anatarane warga siji klawan
sijine saengga bisa urip kang rukun. Makna liyane yaiku
minangka wujud rasa syukur marang Gusti Pangeran amarga wis
kasil panen saengga asil panen kasebut bisa kanggo nyukupi
kabutuhan kaluwarga. Masyarakat yen wis bisa nyukupi
kabutuhan kaluwarga mesthi bae uripe kagolong makmur. Mas
Agung nambahi yen makna saka anane sesorah saka pangarsa
kabupaten yaiku supaya masyarakat tansah ekhlas nguri-uri
kabudayan Jawa mligine TKEN saengga ora cures.
4.3.17 Ujub Saka Pak Modin
Sudaryanto (2001: 1055) ujub yaiku ancas kang ana ing
slametan. Ujub sajrone adicara TKEN dipimpin dening Pak
Modin lan diamini dening para warga. Modin yaiku pawongan
104

kang biasane nduweni kawruh luwih dhuwur babagan agama,


mula kerep ngurusi babagan wong mati, wong nikahan, sarta
ujub. Nalika sakabehe warga lan sakabehe ubarampe wis cukup
kabeh, banjur pranata cara paring printah kanggo Pak Modin
supaya nandukake encek-encek kang dibekta dening para warga
lan encek nganten kang wis digawe. Pak Modin nandukake
sakabehe encek cilik lan encek nganten kang ditujokake marang
Gusti Pangeran ingkang Murbeng Dumadi.

Gambar 4.15 : Pak Modin ujub

Sajrone adicara TKEN ujub kang diucapake dening Pak


Modin cacahe ana loro yaiku ujub kanthi basa Jawa lan ujub
kanthi basa Arab. Kalorone ujub kasebut diandharake dening
Bapak Sutrisno ing andharan iki:
“Rumiyin niku dongane menawi deleng saking segi
bahasa, rumiyin nggunakake basa Jawa menawi saniki
Jawa lan arab.” (Bapak Sutrisno, wawancara : 12 Januari
2015)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen ujub


ing jaman biyen karo jaman saiki iku ana bedane. Yen dideleng
saka segi basa ing jaman biyen, ujub nggunakake basa Jawa dene
ing jaman saiki ujub uga nggunakake loro basa yaiku basa Jawa
105

lan basa Arab. Nggunakake basa Arab amarga nyelarasaken


kaliyan kabudayan Islam. Ujub kang nggunakake basa Arab bisa
dideleng kayata pethikan iki:
“Bismillahirohmanirohim, Allahuma sholli wassalim
alaa’saidina Muhammadin walhamdulillahi robbil
alamin. Allahuma anta robbana kholaqtana waana
abduka wa’ana wa ala ahdika mastatho’ta wa udzubika
min syari mashona’taa wa’abudu laka bini’mati alaya
wa’abudu bidambi fagfirlana fainahu layagfirud
zunuuba illa anta. Allahumma inna nas-aluka ilma
nafii’an wa’amalan mutaqobalakh wa’rizqon halalan
thoyyiban. Allahumaj’al minattala midanaa wa’aula
danaa wa’ahlanaa wa’ahlanaa wa’ahla qoryatinaa
wa’ahlanaa wa’ahla qoryatina Sraturejo min ahlil ilmi
wa’ahlil khoiri wa’ahlittuqo. Allahuma salim dinata
wassalim imanana wa’hashil maqooshidanaa
khushuson maqooshidu ahli qoryati Sraturejo wayashi
umurona min umuriddunya wal’akhiroh. Allahumaj’al
wa’audzubika min balak iddun yaa wal’akhiroti waj,al
qoryatina amin. Allahumagfirlana dzunubanaa wali
waalidinaa kama robbana soghiroo. Tsumma illa
hadhroti jami’il ahlil qubur minal muslimina
wal’muslimat wal’mu’minina wal’muminat tsumma
ilaa hadhroti ruhi ustadi ustadina wal’massyayikh
massyayikhinaa tsumma ila hadroti ruuhi rosyi’ul
qoryati Sraturejo. Allahumaj’al qoirohum riyadu min
rouhdotil jinnaan walaa taj’al qoirohum qufrotu min
qufrootin nirron. Allahuma thowil umuronaa wakhtim
umurona bihusnil khotimah biquoli laa ilaahaillallah
Muhamadarrousullah. Robana atinaa fiddunya
khasanah wa’fil akhiroti khasanah waqilna adza
bannar. Amin .....

Sawise ujub nggunakake basa Arab, banjur Pak Modin


ujub nggunakake basa Jawa kang wiwit biyen digunakake nalika
nandukake encek Nganten lan sakabehe ubarampe kang wis
106

disiapake. Ujub kang nggunakake basa Jawa bisa dideleng saka


pethikan iki:
”Bismillahirohmanirohim, sedayaning puji
kagunganipun Gusti allah SWT, mboten wonten
Pangeran ingkang dipun sembah kejawi Gusti Allah
SWT lan kita sedaya percados bilih Nabi Muhamad
menika utusanipun Gusti Allah. Ya Allah kula
masyarakat Dhusun Grenjeng, Desa Sraturejo kanthi
lantaran sodakohan menika, Panjenengan tebihaken
saking balak,tebihaken saking bilahi kagem masyarakat
Dhusun Grenjeng khususipun lan masyarakat Sraturejo
umumipun. Mugi-mugi sedaya masyarakat niki
Panjenengan paringi sehat wal’afiat mboten wonten
sambikala lan Panjenengan ampuni sedaya dosa-
dosanipun tiyang sepah kita sedaya, leluhur-leluhur
kita sedaya, pemimpin-pemimpin kita sedaya, guru-
guru kita sedaya, lan mugi-mugi Panjenengan
dadosaken anak-anak kita sedaya, anak ingkang sholeh
sholihah lan mugi ilmunipun saged manfaat
dhumateng kaluwarganipun, masyarakatipun,
bangsanipun, agaminipun, lan mligi kangge
pribadinipun. Ya Allah, mugi panjenengan nyembadani
pepinginan kita sedaya. Amin Amin Ya Robal Alamin.”
(Bapak Sutrisno, wawancara : 12 Januari 2015)

Pethikan kasebut minangka ujub kang diucapake dening


Pak Modin kanthi nggunakake basa Jawa. Nalika nandukake
encek, para warga saka mudha lan tuwa padha meneng kabeh
saperlu ndonga marang Gusti Pangeran supaya donga kang
ditandukake dening Pak Modin bisa kasembadan. Donga kang
ditandukake dening Pak Modin lan diamini dening warga
Dhusun Grenjeng iku nduweni makna kayata kang diandharake
dening Bapak Sutrisno minangka modin Desa Sraturejo kang bisa
dideleng ing pethikan iki:
107

“Maknanipun mboten wonten Gusti kajaba Gusti


Pangeran, Nabi Muhammad utusanipun Gusti
Pangeran (Allah SWT), mugi Gusti Pangeran ngampuni
dosa-dosa kita lan tiyang sepuh kita lan mugi-mugi
Gusti Pangeran maringi kaslamatan marang warga
Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo.” (Bapak Sutrisno,
wawancara : 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


donga kanthi nggunakake loro basa yaiku basa Jawa lan basa
Arab iku sejatine nduweni makna kang padha. Maknane yaiku
ora ana Gusti Pangeran kejaba Gusti Allah lan Nabi Muhammad
utusan Allah, muga-muga Gusti Pangeran paring kaslamatan
tumrap warga saengga para warga bisa urip slamet ora ana
alangan apa-apa. Salaras karo panemune Bapak Sutrisno kasebut,
Bapak Kusnan uga nambahi ngenani babagan makna saka ujub
yaiku kaya andharan iki:
“Donga saking Pak Modin niku damel nandukake
ambeng Mbak. Makna saking donga Modin niku inggih
supados warga ngriki slamet uripe, rejekine kathah,
diparingi sehat, pokok mboten wonten alangan menapa
kemawon ngoten.” (Bapak Kusnan, wawancara : 12
Januari 2015)

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng yen


makna saka ujub yen saliyane minangka wujud rasa syukur
warga marang Gusti Pangeran lan nyuwun kaslamatan tumrap
para warga uga nduweni makna supaya warga tansah diparingi
kasarasan lan ora ana alangan apa bae kang dumadi ing Dhusun
Grenjeng saengga kanthi urip kang kebak kasarasan, kaslamatan,
andadekake para warga bisa ngibadah marang Gusti Pangeran
kanthi lancar.
108

4.3.18 Rebutan Encek Nganten


Sajrone TKEN iki ana salah sawijine tatarakit yaiku
rebutan encek nganten. Tatarakit siji iki minangka salah sawijine
tatarakit kang dienteni dening warga Dhusun Grenjeng lan
warga liyane. Encek kang uga diarani encek raseksa iki sawise
dikirap ngumeti dhusun banjur dideleh ing plataran Sumur
Nganten yaiku ing sisih lor cedhak karo makam Kaki Krebut lan
Nyai Krebut. Encek nganten dipanggonake ing cedhake makam
Kaki Krebut lan Nyai Krebut supaya nalika anggone rebutan ora
ngganggu warga kang lagi manganan ing pinggire. Sawise Pak
Modin nandukake encek banjur, para warga padha ngubengi loro
encek kasebut saperlu arep ngrebut palasandhung, palagantung
lan palapendhem kang ana ing dhuwure encek. Encek nganten
iku pancen narik kawigatene para warga saengga para warga
padha kepengin rebutan saengga para warga nalika Pak Modin
durung nganti rampung nandukake encek nganten lan encek
sega. Para warga wis padha rebutan encek nganten kang
diprecaya nduweni berkah.

Gambar 4.16 : Para warga rebutan encek nganten


“Bakda niku encek lanang lan wadon di canjak utawa
direbut dening para warga. Maknanipun para warga
ngrebut kanugrahan lan rejeki saking Gusti Pangeran.”
(Bapak Haryanto, 19 Mei 2014)
109

“Rebutan encek nganten niku rame sanget Mbak.


Ingkang dipun rebut ngoten niku inggih niku
palagantung, palasandhung, lan palapendhem ngoten
niku. Niku langsung dimasak biasane la pikantuk
terong, kacang lanjaran, lha la antuk kados bengkuang,
jeruk, salak ngoten niku inggih lajeng ditedha ngoten.
Miturut kula maknanipun menika inggih supados
pikantuk rejeki saking Gusti Pangeran Mbak.” (Mbah
Simat, wawancara: 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Bapak Haryanto lan Mbah Simat bisa dideleng yen encek
nganten lanang lan wadon kang wis dideleh ing plataran Sumur
Nganten sawise ditandukake dening Pak Modin banjur direbut
dening para warga. Wong kang ngrebut encek nganten wiwit
saka bocah-bocah nganti embah-embah. Senadyan sadurunge
warga manggon adoh jarake saka panggonan encek nganten,
nalika arep rebutan banjur padha mlayu. Bapak Haryanto lan
Mbah Simat uga ngandharake yen makna saka rebutan encek
nganten kang arupa woh-wohan iku kanggo ngrebut kanugrahan
lan rejeki saking Gusti Pangeran saengga para warga padha
rebutan nggolek rejeki. Saliyane iku makna saka rebutan encek
nganten uga nduweni makna kang kinandhut kayata kang
diandharake dening Mas Ngabehi Agung Yatmoko Prasetyo
minangka cucuk lampah sarta juru serat Sanggar Pakeliran kang
bisa dideleng ing andharan iki:
“Rebutan maknanipun sedaya menawi kepengin urip
penak kedah rekasa rumiyin kedah tirakatan rumiyin,
royokan menika butuh tenaga, butuh teknik, dados
manungsa Mbak menawi kepengin nggayuh apa kang
dipingini ya kedah nggadhahi cara sasanesipun inggih
saget nuwuhaken karukunan.” (Mas Agung,
wawancara : 23 November 2014)
110

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening Mas


Agung bisa dideleng yen rebutan encek saliyane kanggo nggolek
kanugrahan utawa rejeki uga minangka sawijine piwulangan
marang manungsa supaya yen kepengin urip kang mulya iku
kudu gelem rekasa dhisik. Kayadene nggayuh sawijine
pepinginan kudu tansah upaya utawa tirakatan saengga Gusti
Pangeran mangerteni kaya apa upaya lan sepira upayane
manungsa kanggo nggayuh pepinginan kang becik. Sajrone
adicara TKEN senadyan ana tatarakit kang arupa rebutan
nanging ing kene rebutane ora nggawe prakara ala, malah
rebutan sajrone TKEN bisa mupuk karukunan antar warga. Ing
kono sakabehe warga padha kumpul kanggo ngrebut encek. Para
warga saka Dhusun Grenjeng lan sakitare padha rebutan woh-
wohan utawa janganan nganti ora nyisa.
4.3.19 Manganan
Manganan yaiku salah sawijine kagiatan mangan sacara
bebarengan.Manganan minangka salah sawijine tatarakit sajrone
TKEN kang disenengi dening para warga saliyane rebutan encek
nganten. Manganan sajrone TKEN dilaksanakake sawise para
warga padha rebutan encek nganten yaiku sakitar jam 14.00 WIB.
Para warga ora oleh mangan yen durung ditandukake dening
Pak Modin. Saben warga padha nggawa panganan kang arupa
sega, lawuh-lawuhan lan kadang ana jajane. Panganan mau
diwadhahi encek utawa ing jaman saiki akeh kang diwadhahi
ember utawa kotakan sega. Nalika manganan para warga padha
ijol-ijolan panganan. Senadyan manganan iku manggon ing
panggonan kang kramat lan biasane dianggep panggonan kang
rusuh nanging para warga katon ora jijik, malah para warga
tansah seneng banget bisa mangan bareng-bareng. Wong kang
manganan ing petilasan Sumur Nganten iku ora amung para
warga Dhusun Grenjeng nanging para warga saka dhusun liya
111

iku uga melu dadi siji mangan ing kono. Kayadene kang
diandharake dening Bapak Haryanto ing andharan iki:

Gambar 4.17 : Manganan

“Salajengipun encek-encek alit dicanjak sareng-sareng


utawa diwastani manganan. Para warga niku remen
sanget manganan amargi jarang-jarang saged dhahar
sesarengan ngoten niku, paling inggih namung
setunggal taun sepindhah. Maknanipun menika
supados para warga guyub rukun lan setunggal klawan
setunggalipun saged ngraosaken panganan ingkang
dipun gadhahi dados saling nyekapi.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara ing dhuwur bisa dideleng yen


warga seneng banget anggone mangan bareng-bareng, amarga
adicara kaya mangkono mung ana setaun pisan. Panganan kang
dipangan dening para warga yaiku encek cilik utawa encek kang
ana segane. Para warga adhep-adhepan anggone mangan. Makna
saka adicara manganan yaiku ningkatake karukunan, amarga siji
klawan siji bisa mangan bareng-bareng bisa kumpul bareng ing
petilasan Sumur Nganten. Nalika manganan iku wis ora ana
112

bedane mudha tuwa, sugih miskin, kabeh iku padha bae


minangka warga Dhusun Grenjeng. Saliyane iku supaya warga
siji klawan sijine bisa ngrasakake rejeki kang diduweni wong
liya, dadi yen ana panganan ora dipangan dhewe kabeh bisa
ngrasakake. Babagan makna saka manganan uga diandharake
dening Mas Agung Yatmoko:
“Kembul bojana andrawina utawa pesta rakyat,
mangan-manganan menika anggadhahi makna wujud
puji syukur masyarakat Dhusun Grenjeng marang
Gusti Pangeran kang wis kasil menehi panen Mbak lan
maknanipun njaga persatuan lan kesatuan lan gotong
royong.” (Mas Agung, 23 November 2014)

Saka andharane Mas Agung bisa dideleng yen


manganan iku uga diarani kembul bojana andrawina. Manganan
ing jaman saiki diarani pesta rakyat. Manganan kang ana sajrone
TKEN iku nduweni makna wujud rasa syukur warga marang
Gusti Pangeran kang wis paring panen yaiku panen pari lan
sapiturute. Kanthi anane panen kasebut warga Dhusun Grenjeng
bisa nyukupi kabutuhane kayata kabutuhan pangan. Saliyane iku
panemune Mas Agung Yatmoko uga salaras karo panemune
Bapak Haryanto yen manganan kasebut nduweni makna njaga
karukunan lan gotong royong antarane warga. Karukunan kang
tansah dijaga dening para warga bisa ndadekake Dhusun
Grenjeng dadi panggonan kang tentrem tinimbang panggonan-
panggonan liyane.
4.3.20 Langen Tayub
Tayub minangka salah sawijine kesenian kang tuwuh ing
Jawa. Miturut Herawati (2009:41) kesenian tayub asale saka
krajaan Jawa Kuna, sejatine minangka perangan saka rangkaian
upacara kang asipat religius yaiku tujuwan kanggo njaluk
kaslamatan marang Tuhan uga minangka rasa syukur. Tembung
tayub asale saka tembung “tata” kang tegese ajeg lan “guyub”
113

nduweni teges dadi siji utawa rukun. Kanthi teges kang kaya
mangkono, tayub nduweni teges sawijine wujud tari kang ditata
kanthi ajeg saengga nuwuhake karukunan. Pancen teges saka tari
tayub yaiku tatanan utawa aturan kang gegayutan karo obahe
tarian utawa pelaksanaane, lan tarian-tarian kasebut dilakokake
kanthi guyub. Tari tayub iku diperang dadi telu yaiku tayub alus,
gagah, lan gecul.
Miturut Prawira Atmaja sajrone Herawati (2009:41)
tembung tayub nduweni teges seneng-seneg kanthi ngibing
bareng tandhak, utawa nduweni teges nari bareng ledhek utawa
ronggeng. Kesenian langen tayub iku nduweni piguna kang
gedhe kayata pagelaran nalika panglima budhal perang, sunatan,
kawinan lan pertanian. Piguna ritual tayub kang gegayutan karo
pertanian yaiku nalika para kadang tani wis kasil panen pari.
Kesenian langen tayub minangka sawijine kesenian kang kudu
tansah diuri-uri dening masyarakat.
Ing Kabupaten Bojonegoro dhewe, masyarakate padha
seneng karo kesenian langen tayub. Pagelaran langen tayub uga
minangka salah sawijine tatarakit sajrone TKEN. Pagelaran
langen tayub nalika adicara TKEN dianakake ing petilasan
Sumur Nganten wiwit sore nganti manjing subuh. Babagan
langen tayub sajrone TKEN bakal diandharake dening Bapak
Haryanto:
114

Gambar 4.18 : Langen tayub

“Bakda nyanjak encek para warga ningali langen tayub.


Adicara langen tayub menika siang ngantos badhe
manjing magrib, bakda niku dalunipun diwiwiti baksdo
isya ngantos badhe subuh. Adicara langen tayub
menika nggadhahi makna seneng-seneng utawa
hiburan saengga langkung ningkataken guyub rukun.
Ing langen tayub sabeksan menika saged 20 tiyang.
Saben mbeksa menika mbayar 10 ewu.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


sawise nyanjak encek, para warga padha ndelok langen tayub.
Adicara langen tayub kang digelar iku diwiwiti sakitar jam 14.30
WIB nganti tekane adzan magrib. Para warga Dhusun Sraturejo
pancen tansah ngurmati agama Islam senadyan tansah njaga
kabudayan Jawa. Kabukten yen wancine magrib, adicara langen
tayub kang digelar banjur dilereni. Nalika dalu adicara langen
tayub diwiwiti bakda isya nganti manjing subuh. Adicara langen
115

tayub iku digelar ing plataran Sumur Nganten. Para warga katon
seneng mbeksa mligine para priya. Saben mbeksa iku wragade
sakitar Rp 10.000, 00 nanging para warga tansah ora mikir
wragade penting bisa seneng-seneng.
Makna saka adicara langen tayub yaiku seneng-seneng,
Sajrone TKEN warga bisa seneng-seneng bebarengan. Bisa
mbeksa bareng-bareng kanthi wirama gendhing iku bisa nggawe
ati seneng, senadyan sadurunge akeh prakara kang diadhepi.
Nalika mbeksa iku krasa ilang prakara-prakara kang diadhepi.
Langen tayub iku uga minangka hiburan saengga warga kanthi
anane langen tayub bisa dadi seneng. Saliyane iku makna kang
kinandhut yaiku bisa ningkatake karukunan, amarga nalika
adicara langen tayub digelar sakabehe para warga padha kumpul
dadi siji. Babagan langen tayub uga diandharake dening Mbah
Simat kaya pethikan wawancara iki:
“Langen tayub saka Tuban ora tau ganti-ganti. Amarga
warga kene ki seneng karo langen tayub tuban. Wiwit
jaman biyen nganti saiki tetep langen tayube saka
Tuban.” (Mbah Simat, wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Mbah Simatbisa dideleng yen senadyan ing Kabupaten
Bojonegoro nduweni langen tayub dhewe nanging warga
Dhusun Grenjeng anggone ngramekake TKEN tansah nanggap
langen tayub saka Tuban. Langen tayub saka Tuban dipilih
dibanding saka Kabupaten Bojonegoro amarga langen tayub saka
Tuban iku dianggep luwih apik tinimbang saka Bojonegoro. Mula
wiwit jaman biyen nganti jaman saiki tansah nanggap langen
tayub saka Tuban. Saliyane Bapak Haryanto lan Mbah Simat
kang ngandharake babagan langen tayub, salah sawijine
informan yaiku Bapak Kusnan kang minangka tani (warga
Dhusun Grenjeng) uga ngandharake ngenani adicara langen
116

tayub kang ana sajrone TKEN kang bisa dideleng ing andharan
iki:
“Layeng tayub saking Tuban, biasane Wantika
warangganane. Biayanipun saking swadaya masyarakat
Mbak. Ngoten niku saeklase Mbak, kang rejekine akeh
ya biasane iurane akeh. Biasane saben KK niku ditarik
10 ewu, iku dikumpulna ten Rt-ne dhewe-dhewe.
Inggih mboten rugi Mbak malah saya seneng. Malah
oleh kauntungan Mbak. Bisa seneng-seneng bisa
mbeksa. Dhuwite saka asile mbeksa iki karo desa
diklumpukna banjur diutang-utangna kanggo para
warga kang mbutuhake. Inggih amargi wiwit rumiyin
niku langen tayub dados mboten wantun nanggap
ringgit.” (Bapak Kusnan, wawancara : 12 Januari 2015)

Adhedhasar andharan Bapak Kusnan bisa dideleng yen


pancen langen tayub kang ditanggap dening warga Dhusun
Grenjeng iku saka Tuban kanthi waranggana kang wis misuwur
ayune lan swarane yaiku Nyi Wantika. Para warga Dhusun
Grenjeng yen mangerteni Nyi Wantika padha seneng apa maneh
krungu swarane kang apik. Bapak Kusnan uga ngandharake yen
wragad kanggo nanggap langen tayub iku saka swadaya
masyarakat, biasane saben KK ditarik 10ewu. Dhuwitkang saka
warga iku dikumpulna saben RT. Nalika mbeksa uga mbayar 10
ewu. Para warga ora ngrasa rugi yen mbeksa ditarik Rp 10.00,00
amarga saka mbeksa iku para warga bisa ngrasa seneng apa
maneh bisa mbeksa bareng-bareng dikancani waranggana-
waranggana kang ayu-ayu praupane saengga para warga malah
saya seneng. Dene dhuwitasile mbeksa iku yen wis ngumpul
diutang-utangne marang warga kang mbutuhake. Tuladhane
utang RP 200.000,00 mbalike Rp 250.000,00 dhuwit iku bakal
digunakake kanggo biaya TKEN ing taun ngarep. Kanthi cara
mangkono saben taun nalika ana TKEN tansah ana pagelarang
langen tayub.
117

4.4 Wujud lan Makna Ubarampe sajrone Tradhisi Kirap Encek


Nganten ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro
TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang ngrembaka
ing Dhusun Grenjeng. Adicara TKEN dianakake sawise panen
pari yaiku ing dina Senin Pon. Ing taun 2014 iki TKEN dianakake
nalika tanggal 19 Mei 2014. TKEN dianakake minangka wujud
rasa syukur warga Dhusun Grenjeng marang Gusti Kang
Murbeng Dumadi kang wis paring rejeki arupa asil panen,
saliyane iku TKEN minangka wujud rasa kurmat marang Kaki
Krebut lan Nyai Krebut. Tujuwan dianakake TKEN yaiku kanggo
njaluk slamet marang Gusti Pangeran supaya Dhusun Grenjeng
Desa Sraturejo lan para wargane diwenehi kaslamatan lan adoh
saka bebendu.
Sajrone TKEN iku nduweni ubarampe kang kudu
dicukupi dening warga Dhusun Grenjeng. Miturut Sudaryanto
(2001:1051) panganan lan lelawuhan kang dicaosake marang
dhedhuwuran nalika duwe gawe utawa apa-apa kang klebu
praboting kapreluan. Ubarampe minangka piranti kang wigati
lan nduweni pangaribawa tumrap sawijine adicara, amarga
ubarampe kasebut nduwe makna kang kinandhut. Mula saben
ana adicara mligine upacara adat kudu nyepakake ubarampe-
ubarampe kang dibutuhake.
Sawijine bebrayan isih nduweni kaprecayan yen anane
ubarampe minangka wujud pakurmatan marang Gusti Pangeran,
iku mujudake aturing kaprecayan marang bab-bab kang asipat
ghoib. Masyarakat padha wedi yen ora njangkepi ubarampe kang
dibutuhake ing sawijine adicara adat bakal ora kasembadan apa
kang dadi pepinginane lan wedi yen ana bebendu. Senadyan
akeh utawa sethithik ubarampe kang dibutuhake iku kudu
tansah dijangkepi. Mula, saka andharan ing dhuwur bakal
diandharake makna kang kinandhut sajrone ubarampe kang
digunakake ing adicara TKEN. Ubarampe-ubarampe kang saiki
118

digunakake dening masyarakat iku minangka warisan saka para


leluhur. Sawijine wujud lan makna kang kinandhut sajrone
ubarampe ing adicara TKEN antara liya yaiku:
4.4.1 Encek Lanang lan Wadon
TKEN minangka tradhisi kang ngrembaka ing Dhusun
Grenjeng. Salah sawijine ubarampe kang wigati ing adicara
kasebut yaiku encek. Encek yaiku baki utawa lengser kang
digawe saka pring banjur dinyam kanthi arang-arang. Miturut
Sudaryanto (2001:264) dieyeng-eyeng wong akeh. Encek sajrone
TKEN miturut jinise ana loro yaiku encek nganten lan encek kang
dhuwure ana sega lan lawuhe. Encek kang kapisan kang wigati
yaiku encek nganten. Diarani encek nganten amarga minangka
lambang nganten yaiku Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Ing jaman
mbiyen nalika Kaki Krebut lan Nyai Krebut bebas saka
pakunjarane Patih Jaya Kanga kang wis dadi pangkhianat,
kekarone diarak utawa diiring ngumeti Dhusun Grenjeng kaya
nganten anyar.
Encek nganten uga diarani encek raseksa amarga
ukurane kang gedhe tinimbang encek-encek liyane. Encek
nganten iku cacahe ana loro yaiku encek lanang kang minangka
Kaki Krebut lan encek wedok kang minangka Nyai Krebut. Encek
nganten digawe saka pring kanthi ukuran 1x1m. Encek nganten
iku wujude apik banget amarga ing sajrone encek ana woh-
wohan lan janganan kang ditata apik dening para warga mligine
saka anggota Sanggar Pakeliran. Babagan encek nganten
diandharake dening Mbah Simat:
“Ya kayata tomat, lombok, terong, jeruk, kacang
lanjaran, ngunu iku kang asale saka asil panene
masyarakat tani Dhusun Sraturejo kang digawe encek
gedhe yaiku encek lanang lan wadon. (Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)
119

Saka andharan kang wis diandharake dening Mbah


Simat bisa dideleng yen encek nganten kang cacahe ana lanang
lan wadon iku digawe saka asil panene masyarakat. Asil panen
warga kayata tomat, lombok, terong, kacang lanjaran lan woh-
wohan utawa janganan liyane iku dirangkai dadi siji banjur
dibentuk kaya gunungan. Nanging warga ing Dhusun Grenjeng
ngarani encek. Encek kang digunakake kirap milih nggunakake
encek kanthi bahan woh-wohan lan janganan amarga dianggep
luwih apik lan ora mubadzir nalika digawe rebutan dening para
warga. Babagan makna encek nganten uga diandharake dening
Bapak Haryanto:

Gambar 4.19 : Encek Lanang


“Maknanipun menika encek lanang minangka
pralambang Kaki Krebut encek wadon menika Nyai
Krebut, ananging saget diwastani priyantun kakung lan
putri inggih menika lingga yoni ingkang maknanipun
pralambang kasuburan wonten bumi, ingkang kita
tanem wonten saben arupi asil tetanen ingkang baku
menika kangge rasa syukur marang Gusti Pangeran,
mula sabibaripun panen ngawontenaken syukuran.
Ubarampe ingkang dipun damel inggih menika encek
lanang lan wadon ingkang isinipun tetanen saka para
kadang tani kadosta pantun, sayuran, palapendhem
ingkang dipun tanem dening masyarakat
ngriki.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September
2014)
120

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen encek nganten iku cacahe loro
yaiku lanang lan wadon. Kekarone encek nganten mau nduweni
makna kang kinandhut yaiku encek lanang minangka lambang
saka Kaki Krebut (Prabu Lembu Ameswari) lan encek wadon iku
minangka lambang saka Nyai Krebut (Kanjeng Ratu Lendasari)
utawa encek nganten iku uga minangka pralambang lingga lan
yoni. Lingga yaiku minangka perangan awak saka priya dene
yoni minangka perangan awak saka wanita. Makna kang
kinandhut yaiku apa kang ditandur dening masyarakat iku bisa
kasil panen amarga rejeki saking Gusti Pangeran. Tanduran kang
ditandur dening warga bisa tuwuh subur saengga bisa panen
akeh. Asil panen kasebut diklumpukake dadi siji kang kayata
palapendhem, palasandhung, lan palagantung. Para warga
padha seneng banget ngumpulake saperangan asil panen kang
diduweni saengga bisa digawe dadi encek nganten. Saliyane iku
Mas Agung lan Bapak Sutrisno uga ngandharake tetenger saka
encek nganten:

Gambar 4.20 : Encek Wadon


121

“Encek jaler menika lincip kados lingga menawi encek


wadon menika njumbek kados yoni. Encek jaler wonten
mahkotanipun saking nanas ingkang estri diparingi
rambut-rambut kadosta pantun menika simbol
karaharjan, encek jaler wonten lepet dene encek wadon
wonten kupat.”(Mas Agung, wawancara : 23 November
2014)

“Encek nganten menika cacahipun kalih Mbak. Encek


lanang minangka Kaki Krebut lajeng encek wadon
menika Nyai Krebut, kekalih menika sesepuh ngriki.
Tetengere encek lanang lan wadon menika menawi
encek lanang dhuwur Mbak, biasanipun manggon ya
ten ngajeng menawi estri wonten wingking lan endhek
Mbak.” (Bapak Sutrisno, wawancara : 12 Januari 2015)

Adhedhasar pethikan kang wis diandharake dening


Mas Agung lan Bapak Sutrisno bisa dideleng bilih encek nganten
lanang lan wadon iku ana bedane senadyan digawe kanthi bahan
asil panene warga Dhusun Grenjeng. Mas Agung ngandharake
bilih encek lanang iku wujude lancip kaya lingga, dene encek
wedok iku wujude njumbek kaya yoni. Encek lanang iku ing
dhuwure ana mahkotane arupa woh nanas. Milih woh nanas
tinimbang woh-wohan liyane amarga siji-sijine woh-wohan kang
nduweni mahkota yaiku nanas. Nanas iku salah sawijine woh-
wohan kang rupane apik. Tetenger liyane yaiku yen encek lanang
iku ing dhuwure ana lepet. Tetenger saka encek wedok yaiku ing
dhuwure ana parine. Pari ing dhuwur encek iku minangka
rambut dawa saka Nyai Krebut. Saliyane iku ing dhuwure encek
uga ana kupate.
Bapak Sutrsino nambahi andharan saka Mas Agung,
yen tetenger saka encek nganten lanang lan wadon iku bisa
dideleng saka wujude lan panggonane nalika dikirap. Wujud
encek lanang iku dhuwur dene wujud encek wadon iku endhek.
122

Encek lanang iku manggone ing ngarep dene encek wadon iku
panggonane ana ing mburi. Yen kang mangerteni encek nganten
bisa weruh tetengere mula bakal bisa mbedaake encek nganten
lanang lan wadon. Encek nganten lanang lan wadon iku digawe
nalika bengi. Woh-wohan lan janganan kang ana ing encek
nganten iku dianggep nggawa berkah dening warga Dhusun
Grenjeng lan sakitare, saengga nalika rebutan encek nganten
kabeh padha royokan. Woh-wohan lan janganan kang digawe
encek nganten iku uga diprecaya bisa nggawe waras kang lagi
laralan bisa nambah rejeki dening saperangan bebrayan.
4.4.2 Encek Sega
Encek sega minangka salah sawijine ubarampe sajrone
TKEN. Encek sega iku digawe saka pring banjur disisiki lan
dipecahi tipis-tipis. Sawise iku banjur dinyam kanthi wujude
pesagi, biasane encek sega iku pinggire diwenehi papah gedhang
nanging ana uga kang ora diwenehi. Encek kang digawe wadhah
sega ing adicara TKEN digawe kira-kira ukuran 50cm X 50cm.
Senadyan mung digawe saka anyaman pring kang arang-arang
nanging encek iku kuwat kanggo wadhah sega lan lawuh-
lawuhe. Saliyane iku biasane ing dhuwure encek uga ana jajan-
jajane kayata kucur, ondhe-ondhe, tape, pisang lan sapiturute.
Ing jaman saiki jarang ana wong kang nggawe encek, nanging
mligine sajrone TKEN saperangan isih nggatekake encek
minangka wadhah sega. Mligine ing Dhusun Grenjeng, biasane
wong siji bisa nggaweake encek wong telu utawa luwih saka
kuwi.
Encek sega nalika adicara TKEN katon akeh banget, iku
mratandhani bilih para warga ngrasa nduweni rasa syukur
marang Gusti Pangeran. Encek sega iku digunakake kanggo
mangan-mangan bareng saengga bisa rukun para warga lan
pamonge. Ubarampe kang arupa encek sega iki ora digawe
rebutan dening para warga, malah para warga padha gantenan
123

ijol encek sega. Babagan encek sega diandharake dening Bapak


Haryanto lan Mbah Simat ing pethikan iki:

Gambar 4.21 : Encek Sega

“Sasanesipun menika encek sega. Encek sega menika


dibekta wonten petilasan sumur nganten dening para
warga. Maknanipun menika wujud rasa syukur marang
Gusti Pangeran ingkang sampun maringi rejeki tumrap
warga Dhusun Grenjeng lan sakitare.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

“Encek sekul menika kathah Mbak. Didamel saking


anyaman pring. Niku maknane wujud syukur warga
Grenjeng marang Gusti Allah.” (Mbah Simat,
wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto lan Mbah Simat bisa dideleng yen encek sega
iku minangka salah sawijine jinis encek kang digawa dening
saben warga. Nalika adicara TKEN saben warga padha nggawa
encek sega ing petilasan Sumur Nganten. Encek Sega iku
124

dhuwure ditutupi godhong gedhang utawa godhong jati. Encek


nganten ora mung digawa dening warga kang tuwa nanging
bocah-bocah uga padha nggawa encek nganten lan kumpul dadi
siji nganti didongani dening Pak Modin. Makna saka ubarampe
encek sega yaiku minangka wujud rasa syukur para warga
marang Gusti Kang Maha Kuwaos kang wis paring rejeki tumrap
warga saengga para warga bisa nyukupi kabutuhane lan
kaluwargane, anane rejeki kang saka asil panen utawa pakaryan
liyane iku ndadekake para warga dadi kacukupan sandhang,
pangan, lan papan.
4.4.3 Kembang Mayang
Kembang mayang minangka ubarampe kang kudu ana
ing adicara ngantenan. Kembang mayang yaiku salah sawijine
ubarampe kang digawe saka wit gedhang kang isih cilik banjur
diwenehi janur ing pinggir-pinggire. Jinis wit gedhang kang
umume digunakake kanggo kembang mayang yaiku wit
gedhang gedhang sepet lan kluthuk. Alesan milih wit gedhang
sepet lan kluthuk amarga kekarone supaya cepet kepethuk.
Ubarampe kang arupa kembang mayang uga digunakake
sajrone adicara TKEN. Ora saben manungsa iku bisa nggawe
kembang mayang, senadyan kembang mayang iku wujude katon
biasa bae nanging angel nggawene. Biasane kang bisa nggawe
kembang mayang iku para priya. Ing jaman saiki yen ora ana
janur, para warga nggunakake kertas klobot kanggo hiasane.
Kembang mayang kang cacahe ana loro iku biasane
dicekeli dening putri dhomas lan pager bagus kang durung
mbangun balewisma. Ing adicara TKEN iki kang nyekeli yaiku
saka prawan Dhusun Grenjeng kang nggunakake kebayak, jarik,
lan disanggul saengga katon ayu. Panggone paraga kang nyekeli
kembang mayang ana ing mburine paraga kang nyekeli payung
dadi kalebu ing panggonan sisih ngarep. Kembang mayang kang
cacahe ana loro iku minangka lambang lanang lan wadon.
125

Babagan ubarampe kang arupa kembang mayang diandharake


dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.22 : Kembang Mayang

“Saderengipun encek lanang lan wadon menika wonten


kembang mayang. Kembang mayang menika minangka
bedholanipun saking kembang Jayandaru Dewandaru
ingkang diboyong kangge ngiring nganten dados
mestinipun mawi ubarampen menika patembayan
ingkang saged mbedhol kembang mayang Dewandaru
Jayandaru menika minangka pralambang saking
khayangan saking kadhewatan ingkang dipun suwun
supados saged paring berkah kangge penganten
sarimbit dados ing kawontenan menika ditujukaken
kangge Kaki Krebut lan Nyai Krebut supados tansah
pikantuk anugerah saking Gusti.”(Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Andharan kang wis diandharake dening Bapak Haryanto


yen kembang mayang iku manggon ing ngarepe encek lanang lan
wadon. Kembang mayang manggon ing ngarep encek amarga
126

encek nganten iku minangka lambang nganten Kaki Krebut lan


Nyai Krebut. Sajrone TKEN iki kang nggawa kembang mayang
yaiku para perawan-perawan saka Dhusun Grenjeng kanthi
didandani ayu lan nganggo klambi kebaya. Saengga adat Jawa
katon kentel banget.
Ubarampe kang arupa kembang mayang iku nduweni
makna supaya Gusti Pangeran paring berkah kanggo penganten
sarimbit yaiku Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Kekarone minangka
pasangan penganten kang ora bisa dipisahake. Senadyan wis
nduweni anak telu nanging rasa tresna Kaki Krebut lan Nyai
Krebut tansah dijaga nganti mati. Prabu Lembu Amisena lan
Kanjeng Ratu Lebdasari uga tansah njaga janji prasetya nganti
tekane pati. Prakara kang kaya mangkono iku kudu bisa
dituladhani dening generasi mudha ing jaman saiki saengga bisa
njaga tali tresna lan bale wisma.
4.4.4 Gendera Abang Putih
Gendera yaiku sawijine piranti kang digunakake kanggo
upacara utawa minangka simbol sawijine bangsa. Gendera
digunakake minangka ubarampe sajrone adicara TKEN.
Ubarampe kang arupa gendera kasebut warnane abang putih
kang minangka gendera kabangsaan Indonesia. Gendera abang
putih utawa kerep diarani gendera pusaka iku kang kapisan
dijait dening Ibu Fatmawati kang minangka garwa saka Ir.
Soekarno. Gendera abang putih iku senadyan mung arupa kain
nanging tansah dikurmati banget dening warga Indonesia. Ing
jaman penjajahan mbiyen kanggo ngibarake gendera pusaka
angel banget, mbutuhake perjuangan kang gedhe nganti jiwa
raga dadi taruane.
Nalika adicara TKEN, gendera minangka ubarampe kang
ditali ing dheling. Dheling yaiku pring kang isih nom. Gendera
iku ing adicara TKEN digawa dening salah sawijine paraga priya
127

kang manggon ing mburine cucuk lampah. Babagan gendera bisa


dideleng saka andharan Bapak Haryanto:

Gambar 4.23 : Gendera Abang Putih

“Gendera iku warnane abang putih lan ditali ing


dheling. Dheling nggadhahi makna jujur saben tindak
lakune mubah musike pikiran ingkang temen rina
wengine. Warna abang nggadhahi makna ati getih kita
pribadi bisa ngobarake rasa nasionalisme, ingkang
wantun mbrantas tumindak ala. Putih minangka
pralambang balung putih. Putih nggadhahi makna bilih
manungsa kedah nggadhahi pamikiran ingkang suci
sejati, wantun ngemban amanat lan tugas ingkang
suci.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September
2014)

Adhedhasar andharan Bapak Haryanto bisa dideleng


yen ubarampe kang arupa gendera iku warnane abang lan putih
kang ditali ing dheling. Dheling nduweni makna bilih dadi
manungsa iku kudu nduweni watak kang jujur saben
tumindake. Ing kene kang dikarepake yaiku warga Dhusun
128

Grenjeng muga tansah dadi manungsa kang utama yaiku


manungsa kang saben tumindake tansah jujur saengga yen bisa
tumindak jujur mesthi ora bakal ana wong liya kang kapusan.
Jujur iku minangka sawijine watak kang becik mula kudu tansah
dibiasake kanggo tumindak kang jujur. Wong kang jujur iku
mesthi diprecayani dening wong liya semana uga sawalike.
Gendera kang warnane ana loro abang lan putih iku
nduweni makna yen warna abang iku minangka getih saka
dhirine manungsa yaiku warga Dhusun Grenjeng kang bisa
ngobarake semangat nasionalisme, amarga ing jaman saiki wis
jarang ana manungsa kang nduweni watak nasionalisme. Kanthi
warna abang kang nduweni watak nasionalisme lan watak kang
wani iku bisa ngilangi tumindak-tumindak kang ala.
Warna putih iku minangka balung kang diduweni
dening manungsa. Warna putih ing gendera iku nduweni makna
yen sakabehe manungsa iku kudu nduweni pamikiran kang suci
utawa apik. Wong yen nduweni pamikiran kang suci mesthi
bakal tumindak kang becik lan taat marang Gusti Pangeran.
Warna putih iku uga nduweni makna yen manungsa mligine
warga Dhusun Grenjeng iku kudu bisa njaga amanat saengga
saben diwenehi amanat bisa dilakoni kanthi rasa tanggungjawab
kang gedhe. Salaras karo panemune Bapak Haryanto, Mbah
Simat uga ngandharake makna saka gendera kang bisa dideleng
ing andharan iki:
“Wonten gendera abang putih Mbak. Maknanipun
menika inggih supados dados manungsa kang satriyo
kanthi lambang werni abrit. Werni pethak menika
kangge manungsa supados saget njagi amanat ngoten.”
(Mbah Simat, wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat bisa dideleng yen


warga Dhusun Grenjeng iku kudu dadi manungsa kang satriyo
yaiku kang nduweni watak wani, nanging wani ing prakara kang
129

bener. Warna putih iku nduweni makna yen manungsa iku


nalika diwenehi amanat kudu tansah nglaksanakake amanat
kasebut saengga ora nguciwani wong kang wis menehi amanat.
4.4.5 Tebu Ireng
Tebu yaiku tanduran kang wujude dhuwur lan rasane
legi. Tebu iku minangka tanduran kang bisa ditandur ing ngendi
bae. Cara nandur tebu yaiku milih bibit kang apik, yen wis
tukhul banjur disiram, yen prelu dipupuk supaya tebu bisa urip
kanthi subur. Tebu minangka salah sawijine ubarampe kang ana
ing adicara TKEN. Tebu kang digunakake yaiku tebu ireng. Tebu
ireng yaiku tebu kang warna kulite ireng. Milih tebu ireng
amarga tebu iki luwih gedhe tinimbang tebu liyane. Tebu ireng
iki senadyan angel golekane nanging tansah digunakake kanggo
ubarampe. Tebu Ireng kang digunakake ing ubarampe TKEN iku
nduweni makna kaya kang diandharake dening Bapak Haryanto
ing pethikan wawancara iki:

Gambar 4.24 : Tebu Ireng


130

“Tebu ireng nggadhahi makna tetepa, mantepa marang


dhawuhe bapa lan ibu. Pitutur ingkang luhur budi
pakartine, aja lamis, tumindaka ingkang manis.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng yen tebu


ireng digunakake kanggo ubarampe ing adicara TKEN amarga
nduweni makna kang adiluhung. Tebu ireng kang minangka
sawijine tanduran nduweni makna bilih minangka anak (generasi
mudha) kudu tansah patuh marang pituture bapa lan ibu. Bapa
lan ibu minangka sawijine pawongan kang kudu tansah
dikurmati, yen ora bisa ngurmati bapa lan ibu iku dianggep anak
durhaka. Anak durhaka iku bakal mlebu neraka, dene anak kang
patuh marang bapa lan ibu iku bakal mlebu swarga. Sanandjan
dadi anak wis nduweni pakaryan dhewe nanging wiwit cilik
nganti gedhe kudu tansah patuh marang pituture bapa lan ibu.
Bapa lan ibu iku mesthi bae nduweni kekarepan kang becik
marang anake mula wong tuwa tansah paring pitutur. Ing ngendi
bae panggonane kudu tansah eling marang pituture wong tuwa
aja nganti dadi anak kang nguciwaake atine wong tuwa.
Pitutur-pitutur kang kerep diwenehake dening wong
tuwa yaiku kudu luhur budi pakartine. Dadi wong iku kudu
nduweni budi pakarti kang luhur amarga yen nduweni budi
pakarti kang luhur bisa nglakoake tumindak kang becik. Wong
kang nduweni tumindak kang becik mesthi bakal pikantuk
ganjaran saka Gusti Pangeran. Mula ing adicara TKEN iki anane
tebu ireng nduweni kekarepan supaya anak-anak utawa generasi
mudha mligine Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo iki bisa tuwuh
dadi anak kang nduweni budi pakarti kang luhur saengga
migunani tumprap wong tuwa, agama, bangsa lan negara.
Pitutur liyane yaiku aja lamis. Dadi anak (generasi mudha) iku
aja dibiasaake lamis marang wong liya. Wong yen seneng lamis
iku mesthi ora bakal diprecaya dening wong liyane amarga
131

nuwuhake kaprecayan marang wong iku sejatine angel banget.


Mula ing kene kanggo anak-anak Dhusun Grenjeng Desa
Sraturejo kudu bisa dadi anak kang jujur marang sapa bae.
Saliyane iku pitutur liyane yaiku tumindak kang manis.
Tegese tumindak kang manis yaiku tumindak kang apik-apik
tumrap pribadi lan manungsa liyane. tumindak manis sajrone
panguripan kayata seneng tulung tinulung, aja seneng colong
njupuk, nduweni wewatekan kang adhil lan sapiturute. Sajrone
adicara TKEN kanthi anane ubarampe tebu ireng uga nduweni
maksud bilih dadi anak utawa generasi mudha kudu tansah
tulung tinulung marang wong liya kang lagi nandang
kasangsaran. Anggone tulung tinulung iku kudu tansah ekhlas
aja nganti ana pamrih. Nalika ana wong kang sengsara kudu
ditulungi aja malah diguyu lan diasorake. Aja colong jupuk
marang nggone wong liya. Dadi anak utawa generasi mudha
Dhusun Grenjeng ora oleh colong jupuk senadyan kepepet utawa
butuh banget kudu tansah ngupaya dhewe. Babagan makna kang
kinandhut saka ubarampe tebu ireng uga bisa dideleng saka
pethikan wawancara karo Mas Agung ing andharan iki:
“Tebu menika antebing kalbu, dados dipun angkah
sedaya pawongan nggadhahi kalbu ingkang anteb.”
(Mas Agung, wawancara : 23 November 2014)

Andharan kang diandharake dening Mas Agung salaras


karo panemune Bapak Haryanto. Tebu yaiku antebing kalbu,
dadi anane ubarampe kang arupa tebu iku sakabehe pawongan
kudu tansah nduweni kalbu kang anteb. Wong yen nduweni
kalbu kang anteb mesthi bakal tumindak kang becik. Pawongan
yen gelem nindakake tumindak kang becik mesthi bakal slamet
ing donya lan akhirate. Sajrone adicara TKEN iki dikarepake
supaya warga Dhusun Grenjeng anteb ing kalbu saengga bisa
dadi manungsa kang becik ing ngalam donya uga ing akhirate.
132

4.4.6 Godhong Jati


Jati yaiku tanduran kang wujude dhuwur lan kayune
bisa digunakake omah utawa piranti-piranti liyane. Tanduran jati
iku gampang ditemokake ing wilayah Kabupaten Bojonegoro.
Tanduran jati Jati iku nduweni godhong kang amba-amba.
Godhong jati kang wujude amba-amba iku bisa digunakake
kanggo mbuntel apa bae. Godhong jati iku uga bisa didol
saengga bisa ngasilake dhuwit . Godhong jati senadyan katon
sepele nanging nduweni piguna kang gedhe. Sajrone adicara
TKEN godhong jati nduweni makna kang kinandhut kaya kang
diandharake dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.25 : Godhong Jati

“Jati menika nggadhahi makna sejatining karep ingkang


dipun pingini dening manungsa supados saged
kasembadan.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen jati iku nduweni makna
133

sejatine kekarepane manungsa supaya bisa kasembadan. Dadi


warga Dhusun Grenjeng mesthi bae saben wong nduweni
pepinginan, antarane siji klawan sijine mesthi beda-beda. Sejatine
kekarepan mau ora bisa kasembadan yen manungsa iku ora
gelem ngupaya kanthi temenan. Kanthi anane adicara TKEN
kasebut, warga Dhusun Grenjeng nduweni pepinginan utawa
kekarepan kang muga-muga bisa disembadani dening Gusti
Kang Maha Kuwaos. Babagan makna godhong jati uga
diandharake dening Mbah Simat kaya andharan iki:
“Godhong jati menika dipun pendhet saking pundi
kemawon, biasanipun inggih saking pekarangan ngoten
niku. Makna saking godhong jati inggih menika
manungsa kedah gadhah ati, ati ingkang nggadhahi
raos tresna. Raos tresna niku kedah ingkang sejati
kadosta tresna sejati marang Gusti Pangeran, marang
tiyang sepuh, lan marang pasangan kita.” (Mbah Simat,
wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat bisa dideleng yen


anane ubarampe kang arupa godhong jati iku nduweni makna
yen dadi manungsa iku kudu bisa dadi manungsa kang tansah
nduweni rasa tresna. Rasa kasebut asipat sejati yaiku rasa sejati
marang Gusti Pangeran kang wis ngatur takdir manungsa ing
ngalam donya. Rasa tresna sejati marang wong tuwa amarga
kanthi anane wong tuwa bisa nglairake generasi sabanjure, dene
kang pungkasan yaiku marang pasangan kang ngancani nganti
tilar donya kayata Kaki Krebut lan Nyai Krebut.
4.4.7 Godhong Kelor
Sawijine ubarampe ing adicara TKEN yaiku kelor. Kelor
minangka salah sawijine tanduran kang gampang ditemoake ing
desa. Tanduran kelor iku biasane kang dijupuk yaiku godhonge
lan wohe. Wohe kelor diarani klentang. Tanduran kelor yen
dijupuk arupa godhonge iku biasane digunakake kanggo jangan
134

bening utawa ing Kabupaten Bojonegoro diarani jangan menir.


Godhong kelor iku warnane ijo kanthi wujud kang cilik-cilik.
Godhong kelor kang digunakake sajrone adicara TKEN iku
nduweni makna kang beda karo ubarampe liyane. Babagan
godhong kelor diandharake dening Bapak Haryanto kaya
andharan iki:

Gambar 4.26 : Godhong Kelor

“Godhong kelor nggadhahi makna supados warga


masyarakat Dhusun Grenjeng, Desa Sraturejo saged
tebih saking penyakit saengga saged gesang kanthi
wilujeng.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September
2014)

Adhedhasar pethikan wawancara kang wis


diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen makna
kang kinandhut sajrone godhong kelor ing adicara TKEN yaiku
supaya warga iku bisa adoh saka lelara-lelara saengga warga
Dhusun Grenjeng bisa urip kanthi sehat. Yen manungsa nduweni
jiwa raga kang sehat mesthi bae uripe bakal katon sampurna.
Lelara iku sawijine prekara kang diadohi dening manungsa,
amarga wong yen nandang lara iku bakal sangsara, mangan apa
bae yen lara iku krasa ora enak saliyane iku uga ora bisa makarya
kanthi penak. Mula kanthi anane godhong kelor iki, warga
135

nyuwun marang Gusti Pangeran supaya tansah diwenehi


kasarasan adoh saka lelara-lelara.
4.4.8 Payung
Payung yaiku sawijne piranti kang biasane digunakake
dening manungsa supaya orang kepananasan lan ora kodanan.
Saliyane iku payung kerep digunakake dening masyarakat
kanggo adicara tedhak siten utawa nalika ana wong mati kang
arep dikuburake. Payung uga digunakake ing sajrone adicara
mantenan. Sajrone adicara TKEN payung digunakake kanggo
ubarampe. Payung sajrone adicara TKEN cacahe ana loro kanthi
warna kang ijo. Payung kang digunakake ing adicara TKEN iku
digawa dening paraga kang cacahe ana loro. Paraga kang
nggawa payung iku manggon ing ngarep. Ubarampe kang arupa
payung bakal diandharake dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.27 : Payung

“Payung utawa diarani songsong kang digunakake


menika cacahe ana loro. Payung menika nggadhahi
makna kajangkung ing pangayomane Gusti Pangeran.”
(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)
136

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen payung kang digunakake
kanggo adicara TKEN cacahe ana loro. Makna saka payung yaiku
njangkung pangayomane Gusti Pangeran saengga sakabehe
lapisan warga bisa pikoleh pangayoman saka Gusti Pangeran.
Saben tumindake lan ana ing ngendi bae bisa diayomi saengga
uripe bisa slamet lan tentrem. Yen uripe warga katon slamet lan
tentrem mula kahanan Dhusun Grenjeng uga bakal ngalami
kamajuan kang apik. Babagan makna saka ubarampe payung uga
diandharake dening Mas Agung kayata andharan iki:
“Payung menika wonten kalih Mbak. Maknanipun
supados warga ngriki niku saged slamet gesangipun,
dipun lindhungi dening Gusti Pangeran wonten pundi
kemawon. Payung menika supados mboten kepanasen
to nggih mboten kenging jawah, lha niku inggih
supados alam ngriki niku tebih ngoten saking
musibah.” (Mas Agung, 23 November 2014)

Adhedhasar andharane Mas Agung bisa dideleng yen


anane payung sajrone adicara TKEN kasebut supados para warga
tansah pikantuk pangayoman saka Gusti Pangeran. Payung
kangbiasane nduweni piguna supaya ora kodanan lan ora kena
panas, kasebut uga nduweni makna supaya alam Grenjeng bisa
adoh saka bebendu.
4.4.9 Kendhi
Kendhi minangka salah sawijine ubarampe kang ana ing
adicara TKEN. Kendhi yaiku sawijine piranti kang digawe saka
lemah kang wujude ing dhuwure ana bolongane lan ing sisih
tengah yaiku perangan ngarep ana cucuke. Kahanan kendhi ing
jaman saiki saya ilang amarga wong-wong padha nggunakake
dispenser. Piranti kang arupa kendhi iku isine banyu. Biasane
kendhi gampang ditemukake ing wilayah padesan, amarga ing
padesan isih akeh wong kang ngombe nggunakake kendhi.
137

Alesan kang njalari milih ngombe nggunakake kendhi amarga


banyu yen diwadhahi kendhi nalika diombe krasa adhem lan
luwih alami. Kendhi iku wujude ana loro ana kang cilik lan uga
ana kang gedhe. Kendhi kerep digunakake dening bebrayan Jawa
kanggo sarana ubarampe kayata nalika adicara tingkepan lan
adicara TKEN. Babagan kendhi diandharake dening Bapak
Haryanto:

Gambar 4.28 : Kendhi

“Menawi dipun tingali kendhi menika wujudipun ing


nginggil wonten bolongane lan wonten ngajeng menika
wonten cucuke. Wujud kendhi ingkang makaten
menika sejatosipun anggadhahi makna bilih kita
minangka manungsa ingkang saking Gusti Pangeran
dipun paringi kawruh kang biasanipun ngantos kebak
menika kedah dipun paringaken utawi dipun tularaken
marang manungsa sanes ingkang mbetahaken dados
mboten dipun damel piyambak.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar pethikan ing dhuwur bisa dideleng yen


wujud kendhi kang dhuwure ana bolongane lan ing perangan
ngarep ana cucuke iku nduweni makna bilih manungsa kang
138

urip ing ngalam donya nalika wis diwenehi kawruh kanthi kebak
dening Gusti Pangeran kudu tansah bisa diwulangake, ditularake
marang manungsa liyane kang mbutuhake. Kawruh iku
minangka salah sawijine samubarang kang wigati tumrap
panguripan ing ngalam donya. Manungsa yen ora nduweni
kawruh bakal ora bisa apa-apa (bodho). Mula yen nduweni
kawruh kang akeh iku aja nganti digunakake dhewe kudu tansah
diwulangake marang manungsa liyane. Saliyane iku Bapak
Haryanto uga ngandharake makna saka kendhi kang isine ana
banyune kaya andharan iki:
“Kendhi ingkang wonten toya nipun menika minangka
lambang panguripan ingkang didamel saking siti.
Kanthi kabetahan tanah wutah menika ingkang
dirungkepi ing pagesangan menika. Wontenipun toya
kita saget gesang lan ngolah tetanen kanthi subur, mula
kita nyuwun marang Gusti Pangeran supados lemah
lan toya saged dipun olah saengga saged ngasilaken
tetanen ingkang nyenengaken.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen kendhi saliyane


nduweni piguna kanggo wadhah ngombe uga nduweni makna
kang kinandhut mligine sajrone adicara TKEN. Kendhi iku
minangka piranti kang digawe saka lemah. Kendhi iku diiseni
banyu. Kendhi sajrone adicara TKEN nduweni makna bilih
kendhi iku minangka lambang panguripan, dadi kendhi iku
dilambangake bumi. Bumi iku minangka panggonan makhluk
urip kanggo nggolek sandhang pangan lan papan. Ing bumi
manungsa urip mbutuhake banyu. Banyu iku minangka salah
sawijine sumber kang ana ing bumi.
Manungsa bakal ngelak yen ora ana banyu. Mligine
kanggo warga, banyu minangka sumber kang migunani banget.
Warga kang saperangan gedhe makarya tani mbutuhake banyu.
139

Anane banyu ing Dhusun Grenjeng warga kang makarya dadi


tani bisa nandur kanthi subur kayata nandur pari, mbako lan
sapiturute. Ing adicara TKEN iki warga ngrasa syukur marang
Gusti Pangeran amarga wis paring banyu kang cukup kanggo
ngolah lemah. Babagan kendhi uga diandharake dening Mbah
Simat ing pethikan wawancara ngisor iki:
“Sasanesipun menika inggih wonten kendhi, Mbak.
Makna saking kendhi menika minangka sifat saking
manungsa ingkang sinten kemawon ingkang
mbetahaken mboten pandhang nista drajat
konglomerat, suku lan agama, dura lan wula ingkang
nyengkuyung ingkang ngayomi lan ingkang ngrisak
sedaya dipun sesulihi, manungsa menika kedah tresna
kaliyan bangsa utawa tanah air.” (Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat ngenani kendhi


bisa dideleng yen kendhi nduweni makna bilih dadi manungsa
kang minangka warga negara Indonesia iku kudu setya, kudu
tresna marang bangsane dhewe yaiku Bangsa Indonesia. Sesama
manungsa kang urip ing Indonesia ora oleh mbedhakake
antarane drajat sugih miskin, suku, agama amarga sakabehe mau
nduweni kalungguhan kang padha, kayadene ing Dhusun
Grenjeng senadyan nduweni pakaryan kang beda, suku utawa
agama kang beda kudu tansah dadi siji. Kanthi anane adicara
TKEN iki nduweni kekarepan bilih warga tansah tresna lan setya
marang tanah klairane. Dadi ing ngendi bae panggonane kudu
tansah eling marang tanah klairane.
4.4.10 Kembang Setaman
Saliyane kendhi sajrone adicara TKEN uga ana ubarampe
kang arupa kembang setaman. Kembang setaman yaiku kembang
kang dijupuk saka taman. Kembang setaman iku ambune pancen
wangi banget lan katon endah amarga werna-werna. Saben
140

upacara adat, kembang setaman kerep digunakake kanggo


ubarampe. Kembang setaman kang ana ing adicara TKEN
diwadhahi ing kwemaron kang digawe saka lemah lan diwenehi
banyu.

Gambar 4.29 : Kembang setaman

“Kembang setaman menika mawar, melathi, pacar


banyu, kemuning. Kembang setaman menika dipun
wadhahi kemaron. Kemaron menika dipun damel
saking lemah. Lemah menika wadhahipun amarah
manungsa, sedaya panguripan ing alam donya menika
nggadhahi sipat kadosta lemah ingkang bekti, ngayomi,
njaga maringi kasih sayang sejati sepadane tumitah
kang ngrisak ingkang mboten nggadhahi budaya bakal
pikoleh piwalesan.
Kembang setaman menika nggadhahi makna dados
sedaya menika nggambaraken bilih sedaya warga
Dhusun Grenjeng menika paring upaya kangge
dhusunipun, desanipun lan masyarakatipun kanthi
ganda arum ingkang angambar, dados masyarakat
ngarumaken asma desa.” (Bapak Haryanto, wawancara
:27 September 2014)
141

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto kasebut yen kembang setaman iku kasusun saka
kembang mawar, mlati, pacar banyu, kemuning. Kembang
setaman iku diwadhahi ing kemaron. Kemaron yaiku salah
sawijine piranti tradhisional kang digawe saka lemah. Kemaron
kang digunakake kanggo wadhah kembang setaman sejatine
nduweni makna bilih warga iku kudu dadi manungsa kang
nduweni sipat kayata lemah. Lemah iku minangka panggonan
kanggo manungsa urip ing ngalam donya. Lemah iku nduweni
sipat kang bekti, ngayomi, lan bisa paring kasih sayang tumrap
makhluk urip. Kanthi anane kembang setaman ing kene
dikarepake supaya warga nduweni wewatekan kang bekti,
ngayomi, lan bisa paring kasih sayang marang sapa bae, para
warga ora oleh mbeda-mbedakake antarane manungsa siji
klawan sijine. Kanthi anane wewatekan kang kaya lemah
mangkono iku bisa ndadeake panguripane warga Dhusun
Grenjeng bisa lumaku kanthi sampurna.
Kembang setaman miturut Bapak Haryanto nduweni
makna bilih sakabehe warga wiwit mudha nganti tuwa tansah
nduweni upaya marang pambangunan dhusun. Para warga kudu
ngupayakake tumindak kang becik tumrap tanah klairane.
Kanthi ambu wangi kang diduweni dening kembang setaman
kasebut nduweni makna supaya warga bisa ndadeake Dhusun
Grenjeng saya maju, saya tentrem lan nduweni prestasi saengga
bisa nggawe jeneng Dhusun Grenjeng dadi kawentar ing sajrone
bebrayan.
4.4.11 Jenang Warna
Jenang minangka salah sawijine ubarampe ing adicara
TKEN. Ubarampe kang arupa jenang biasane digunakake ing
adicara mojoki, keleman, lan wiwit, pitunan, saliyane iku jenang
uga digunakake ing adicara TKEN. Jenang iku digawe saka
tepung beras, santen, gula. Cara nggawe jenang yaiku tepung
142

beras digodhok karo santen nganti mateng. Panganan kang arupa


jenang iku rasane enak apamaneh yen diwenehi juroh. Jenang
kang digunakake ing adicara TKEN yaiku jenang warna. Diarani
jenang warna amarga jenange nduweni warna kang beda-beda.
Jenang warna ing adicara TKEN cacahe ana pitu yaiku
warna abang, kuning, ijo, coklat, biru, putih, ireng. Milih warna
jenang kang cacahe werna-werna kasebut menika werna kang
sejatine gampang digoleki ing ngalam donya mligine ing Dhusun
Grenjeng. Jenang iku diwadhahi ing takir kang digawe saka
godhong gedhang. Saka werna-werna jenang kasebut anggone
menehi makna ora bisa dijlentrehake siji mbaka siji amarga
pitung werna kasebut minangka manunggal nyawiji. Yen saben
warna diwenehi makna dhewe-dhewe iku bisa ndadekake warga
dadi ora rukun amarga warna pitu kasebut nuduhake werna-
wernane pakaryan warga. Babagan jenang warna sajrone adicara
TKEN diandharake dening Bapak Haryanto ing andharan iki:

Gambar 4.30 : Jenang Warna


143

“Lajeng wonten bubur pitung warna inggih menika


bubur tolak, bubur tawa, bubur kuning, bubur ijo,
bubur biru, bubur ireng, bubur abang.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)
“Maknanipun inggih menika minangka pralambang
pitulungan saking Gusti Pangeran. Warna-warna
menika minangka pralambang pakaryan masyarakat
ngriki ingkang warna-warna, saking warga ingkang
macem-macem menika manunggal dados setunggal,
dados maknanipun wonten tradhisi menika
manunggal, guyub rukun ngantos kupengan ing sumur
nganten dados saking pitung werna menika mboten
saged dipun tudhuhaken maknanipun setunggal mbaka
setunggal amargi menapa Mbak menawi dipun
tudhuhaken setunggal mbaka setunggal kadosta la
werni abrit menika nglambangaken tiyang ingkang ala,
utawi sanesipun menika malah ndadosaken cungkrah
antawisipun para warga.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake bisa


dideleng yen jenang warna iku cacahe ana pitu yaiku jenang
tolak, jenang tawa utawa jenang putih, jenang kuning, jenang ijo,
jenang biru, lan jenang abang. Jenang pitung warna kasebut
digunakake minangka panjangkepe ubarampe. Makna kang
kinandhut saka jenang warna pitu yaiku pakaryan masyarakat
kang beda-beda kasebut kanthi anane adicara TKEN bisa
manunggal dadi siji. Saka anane warna kang beda kasebut
sejatine ora ana bedane, kayata manungsa senadyan ana kang
dadi guru, tani, tni, lan sapanunggalane sejatine iku padha bae.
Warga kang beda-beda kasebut tansah guyub rukun saengga
uripe katon tentrem.
144

4.4.12 Cok Bakal


Cok bakal minangka sawijine ubarampe kang kudu ana
sajrone nindakake upacara pamujan. Cok bakal iku diwadhahi
takir saka godhong gedhang, biasane nggunakake godhong
gedhang kluthuk amarga godhonge luwih kuwat tinimbang
godhong gedhang liyane banjur pinggire dibitingi. Sudaryanto
(2001: 102) biting yaiku iratan pring kaya sada dianggo ngancing
wungkusan supaya ora wudhar.

Gambar 4.31 : Cok Bakal

Adhedhasar gambar kasebut bisa dideleng isi saka cok


bakal kang digunakake sajrone adicara TKEN iku isine kayata
endhog, sanggalangit, suruh lintingan, kembang setaman. Cok
bakal iku minangka syarat kang wigati kanggo miwiti
samubarang. Masyarakat Jawa umume isih nggunakake cok
bakal kanggo sawijine ubarampe adicara kayata adicara TKEN.
Ubarampe cok bakal iku nduweni makna kang adiluhung
tumrap panguripane manungsa. Babagan cok bakal diandharake
dening Mbah Simat ing andharan iki:
“Cok bakal menika minangka pager panguripan saengga
nggadhahi makna supados mboten diganggu dening
lelembut.” (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014)
145

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng saliyane cok


bakal nduweni makna minangka cikal bakal utawa bibit kawit
manungsa ing ngalam donya. Cok bakal sajrone ubarampe uga
nduweni makna bilih anane cok bakal iku bisa nggawe adicara
TKEN lan kahanan warga sarta Dhusun Grenjeng iku dadi
tentrem ora diganggu dening lelembut kayata jin, setan, lan
sapanunggalane. Mula cok bakal iku kudu ana sajrone ubarampe
adicara TKEN. Isi saka cok bakal uga nduweni makna dhewe-
dhewe kang bisa dideleng kaya andharan iki:
a. Endhog
Endhog yaiku salah sawijine samubarang kang biasane
diasilake dening kewan bisa ngendhog utawa ing ilmu biologi
diarani jinis kewan ovipar. Sudaryanto (2001:247) endhog yaiku
jasad urip kang kabuntel ing kendhangan utawa cangkok bakal
dadi kewan. Endhog iku nduweni piguna tumrap panguripan,
biasane digunakake kanggo jamu lan lawuh. Endhog sajrone cok
bakal iki biasane kang digunakake yaiku endhog pitik kampung.
Cacahe endhog kang digunakake sajrone cok bakal yaiku ana siji.
Makna saka endhog diandharake dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.31.1: Endhog


146

“Lajeng cok bakal isi tigan. Bakal menika wiji,


manungsa kang nggadhahi wiji kang subur bakal
nurunaken katurunan. Tigan menika bakale ayam. Cok
bakal isi tigan menika nggadhahi makna bilih priya lan
wanita bakal nggadhahi katurunan ingkang saged
dados generasi peneruse para sesepuh
saderengipun.”(Bapak Haryanto, wawancara: 27
September 2014)
Saka andharan kasebut bisa dideleng yen cok bakal
kanthi isi endhog nduweni makna priya lan wanita yen nduweni
bakal kang subur iku bisa nuwuhake utawa nurunake katurunan
kang becik. Ora saben manungsa iku nduweni wiji kang becik.
Mula, yen manungsa nduweni wiji utawa endhog kang subur
kudu syukur. Sajrone adicara TKEN iki endhog iku minangka
lambang kasuburan saka priya lan wanita kang dadi sapasang
nganten. Saliyane Mas Agung ngandharake makna saka endhog
kayata mangkene:
“Endhog pitik Mbak iku maknane supaya nalika ana
kirap encek nganten bisa kalaksanan kanthi mboten
wonten alangan menapa kemawon, dados ingkang
badhe ngganggu menika saged nyingkrih.” (Mas
Agung, 23 November 2014)

Adhedhasar andharane Mas Agung bisa dideleng yen


anane endhog sajrone cok bakal iku nduweni makna supaya
nalika nganakake TKEN kang dilaksanakake ing dina Senin Pon
kasebut ora ana alangan apa bae. Makhluk-makhluk kayata setan
utawa lelembut liyane bisa nyingkrih ora ngganggu adicara
TKEN saengga adicara TKEN bisa kumaku kanthi rancak saka
wiwitan nganti pungkasane adicara.
b. Suruh
Suruh yaiku minangka salah sawijine tanduran kang
biasane digunakake kanggo obat-obatan, lan uga biasane
digunakake nginang dening Mbah-Mbah. Suruh minangka
147

tanduran kang icire lumayan angel, amarga ora saben lemah iku
bisa ditanduri suruh. Cara nandur suruh iku dijupuk gagange
kang wis tuwa banjur diencepake ing lemah utawa ing pot.
Tanduran suruh kang digunakake sajrone cok bakal yaiku
dijupuk godhonge, biasane para warga milih godhong suruh
kang amba lan kang katon seger banjur dilinting lan ditali
nganggo bolah. Makna saka suruh sajrone cok bakal ing adicara
TKEN bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki:

Gambar 4.31.2 : Suruh

“Suruh nginang kangge lambang perjamuan


paseduluran. Suruh nggadhahi makna guyubipun para
warga saged manunggal wonten wadhahipun, kanthi
manunggalipun para warga saged dados eca raosipun,
ngilangaken prasangka ingkang kirang sae.” (Bapak
Haryanto, wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharan Bapak Haryanto ing dhuwur


bisa dideleng yen suruh kang digunakake sajrone cok bakal ing
adicara TKEN nduweni makna guyub rukune warga. Dadi nalika
ana adicara TKEN wiwit muda nganti tuwa padha guyub rukun,
148

ora ana pambeda antarane enom tuwa, sugih lan miskin.


Sakabehe mau padha kumpul dadi siji kanthi rukun saengga yen
ana warga kang antarane siji klawan sijine nduweni prakara kang
ndadekake congkrah, mula kanthi anane TKEN iki bisa urip
kanthi rukun.
c. Dhuwit Gobog
Dhuwit minangka piranti kang wigati kanggo lumakune
panguripan ing ngalam ndonya. Jinis dhuwit kang cacahe ana
loro yaiku kertas lan logam. Salah sijine jinis dhuwit logam yaiku
dhuwit gobog. Tegese dhuwit gobog yaiku dhuwit kang wernane
kuning, biasane ana kang dibolongi tengahe lan uga ana kang ora
dibolongi. Kahanane dhuwit gobog ing jaman saiki jarang bisa
ditemokake. Dhuwit gobog iki kalebu dhuwit kang ora nduweni
rega. Sajrone TKEN, dhuwit gobog dilebokake ing cok bakal.
Cacahe dhuwit gobog ana siji. Senadjan kahanan dhuwit gobog
iku angel golekane nanging para warga tansah nduweni pamikir
yen dhuwit gobog kasebut kudu tansah disimpen sawise adicara
TKEN supaya ora ilang. Dhuwit gobog kasebut diwadhahi takir,
dijejerake karo suruh lan sanggalangit. Makna dhuwit gobog
sajrone cok bakal ing adicara TKEN bisa dideleng kayata
andharane Bapak Haryanto lan Mbah Simat:
149

Gambar 4.31.3 : Dhuwit gobog


“Arta gobog nggadhai makna minangka lambang
kacekapan, kanthi arta kita saged mbiyantu tiyang
sanes ingkang kekirangan, amarga arta menika ringkes
sanget kangge maringi tiyang.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

“Wonten arta gobog Mbak. Saniki la awrat ta dipadosi.


Niku inggih kedah disimpen artane. Maknanipun
inggih arta menika minangka sarana kangge nyukupi
kabutuhan manungsa saengga uripe bisa kacukupan.”
(Mbah Simat, wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Bapak Haryanto lan MbaH Simat


bisa dideleng yen makna saka dhuwit gobog yaiku lambang
kacukupan. Ing kene kacukupan kang dimaksud yaiku
kacukupan sandhang, pangan, lan papan. Warga kang wis cukup
kabutuhane, kudu sodakoh utawa mbantu wong kang lagi
mbutuhake pitulungan, amarga yen dadi manungsa ora gelem
tulung tinulung bakal sangsara uripe. Nggunakake sodakoh
kanthi dhuwit iku dikarepake supaya luwih ringkes lan luwih
gampang amarga ing ngendi bae manungsa mesthi nyekel
150

dhuwit. Yen ana wong kang lagi mbutuhake pitulungan,


manungsa kudu mbantu kanthi nggunakake dhuwit . Menehi
dhuwit uga katon luwih nduweni piguna kang gedhe amarga
kanthi anane dhuwit iku bisa digunakake kanggo nyukupi
kabutuhan kang dibutuhake dening wong kang lagi nandang
kasangsaran.
d. Sangga Langit
Sangga langit yaiku salah sawijine perangan kang ana
sajrone cok bakal kanthi wujud kang bunder lan ukurane cilik.
Sangga langit iku digawe saka kapur utawa injet banjur dibentuk
bunder. Sangga langit iku ora bisa dipangan. Sangga langit
amung panjangkepe cok bakal. Ubarame sangga langit sajrone
cok bakal satakir karo suruh lan dhuwit gobog. Makna saka
sangga langit bisa dideleng saka andharane Bapak Haryanto:

Gambar 4.31.4 : Sangga langit


151

“Sangga langit niku kadamel saking kapur utawa injet


kanthi wujud ingkang bunder. Makna saking sangga
langit inggih menika nyangga gegayuhan inggil
dumugi langit.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Saka pethikan kasebut bisa dideleng yen anane sangga


langit sajrone cok bakal nduweni makna yaiku manungsa mligine
warga Dhusun Grenjeng kudu nduweni cita-cita kang dhuwure
salangit, maksude yaiku kudu nduwe cita-cita kang becik
saengga urip ing ngalam donya bisa lumaku kanthi sampurna.
Anane cita-cita kang dhuwur iku bisa nuwuhake rasa utawa
pepingenan kanggo semangat nggayuh apa kang dadi
pepinginane, saengga manungsa kudu tansah ngupaya kanthi
temenan kanggo cita-cita kang becik. Saliyane iku babagan
sangga langit uga diandharake dening Bapak Kusnan kayata
mangkene:
“Sangga langit niku ingkang wujudipun alit-alit bunder
niku lo Mbak. Biku didamel saking injet ngoten. Lha
makna saking sangga langit menika kita dados
manungsa kedah njunjung dhuwur kajujuran lan
tanggung jawab. Dados mboten angsal sapenake
piyambak ngoten.” (Bapak Kusnan, wawancara: 12
Januari 2015)

Adhedhasar andharan Bapak Kusnan bisa dideleng yen


sangga langit sajrone cok bakal ing adicara TKEN iku nduweni
makna yen dadi manungsa iku kudu tansah njunjung dhuwur
watak jujur lan tanggungjawab. Apa maneh ing jaman kayata
saiki, jarang ana wong kang nduweni wewatekan kang jujur lan
tanggung jawab. Mula kanthi anane ubarampe sangga langit
kasebut dikarepake supaya para warga nduweni watak jujur lan
tanggung jawab.
152

e. Kembang Setaman
Kembang setaman yaiku kembang kang cacahe akeh
lan manggon ing taman. Kembang setaman iku biasane kayata
kembang mawar, kembang pacar banyu, kembang mlati,
kembang kanthil, kembang kenanga lan sapiturute. Ambune
kembang setaman iku pancen wangi banget lan uga katon endah
yen disawang. Kembang setaman minangka salah sawijine
samubarang utawa ubarampe kang kerep ana kanggo sawijine
upacara. Anane kembang setaman sajrone cok bakal ing adicara
TKEN iku nduweni makna kang bisa dideleng saka andharan iki:

Gambar 4.31.5 : Kembang Setaman

“Kembang setaman ingkang pancen wajib wonten


salebetipun cok bakal, maknanipun inggih supados
saged dados manungsa kang utama ingkang saged
ngarumaken Dhusun Grenjeng, Desa Sraturejo sajrone
bebrayan saliyane iku manungsa kang nduweni
kautaman ing uripe kepengin nduweni drajat, rajakaya,
lan sapanunggalane.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng yen


kembang setaman kang diwadhahi takir godhong gedhang iku
nduweni makna yaiku supaya warga bisa ngarumake jeneng
Dhusun Grenjeng sajrone bebrayan saengga bisa kawentar.
Saliyane iku anane kembang setaman sajrone cok bakal nduweni
153

makna bilih para warga iku kudu tansah dadi manungsa kang
utama yaiku manungsa kang nduweni drajat, rajakaya lan
sapanunggalane saengga panguripane bisa mandhiri ora
gumantung marang wong liyane. Babagan makna kembang
setaman uga diandharake dening Mbah Simat kayata mangkene:
“Kembang setaman kang wonten cok bakal menika
diwadhahi takir. Niku maknane supaya sedaya warga
ngriki niku senaoso werna-werna wujud lan
werninipun kedah tansah manunggal dados setunggal.”
(Mbah Simat, wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat bisa dideleng yen


kembang setaman iku nduweni makna yen kembang setaman iku
wujude lan werna kang mesthi beda-beda antarane siji klawan
sijine. Makna saka kembang setaman yaiku senadjan masyarakat
nduweni pakaryan utawa wujud badan kang beda-beda kudu
tansah dadi siji saengga bisa urip kanthi guyub rukun.
4.4.13Beras Putih, Abang, Kuning, lan Ireng
Beras yaiku salah sawijine bahan pangan kang
digunakake dening manungsa kanggo sega lan panganan liya-
liyane. Beras iku nduweni piguna kang gedhe banget tumrap
panguripan. Beras iku ora mung dibutuhake dening manungsa
nanging kewan uga mbutuhake banget. Bahan pangan kang
arupa beras iku asale saka pari. Beras ing Indonesia minangka
bahan pangan kang paling utama amarga beras iku dirasa rasane
paling enak. Sajrone TKEN beras digunakake kanggo sawijine
ubarampe.
Ubarampe kang arupa beras iku ana patang warna yaiku
warna putih, abang, kuning, ireng. Beras patang warna iku
minangka gegambaran saka kiblat papat yaiku beras kanthi
warna abang iku nglambangake kiblat lor, beras warna putih
nglambangake kiblat kulon, beras warna kuning nglambangake
kiblat sisih wetan, banjur beras warna ireng iku minangka
154

nglambangake kiblat sisih kidul. Beras patang warna kasebut


diwadhahi ing takir. Ubarampe kang arupa beras warna papat iki
wis ana wiwit jaman mbiyen. Beras kasebut asejatine warnane
putih kang dipikolehi saka warga nanging diwenehi warna kang
beda-beda supaya bisa mbedakake makna saben warna beras.
Saben warna sajrone beras iku nduweni makna dhewe-dhewe.
Warna beras kasebut digawe saka warna alami. Beras patang
warna papat iku yen warna kuning diwenehi kunir dene yen
warna abang nalika ora ana beras abang diwenehi kulite wit
juwit kang bisa ngasilake warna abang. Babagan beras warna
papat iku bakal diandharake dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.32 : Beras putih, abang, kuning, lan ireng

“Salajengipun menika wos sekawan warni ingkang


diwadhahi takir. Wos menika wonten sekawan warni
inggih menika werni coklat, putih, kuning, ireng. Wos
menika nggadhahi makna kiblat papat ingkang
jangkung sedaya lampah manungsa. Manungsa kedah
dados manungsa ingkang sae amarga sampun diparingi
amanat dening Gusti Pangeran. Manungsa kedah
ngasilaken wos ingkang migunani.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)
155

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng bilih beras patang warna iku
diwadhahi takir kanthi warna coklat, putih, kuning, ireng. Beras
patang warna iku nduweni makna kiblat papat lima pancer.
Kiblat papat yaiku lor, etan, kidul, kulon. Saka papat arah kiblat
kasebut kang ngawasi manungsa ing ngalam donya. Manungsa
mesthi bae bakal mlaku ngalor, ngetan, ngidul, ngulon lan pancer
yaiku tengah-tengahan. Nalika manungsa urip ing ngalam donya
kudu tansah njaga amanat saka Gusti Pangeran amarga amanat
iku minangka prekara kang wigati. Wong yen bisa nindakake
amanat kanthi becik mesthi bakal dadi manungsa kang mulya
uripe semana uga sawalike.
Kanthi anane TKEN iki para warga kudu tansah njaga
amanat kang diwenehake dening Gusti Kang Maha Kuwaos
supaya bisa pikoleh ganjaran saengga bisa mlebu swarga.
Amanat saka Gusti Pangeran aja nganti ditinggalake kayata
printah, kanggo ngibadah sholat, zakat, poso, haji sarta tulung
tinulung marang sesama. Kanthi anane ubarampe kang arupa
beras patang warna nduweni makna bilih para warga kudu bisa
ngasilake wiji kang apik. Anane wiji-wiji kang apik kasebut
dikarepake supaya sakabehe generasi mudha kang ana ing
Dhusun Grenjeng bisa dadi generasi kang unggul lan migunani
tumrap sedaya manungsa, agama, bangsa lan negara.
4.4.14 Jajan Pasar kang Digawa Kirap
Jajan pasar yaiku jajan kang biasane kerep didol ing
pasar. Jajan pasar iku kalebu jajanan tradhisional. Ing jaman saiki
wis jarang ana generasi mudha kang mangerteni ngenani jeneng-
jeneng jajan pasar. Kahanane jajan pasar iku saya suwe saya ilang
amarga akeh kang nggawe jajanan kang asipat modern, pramila
jajan pasar iku luwih sehat amarga jarang nggunakake obat-
obatan kimia kang mbebayani tumrap kasarasan manungsa.
156

Jajan pasar iku minangka salah sawijine ubarampe ing


adicara TKEN. Sajrone adicara TKEN, jajan pasar diklompokake
dadi loro yaiku jajan pasar kang digawa kirap lan jajan pasar
kang digawe manganan. Jajan pasar kang digawe kirap iku
biasane sawise dikirap dipanggonake ing cungkup Kaki Krebut
lan Nyai Krebut. Babagan jajan pasar kang digawe kirap iku
diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara
iki:

Gambar 4.33 : Jajan pasar kang digawa kirap

“Jajan pasar ingkang biasanipun didamel kirap menika


kadosta gethuk, klepon, jongkong, gathot ingkang
inggile diparingi krambil niku ingkang dipun bekta
damel kirap. Jajan pasar nggadhahi makna nolak balak
supados kahanan warga saged cekap lan saged
mensyukuri menapa ingkang diparingaken dening
Gusti Pangeran.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Adhedhasar pethikan wawancara dening Bapak


Haryanto bisa dideleng yen jajan pasar kang biasane digunakake
sajrone ubarampe adicara TKEN kayata gethuk, klepon,
157

jongkong, gathot. Jinis-jinis jajan kasebut minangka jajan kang


kerep digawe dening masyarakat padesan. Saliyane iku jajanan
pasar kang digunakake kirap kang kagolong jajan garingan
kayata marning, dhele lan sapanunggalane. Jajan pasar kasebut
nduweni makna nolak balak supaya kahanan ing Dhusun
Grenjeng tansah aman lan slamet. Kahanan warga bisa cukup,
saengga sandhang, pangan, papan bisa kacukupan. Anane jajan
pasar kang digunakake kirap iku uga nduweni makna yen dadi
manungsa ora oleh kufur marang apa kang diwenehake Gusti
Pangeran marang manungsa mligine warga Dhusun Grenjeng,
amarga gedhe cilik rejeki iku kudu tansah disyukuri.
4.4.15 Jajan Pasar kang Digawa ing Manganan
Saliyane jajan pasar kang digawa kirap, uga ana jajan
pasar kang digunakake kanggo manganan. Biasane jajan pasar
kang digunakake kanggo manganan iki didheleh ing dhuwure
sega kang jejer karo lawuh-lawuh. Jajan pasar kang digunakake
kanggo manganann iku sejatine mung penjangkep bae. Jajan
pasar kang digawe manganan biasane kagolong jajan telesan.
Jajan pasar kang digawe manganan kayata kucur, ondhe-ondhe,
tape ketan, jadah, lan sapanunggalane. Ing jaman saiki kang saya
modern iki para warga malah nggunakake jajan kang modern.
Babagan jajan pasar kang digawa ing manganan diandharake
dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:
158

Gambar 4.34 : Jajan pasar digawa kanggo manganan

“Lajeng jajan pasar ingkang didamel ing manganan


niku kadosta kucur, tape, ondhe-ondhe, lan
sapanunggalanipun. Maknanipun inggih supados
warga Dhusun Grenjeng mboten diganggu lelembut
saengga tebih saking bebendhu, amargi jajan-jajan pasar
ingkang dibekta wonten manganan sejatosipun inggih
mung panjangkep kemawon.”(Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen jajanan pasar


kang digawe manganan iku kayata kucur, tape, ondhe-ondhe.
Sakabehe jajanan mau digawe saka bahan-bahan kang asipat
alami. Jajan pasar kang digunakake ing manganan iku nduweni
makna supaya warga iku ora diganggu dening lelembut kang
manggon ing Dhusun Grenjeng saengga para warga adoh saka
bebendhu. Jajanan pasar kang digawa ing manganan iku mung
panjangkep bae, nalika bubar mangan sega biasane para warga
mangan jajanan pasar kang digawa ing petilasan Sumur Nganten.
159

Babagan jajan pasar kang digawa kanggo manganan uga


diandharake dening Bapak Kusnan kayata andharan iki:
“Jajan pasar kang didamel manganan menika kadosta
nagasari, bongko, wingka, tape, lan liya-liyane Mbak,
kathah amargi. Miturut kula maknane inggih minangka
panjangkep mangan sega Mbak. Mboten jangkep to
inggih la mangan tanpa wonten panutupe. Niku la
kangge rasa syukur.” (Bapak Kusnan, wawancara: 12
Januari 2015)

Adhedhasar andharan Bapak Kusnan bisa dideleng yen


anane jajan pasar kang digunakake kanggo manganan iku amung
minangka panjangkep. Sajrone manganan iku kurang jangkep
yen ana sega ora ana jajan-jajane. Jajan pasar kang digawa kanggo
manganan iku minangka wujud rasa syukur warga marang Gusti
Pangeran. Kanthi rejeki saka Gusti Pangeran, masyarakat bisa
masak kanthi werna-werna.
4.4.16 Palapendhem
Palapendhem minangka tanduran kang panggonane ing
njero lemah. Wong yen kepengin njupuk woh-wohan kang arupa
palapendhem kudu dipaculi dhisik. Masyarakat Jawa mligine ing
Dhusun Grenjeng isih kang akeh tandur palapendhem. Biasane
palapendhem kang diicir dening para warga iku saliyane digawe
panganan uga didol marang bakul. Palapendhem iku minangka
salah sawijine ubarampe ing adicara TKEN. Babagan
palapendhem kang ana ing adicara TKEN bisa dideleng ing
pethikan iki:
160

Gambar 4.35 : Palapendhem

“Palapendhem minangka asil panen kang bisa kita


pundhut saking Grenjeng, Desa Sraturejo. Biasanipun
menika kadosta gembili, tales, mbote, tela rambat,
kacang cina. Makna palapendhem menika kasuburan
lan kamakmuran lemah menika saged nyekapi
kabutuhan masyarakat.” (Bapak Haryanto, wawancara :
27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen palapendhem kang
digunakake kanggo ubarampe TKEN iku ora usah tuku nanging
njupuk saka asil panene para warga. Ubarampe kang arupa
palapendhem iku biasane kayata gembili, tales, mbote, tela
rambat lan kacang cina utawa kacang lemah. Palapendhem iku
nduweni makna yaiku sakabehe jini-jinis palapendhem iku
diasilake saka lemah. Anane lemah Dhusun Grenjeng kang subur
iku bisa ndadekake para warga yen nandur mligine nandur
palapendhem bisa panen kang akeh. Kasuburan lemah kasebut
lan asil panen kang akeh bisa ndadekake uripe warga Dhusun
161

Grenjeng Desa Sraturejo dadi kacukupan ora larang pangan. Saka


asil panen palapendhem para warga Dhusun Grenjeng ora usuh
tuku menyang panggonan liyane. Saliyane Bapak Haryanto,
babagan makna saka palapendhem uga diandharake dening
Mbah Simat kayata andharan iki:
“Palapendhem kang biasanipun menika saking niku
Mbak kacang cina, gembili, tales. Niku maknane dados
manungsa menika kedah saged mendhem jero-jero
nafsu angkara murka.” (Mbah Simat, wawancara: 27
September 2014)

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng yen anane


ubarampe sajrone adicara TKEN iku saliyane nduweni makna
yen manungsa iku kudu tansah eling marang mula bukane
manungsa, nanging manungsa iku kudu tansah bisa mendhem
jero-jero nepsuangkara murka. Manungsa yen bisa mendhem
nepsu angkara murka mesthi uripe bakal bisa sampurna, amarga
ora tumindak kang ala. Mula, manungsa kudu mendhem jero
nepsu angkara murka kaya nalika icir palapendhem.
4.4.17Sega Golong Lima Buceng Siji
Saliyane palapendhem, uga ana ubarampe kang arupa
sega golong. Sega golong yaiku sega kang digawe saka beras
putih lan didang nganti mateng. Sega golong ing adicara TKEN
iki digabungake karo sega buceng. Sega golong ing adicara TKEN
iki cacahe ana lima, dene sega buceng cacahe ana siji. Sega golong
lan sega buceng iku didheleh ing dhuwur godhong gedang lan
pinggire diwenehi urap-urapan. Urap-urapan kang digunakake
iku njupuk saka pekarangane warga Dhusun Grenjeng kayata
lontas, kenikir lan sapiturute. Babagan sega golong lima lan sega
buceng siji bakal diandharake ing andaharn iki:
162

Gambar 4.36 : Sega Golong lima lan Buceng siji

“Sega golong lima buceng siji menika sekul ingkang


dikepeli nganti cacahe enem. Enem menika nggadhahi
makna rukun iman. Kita minangka manungsa kedah
precados marang rukun iman. Ingkang kedah dipun
cepeng kanthi kukuh kang kedah diyakini lan ditaati
ing salebetipun bebrayan.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang diandharake dening Bapak


Haryanto bisa dideleng bilih sega golong lima buceng siji menika
sega kang dikepeli nganti cacahe ana enem. Cacah enem iku
nduweni makna rukun iman. Sajrone agama Islam, mesthi
mangerteni ngenani rukun iman. Rukun iman kang kapisan iman
marang Gusti Allah, kapindho iman marang malaikat Allah,
kaping telu iman marang Rassulullah SAW, kaping papat
marang kitab Allah, kaping lima marang dina kiamat, kaping
enem iman marang takdir Allah. Saka enem rukun iman kasebut
kudu diyakini lan kudu diamalake dening manungsa kang
minangka makhluke Gusti Pangeran. Warga Dhusun Grenjeng
kudu tansah precaya marang anane rukun iman kang cacahe ana
enem. Rukun iman kasebut uga kudu ditaati dening warga
163

supaya para warga dadi manungsa kang nduweni bekti marang


Gusti Kang Maha Kuwaos. Saliyane iku babagan makna sega
golong uga diandharake dening Mbah Simat kayata pethikan
wawancara iki:
“Wonten malih sega golong menika nggadhahi makna
semangate para sesepuh pinisepuh satria atmaja putra-
putri taruna sentana, raja manunggaling tekad, budi
pakarti, kasih sayang ingkang sejati menika saged
mbangun negari adhedhasar pancasila manunggaling
kawula Gusti bisa jinem tentrem rahayu wilujeng ayem
sesanti.” (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharane Mbah Simat kasebut bisa dideleng yen


sega golong iku nduweni makna minangka semangate para
seespuh lan generasi mudha mligine warga Dhusun Grenjeng
kang nduweni tekad, budi pakarti, kasih sayang marang bangsa
Indonesia. Para warga kudu tansah nduweni rasa nasionalisme
kang dhuwur saengga Desa Sraturejo lan bangsa Indonesia bisa
dadi bangsa kang maju. Para sesepuh lan generasi mudha kudu
mbangun bangsa Indonesia kanthi adhedhasar pancasila.
Pancasila yaiku landasan saka sakabehe kaputusane bangsa lan
dadi idheologi bangsa sarta minangka kaca benggaala tumrap
kapribaden bangsa Indonesia. Saliyane mbangun bangsa
Indonesia kanthi adhedhasar pancasila, warga uga kudu bisa
manunggal karo Gusti Pangeran saengga para warga kanthi taat
marang printah lan larangan agama bisa urip kang tentrem.
Saliyane Bapak Haryanto lan Mbah Simat, Bapak Sutrsino kang
minangka modin Desa Sraturejo uga ngandharake ngenani
makna saka sega golong kayata ing pethikan wawancara iki:
“Kayata sega golong nduweni makna supaya rejekine
padha teka golong-golong. Golong-golong iku
gembruduk.” (Bapak Sutrisno, wawancara : 12 Januari
2015)
164

Saka andharan kang diandharake dening Bapak


Sutrisno kasebut bisa dideleng yen sego golong nduweni makna
bilih supaya rejekine warga iku bisa teka golong-golong utawa
ing wilayah Kabupaten Bojonegoro diarani grudukan. Rejeki
kang golong-golong saka Gusti Pangeran kasebut bisa ndadekake
warga dadi kacukupan saengga uripe uga bisa tentrem. Rejeki
kang nggolong iku ora bakal bisa teka dhewe yen ora ana upaya
kanggo makarya, mula warga Dhusun Grenjeng kanthi makarya
kang temenan bakal pikoleh rejeki kang akeh.
Ing pinggire sega golong cacah lima lan sega buceng
cacah siji iku ana urap-urap. Urap-urap yaiku lawuhan kang
digawe saka godhong-godhongan lan dicampuri klapa kang wis
diparut banjur digoreng utawa diarani sambel cos. Rasane urap-
urap iku enak banget. Akeh ibu-ibu kang masak urap-urap
amarga urap iku nduweni kandungan gizi kang apik kanggo
kasarasane manungsa. Urap-urap iku luwih apik tinimbang
mangan daging kang akeh. Babagan urap-urapan bakal
diandharake ing pethikan wawancara iki:
“Urap menika minangka panjangkep. Urapmenika ijo-
ijoan ingkang kita pundhut saking alam ingkang
sampun cepak. Biasane ingkang wonten ing Dhusun
Grenjeng. Maknanipun inggih dados manungsa menika
kedah saged migunani tumrap manungsa sanes.
Biasanipun menika saking lung kenikir, lontas, ingkang
gampil dipun panggihi.” (Bapak Haryanto,wawancara :
27 September 2014)

Saka andharan Bapak Haryanto bisa dideleng yen urap-


urap kang digunakake kangge urap-urapan iku njupuk saka
Dhusun Grenjeng. Biasane kayata kenikir, lontas, lan
sapanunggalane. Makna saka urap yaiku dadi manungsa iku
kudu bisa migunani tumrap manungsa liyane. Yen ana tangga
kang lagi mbutuhake pitulungan kudu ditulungi ora malah
165

disyukurake, saengga yen saling tulung tinulung mesthi uripe


bakal rukun.
4.4.18 Jangan Menir
Jangan yaiku panganan kang ana duduhe kanggo lawuh
mangan. Miturut Sudaryanto (2001: 350) jangan yaiku lelawuhan
nganggo ampas sarta duduh. Jinis-jinis jangan kayata jangan
lodheh, jangan asem, jangan bening. Jangan kang digunakake
sajrone adicara TKEN yaiku jangan bening utawa masyarakat
Dhusun Grenjeng lan sakitare ngarani jangan menir. Jangan
menir saliyane digunakake minangka ubarampe ing adicara
TKEN, uga digunakake ing upacara adat liyane kayata nalika
keleman.
Ubarampe kang arupa jangan menir yaiku jangan kang
digawe saka jagung utawa beras, bawang, brambang, kunci,
kemangi, kelor utawa bayem. Cara nggawe jangan menir yaiku
bumbu diulek karo jagung nganti lembut banjur dilebokake
banyu umop, nalika wis umop, kelor utawa bayem dilebokake
karo ditambahi kemangi supaya ambune wangi. Jangan menir
iku biasane digunakake kanggo menehi mangan bocah cilik-cilik
amarga jangan kasebut dirasa enak lan ora pedhes. Ubarampe
kayata jangan menir iku diwadhahi ing takir. Cacahe jangan
menir kang digunakake sajrone adicara TKEN ana siji. Babagan
jangan menir bisa dideleng ing andharan iki:
166

Gambar 4.37 : Jangan Menir

“Lajeng jangan menir menika wujudipun bening


nggadhahi makna bilih kanthi wening ing pikir kita
minangka manungsa sasanesipun sesambungan kaliyan
manungsa sanes uga sesambungan kaliyan Gusti
Pangeran kedah sae.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen jangan menir iku wujude
bening. Dadi warna bening iku nduweni makna yen dadi
manungsa iku kudu nduweni pamikiran kang apik. Pamikiran
kang apik iku bisa nglakoake tumindak kang becik. Tumindak
kang becik kayata sesambungan karo manungsa liya kudu kang
apik, yaiku seneng tulung tinulung, saling kurmat, lan sapiturute.
Yen sesambungan karo manungsa wis apik banjur sesambungan
karo Gusti Pangeran apik kayata seneng ngibadah lan ngadohi
apa kang ora dipikolehi dening Gusti Pangeran.
167

4.4.19 Iwak Kali (Lele lan Wader)


Iwak yaiku salah sawijine jinis kewan kang uripe ana ing
banyu. Iwak iku nduweni jinis-jinis kang beda-beda. Jinis-jinis
iwak kayata iwak wader, iwak nila, mujahir, bethek, kuthuk, lele,
lan liya-liyane. Salah sawijine iwak kang urip ing sakitar Dhusun
Grenjeng yaiku iwak wader kang urip ing kali lan iwak lele kang
diingu dening para warga. Iwak kali kang arupa wader lan iwak
lele iku digunakake kanggo ubarampe ing adicara TKEN.
Kekarone mau sawise dibeteti banjur digoreng kanggo
ubarampe. Wader lan lele iku digunakake kanggo ubarampe
amarga nduweni makna kang luhung tumrap panguripan
manungsa. Babagan makna iwak wader lan lele iku diandharake
dening Bapak Haryanto kayata ing pethikan wawancara ngisor
iki:

Gambar 4.38 : Iwak Kali lan lele

“Lajengipun ulam, ulamipun lele lan wader. Ulam lele


menika gampil dipun budidayakaken lan gampil dipun
panggihi wonten ngriki. Dene ulam wader menika
panggenanipun wonten kali angel dipun padosi.
168

Kekalih ulam menika nggadhahi makna bilih manungsa


menika kedah ngupaya anggenipun gesang ing ngalam
donya amarga salebetipun panguripan menika wonten
ingkang gampil lan angel.”(Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara dening Bapak Haryanto bisa


dideleng yen kekaro jinis iwak kasebut bis aditemokake ing
wilayah Dhusun Grenjeng. Iwak lele iku gampang yen
dibudidayaake ing Dhusun Grenjeng, saengga akeh warga
masyarakat kang nduweni blumbang kanggo ngingu lele. Wader
kali iku panggone ing kali kang saiki angel ditemoake, amarga
saiki akeh manungsa kang serakah. Manungsa anggone kepengin
oleh iwak kali kang akeh ora nggawa cara alami nanging malah
nggawa obat-obatan kimia saengga akeh iwak wader kang mati
lan ora bisa ngrembaka.
Makna saka iwak lele lan iwak wader yaiku manungsa
kudu ngupaya anggone urip ing ngalam donya, dadi ora oleh
pupus asa. Manungsa kudu ngupaya kanthi diiringi donga
saengga bisa kasembadan. Upaya manungsa anggone makarya
iku kadhang angel kadang uga gampang. Kayata iwak wader,
anggone nggolek iwak wader ing jaman saiki iku angel, mula
saka iku manungsa sanandjan nemoni prekara kang angel kang
dadi alangan kanggo nggayuh kasuksesan kudu tansah ngupaya
kanthi temenan lan ekhlas. Iwak lele kang gampang banget
ditemokake, iku nduweni makna bilih manungsa ing ngalam
donya iku terkadhang senadyan ana prekara kang angel uga ana
kang gampang. Yen manungsa ngupaya kanthi gampang kudu
tansah nduweni rasa syukur marang Gusti Pangeran. Anggone
gampang makarya iku sejatine uga gampang nggayuh
kasuksesan. Saliyane makna kang wis diandharake dening Bapak
Haryanto ing dhuwur, Mbah Simat uga ngandharake makna saka
ubarampe iwak kali lan iwak lele kayata pethikan iki:
169

“Iwak kali lan iwak lele menika Mbak maknanipun


para warga Dhusun Grenjeng sarta para pamong desa
iku kedah kang rukun, iwak menika mlakune la inggih
iring-iringan terus Mbak. Dadi ing kene dikarepake
warga Dhusun Grenjeng lan para pamong desa iku
anggone mbangun Desa Sraturejo iki kudu kanthi iring-
iringan Mbak, siji lan sijine kudu padha nyengkuyung.
Senadyan beda inggih Mbak nanging kudu tansah
rukun aja nganti tukar padu.” (Mbah Simat, wawancara
: 27 September 2014)

Saka pethikan kasebut kang diandharake dening Mbah


Simat bisa dideleng yen makna saka ubarampe kang arupa iwak
lele lan iwak wader iku nduweni makna yen warga lan para
pamong desa iku siji klawan sijine kudu tansah rukun. Senadyan
beda pakaryan, beda kaprecayan kudu tansah rukun amarga
wujude iku padha yaiku minangka manungsa. Kanthi ubarampe
iwak kali lan iwak wader kang mlakune iring-iringan iku uga
nduweni makna yen warga lan para pamong desa kudu
nyengkuyung anggone mbangun desa, supaya desane dadi desa
kang maju. Mas Agung uga ngandharake makna saka ubarampe
iwak kali lan lele kayata pethikan iki:
“Iwak wader lan iwak lele menika panggenanipun
wonten toya dados manungsa iku kedah tansah eling
marang Pangerane, aja nganti yen sangsara eling
nanging yen seneng lali marang Pangeran amarga iwak
yen mboten urip wonten toya bakal mati.” (Mas Agung,
wawancara 23 November 2014)

Saka andharan Mas Agung ngenani makna saka iwak


wader lan lele bisa dideleng yen manungsa iku minangka
makhluk ciptaane Gusti Pangeran kayata iwak lele lan iwak
wader. Kekarone iwak mau bakal mati yen ora urip ing banyu,
semana uga manungsa bakal mati yen nyawa kang diduweni
170

dijupuk dening Gusti Pangeran. Mula manungsa kudu tansah


eling marang Gusti Pangeran amarga manungsa iku minangka
makhluk kang akeh dosa-dosane. Umume manungsa iku yen lagi
nandang kasangsaran mesthi bakal eling marang Gusti Pangeran,
saben esuk, awan, bengi dedonga supaya Gusti Pangeran ora
menehi kasangsaran, nanging yen wis kasangsaran kasebut
diganti ora kasenengan, manungsa akeh kang lali marang Gusti
Pangeran kayata lali ngibadah kang sejatine wajib kanggo
ditindakake.
4.4.20 Pari Sagedheng
Pari yaiku tanduran kang umum ditandur ing Indonesia.
Cara nandur pari iku ora gampang, kang sepisan kudu milih
bibit utawa wiji kang unggul. Wiji kasebut dikum banyu kira-kira
sedina utawa rong dina, sawise iku banjur disepyurne ing sawah
kang wis mari dipaculi. Nalika wiji pari wis tuwuh dadi winih
kang wis siap ditandur, sawah kang arep ditanduri dikrakal
nggawe piranti kang arupa krakal lan sapi lan ing jaman modern
kayata saiki nggunakake traktor, banjur ditanduri.
Pari sajrone masyarakat Jawa nduweni kalungguhan
kang dhuwur dibandhing tanduran liyane. Bebrayan Jawa isih
akeh kang mrecayani ngenani Dewi Sri Sedana kang dianggep
Dewi Pari. Mitos anane pari ing Pulo Jawa nganti saiki isih
diprecayani. Saperangan upacara dilakoake kanggo ngurmati
Mbok Dewi Sri kayata wiwit, methik, keleman, mertidesa utawa
methil. Saben dhaerah nduweni upacara adat kanggo ngurmati
Dewi Sri kanthi cara kang beda-beda.
Miturut Suwarni (2013:84) kanggone wong Jawa, Dewi
Sri dianggep minangka dewi pari, dewi sandhang pangan lan
dewine among tani. Amarga Dewi diprecaya kang nggawa wiji
pari saka surga menyang donya. Gegayutan karo sistem klasifikasi
ana loro golongan, dewi Sri kang kerep metu karo Sadana.
Minangka carita kang ngandharake yen kekarone kakak adhik.
171

Nanging ing Kadiri dhweke nduweni garwa. Sajrone ritual


pamujan lan anggone maca mantra kerep nyebut Sri Sadana.
Anane carita yen pari iku digawa saka surga mesthi akeh
wong kang ora bakal nyia-nyiaake anane pari. Saiki akeh wong
kang saben mangan ora dienteake, ing kono Dewi Sri nangis.
Mitos dumadine pari uga ana ing sajrone Kitab
Tantupanggelaran. Mula pari iku tansah nduweni kalungguhan
kang dhuwur ing sajrone bebrayan mligine bebrayan Jawa. Pari
iku saiki nduweni jinis-jinis kang beda.
Pari uga digunakake kanggo ubarampe ing adicara
TKEN. Pari kang digunakake ing adicara TKEN iku cacahe
sagedheng. Pari sagedheng yaiku pari rong tekem ditali dadi siji
nggunakake merang. Pari kang digunakake biasane dipilih pari
kang landhung nanging ing jaman saiki akeh pari kang cendhek-
cendhek amarga saya suwe kasuburane lemah saya kurang, mula
tanduran pari uga ora bisa landhung-landhung kaya jaman biyen
saliyane iku amarga ing jaman saiki akeh para kadang tani
anggone panen ora diani-ani nanging nggunakake mesin, mula
parine katon cendhak-cendhak. Babagan makna pari sagedheng
sajrone adicara TKEN bisa dideleng saka andharane Bapak
Haryanto ing pethikan iki:

Gambar 4.39 : Pari Sagedheng


172

“Sasanesipun menika pari sagedheng, pari sagedheng


menika diencepaken ing dhuwure encek. Pari
sagedheng menika pari kalih tekem kang dincepaken
ing encek wadon kang nggadhahi makna mboyong
Mbok Dewi Sri (Dewi kasuburan) menyang gedhong
utawa lumbung supados saget dimanfaataken kangge
pangan sakaluwarga lan saged disade kangge
kabutuhan sanesipun. Pari sagedheng minangka
pralambang asil panen saking bumi Sraturejo kang kasil
dipanen dening para kadang tani.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


pari sagedheng kang digunakake kanggo ubarampe ing adicara
TKEN iku diencepake ing dhuwure encek nganten wedok. Teges
saka pari sagedheng yaiku pari loro tekem kang ditali dadi siji.
Pari sagedheng iku ing jaman mbiyen kudu pari kang landhung
nanging ing jaman saiki sanemune, amarga saiki pari dipanen
nggunakake mesin. Pari sagedheng kang diencepake ing dhuwur
encek iku nduweni makna mboyong Mbok Dewi Sri kang
minangka Dewi Pari menyang lumbung. Pari iku minangka asil
tanduran kang gedhe saka Dhusun Grenjeng.
Pari yen wis dileboake lumbung iku minangka
simpenan kanggo mangan ing dina tembe sawise mangsa
paceklik saengga warga ora kurang sandhang pangan. Anane
pari iku saliyane digawe mangan uga bisa didol kanggo nyukupi
kabutuhan liyane, amarga saben wong iku nduweni kabutuhan
kang beda-beda. Makna pari sagedheng sajrone adicara TKEN
uga minangka lambang bilih warga kasil panen pari kang bisa
digunakake kanggo kabutuhan sabendina. Babagan makna pari
sagedheng uga diandharake dening Mas Agung kayata andharan
iki:
“Pari saliyane mboyong Mbok Dewi Sri ugi nggadhahi
makna supados kita dados manungsa menika saben
173

tumindak menapa kemawon mboten usah gegabah,


amarga pari menika la gabah.”(Mas Agung, wawancara
: 23 November 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake ing


dhuwur dening Mas Agung bisa dideleng yen makna saka pari
sagedheng yaiku minangka piwulangan tumrap manungsa
mligine warga Dhusun Grenjeng lan sakitare nalika tumindak
apa bae lan ana ngendi bae ora oleh grusa-grusu. Pawongan yen
nindakake apa-apa kanthi cara grusa-grusu mesthi asile kurang
nyenengake ing ati. Saben arep tumindak apa bae kudu dipikir
ndhisik supaya ora kuciwa ing tembe mburi. Wong nyesel iku
panggonane ing mburi. Pari ing Dhusun Grenjeng lan sakitare
iku diarani gabah, mula saka aran tembung gabah kasebut
manungsa ora oleh gegabah utawa grusa-grusu.
4.4.21 Cengkir Gadhing lan Ijo Tanpa Gambar Wayang
Cengkir yaiku wohe saka wit krambil. Cengkir iku
biasane digunakake ing adicara-adicara Jawa kayata tingkepan,
mantenan lan uga digawe ing adicara TKEN. Ubarampe kang
arupa cengkir ing adicara TKEN bisa diperang dadi loro yaiku
cengkir ijo lan gandhing tanpa gambar, cengkir ijo lan gadhing
kanthi gambar. Cengkir kang ora ana gambar wayange kasebut
wujude gedhe. Cengkir gadhing kasebut biasane dipikolehi saka
Dhusun Grenjeng lan sakitare. Ing jaman saiki angel banget
nggolek tanduran krambil mligine ing Kutha Bojonegoro amarga
saliyane angel icire uga kerep dipangan kuwawong, mula
terkadhang yen kepengin tuku cengkir kudu menyang dhaerah
liyane. Cengkir gadhing lan ijo ing adicara TKEN iku nduweni
makna tartamtu. Babagan makna sajrone cengkir gadhing lan ijo
tanpa gambar iku diandharake dening Bapak Haryanto ing
pethikan wawancara iki:
174

Gambar 4.40 : Cengkir gadhing lan ijo tanpa gambar


wayang

“Cengkir, cengkir menika wonten kirap nganten


wonten kalih, ingkang sepasang digambari wayang lan
ingkang sepasang mboten wonten gambaripun. Cengkir
menika kenceng ing pikir. Cengkir ijo lan gadhing
ingkang mboten wonten gambaripun menika
nggadhahi makna supados kita kedah resik ing pikir
marang Gusti Pangeran. kita tansah ngaji-aji malih
supados tansah lestantun diparingi rejeki lan
kawilujengan ing bumi niki.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen cengkir iku nduweni makna
kenceng ing pikir. Cengkir kang mboten wonten gambare iku
nduweni makna supaya dadi manungsa iku kudu resik ing pikir
marang Gusti Pangeran. Manungsa kudu tansah ngupaya lan
donga marang Gusti Pangeran supaya diwenehi kasarasan, rejeki
kang lancar nalika urip ing donya, supaya ora nandang
175

kasangsaran. Ing dhuwure sepasang cengkir iku ana telu janur


saben cengkire. Janur cacah telu kanthi diwujudake kaya krucut
iku nduweni makna kayata kang diandharake dening Bapak
Haryanto :
“Janur ing inggile cengkir menika nggadhahi makna
bilih janur menika nur. Nur inggih menika cahaya.
Janur wonten inggile cengkir cacahipun wonten tiga
nggadhahi makna nur Allah, nur Rassulullah, nur
Waliyullah. Dados kita minangka tiyang kang nduweni
agami kedah tansah enget lan patuh marang Allah,
Rassulullah, lan para wali.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


janur iku minangka nur. Nur yaiku cahaya. Cahaya iku mesthi
asipat terang. Janur kang cacahe telu ing dhuwure cengkir
nduweni makna yaiku nur Allah, nur Rassulullah, nur Wali
Allah, saka telu nur kasebut kudu tansah dienget lan dipatuhi
dening manungsa. Dadi para warga iku kandah tansah enget lan
patuh marang printah-printah Gusti Pangeran. Warga kang
sakabehe nduweni kapercayan marang Islam saliyane eling lan
taat marang Gusti Kang Maha Kuwaos uga kudu tansah eling
marang Rassulullah kang minangka salah sawijine pawongan
kang wis nggawa para muslimin lan muslimat saka jaman
jahiliyah pinuju jaman islamiyah. Kang pungkasan yaiku kudu
tansah enget lan patuh marang para wali kang wis nyebarake
agama Islam ing Pulo Jawa saengga masayarakat liyane bisa
mangerteni ngenani agama Islam.
4.4.22 Cengkir Gadhing lan Ijo Kanthi Gambar Wayang
Ubarampe kang arupa cengkir ana rong pasang iku kang
sepasang ana gambar wayang. Saliyane amarga anane gambar
wayang, cengkir rong pasang iku uga dibedaake kanthi wujude.
Wujude cengkir kang ana gambare wayang iku cilik lan janure
176

mung siji. Cengkir sepasang kang digambari wayang yaiku


cengkir gadhing lan cengkir ijo. Cengkir gadhing iku minangka
lambang wanita kang digambari Bethari Kamaratih. Cengkir ijo
iku minangka lambang saka priya kanthi digambari Bethara
Kamajaya. Sepasang cengkir gadhing lan ijo kang digambari
tokoh wayang nduweni makna kayata kang diandharake dening
Bapak Haryanto:

Gambar 4.41 : Cengkir Gadhing lan Ijo Kanthi Gambar


Wayang

“Cengkir ingkang sepasang nggadhahi gambar wayang.


Cengkir ijo digambari gambar wayang kakung Bethara
Kamajaya utawa Raden Arjuna minangka lambang
kasuburan kados lingga yoni. Dados dadi warga
Dhusun Grenjeng ingkang jaler niku supados kadosta
Raden Arjuna ingkang nduweni gagah prakosa lan
sekti mandra guna. Dene cengkir kuning utawa
gadhing dipun gambari wayang Bethari Kamaratih
utawi Dewi Warasembadra ingkang pasanganipun
Raden Arjuna ingkang nurunaken Raden Abimanyu.
Milih Dewi Sembadra amarga Dewi Sembadra ingkang
saged menehi katurunan.”(Bapak Haryanto, wawancara
: 27 September 2014)
177

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


sepasang cengkir gadhing lan ijo iku minangka lambang saka
Bethara Kamajaya lan Bethari Kamaratih. Milih kaloro tokoh
kasebut amarga kaloro tokoh kasebut minangka sepasang
penganten kang bisa nurunake katurunan. Cengkir ijo kang
minangka lambang saka Raden Arjuna, uga nduweni bilih
manungsa mligine warga Dhusun Grenjeng iku nduweni dedeg
piadeg kayata Raden Arjuna kang gagah prakosa, saliyane iku
nduweni watak kang sekti mandraguna.
Cengkir gadhing minangka lambang saka Betahari
Kamaratih kang minangka garwa saka Bethari Kamajaya. Bethari
Kamaratih utawa Dewi Sembadra dipilih dadi gambar ing
cengkir amarga Dewi Kamaratih minangka siji-sijine garwane
Raden Arjuna kang bisa nurunake katurunan. Putra saka Raden
Arjuna lan Dewi Kamaratih yaiku Raden Abimanyu. Dadi saka
loro ubarampe kasebut bisa dideleng yen warga Dhusun
Grenjeng iku supaya mbangun balewisma kayata Raden Arjuna
lan Betahari Kamaratih kang bisa nurunake katurunan kang apik
saengga dadi bisa nerusake katurunan lan perjuang saka para
sesepuh. Ing dhuwure cengkir ana janur iku nduweni makna
bilih kang ana ing dhuwure cengkir gadhing iku minangka
lambang saka wong wadon dene janur kang ana ing dhuwure
cengkir ijo iku minangka lambang saka wong lanang. Dadi
kekarone padha njangkepi siji klawan sijine.
4.4.23 Gedhang Raja Kuning lan Ijo
Pisang yaiku tanduran kang biasane gampang
ditemokake ing ngendi bae, nanging paling akeh bisa nemokake
tanduran pisang iku ana ing padesan amarga lemah padesan iku
isih amba-amba dibandhingake ing kutha. Miturut Sudaryanto
(2001:295) gedhang yaiku arane wit sarta wohe. Gedhang
saliyane dipangan dening manungsa uga dadi panganane kethek
178

lan manuk. Gedhang iku nduweni gizi kang apik kanggo


kasarasane manungsa.
Gedhang iku jinise akeh banget kayata gedhang susu,
gedhang sabapipit, gedhang kidang, gedhang kepok, gedhang
raja, gedhang mas, gedhang ulin, lan sapiturute. Gedhang kang
digunakake sajrone adicara TKEN yaiku gedhang raja ijo lan
kuning. Ora saben gedhang iku bisa digunakake kanggo adicara
ritual. Babagan alasan gedhang raja kuning lan gedhang raja ijo
dipilih kanggo ubarampe sajrone adiacara TKEN kang bisa
dideleng saka andharan Bapak Haryanto:

Gambar 4.42 : Gedhang raja kuning lan ijo

“Pisang raja (pisang ayu) amarga wujudipun ingkang


sae mboten wonten cacatipun. Amarga kita dados
manungsa menika menawi gadhah gegayuhan kedah
ingkang inggil ingkang sae. Rajanipun pisang menika
inggih pisang raja, pisang raja menika mboten gampil
bosok lan raosipun eca sanget, pisang raja menika awis
reginipun.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)
179

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


milih gedhang raja tinimbang gedhang liyane amarga pisang raja
utawa kang diarani pisang ayu amarga wujude kang apik ora ana
cacate. Makna saka gedhang raja yaiku dadi manungsa iku nalika
nduweni pepinginan kudu kang dhuwur senadyan dhuwure
sapadha langit. gedhang raja saliyane wujude kang katon
sampurna, uga minangka raja saka gedhang-gedhang liyane.
Gedhang raja iku uga angel bosok saengga bisa suwi lan gedhang
raja iku rasane enak banget. Wong yen mangan gedhang raja
mesthi bakal katagihan. Mula, kaluwihan-kaluwihan kang kaya
mangkono iku kang ndadekake gedhang raja nduweni rega kang
larang tinimbang gedhang liyane. Gedhang raja kang ana ing
ubarampe adicara TKEN iku cacahe ana loro yaiku gedhang raja
ijo lan gedhang raja kuning. Babagan makna saka gedhang raja
abang lan kuning bisa dideleng saka andharan iki:
“Pisang raja wonten kalih werni ijo lan kuning. Werni
ijo menika nggadhahi makna pemudha Dhusun
Grenjeng menika saged ndherek gunakaya kangge
desanipun, saged paring pambiyantu, lan migunani
tumrap desa. Dene pisang werni kuning menika
minangka pisang raja kang wis mateng dados sampun
dimasak utawa digembleng dening para sesepuh
supados dados generasi mudha kang migunani ing
salebetipun panguripan.” (Bapak Haryanto, wawancara
: 27 September 2014)

Saka andharan kang wis diandharake dening Bapak


Haryanto kasebut bisa dideleng yen gedhang raja iku warnane
ana loro yaiku ijo lan kuning. Gedhang raja warna ijo nduweni
makna bilih pemudha Dhusun Grenjeng iku bisa menehi
pambiyantu kang asipat formal utawa material, nduweni piguna
tumrap Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo mligine lan bangsa,
180

negara, agama umume. Dene gedhang raja warna kuning iku


minangka gedhang raja kang wis mateng kanthi cara dikarbit.
Ing kono nduweni makna bilih generasi mudha Dhusun
Grenjeng lan sakitare kang wis digembleng, didhidhik dening
para sesepuh kanthi kawruh-kawruh kang apik supaya yen wis
dewasa bisa dadi generasi mudha kang migunani sajrone
panguripan. Generasi mudha kang bisa menehi pambiyantu lan
migunani tumrap panguripan bisa ndadekake pribadine dhewe
dadi wong kang utama lan uga bisa ndadekake bangsa negara
dadi bangsa kang maju saengga ora kalah karo bangsa liya. Mbah
Simat uga ndharake babagan makna saka gedhang raja kayata
andharan iki:
“Gedhang raja maknane warga Dhusun Grenjeng Desa
Sraturejo iku dikarepake saged dados raja. Raja menika
ingkang bisa ngayomi Mbak, dados menawi warga
Dhusun Grenjeng dados pemimpin niku kedah bisa
ngayomi wong kang cilik, ngoten.” (Mbah Simat,
wawancara: 27 September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat kasebut bisa


dideleng yen anane ubarampe kang arupa gedhang raja iku
nduweni makna, para warga kudu bisa dadi raja utawa ratu.
Nalika warga katurutan bisa dadi raja kudu bisa ngayomi
rakyate. Aja nganti yen wis dadi raja lali marang wong cilik. Raja
kang bisa ngayomi iku bakal disenengi dening masyarakate.
Sesambungane raja lan rakyat uga bisa dadi raket.
4.4.24 Menyan Madu
Menyan yaiku salah sawijine samubarang kang nalika
diobong bisa ndadekake wangi ing sakiwa tengene. Menyan iku
nduweni makna kang gedhe nalika digunakake ing sajrone
upacara tradhisi. Menyan digunakake ing adicara TKEN. Menyan
kang digunakake sajrone adicara TKEN yaiku menyan madu.
Ubarampe kang arupa menyan madu iki warnane abang, putih,
181

ireng, kang nduweni makna kayata kang diandharake dening


Bapak Haryanto ing andharan iki:

Gambar 4.43 : Menyan Madu

“Ubarampe sanesipun wujud wewangen kadosta


menyan. Ingkang didamel menika menyan madu.
menyan madu menika werninipun pethak, abrit,
cemeng kang mengku suraos kang lebet. Menyan iku
maksude menyangdinga madhep dununging urip kang
sejati. Warna putih wujude balung tetese saka si bapa
kang kudu wening jiwa roh pikirane rina lan wengine
nalika gesang. Ingkang abrit nggadhahi makna
wadhahe si biyung ingkang wujude getih kita dados
manungsa wonten salebetipun getih menika wonten
raos ingkang sejati ingkang saged ngobarake semangat
budi ingkang luhur rawe-rawe rantas malang-malang
putung jaya wijayanti. Ingkang cemeng minangka cikal
bakal bumi wujudipun kadosta manik, rekma menika
dados kaprecayan, kamantepan tekad kang sejati
amarga manungsa ing ngalam donya kathah godha,
manungsa kang bisa ngadohi godha kang ala bakal urip
mulya. Sasanesipun menika makna saking menyan
182

madu inggih supados saget nyingkiraken bebendu.”


(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen menyan iku nduweni makna
menyandinga kanthi madhep saengga bisa nemu panguripan
kang sejati. Dadi manungsa kang isih urip iku kudu tansah urip
kanthi rasa kang madhep. Madhep ing pikiran lan madhep ing ati
saengga bisa dadi manungsa kang nglakoake tumindak becik.
Manungsa kang nduweni tumindak becik mesthi bakal nurut
marang apa printah saka Gusti Pangeran lan ngedohi apa kang
ora dipikolehi dening Gusti Pangeran.
Menyan madu kang warnane putih, abang, ireng iku
nduweni makna kang adi luhung. Makna menyan madu warna
putih iku minangka lambang saka balunge bapa. Pawongan
kanthi aran bapa iku minangka salah sawijine manungsa kang
kudu ditresnani, kurmati, lan taati sakabehe printahe kang becik
tumrap anak. Bapa iku terkadhang ora ditresnani dening anak
tinimbang ibu, pramila yen dideleng bapa iku minangka salah
sawijine manungsa kang ngorbanake tenagane kanggo nyukupi
kabutuhan kaluwarga. Bapa iku ora kenal awan lan bengi mung
kanggo makarya supaya sakabehe kabutuhan bisa kacukupan.
Bapa iku trekadang ora tau ngresula marang apa kang dilakoake
senadyan awake lara kabeh. Mula saka iku nalika dadi anak
kudu tansah ngurmati bapa kayadene ngurmati ibu.
Menyan abang iku nduweni makna lambang saka
wadhah bocah kang diduweni dening ibu kang isine ana getih.
Sajrone getih iku minangka generasi mudha mligine ing Dhusun
Grenjeng kudu ngobarake semangat kanggo pribadine dhewe,
wong tuwa, agama, bangsa lan negara. Dadi generasi mudha iku
ora oleh gampang pupus senadyan nalika ngupaya ana alangan-
alangan kang ngalangi. Saengga apa kang dipingi kanthi upaya
183

kang temenan lan diiringi karo donga bakal kasembadan.


Generasi mudha kang sajrone getihe ana rasa semangat kang
gedhe kudu dikobarake kaya semangate para pahlawan kang wis
tilar donya. Generasi mudha kudu bisa nerusake perjuwangan
saka para pahlawan kang wis lila legawa jiwa ragane kanggo
bangsa.
Menyan madu warna ireng minangka lambang manik
lan rambut kang diduweni dening manungsa. Ing ngalam donya
iki, manungsa bakal weruh ngenani donya kang saya suwe saya
ora karuan. Ing donya iku ana prekara kang becik lan ana prekara
kang ala. Sajrone panguripane manungsa bakal ana godhane,
senadyan godha cilik utawa godha gedhe. Manungsa kang bisa
ngadohi godha ing ngalam donya uripe bakal mulya lan
sampurna, amarga godha iku mesthi bae saka rayuan setan mula
yen manungsa bisa ngadohi rayuan setan lan lumaku kaya
printahe Gusti Pangeran mesthi uripe bakal dadi sampurna ing
donya lan akhirat. Saliyane Bapak Haryanto, Mas Agung uga
ngandharake babagan makna saka menyan madu kayata
andharan iki:
“Menyan madu Mbak menika saktemene nggadhahi
daya kandhungan kanggo kirim roh leluhur kang ana
ing Dhusun Grenjeng niki, supaya tentrem rohe para
leluhur Mbak. Kaping kalih niku menyan madu saged
ngilangi penyakit kang wonten ing badane manungsa,
tetuwuhan lan kewan Mbak.” (Mas Agung, wawancara
: 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


menyan madu iku nduweni makna kanggo ngirim ambu wangi
marang para leluhur kang wis tilar donya. Kanthi anane ganda
arum saka menyan madu iku dikarepake supaya roh para leluhur
kasebut bisa tentrem ing alam kubure, saegga roh para leluhur
ora gentayangan. Kaping loro, ubarampe menyan madu nduweni
184

makna tumrap makhluk urip kayata manungsa, kewan lan


tetuwuhan yaiku kanthi ganda arum kasebut bisa ngilangi
sakabehe penyakit kang ana ing manungsa, kewan, lan
tetuwuhan saengga bisa urip kanthi sehat.
4.4.25 Kupat Lepet
Kupat yaiku salah sawijine jinis panganan kang digawe
saka beras lan diwadhahi janur. Lepet yaiku jinis panganan kang
digawe saka beras ketan, biasane dicampuri klapa irisan lan
diwenehi uyah sethithik banjur diwadhahi janur lan ditali
nganggo rapia utawa klenthing (godhong pandhan kang disuwiri
cilik-cilik). Sawise iku kupat lepet digodhog nganti mateng. Ora
saben dina, wong nggawe kupat lepet nanging terkadhang
nggawe kupat nalika ana adicara-adicara tartamtu kayata nalika
adicara wiwit, keleman, tingkepan, ngedekake omah, uga kupat
digunakake nalika riyayan. Saliyane ing adicara-adicara kasebut,
kupat lepet uga digunakake ing adicara TKEN. Kupat lepet kang
digunakake ing adicara TKEN dideleh ing dhuwur encek
nganten lanang lan wadon. Babagan kupat lepet diandharake
dening Bapak Haryanto:

Gambar 4.44 : Kupat lepet


185

“Kupat lepet menika minangka simbol nafsu ing donya.


Janur wonten budaya Jawa kalebet Jarwa Dhosok
inggih menika “Jatining Nur” tegesipun hati nurani.
Dados kupat menika nggadhahi makna sasanesipun
minangka wujud saking wanita, kupat ugi minangka
lambang nafsu lan hati nurani. Lepet sasanesipun
lambang priya jaler uga nggadhahi makna kaluputan
kang ngenekake slametan mugi-mugi diampuni dening
Gusti Pangeran.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen kupat lepet iku minangka
simbol nafsu ing ngalam donya. Kupat sajrone adicara TKEN
nduweni makna saliyane minangka uga nduweni makna bilih
para warga iku kudu tansah bisa njaga nafsune. Lepet kang
minangka lambang saka priya uga nduweni makna supaya
kanthi anane adicara TKEN iku sakabehe kaluputan kang digawe
utawa ditindakake dening warga kanthi sengaja utawa ora
sengaja disepura dening Gusti Pangeran, saengga dosa-dosane
para warga dadi ilang. Babagan makna kupat lepet uga
diandharake dening Mbah Simat kayata andharan iki:
“Kupat lepet menika didamel saking janur klapa, Mbak.
Wit klapa iku arane glugu. Dados manungsa menika
urip kedah dados manungsa ingkang lugu Mbak,
inggih kayata anggadhahi tata krama, manungsa kedah
nggadhahi sipat ingkang sampurna. Dene saking kupat
lepet menika Mbak, manungsa menawi gadhah
kaluputan kudu padha nyuwun ngapura. Lepet menika
manungsa kedah ngempet hawa angkara.” (Mbah
Simat, wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan Mbah Simat bisa dideleng yen


kupat lepet iku digawe saka janur klapa. Wit klapa iku jenenge
glugu. Tembung glugu iku nduweni makna lugu. Manungsa
186

mligine warga kudu dadi manungsa kang nduweni watak lugu,


tatakrama lan wewatekan kang becik liyane saengga bisa dadi
manungsa kang nduweni wewatekan kang sampurna. Mnaungsa
yen nduweni wewatekan kang sampurna mesthi bae disenengi
dening manungsa liyane lan Gusti Pangeran.
Kupat iku nduweni makna yen manungsa mligine
warga Dhusun Grenjeng nalika nduweni kaluputan kudu njaluk
sepura marang manungsa liyane kang dilarani utawa marang
Gusti Pangeran, yen antarane manungsa siji klawan sijine wis
padha njaluk sepura lan menehi sepura bakal ora nduweni dosa
amarga kaluputan wis diilangi semana uga marang Gusti
Pangeran, yen manungsa ngrasa nduweni kaluputan kudu njaluk
sepura, apa maneh Gusti Pangeran iku nduweni watak gampang
menehi sepura marang manungsa. Ubarampe kang arupa lepet
nduweni makna manungsa yen urip ing ngalam donya iku
lanang lan wadon kudu tansah ngempet hawa angkara saengga
ora tumindak kang ala.
4.4.26 Ingkung
Ingkung yaiku pitik kang wis dibelih dening Pak Kyai
utawa Pak Modin. Ingkung dening bebrayan Jawa ngartiake yen
tembung “ingkung” tegese dibandha utawa ditaleni, tegese yaiku
pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Ingkung minangka
salah sawijine ubarampe sajrone TKEN. Ingkung iku kerep dadi
salah sawijine ubarampe kang digunakake dening masyarakat.
Ubarampe kang arupa ingkung iku minangka ubarampe kang
bisa digawe saka pitik jago utawa pitik babon. Umume sajrone
adicara TKEN kang digunakake dadi ingkung yaiku pitik kang
wis pantes digawe biasane pitik kang kemanggang. Ora saben
wong bisa masak ingkung, senadyan katon gampang nanging
masak ingkung iku butuh ketrampilan.
Masak ingkung iku nduweni tatacara dhewe yaiku kang
sepisan pitik kang wis kemanggang dibeleh, dibubuti, lan
187

dibeteti nganti pitik resik saka elar-elare. Kaping pindho, pitik


kang diblekrek utawa dibeteti kasebut banjur ndhase pitik
diplungkerake ing antarane kayu pring, kaping telu pitik
digodhog nganti mateng. Supaya ingkung iku nduweni rasa
kang enak lan ambune bisa sedhep mula ingkung kasebut
diwenehi bumbu-bumbu tradhisional kayata lombok abang,
lombok rawit, kunir, laos, jeruk purut, gula abang sethithik, gula
putih sethithik, bawang, brambang, uyah, lan sapiturute.
Babagan ubarampe kang arupa ingkung diandharake dening
Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:

Gambar 4.45 : Ingkung

“Ingkung menika minangka iwak pitik ungkul kang


ditali banjur dipanggang ing dhuwure pawon. Ingkung
iku biasane saka pitik jago, nanging saiki bisa babon,
mbiyen ingkung saka jago. Ingkung iku nduweni
makna sedaya donga saha keyakinan iman lan takwa
mring Gusti, amugiya kanthi sodakoh ingkang ekhlas
saged nolak balakk musibah lan samudyaning rubeda.”
(Bapak Haryanto, wawancara :27 September 2014)
188

Saka andharane Bapak Haryanto bisa dideleng yen


ingkung iku wujude minangka pitik kang ungkul kang ditali
banjur dipanggang ing dhuwure pawon. Pawon yaiku minangka
salah sawijine piranti kang digawe saka semen, batu bata lan ing
sisih ngarep ana bolongane gawe ngobong kayu. Biasane kang
isih nduweni pawon iku wong ndesa amarga ing kutha akeh
kang nggunakake elpigi. Ingkung kang digunakake ing TKEN
bisa nggunakake ingkung pitik jago utawa pitik babon. Ingkung
iku nduweni makna sakabehe donga, sodakoh kang asipat ekhlas
marang Gusti Pangeran iku bisa nolak bebendu saengga para
warga Dhusun Grenjeng lan skaitare bakal bisa urip kanthi
slamet lan tentrem. Saliyane Bapak Haryanto, babagan makna
ingkung uga diandharake dening Mbah Simat ing pethikan iki:
“Ingkung niku la inggih saking pitik jago biasane.
Ingkung menika la miturut kula nglambangaken tiyang
kang pasrah, Mbak. Dados pasrah marang Gusti
Pangeran.” (Mbah Simat, wawancara: 27 September
2014)

Adhedhasar andharan Mbah Siwat bisa dideleng yen


ingkung kang biasane digawe saka pitik jago iku nduweni makna
yen manungsa kang minangka makhluk ciptaane Gusti Pangeran
iku kudu pasrah. Tembung pasrah ing kene nduweni maksud
bilih manungsa urip ing ngalam donya iku wis ngupaya kanthi
sakuwat tenaga kanggo nggayuh apa kang dadi pepinginane,
sawise manungsa ngupaya banjur pasrah marang Gusti
Pangeran. Kanthi anane ingkung kasebut warga nduweni
pepinginan supaya para warga lan desa kang dipanggoni bisa
adoh saka bebendu saengga bisa urip kanthi slamet lan makmur.
4.4.27 Endhas Wedhus
Wedhus minangka kewan kang kerep digunakake
kanggo sesaji lan kurbanan. Sajrone adicara TKEN wedhus
minangka ubarampe kanggo njangkepi ubarampe liyane, yaiku
189

kang dijupuk perangan endhas. Wedhus dipilih dadi sawijine


ubarampe ing TKEN amarga wedhus iku regane rada murah
kanggo syukuran lan akeh warga kang ngrumat wedhus, dadi
yen sadurunge tau nduweni nadzar yen apa kang dadi
pepinginane disembadani dening Gusti Kang Murbeng Dumadi
bakal mbeleh wedhus nalika TKEN.
Jaman biyen nalika TKEN, para warga ing Dhusun
Grenjeng mbeleh wedhus kanggo manganan bebarengan,
nanging saya suwe wis jarang mbeleh wedhus, saiki kanggo
njangkepi ubarampe mung tuku endhas wedhus ing pasar. Jinis
wedhus kang digunakake ing ubarampe bisa wedhus apa bae,
nanging kang kerep digunakake sajrone TKEN yaiku endhas
wedhus gibas. Milih endhas wedhus gibas amarga jinis wedhus
iku gampang digoleki. Babagan endhas wedhus diandharake
dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:

Gambar 4.46 : Endhas Wedhus


“Sirahe mendo nggadhahi makna minangka wujud
pangurbanan utawa rasa syukur warga
Grenjeng.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September
2014)
190

Saka andharan bisa dideleng yen anane ubarampe kang


arupa endhas wedhus iku nduweni makna minangka
pangurbanan utawa rasa syukur warga marang Gusti Ingkang
Maha Kuwaos kang menehi kaslamatan, rejeki, lan anugerah
marang warga saengga warga ora ana alangan apa-apa lan adoh
saka bebendu. Saliyane iku Mas Agung uga ngandharake
babagan ubarampe kang arupa endhas wedhus kayata ing
pethikan wawancara iki:
“ndas mendo, mendo menika simbol angkara murka,
dados kita minangka manungsa kedah motong utawi
ngilangi tumindak kang ala.”(Mas Agung, wawancara :
23 November 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Mas Agung bisa dideleng yen saliyane minangka wujud syukur
marang Gusti Pangeran, endhas wedhus uga nduweni makna
minangka pralambang angkara murka. Endhas wedhus iku kudu
ditugel supaya tumindak utawa wewatekan ala kang ana ing
dhirine manungsa bisa diilangi saengga yen manungsa ora
tumindak ala lan ora nduweni wewatekan ala bakal bisa urip
kanthi mulya. Manungsa yen urip sampurn iku bakal bisa mlebu
swarga. Mula nalika ana adicara TKEN ing Dhusun Grenjeng iki
warga kudu bisa ngilangi wewatekan utawa tumindak ala kang
sadurunge duduweni.
4.4.28 Dhuwit Receh kang Dicampur Beras Kuning
Dhuwit yaiku salah sawijine piranti kang digunakake
kanggo kagiyatan ekonomi. Miturut Sudaryanto (2001: 238)
dhuwit yaiku pirantining tetuku lan kanggo pengaji barang kang
diakoni dening negara, bisa awujud kertas logam, emas kang
kacithak. dhuwit ing donya iku kaya-kaya dadi salah sawijine
samubarang kang wigati banget. Wong bisa makarya kanthi ora
mangerteni kesel utawa terkadhang gelem nyolong mung kanggo
kepengin oleh dhuwit. Manungsa yen kepengin oleh dhuwit
191

kudu makarya kanthi cara kang halal. Dhuwit ing Indonesia bisa
diperang dadi loro yaiku dhuwit logam lan dhuwit kertas.
Dhuwit logam uga diarani dhuwit receh ana uga kang ngarani
dhuwit klithik. Dhuwit receh iku minangka salah sawijine jinis
ubarampe kang ana sajrone adicara TKEN. Ubarampe kang arupa
dhuwit receh iku dicampur karo beras kuning. Beras kuning
menika nduweni makna resik manut laku kang wening. Babagan
makna saka dhuwit receh lan beras kuning kang digunakake
kanggo udhik dhuwit bisa dideleng saka pethikan wawancara
dening Bapak Haryanto iki:

Gambar 4.47 : Dhuwit receh kang dicampur


beras kuning

“Salajengipun inggih wonten arta receh. Arta receh


menika biasanipun saking warga ingkang kepengin
sodakoh kanthi cara udhik dhuwit ingkang didamel
udhik dhuwit menika nggadhahi makna sedhekah
marang sesama manungsa ingkang minangka wujud
rasa syukur marang Gusti Pangeran, lajeng beras
kuninge menika inggih sejatosipun mung panjangkep
nanging ugi nggadhahi makna bilih menapa kemawon
ingkang kita gadhahi menika saderma mung titipan
Gusti Pangeran, dadi bakal uga balik menyang Gusti
Pangeran.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)
192

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen dhuwit receh kang
digunakake kanggo udhik dhuwit iku asale saka warga kang
kepengin sodakoh. Dhuwit receh iku banjur dicampuri beras
kuning. Makna saka dhuwit receh sajrone adicara TKEN yaiku
minangka wujud rasa syukur manungsa mligine warga Dhusun
Grenjeng kang kepengin sodakoh marang sesama. Biasane kang
luwih sering nyumbang dhuwit iku wong kang nduweni nazar
banjur nalika nazare kasembadan banjur udhik dhuwit nalika
ana adicara TKEN. Manungsa yen wis nduweni dhuwit akeh iku
ora oleh sombong, kudu tansah sodakoh marang manungsa
liyane supaya rejekine kasebut dadi lancar lan barokah.
Beras kuning iku nduweni makna yen apa bae kang ana
ing ngalam donya iku mung titipan saka Gusti Pangeran, dadi
manungsa yen nduweni rejeki utawa kasuksesan kudu tansah
eling marang sesama lan marang Gusti Pangeran. Apa kang
diduweni ing donya iku ora oleh dipuja-puja amarga kabeh iku
bakal mbalik utawa dijupuk dening Gusti Kang Maha Kuwaos
tanpa ana kang mangerteni. Babagan udhik dhuwit uga
diandharake dening Bapak Sutrisno ing pethikan iki:
“Udhik dhuwit biasanipun menika kangge tiyang
ingkang pejah Mbak, wonten tradhisi kirap menika
beras kuning anggadhahi makna yen manungsa iku
kudu nduweni resik manut laku kang wening, saengga
manungsa saged lumaku kanthi bener. Udhik dhuwit
menika Mbak minangka gegambaran bilih manungsa
menika inggih kedah sodakoh marang liyan” (Bapak
Sutrisno, wawancara : 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara kaliyan Bapak Sutrisno bisa


dideleng yen beras kuning kang biasane digawe saka beras
banjur diwenehi kunir utawa sumba warna kuning iku nduweni
makna yen manungsa mligine warga Dhusun Grenjeng kudu
193

resik utawa wening ing pikir dadi ora prelu mikir-mikir kang ala
amarga pikiran iku bisa mangaribawani lumakune manungsa.
Mula para warga kudu tansah mikir kang wening saengga bisa
nindakake lumaku kang asipat becik kayata nindakake sodakoh
marang liyan, amarga rejeki kang diwenehi saka Gusti Pangeran
iku kudu tansah diwenehake maneh marang manungsa liya
saengga padha bisa ngrasakake rejeki kang diduweni.

4.5 Piguna Tradhisi Kirap Encek Nganten ing Dhusun


Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro
TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang diwarisake
dening para leluhur kang manggon ing Dhusun Grenjeng.
Adicara TKEN iku dilaksanakake saben taun pisan yaiku
diwiwiti saka dina Minggu Pahing lan dina Senin Pon ingkang
minangka puncak saka tradhisi kasebut. Adicara kasebut ora bisa
dipisahake karo urip warga Dhusun Grenjeng. Saben warga
padha seneng nyambut tekane adicara TKEN. Adicara TKEN iki
disengkuyung dening sakabehe lapisan masyarakat wiwit bocah
nganti wong kang wis tuwa. TKEN iku nduweni piguna tumrap
masyarakat kang nyengkuyung adicara kasebut.
Piguna kang kinandhut sajrone TKEN kang ana ing
Dhusun Grenjeng kasebut bakal diandharake kanthi nggunakake
panemune Bascom (sajrone Danandjaja, 1984:19), yaiku : (1)
minangka sistem proyeksi (projective system), yaiku minangka
sarana kaca benggalane angen-angen koleksi, (2) sarana
pangesahan pranata-pranata lembaga-lembaga kabudayan, (3)
sarana panggulawenthah, (4) minangka piranti kanggo meksa lan
ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi. Teori iki bakal
ngonceki piguna apa bae kang ana ing folklor saperangan lisan
kayata TKEN. Supaya luwih cethane bisa dideleng kaya
andharan iki:
194

1) Minangka Sistem Proyeksi


Sistem proyeksi yaiku minangka sarana kaca benggalane
angen-angen kolektif. TKEN kang ngrembaka ing Dhusun
Grenjeng kasebut minangka sawijine piranti kanggo
ngandharake apa sejatine kang dikarepake lan diangen-angen
dening masyarakat. Angen-angen kasebut bisa dideleng saka
annae sakabehe ubarampe lan tujuwane nganakake TKEN ing
dina Senin Pon, yaiku kanggo mujude rasa syukur warga marang
Gusti Pangeran kang wis menehi rejeki, kaslamatan tumrap
warga lan minangka wujud kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut kang minangka sesepuh desa kang kasil mbuka alas dadi
sawijine panggonan kanthi aran Dhusun Grenjeng. Babagan iki
diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara
iki:
“Minangka wujud rasa syukur masyarakat Dhusun
Grenjeng marang Gusti Pangeran lan minangka wujud
kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang
sampun mbukak alas dados samangke. Masyarakat
Dhusun Grenjeng ngraos syukur amargi Gusti
Pangeran sampun maringi asil panen lan kaslamatan
lan minangka kurmat niku inggih kurmat marang Kaki
Krebut lan Nyai Krebut ingkang dados sesepuh.”
(Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng bilih salah sawijine piguna saka
TKEN yaiku minangka sarana proyeksi, TKEN iku ana
sesambungan antarane manungsa karo Gusti Pangeran lan alam
ghaib. Anane ubarampe-ubarampe lan tujuwan saka nganakake
adicara TKEN kasebut minangka wujud rasa syukur marang
Gusti Pangeran lan wujud kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut kang wis mbuka alas dadi Dhusun Grenjeng kayata saiki.
195

Mula saka iku para warga ora ninggalake tradhisi kasebut lan
dilaksanakake saben taun sawise panen pari.
2) Minangka Sarana Pangesahan Pranata-Pranata lan Lembaga-
Lembaga Kabudayan
Piguna saka TKEN ora mung minangka sarana hiburan
bae nanging uga ngandhut piguna minangka pangesahing
pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan. Ing TKEN
kasebut ana aturan-aturan kang mligi lan aturan kasebut wis ana
wiwit jaman biyen lan diuri-uri dening warga nganti saiki.
Sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-lembaga
kabudayan bisa dideleng saka pethikan iki:
Rumiyin menika Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang
dikirap ngubendi dhusun, lajeng sasampunipun Kaki
Krebut lan Nyai Krebut tilar donya lajeng
dingawontenaken kirap kanthi nggunakake jodhang.
Menawi kirap saking kawontenan dhusun menika
sakitar kepala desa ingkang sepisan inggih menika taun
1921 menika wonten kepala dhusun Grenjeng, amarga
rumiyin menika Desa Sraturejo gadhah tiga kepala
dhesa, dados Desa Sraturejo menika sakitar taun 1923.
Lurah kapisan asmane Mbah Sarijan. Rumiyin ingkang
didamel kirap menika jodhang, ingkang isinipun inggih
kadosta kembang goyang, kucur, jadah, ondhe-ondhe,
nagasari pokoe ingkang didamel adicara ngantenan
ngoten niku, niku diwiwiti taun 1921 lajeng vakum taun
1984-1990 mboten nate dipun ngawontenaken malih
mung dingawontenaken nanging manganan kemawon.
Niku kok dirasa wonten ingkang aneh ngoten nalika
mboten ngawontenaken Kirap Encek Nganten menika
kathah pageblug lan kacingkrangan, inggih lajeng
dipun ngawontenaken malih dening masyarakat
amargi masyarakat inggih ajrih, wiwit taun 2011 niki
didamel encek nganten ingkang arupi woh-wohan lan
janganan menika.” (Bapak Haryanto, wawancara: 19
Mei 2014)
196

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


salah sawijine piguna TKEN yaiku minangka sarana pangesahan
pranata-pranata lan lembaga–lembaga kabudayan. Ing jaman
biyen TKEN iku tau ora dianakake dening warga, nalika ora
nganakake TKEN, para warga ngrasa panguripan kang ana ing
Dhusun Grenjeng aneh amarga anane pageblug, bebendu. Mula
saka anane kadadeyan kasebut para warga banjur ngesahake yen
TKEN iku kudu dianakake saben taun yaiku ing Dina Senin Pon.
Piguna TKEN minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan
lembaga –lembaga kabudayan yaiku anane kaprecayaan yen
petilasan Sumur Nganten iku panggonan kang suci lan yen
masyarakat ora nganakake TKEN bakal ana bebendu. Babagan
ngenani piguna TKEN kang arupa sarana pangesahan pranata-
pranata lan lembaga– lembaga kabudayan bisa dideleng saka
pethikan wawancara iki:
“Lajeng wonten ngriki manganan niku wonten
petilasan Sumur Nganten dados tiyang ngriki mboten
jijik ngoten niku amargi tiyang ngriki precados
petilasan Sumur Nganten menika panggenan suci,
tiyang bakda dados nganten ijuk raup wonten ngriku
niku saged bagus lan ayu, tiyang ngriki precados
menawi krajaan Ngurawan menika wonten petilasan
Sumur Nganten, dados menawi manganan lan langen
tayub menika inggih dilaksanaken wonten ngriku.”
(Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen adicara TKEN kang ana
tatarakit arupa manganan lan langen tayub dianakake ing
petilasan Sumur Nganten. Para warga milih nganakake
managanan lan adicara langen tayub ing petilasan Sumur
Nganten amarga panggonan iku biyen minangka krajaan yaiku
panggonan Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Mula para warga
197

kanggo ngurmati Kaki Krebut lan Nyai Krebut nganakake


manganan lan tayub ing kono. Saliyane iku petilasan Sumur
Nganten iku dianggep panggonan suci amarga digawe sesuci
dening para warga kang lagi mari ijab qobul. Saliyane iku
babagan piguna kang arupa sarana pengesahan pranata-pranata
lan lembaga-lembaga kabudayan uga bisa dideleng saka pethikan
wawancara kang diandharake dening Mbah Simat:
“Inggih amarga dinten Senin Pon niku sampun saking
para sesepuh, Dinten Senin Pon niku insyaallah
dianggep dinten kang langkung sae.” (Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Mbah Simat bisa dideleng yen adicara TKEN iku wiwit biyen
nganti saiki tansah dilaksanakake ing dina Senin Pon. Para warga
tansah ora wani ngganti dina kanggo nganakake adicara TKEN.
Amarga warga Dhusun Grenjeng precaya wiwit biyen nganti
saiki yen dina Senin Pon iku dina kang apik kanggo upacara
kayata TKEN. Mula kudu tansah diuri-uri lan ditaati aturan-
aturan saka sesepuh.
3) Minangka Sarana Panggulawenthah
Ing jaman kang sarwa maju iki, sifat lan sikap kang isih
katon tradhisional wis jarang bisa ditemoni. Apa maneh ing
masyarakat kutha jarang bisa ditemoni sifat lan sikap kang katon
tradhsional. Saiki sakabehe piranti kang geagyutan karo
panguripane manungsa saya suwe saya modern lan gampang
ditemokake, saengga anane piranti-piranti kang sarwa modern
iku bisa nduweni pangaribawa tumrap panguripane manungsa
ing ngalam donya.
Jaman kang modern kaya saiki iki, akeh masyarakat kang
nduweni pamikiran luwih maju. Saya maju cara pamikire
manungsa mula manungsa bakal gampang nrima kabudayan-
kabudayan saka njaba, kayata kabudayan saka manca bakal
198

luwih gampang ditampa dening masyarakat mligine para


generasi mudha tinimbang kabudayan kang asipat tradhisional.
Kabudayan manca pranyata wis akeh kang mlebu ing Indonesia,
akeh masyarakat kang ninggalake kabudayane dhewe, mligine
kabudayan Jawa.
Ana saperangan masyarakat ing jaman saiki kang ngrasa
gengsi utawa keri jaman yen isih nguri-uri kabudayan kang
asipat tradhisional, mula kaeh masyarakat kang melu-melu
nyenengi kabudayan saka manca supaya dianggep luwih maju
lan gaul, pramila yen dideleng kabudayan kang tuwuh ing
Indonesia, mligine kabudayan Jawa iku luwih nduweni makna
lan nilai-nilai kang adi luhung tumrap panguripan masyarakat
tinimbang kabudayan saka manca kang jarang ngandhut makna
lan nilai utawa malah ora trep yen dirembakake ing bebrayan
Jawa. Mula, saka iku akeh ndadekake masyarakat mligine saka
Dhusun Grenjeng kang tansah kuwatir marang kahanan
kabudayan Jawa kang salah sawijine adicara TKEN. Babagan
kaya mangkono iku diandharake ing pethikan iki:
“Miturut kula inggih kangge piweling bilih kita kedah
tansah njagi karukunan balewisma ing antawisipun
garwa (kakung-putri), rama ibu lan putra-putrinipun.
Talining akrami kedah tansah wuled, atut runtut kados
nganten anyar terus, ningaktaken karukunan
salebetipun paseduluran, sodakoh marang sesami,
dados nalika TKEN anane ater-ater utawa kang diarani
sega bingung, Udhik dhuwit, menika minangka wujud
sodhakoh kang ditindakake dening para warga marang
warga sanesipun.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen salah sawijine piguna saka
TKEN yaiku minangka sarana panggulawenthah tumrap
masyarakat. Saka adicara TKEN kasebut tanpa ora disadhari
199

dening masyarakat nduweni piweling tumrap para warga kang


dadi nganten anyar utawa kang lagi mbangun balewisma
suapaya bisa rukun nganti mati. Anggone nikahan iku ora mung
kanggo sedhela nanging kudu nganti salawase, kaya apa kang
dilakoni dening Mbah Krebut (Prabu Lembu Amisena) lan Nyai
Krebut (Kanjeng Ratu Lebdasari) kang tansah setya nganti tilar
donya. Nalika susah utawa seneng tansah dilakoni bebarengan
kanthi lelandhesan rasa katresnan kang tulus lan sejati. Dadi ora
amung tresna nalika seneng lan ninggalake pasangan utawa bojo
nalika lagi kasusahan.
Para warga mligine Dhusun Grenjeng lan sakitare kudu
tansah nuladhani Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang tansah setya
nganti tilar donya. Njaga karukunan ora mung antarane bojo
(priya lan wanita) nanging uga tansah njaga karukunan marang
putra-putrine, aja nganti antarane wong tuwa karo anak tukaran
amung amarga prekara cilik. Para warga kudu bisa dadi wong
tuwa kang ngayomi anak-anake saengga antarane anak lan wong
tuwa tansah rukun. Saliyane iku kanthi anane tatrakit kang arupa
sega bingung lan udhik dhuwit iku sejatine bisa dadi
panggulawenthah tumrap masyarakat mligine Dhusun Grenjeng,
amarga saka anane sega bingung, udhik dhuwit iku minangka
sodakoh tumrap kaluwarga lan tangga kang mbutuhake
pitulungan. Saka kono masyarakat diulangi kepriye cara sodakoh
kang becik amarga dadi manungsa iku kudu gelem menehi wong
liya ora mung gelem diwenehi wong liya.
Wong yen gelem sodakoh mesthi uga bakal oleh
ganjaran saka Gusti Pangeran lan apa kang wis diwenehake
marang wong liya iku uga bakal oleh ganti kang luwih akeh saka
Gusti Kang Murbeng Dumadi. Bapak Haryanto saliyane
ngandharake fungsi kayata ing dhuwur, uga ngandharake fungsi
TKEN kang minangka sarana panggulawenthah kang bisa
dideleng kayata pethikan iki:
200

“Amargi saniki kathah generasi mudha ingkang


mboten remen kaliyan kabudayan piyambak, malah
remenipun kabudayan mancanagari. Pramila kanthi
kawontenanipun TKEN menika saged dados
panggulawenthah tumrap masyarakat mligine inggih
kangge generasi mudha.” (Bapak Haryanto, wawancara
: 27 September 2014)

Adhedhasar pethikan wawancara kasebut bisa dideleng


saliyane kanggo njaga karukunan balewisma uga nduweni fungsi
kang minangka sarana panggulawenthah yaiku yen ing jaman
saiki wis jarang ana generasi mudha kang seneng karo
kabudayan Jawa. Kanthi anane TKEN kasebut, para generasi
mudha padha mangerteni kabudayan Jawa kang diwarisake
dening para leluhur senadyan ora mangerteni ngenani makna-
makna kang kinandhut. Ing jaman saiki akeh generasi mudha
kang seneng karo kabudayan mancanegara kang dianggep luwih
modern tinimbang kabudayane dhewe saengga ora kenal marang
kabudayan Jawa. Mula kanthi adicara TKEN para sesepuh iku
ngajak generasi mudha kang ana ing Dhusun Grenjeng supaya
melu dadi paraga ing adicara TKEN kayata dadi kembang
mayang, penabuh dramben, pangiring encek nganten, kanthi cara
ngunu generasi mudha bakal kenal lan bakal seneng marang
kabudayan Jawa mligine TKEN. Babagan piguna TKEN kang
minangka sarana panggulawenthah uga diandharake dening
Mbah Simat ing pethikan iki:
“Ing jaman saiki Mbak, akeh cah-cah nom iki sampun
mboten purun mangerteni kabudayan Jawa, padahal la
inggih kabudayane dhewe. Mula saka iku saiki nalika
ana kirap, bocah-bocah nom diajak dadi paraga-paraga
supaya mangerteni ngenani kirap, tujuwan inggih
supaya bocah-bocah iki aja nganti ninggalna
kabudayane dhewe kayata dadi paraga la inggih bisa
201

nambahi kawruh.” (Mbah Simat, wawancara: 27


September 2014)

Adhedhasar andharane Mbah Simat bisa dideleng yen


TKEN nduweni piguna minangka sarana panggulawenthah. Saka
anane bocah-bocah enom kang didhapuk dadi paraga-paraga
sajrone TKEN kayata dadi penabuh dramben utawa kang
nduweni tugas nyekeli ubarampe-ubarampe iku bisa ndadekake
generasi mudha mligine Dhusun Grenjeng bisa seneng marang
kabudayan Jawa lan saka anane dadi paraga kasebut uga bisa
nambahi kawruh marang generasi mudha ngenani kabudayan
mligine TKEN.
4) Minangka Piranti Kanggo Meksa lan Ngawasi Supaya
Aturan Bebrayan Tansah Diugemi
TKEN wis dianakake wiwit jaman biyen nganti jaman
saiki senadyan tau ora dilaksanakake dening warga Dhusun
Grenjeng. Warga Dhusun Grenjeng nduweni kaprecayan kang
kuwat wiwit saka tata lakune tradhisi lan ubarampe-ubarampe
kang digunakake sajrone TKEN. Para warga kang nyengkuyung
precaya marang makna kang kinandhut sajrone adicara TKEN.
Tradhisi kang tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun Grenjeng iki
nduweni salah sawijine piguna yaiku minangka piranti kanggo
meksa lan ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi.
Anane piguna kang kaya mangkono iku diandaharake dening
Mbah Simat kayata andharan iki:
“Mengeti kirap encek nganten menika kersanipun
masyarakat makmur amarga pikanthuk barokah saking
Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang baureksa Dhusun
Grenjeng kang disekseni dening Gusti Pangeran,
saliyane niku supados warga Dhusun Grenjeng Desa
Sraturejo niki diparingi kaslamatan, aman lan tentrem
supados mboten gangguan saking pundi-pundi, inggih
supados saged diparingi rejeki ingkang kathah.
202

Winginane wonten jawah angin ageng niku nggih


mboten wonten napa-napa wonten dhusun niki amargi
sampun dikangkrihne dening Kaki Krebut lan Nyai
Krebut niku. Pramila, inggih saben bakda panen pantun
dinten Senin Pon kedah ngawontenaken kirap. Supados
sedaya warga slamet, kahananipun dhusun inggih
makmur, mboten kados rumiyin nate gagal panen
amargi mboten nindakaken kirap, saniki inggih sampun
ditindakaken terus. Ajrih tiyang ngriki, saniki inggih
sedaya warga sami ndherek mbekta encek nganten
ngoten niku wonten Sumur Nganten.” (Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Mbah Simat bisa dideleng yen adicara TKEN iku nduweni
tujuwan supaya warga iku diwenehi rejeki kang akeh dening
Gusti Pangeran lan minangka wujud kurmat warga marang Kaki
Krebut lan Nyai Krebut. Para warga Dhusun Grenjeng kanthi
nganakake TKEN kepengin uripe bisa tentrem lan slamet ora ana
bebendu kang teka ing Dhusun Grenjeng.
Para warga kang biyen tau ora nganakake TKEN iku
dirasa ana pageblug ing Dhusun Grenjeng. Para kadang tani
padha ora bisa panen amarga tandurane akeh kang dipangan
hama, mula saka anane akibat kang kaya mangkono iku para
warga dadi wedi banget, banjur adicara TKEN dianakake maneh
kanthi ora ngilangi makna lan tatarakit kang wos ana ing jaman
biyen . Norma kang ana ing masyarakat kudu tansah ditindakake
supaya apa kang ora dipingini dening warga ora kadadeyan.
Saliyane iku nalika adicara TKEN wis dianakake maneh ing
Dhusun Grenjeng, senadyan ana barat gedhe ana udan nanging
Dhusun Grenjeng tansah aman-aman bae ora ana bebendu.
Amarga para warga precaya yen Dhusun Grenjeng iku dijaga
dening Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang minangka danyang
saka Dhusun Grenjeng.
203

5) Kanggo Nguwatake Rasa Solidaritas Sosial


Sajrone TKEN uga ana solidaritas antar para warga kang
melu nyengkuyung adicara kasebut. Solidaritas yaiku wujud rasa
kang senasib, antarane siji klawan sijine ora ana bedane. Piguna
kang arupa rasa solidaritas sosial sajrone TKEN iku bisa dideleng
saka anane warga masyarakat kang guyub rukun, gotong royong
dadi siji ngresiki dhusun kang bisa dideleng saka pethikan iki:
“Miturut kula kangge ngeluri kabudayan Jawi,
ningakataken karukunan Mbak amargi nalika TKEN
menika mboten wonten sugih miskin utawa sawalike
sedaya sami rukun sesarengan ngregengaken,
ningkatake gotong royong kadosta nalika wonten
adicara TKEN menika saderengipun wonten resik-resik
desa.” (Bapak Kusnan, wawancara : 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara dening Bapak Kusnan bisa


dideleng yen salah sawijine piguna TKEN yaiku kanggo
nguwatake rasa solidaritas sosial. Piguna kasebut bisa dideleng
saka nalika resik-resik desa. Para warga padha guyub rukun dadi
siji saperlu ngresiki dhusun kang reged. Ing kono ora ana bedane
antarane sugih miskin kabeh tansah guyub rukun lan gotong
royong. Saliyane iku piguna TKEN kanggo nguwatake rasa
solidaritas sosial uga bisa dideleng nalika anane rebutan encek
nganten.
Ing adicara TKEN iki sakabehe wong kang nekani lan
nyengkuyung adicara TKEN iki nduweni tujuwan kang padha,
kabeh padha melu tatarakit adicara saka wiwitan nganti
pungkasan. Sakabehe masyarakat kang teka padha nyawiji dadi
siji ing petilasan Sumur Nganten kanthi tujuwan supaya oleh
woh-wohan lan janganann kang digunakake ing encek nganten
lanang lan wadon. Para warga kang kepengin rebutan isi saka
encek lanang lan wadon ora mung saka warga Dhusun Grenjeng
bae nanging uga ana kang saka dhaerah liya.
204

Tujuwan saka rebutan woh-wohan lan janganan kang


dipasang ing encek nganten yaiku supaya oleh berkak utawa
rejeki saka Gusti Pangeran, amarga warga Dhusun Grenjeng lan
warga sakitar akeh kang precaya yen isi saka encek nganten iku
ngandhut rejeki. Babagan piguna TKEN kang arupa nguwatake
rasa solidaritas sosial yaiku bisa dideleng saka pethikan
wawancara iki:

Gambar 4.48 : Grengsenge para warga kang rebutan


encek nganten

“Salebetipun TKEN menika para warga sami ngempal


wonten petilasan Sumur Nganten, menika saking warga
Dhusun Grenjeng lan sakitaripun ugi wonten ingkang
saking njawi. Tujuwanipun menika badhe kepengin
mundhut isi saking encek nganten. Wancine rebutan
menika rame sanget, dhosok-dhosokan nanging mboten
gelut ngoten malah sasampunipun rebutan menika
sami ngedu asil saking rebutan encek nganten.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar gambar lan pethikan wawancara kang


diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen kanthi
205

anane TKEN ing Dhusun Grenjeng bisa nguwatake rasa


pangrasane klompok masyarakat. Nalika adicara TKEN kabeh
padha teka ing petilasan Sumur Nganten. Salah sawijine tatarakit
kang ningkatake utawa nguwatake rasa pangrasane klompok
masyarakat yaiku nalika rebutan encek nganten kang wis mari
dikirap ngubengi Dhusun Grenjeng. Para warga tansah ngenteni
Pak Modin ujub encek nganten, amarga kepengin ngrebut isi
saka encek nganten lanang lan wadon. Nalika Pak Modin durung
bae bubar nandukna ambeng, para waga padha dhosok-
dhosokan supaya oleh isi encek nganten.
Encek nganten kang cacahe ana loro kasebut direbut
bareng-bareng lan rame banget, wiwit saka bocah cilik, bapak
ibu, nganti embah – embah padha rebuitan encek nganten.
Senadyan para warga padha dhosok-dhosokan kanggo rebutan
nanging ora ana kang tawuran malah saka anane rebutan iku
para warga katon padha raket. Biasane warga Dhusun Grenjeng
lan sakitare sarta para warga saka dhaerah liya iku yen wis kasil
oleh isi saka encek nganten banjur padha ngedu olehe. Para
warga ora tawuran anggone rebutan isi encek nganten amarga
nduweni solidaritas kang kuwat kanthi tujuwan kang padha.
Para warga padha rebutan isi encek nganten amarga yen olehe
akeh para warga precaya bakal oleh berkah utawa rejeki akeh
saka Gusti Pangeran. Tuladhane warga kang makarya dadi tani
yen oleh isi encek nganten tanduran kang ditandur bakal subur
lan asil panen bakal oleh akeh, dene wong kang dagangan bakal
laris.
6) Fungsi Kanggo Pelestarian Budaya
Adicara TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang
diturunake saka para sesepuh. TKEN nganti saiki isih
ditindakake dening warga Dhusun Grenjeng senadyan ana owah-
owahan sajrone tatarakit utawa ubarampe. Para warga tansah
nguri-uri kabudayan kang wis ana wiwit jaman biyen. Adicara
206

TKEN minangka salah sawijjne tradhisi kang nggunakake encek


kang wujude gedhe utawa dening warga Dhusun Grenjeng
diarani encek nganten ing Kabupaten Bojonegoro. Babagan
piguna TKEN kang minangka sarana pelestarian budaya
diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara
iki:
“Ngeluri kabudayan Jawi supados mboten cures,
amargi saniki kathah kabudayan saka manca kang
mlebu ing Indonesia. Saengga kirap encek nganten
kang minangka warisan niki kedah dilestantunaken.”
(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan bisa dideleng yen salah sawijine piguna


TKEN yaiku kanggo ngeluri budaya Jawa supaya ora cures,
amarga ing jaman saiki akeh kabudayan-kabudayan saka manca
kang ora dimangerteni piguna lan nilai-nilai kang kinandhut
kang mlebu ing Indonesia. Kabudayan-kabudayan kang
diwarisake dening para sesepuh wis akeh kang cures kagiles
jaman kang saya maju. Salaras karo panemune Bapak Haryanto,
babagan piguna TKEN minangka sarana kanggo pelestarian
budaya uga diandharake dening Mbah Simat ing pethikan
wawancara iki:
“Inggih kangge ngeluri kabudayan Jawi. Kabudayan
menika saking sesepuh niku kedah diugemi, mangke la
mboten diugemi ical ngoten niku. Pramila kula remen
sanget la wonten kirap ngoten niku, Mbak.”(Mbah
Simat, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kang wis diandharake dening Mbah


Simat bisa dideleng yen TKEN iku nduweni piguna kanggo
nglestareake budaya Jawa. Ing jaman biyen nganti saiki
kabudayan Jawa iku cacahe maneka warna lan salah sijine yaiku
TKEN. Mbah Simat kang minangka sesepuh desa tansah seneng
207

banget anane TKEN, mula TKEN kudu tansah diuri-uri supaya


ora ilang. Saliyane iku, Mas Agung uga ngandharake piguna
TKEN minangka sarana kanggo nglestareake budaya bisa
dideleng ing pethikan wawancara iki:
Njagi kabudayan leluhur amarga kabudayan Jawi
syarat makna ingkang dipun warisaken dening para
leluhur marang anak cucu, amarga wonten kabudayan
menika nggadhahi piwulangan-piwulangan tumrap
manungsa.” (Mas Agung, wawancara : 23 November
2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening


Mas Agung bisa dideleng yen TKEN kang tuwuh lan ngrembaka
ing Dhusun Grenjeng iku nduweni piguna kanggo nglestareake
budaya. Kabudayan Jawa kang diwarisake dening para leluhur
iku nduweni piwulangan-piwulangan kang migunani saengga
kudu atnsah dilestareake aja nganti cures. Salah sijine cara
ngeluri kabudayan Jawa yaiku para warga Dhusun Grenjeng
kang isihj nganakake TKEN. Babagan fungsi kanggo ngeluri
kabudayan Jawa uga diandharake dening Bapak Sutrisno ing
pethikan wawancara iki:
“Inggih kula nggadhahi pangarep mugi-mugi
kabudayan menika tansah ngrembaka Mbak, ing ngriki
nggih pemudhane diajak sarasehan ing dinten Selasa
Kliwon utawi Jumat Legi ing petilasan Sumur Nganten
menika ngawontenaken sarasehan Mbak. Lha ing
ngriku mbahas ngengingi kabudayan Jawa inggih
kadosta kirap encek nganten niki, mikir pripun
caranipun ngrembakaken tradhisi menika supados
mboten cures ngoten Mbak.” (Bapak Sutrisno, 12
Januari 2015)

Adhedhasar andharan Bapak Sutrisno bisa dideleng


yen anane TKEN ing Dhusun Grenjeng iku bisa ndadekan
208

kabudayan Jawa saya ngrembaka. Salah sawijine cara yaiku


nganakake musyawarah ing ngisore ringin (petilasan Sumur
Nganten) kanggo ngrembug ngenani TKEN. Para pemudha
diajak mikir cara kang becik kanggo ngrembakake TKEN supaya
ing dina tembe TKEN kang minangka kabudayan Jawa ora cures.
7) Fungsi Hiburan
TKEN minangka sawijine tradhisi kang wis dadi
pakulinan dening warga Dhusun Grenjeng. Para warga padha
seneng nalika ana adicara TKEN. Adicara TKEN kang saben taun
dianakake sepisan iki saliyane minangka adicara ritual uga
nduweni fungsi hiburan. Mligine ing Dhusun Grenjeng jarang
ana hiburan kang rame kayata TKEN, mula saben ana TKEN para
warga padha ndelok, kang ndelok adicara TKEN ora mung wong
tuwa nanging bocah-bocah uga ndelok adicara TKEN. Babagan
adicara TKEN kang nduweni fungsi hiburan bisa dideleng saka
pethikan wawancara iki:

Gambar 4.49 : Para warga kang ndelok TKEN

“Piguna sanes inggih minangka sarana panglipur


(hiburan) kangge masyarakat, mligine masyarakat
Dhusun Grenjeng lan masyarakat sakitar. Amarga
tradhisi menika katon regeng dados kathah ingkang
209

ningali. Kawontenanipun langen tayub inggih dados


hiburan, wonten drambenipun inggih dados hiburan
para warga amargi mboten sabendinten saget mirsani
ngoten niku.” (Bapak Haryanto : wawancara : 27
September 2014)

“Nalika kirap menika wonten dramben, langen tayub


menika sedaya warga sami ningali amargi sami remen
wonten hiburan ngoten niku. Pokoe saben wonten kirap
nganten Dhusun Grenjeng niku rame sanget, ingkang
ningali mboten mung warga ngriki nanging saking
pundi-pundi sami ningali.” (Mbah Simat, wawancara :
27 September 2014)

“Kirap menika inggih saged damel hiburan Mbak,


wonten langen tayub menika sedaya warga kathah
ingkang mbeksa senaoso mboten mbeksa niku inggih
ningali ngoten niku, niku kemawon sampun remen
sanget, jarang-jarang mbak wonten hiburan ngoten
niku. Kirap nganten menika ngantos nate dilebetaken
wonten RCTI.” (Bapak Kusnan, wawancara : 12 Januari
2015)

Adhedhasar pethikan bisa dimangerteni yen sajrone


TKEN nduweni fungsi minangka sarana hiburan mligine tumrap
warga Dhusun Grenjeng lan sakitare. Nalika adicara TKEN iku
kahanan Dhusun Grenjeng kang maune sepi dadi rame banget.
Akeh masyarakat saka Dhusun Grenjeng lan saka dhaerah njaba
kang mung kepengin ndelok adicara TKEN saka wiwitan nganti
pungaksan adicara. Sajrone adicara TKEN ana langen tayub lan
dramben iku bisa nambahi ramene adicara. Biasane kang seneng
banget karo dramben minangka pangiring lumakune encek
nganten yaiku bocah-bocah cilik. Akeh bocah cilik kang
nggodhak melu ngiring encek nganten saperlu kepengin
mangerteni dramben. Adicara langen tayub kang dianakake
210

nalika bubar ashar nganti manjing subuh iku uga dadi hiburan
kanggo para warga Dhusun Grenjeng lan sakitare. Nalika ana
langen tayub akeh warga kang ndelok lan uga akeh kang mbeksa.
Ing kono para warga katon seneng banget anane adicara TKEN
kang bisa dadi hiburan saben taun, amarga pakaryan warga
Dhusun Grenjeng kang saperangan gedhe minangka tani iku
katon seneng yen ana adicara TKEN.
8) Fungsi Ekonomi
TKEN iki kajaba nduweni piguna minangka sarana
hiburan uga nduweni piguna tumrap masyarakat, TKEN uga
menehi piguna ekonomi tumrap masyarakat sakupenge Dhusun
Grenjeng. Nalika ana adicara TKEN yaiku ing dina Senin Pon
akeh warga saka Dhusun Grenjeng lan sakitare kang nawakake
dagangane marang wong-wong kang lagi ndelok adicara TKEN.
Para warga kang dagangan nalika adicara TKEN manggon ing
dalan kang tumuju petilasan Sumur Nganten. Dagangan kang
biasane didol sajrone adicara TKEN kayata bakso, es,sosis, pentol,
gorengan lan sapiturute. Saka anane adicara TKEN iki warga
kang dagangan kayata bakso, es, sosis lan sapiturute bisa nambah
asil anggone dedagangan. Biasane dagangan kang ditawaake
durung nganti manjing subuh wis padha entek. Kanggo
mbuktekake anane fungsi ekonomi kasebut kaya pethikan
andharan iki:
211

Gambar 4.50 : Para warga kang dagangan

“Wonten TKEN niku inggih saged nambahi arta kangge


para tiyang ingkang sadean sosis, pentol, bakso,
jajanan-jajanan sanesipun ngoten niku. Ingkang
biasanipun namung antuk arta sekedhik lha wonten
tontonan niku mesthi antuke langkung kathah. Niku
siyang ngantos manjing subuh acarane inggih kathah
ingkang tumbas, napa malih lare alit-alit ngoten niku
sami tumbas sosis, pentol, es.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kang diandharake dening Bapak


Haryanto bisa dideleng yen nalika anane TKEN iku bisa nambahi
dhuwit kanggo para warga kang nawakake dagangane.
Dagangan kang ditawakake nalika adicara TKEN kayata sosis,
pentol, bakso, jajanan-jajanan liyane. Nalika ora ana adicara
TKEN biasane mung oleh dhuwit sethithik nanging nalika ana
adicara TKEN kang dianakake wiwit siyang nganti manjing
subuh, para warga akeh kang padha tuku jajan-jajan mligine
bocah cilik-cilik. Dene wong kang tuwa biasane tukune kopi, teh,
lan liya-liyane.
212

Saliyane iku piguna TKEN kang arupa piguna ekonomi


ora amung ditudhuhake saka bakul kang wis kulina bakulan ing
sabendinan lan luwih laris nalika anane adicara TKEN, uga
TKEN nduweni piguna ekonomi yaiku kanthi ditudhuhake
annae warga Dhusun Grenjeng kang sebendinane pakaryane
dadi tani nanging nalika adicara TKEN banjur bakulan kang bisa
dideleng saka pethikan wawancara dening Bapak Haryanto iki:
“Sasanesipun menika Mbak inggih kanthi
kawontenanipun kirap menika, warga Dhusun
Grenjeng ingkang namung dados tani nalika wonten
kirap malah dados mbakul. Biasanipun menika jagung
ingkang dipun sade. Inggih laris manis niku. Menapa
malih samenika Indonesia niku la nggadhahi program
mboten namung bahan mentah kemawon nanging
inggih ingkang dipun olah kadosta jagung menika,
dados warga Dhusun Grenjeng ingkang tetanemipun
jagung menika dipun sade Mbak nalika wonten TKEN.
Inggih sepalih telesan ngoten niku inggih sanesipun
dibakar ngoten.” (Bapak Haryanto, wawancara, 27
September 2014)

Adhedhasar pethikan wawancara bisa dideleng yen


anane piguna ekonomi sajrone adicara TKEN iku ora mung
kanggo para bakul kang wis kulina bakulan utawa dagangan ing
sabendinan nanging uga nduweni piguna ekonomi tumrap
warga kang sabendinane makarya dadi tani. Para warga kang
dadi tani nalika ana adicara TKEN dadi dagangan. Biasane kang
didagangake yaiku jagung. Para warga Dhusun Grenjeng adol
jagung amarga jagung minangka asil panen warga saengga
warga saka dhusun liyane bisa tuku jagung kanthi wujud kang
mentah lan kang wis dibakar. Senadyan amung adol jagung
nanging akeh warga kang padha tuku saengga kang dagangan
utawa bakulan bisa oleh tambahan rejeki. Kanthi anane TKEN
213

kasebut tansah nduweni piguna ekonomi tumrap warga Dhusun


Grenjeng lan sakitare.

4.6 Owah Gingsire Tradhisi sajrone Tradhisi Kirap Encek


Nganten ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro
TKEN minangka salah sawijine tradhisi saka masyarakat
Jawa. Adicara TKEN tuwuh lan ngrembaka saka para sesepuh
kang manggon ing Dhusun Grenjeng. Padha karo sipate
kabudayan kang dinamis, TKEN tansah ngalami owah-owahan
bebarengan karo owahe jaman. Masyarakat kang nyengkuyung
lan nguri-uri kabudayan kayata TKEN uga anut lakune jaman
kang saya suwe sarwa modern. Saliyane iku, manungsa
minangka subjek kang nggunakake tradhisi kasebut kanthi
nggunakake sipate kang kreatip, manungsa tansah menehi
panemu-panemu anyar kang dilebokake sajrone TKEN saliyane
iku manungsa uga tansah njaga kelestariane TKEN. Babagan
owah-owahane TKEN ing Dhusun Grenjeng bakal dionceki iki.
4.6.1 Bedane TKEN Jaman Biyen lan Saiki
TKEN ing jaman biyen lan saiki tamtune wis beda. Beda-
bedane TKEN kasebut bisa dirasakake ing jaman kang wis sarwa
maju kaya saiki, beda karo jaman biyen kang durung ana apa-apa
lan anggone masyarakat Jawa nindakake TKEN isih prasaja.
Piranti-piranti kang digunakake ing jaman biyen katon prasaja
banget, beda karo ing jaman saiki. Kanggo mangerteni bedane
TKEN ing jaman biyen lan saiki, mula bisa diwawas saka
ubarampe lan tatarakit nalika nindakake TKEN. Andharane kaya
mangkene:
1) Tatarakit
Tatarakit kang ana ing adicara TKEN iku ana owah-
owahane. Mula tata rakit TKEN ing jaman biyen karo jaman saiki
iku beda, nanging ora sakabehe tatarakit ing adicara TKEN
ngalami owah-owahan, isih ana tatarakit adicara TKEN kang isih
214

dijaga wiwit jaman biyen nganti saiki dening masyarakat Dhusun


Grenjeng. Ing ngisor iki bakal diandharake tatarakit sajrone
TKEN kang ana owah-owahane kang bisa dideleng ing tabel iki:
215

Tabel 4. 6
Tatarakit ing Jaman Biyen lan Saiki

No Biyen Alesan Saiki Alesan


1 Masang Isih Masang Nyewa
terop ing nggawa terop ing terop
petilasan terop terpal petilasan modern.
Sumur saengga Sumur
Nganten angel Nganten
diwiwiti dina
dina Minggu
Minggu Paing sore .
Paing isuk
sadurung
acara
kawiwitan
2 Ora ana Durung Tahlilan Napak tilas
tahlilan oleh wali sanga.
pangariba Nylarasake
wa agama agama
Islam Islam
3 Ora ana Langsung Ana Njaluk
kondangan ngobong kondangan kalancaran
(slametan) menyan (slametan) anggone
nalika nalika arep kirap
budhal budhal
kirap kirap
4 Ngobong -Menyan Ngobong
menyan digawe menyan -Supaya
kanthi persembah kanthi ambune
an. wangi.
dhelik- blak-blakan
Diobong
dhelikan - Diobong
216

ing ing ngarep


petilasan masjid.
Sumur
Nganten.

5 Nggawa Padha Para warga Akeh kang


encek sekul mlaku ndhisiki nggawa pit
lan encek nggawa motor
nganten encek sega
bareng- ing
bareng petilasan
Sumur
Nganten
6 Ora ana Durung Ana Supaya
dramben anut jaman dramben rame lan
semangat
7 Budhale Marani Pak Budhale Supaya
encek Lurah lan encek luwih
nganten para nganten cedhak
balaki
saka omahe pamong saka masjid
desa.
Pak Lurah desa Jami
Sraturejo Ngawinakn
kabudayan
Jawa lan
agama
Islam.
8 Sesorah Durung Sesorah Wis oleh
saka Pak oleh saka Pak kawigaten
Lurah kawigaten Lurah lan saka
Pak pamrentah
saka
Camat/ kecamatan
pamrintahn Bupati lan
tingkat kabupaten.
217

kecamatan
/bupati Ngraketake
para
pejabat
pamrintah
an karo
warga
msyarakat
9 Ujub Durung Ujub Nylarasake
nggawa nyelarasake nggawa karo agama
basa Jawa karo agama basa Jawa Islam
lan Arab
Islam
10 Encek Wedi Encek Bocah-
Nganten marang nganten bocah akeh
ora aturan dicanjak kang wis
dicanjak sadurunge ora nduwe
sadurunge Pak Modin wedi
dtandukae ujub
11 Manganan Cepet-cepet Dipangan Kepengin
ana kang kepengin bareng- mangan
dipangan mulih bareng ing bareng
ing dipangan petilasan karo
petilasan ing omah Sumur ndelok
Sumur Nganten langen
Nganten, tayub
uga ana
kang
digawa
mulih
218

TKEN kasusun saka tatarakit kang diwiwiti saka wiwitan


nganti pungkasan. TKEN kang dilaksanakake ing dina Senin Pon
kasebut sajrone tatarakite ngalami owah-owahan. Anane owah-
owahan kang ana sajrone tatarakit iku dipangribawani tumrap
jaman kang saya modern lan warga masyarakat. Saka lumakune
jaman iki ora ndadekake masyarakat lali dening adat kang wis
diduweni, mula saka iku TKEN kang minangka tradhisi Jawa isih
diuri-uri nganti saiki.
TKEN kang ditindakake ing jaman biyen kalebu tradhisi
kang prasaja banget, amung sakanane bae. Senadyan ditindakake
kanthi prasaja banget, masyarakat anggene nindakake TKEN bisa
kanthi temen-temen amarga para warga nduweni rasa ngajeni lan
tundhuk marang tradhisi leluhure kang wis diturunake wiwit
jaman biyen. TKEN kang tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun
Grenjeng iki uga ana gegayutane karo kapitayan masyarakat
saengga masyarakat temenan anggone nindakake TKEN, amarga
anane TKEN iku minangka wujud rasa syukure warga Dhusun
Grenjeng marang Gusti Pangeran saengga warga Dhusun
Grenjeng bisa cedhak marang Gustine, banjur nyuwun donga
amrih para warga Dhusun Grenjeng lan sakitare diwenehi rejeki
kang akeh, kasarasan, lan kaslamatan, didohake saka ama lan
penyakit.
Tatarakit kang ngalami owah-owahan tradhisi yaiku ing
jaman biyen nalika masang terop. Para warga nggunakake terpal
lan pring. Nggawe terop saka terpal lan pring iku mbutuhake
wektu kang suwe mula masyarakat Grenjeng ngedekake terop
dina Minggu isuk. Nanging ing jaman saiki terop gampang
didekake kari nyewa lan wis dipasangake, tur wujude uga apik.
Babagan owah-owahan ngedekake terop ing jaman biyen karo
jaman saiki bisa dideleng kaya andharane Bapak Haryanto:
219

“Rumiyin menika masang terop dina Minggu Paing


isuk, saiki masang terop dina Minggu Paing sore,
amarga saniki sampun ndamel terop modern ingkang
cepet dipasang.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


ana owah-owahan sajrone TKEN. Ing jaman biyen terop dipasang
dina Minggu esuk kang bebarengan karo bersih desa, nanging
ing jaman saiki terop didekake nalika dina Minggu sore kang
ngedekake yaiku para tukang. Dadi warga Dhusun Grenjeng ora
angel-angel anggone nggawe terop. Dadi kang dadi pambedane
yaiku ing jaman biyen dipasang esuk nanging ing jaman saiki
dipasang sore.
Ngobong menyan, menyan minangka sawijine
samubarang kang ngetokake ambu wangi nalika diobong.
Menyan bisane digunakake ing adicara-adicara ritual, kaya dene
sajrone TKEN. Ngobong menyan iku kalebu tatarakit TKEN
kang ngalami owah-owahan. Babagan owah-owahan ngobong
menyang diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan iki:
“Rumiyin ngobong menyan menika dalu ngobong
menyan diobong wonten sumur nganten kanthi dhelik-
dhelikan, nanging saniki menika ngobong menyan
kanthi blak-blakan. Rumiyin menika menyan didamel
persembahan nanging saniki kangge ngicali ambu kang
ora sedhep.”(Bapak Haryanto, wawancara: 27
September 2014)

Ing jaman biyen ngobong menyan iku kanthi cara


dhelik-dhelikan dadi supaya ora ana wong kang mangerteni
amarga menyan digunakake kanggo persembahan marang
lelembut. Mbiyen ngobong menyan iku manggon ing petilasan
Sumur Nganten, bedane karo jaman saiki yaiku ngobong
220

menyan kanthi cara blak-blakan, alesane yaiku menyan bisa


digunakake kanggo nyikirake ambu kang ora sedhep. Dadi
anane ambu kang ora sedhep ing Dhusun Grenjeng bisa ilang.
Ngobong menyan uga dilaksanakake ing ngarepe masjid.
Nggawa encek sega, tatarakit kang arupa nggawa encek
sega iku ngalami owah-owahan. Jaman biyen nggawa encek sega
iku digawa bebarengan karo kirap encek nganten nanging ing
jaman saiki encek sega digawa luwih ndhisik. Babagan owah-
owahan nggawa encek sega bisa dideleng saka pethikan iki:
“Rumiyin mbekta encek sekul lan encek nganten
menika sareng-sareng nanging ing jaman saniki mboten
sareng, para warga sampun mbekta encek rumiyin,
mboten ndherek mlampah.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

“Encek sekul menika rumiyin niku inggih sareng-


sareng ngoten medale kaliyan encek nganten. saben
warga niku lajeng ngetutaken ngoten wonten
wingkinge encek, nanging saniki mpun bidhal
rumiyin.” (Mbah Simat, wawancara : 27 September
2014)

Adhedhasar andharane Bapak Haryanto lan Mbah


Simat bisa dideleng yen nggawa encek nganten jaman biyen lan
saiki wis beda. Jaman biyen padha mlaku bebarengan ing
mburine encek nganten nanging ing jaman saiki para warga
encek segane digawa ndhisik ing petilasan Sumur Nganten, saiki
jarang ana kang mlaku amarga wis ana pit motor.
Budhale encek nganten, ing jaman biyen budhale encek
nganten saka omahe Pak Lurah nanging ing jaman saiki budhale
saka masjid Jami kang minangka masjid paling gedhe ing Desa
Sraturejo. Babagan budhale encek nganten kang ngalami owah-
owahan bisa dideleng saka andharan iki:
221

“Rumiyin bidhalipun encek nganten menika saking


dalemipun Pak Lurah nanging saniki saking masjid
amargi supaya langkung celak kaliyan balaki desa,
saniki pamong desa wonten balaki desa lan
ngawinaken kabudayan Jawa lan Islam.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen tatarakit kang


arupa budhale encek nganten ing jaman biyen iku saka oamhe
Pak Lurah amarga ing kono ana para pamong desa. Ing jaman
saiki budhale saka masjid Jami alesane amarga masjid luwih
cedhak karo balaki desa lan ngawinake kabudayan Jawa karo
Islam.
Ujub, tatarakit ujub ngalami owah-owahan. Ing jaman
biyen ujub iku nggunakake basa Jawa nanging ing jaman saiki
ujub nggunakake basa Jawa lan basa Arab. Babagan ujub
diandharake ing andharan iki:
“Rumiyin donga utawa ujub kangge adicara TKEN mung
basa Jawa nanging saniki ngangge basa Arab inggih
supados nyelarasaken kaliyan agama Islam.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

“Rumiyin niku dongane menawi deleng saking segi


bahasa, rumiyin nggunakake basa Jawa menawi saniki
Jawa lan arab.” (Bapak Sutrisno, 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


tatarakit kang arupa ujub sajrone TKEN ngalami owah-owahan.
Bedane yaiku saka segi basa. Basa kang digunakake ujub ing
jaman biyen yaiku basa Jawa amarga durung ana pangaribawa
saka kabudayan Islam nanging ing jaman saiki nggunakake basa
Jawa lan Arab amarga saiki nyelarasake karo piwulangan agama
Islam kang ngrembaka ing Dhusun Grenjeng saengga bisa
nyelarasake antarane kabudayan Jawa lan agama Islam.
222

Nyanjak utawa rebutan encek nganten, tatarakit kang


arupa rebutan encek minangka tatarakit kang paling disenengi
dening warga. Nalika rebutan encek nganten para warga padha
dhesek-dhesekan. Rebutan encek nganten uga ngalami owah-
owahan. Ing jaman biyen karo jaman saiki wis ana bedane.
Babagan kasebut diandharake dening Bapak Haryanto lan Bapak
Sutrsino ing pethikan iki:
“Jaman saniki encek nganten dereng wancinipun
direbut sampun direbut. Rumiyin lare-lare niku taksih
ajrih nanging jaman saniki lare-lare sampun mboten
gadhah ajrih kalih tiyang-tiyang.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

“Rumiyin niku encek nganten niku dereng wonten lo


Mbak ingkang wantuk ngrebut yen dereng kula
tandukne, saniki dereng tanduk kemawon terkadhang
sampun direbut ngoten.”(Bapak Sutrsino, wawancara:
12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


encek nganten jaman biyen sadurunge diujubake utawa
ditandukake ora ana kang wani ngrebut amarga jaman biyen
bocah-bocah isih akeh kang wedi nanging ing jaman saiki durung
wektune direbut wis padha rebutan amarga jaman saiki bocah-
bocah wis akeh kang ora nduweni wedi.
Manganan, anggone manganan ing jaman biyen lan
jaman saiki uga ngalami owah-owahan. Manganan iku wis ana
wiwit jaman biyen nganti jaman saiki. Manganan sajrone adicara
TKEN iku dilaksanakake ing petilasan Sumur Nganten.
Manganan iku dilaksanakake dening sakabehe masyarakat.
Babagan owah-owahan nalika manganan bisa dideleng saka
pethikan iki:
223

“Manganan ing jaman rumiyin kathah ingkang


terkadhang dipun bekta kundur ngoten niku, saniki
sedaya sami-sami dedhaharan sareng-sareng wonten
petilasan Sumur Nganten mboten wonten ingkang
dibekta wangsul. Rumiyin niku dibekta wangsul
supados cepet wangsul lan didhahar wonten griya,
saniki sedaya sami didhahar wonten petilasan Sumur
Nganten kalih ningali langen tayub.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

“Rumiyin niku encek sekul ingkang didamel niku kalih


para warga sasampunipun didongani lajeng dibekta
wangsul, lha saniki niku encek ingkang dibekta
didhahar sareng-sareng ten ngriku.”(Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar pethikan kang wis diandharake dening


Bapak Haryanto lan Mbah Simat bisa dideleng yen tatarakit kang
arupa manganan ing jaman biyen karo jaman saiki ana bedane.
Ing jaman biyen nalika manganan para warga, encek sega kang
digawa biasane langsung digawa mulih kanthi alesan sega kang
digawa dipangan bebarengan ing omah, nanging ing jaman saiki
manganan dilaksanakake ing petilsan Sumur Nganten. Para
warga ora ana kang nggawa panganane mulih, sakabehe warga
padha mangan ing petilasan Sumur Nganten amarga para warga
kepengin mangan bebarengan karo warga liyane lan kepengin
langsung ndelok adicara langen tayub kang mung ana saben taun
sepisan.
Saka andharan-andharan ngenani owah-owah tatarakit
ing adicara TKEN bisa dideleng yen akeh tatarakit kang ngalami
owah-owahan jalaran sairing karo lumakune jaman kang saya
suwe saya modern. Masyarakat saiki nilih luwih gampange lan
ora gelem ribet nalika TKEN, amarga jaman saiki wis modern.
224

Apa-apa bakal gampang ditemokake dadi manungsa ora prelu


ribet.
2) Ubarampe
Ubarampe sajrone adicara TKEN iku nduweni jinis kang
akeh banget. Ubarampe-ubarampe kasebut kudu dicepakake
dening para warga sadurunge nganakake TKEN. Adicara TKEN
kang minangka warisan saka para leluhur kasebut tuwuh lan
ngrembaka ing Dhusun Grenjeng. Saliyane owah-owahan sajrone
tatarakit uga ngalami owah-owahan kayadene ing ubarampe.
Sajrone adicara TKEN cacahe akeh banget yaiku 28 warna. Saka
cacah 28 kasebut, ana ubarampe kang ngalami owah-owahan
yaiku kang bisa dideleng saka tabel iki:
225

Tabel 4.7
Ubarampe Jaman Biyen lan Saiki

No Biyen Alesan Saiki Alesan


1 Jodhang Jodhang Encek Luwih
gampang digawe Nganten apik
lan akeh kang Lanang anggone
nduweni. lan diebut,
Wadon ora
Isine ondhe- (Encek mbadzir
ondhe, kucur, Raseksa)
kembang goyang, Jodhang
rengginang, lsp. wis
jarang
bisa
ditemok
ake

2 Sega Isih akeh wong Sega Sththik


jaman kang bisa nggawe jaman kangbis
biyen encek wadhah saiki a
dwadhahi sega. dwadhahi nggawe
encek ember, encek.
kotakan.
Nggolek
cara
praktis.

3 Jajan Jarang ana jajanan Jajanan Milih


pasar modern. pasar praktis
kanggo Akeh kang isih kanggo bisa
226

mnganan gelem mangnan dituku


kayata nggawe. arupa ing toko
kucur, donat,
ondhe- roti, lsp.
ondhe,
rengginan
g, tape.
4 Iwak kali Isih akeh lan Iwak Iwak
kang gampang digoleki kang kali wis
digunaka ing kali. mirip jarang
ke yaiku karo ana lan
wader. wader angel
kali golkane.
kayata
nila,
mujair.
5 Pari Isih akeh pari Pari Jarang
sgedheng kang landhung. sgedheng ana pari
kang kang kang
landhung. Pari diani-ani saanane. landhu
ng.

Pari
digrantek
mesin.
6 Ingkung Pitik jago murah. Pitik jago Jarang
ing jaman utawa ana
biyen babon pitik
saka pitik bisa jago.
jago lan dgunaka
diungkul ke Pitik
ne. kanggo jago
227

ingkung. regane
larang.

Ingkunge Supaya
ditugeli gampang
mbagi.
7 Endhas Njupuk nalika Endhas Rega
wedhus ana warga mbelih wedhus wedhus
saka wedhus kanggo tuku ing kang
anggone nazar nalika pasar. larang.
warga adicara TKEN.
mbeleh
wedhus
kanggo
TKEN.
8 Lawuh Supaya gampang Lawuh Supaya
bancakn dipangan. bancakan ora
dideleh dibuntel gampang
ing godhong. mambu.
dhuwur
sega
9 Lawuh Mangane Lawuh Pengasil
bancakan saanane.. bancakan ane
dadar, warna- warga
tahu, warna luwih
urap (ora kayata akeh.
warna- iwak,
warna) tahu,
tempe,
sambel
goreng,
acar.
228

10 Nggawe Gampang Ingkung Ngaron


ngaron ditemokake dwadhahi angel
kanggo kotakan dtemoka
wadhah ke.
ingkung.
Kotakan
gampang
ditemoka
ke.

Ngaron
luwih
abot
gwanane

Kotakan
entheng
gwanane.
11 Nggawa Godhong isih Berkat Supaya
berkat akeh digunakake dwadhahi gmpang
dwadhahi mbungkus. kertas anggone
gdhong. minyak nggawa.
lan
dbungkus
kresek.

TKEN kang minangka tradhisi kang diturunake dening


para sesepuh ing jaman biyen ditindakake kanthi cara kang
prasaja banget. Senadyan ing jaman biyen TKEN katon prasaja
lan ditindakake kanthi saanane nanging para warga mligine
warga Dhusun Grenjeng tansah temenan anggone nindakake
tradhisi kasebut. TKEN saliyane minangka warisan saka leluhur,
229

uga nduweni gegayutan karo kapitayane masyarakat saengga


masyarakat dadi katon temenan anggone nindakake TKEN.
Kapitayan kang diugemi yaiku masyarakat kepengin oleh
kaslamatan, rejeki kang lancar, kasarasan saka Gusti Pangeran
lan rasa kurmate masyarakat marang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut kang wis dadi sesepuh Dhusun Grenjeng.
Sajrone TKEN ana owah-owahan yaiku owah-owahan
sajrone ubarampe. Ubarampe yaiku minangka salah sawijine
samubarang utawa piranti kang kudu tansah dicepakake dening
manungsa sadurunge nindakake adicara ritual. TKEN ing jaman
katon durung prasaja, nanging ing jaman saiki TKEN katon
ngalami owah-owahan amarga manut lumakune jaman kang
saya modern. Sakabehe ubarampe ing adicara TKEN ana kang
ngalami owah-owahan lan uga ana kang ora ngalami owah-
owahan. Ing andharan iki, panliti bakal ngandharake ngenani
ubarampe-ubarampe kang ngalami owah-owahan.
Ing jaman biyen kang diarak utawa dikirap dening warga
Dhusun Grenjeng yaiku jodhang nanging ing jaman saiki encek
kang diarani encek nganten. Encek nganten minangka salah
sawijine ubarampe kang paling wigati. Ing jaman biyen para
warga isih nggunakake jodhang kanthi isi jajan-jajan tradhisional
kang saiki diganti karo encek kanthi isi woh-wohan lan janganan.
Babagan owah-owahan ubarampe ang arupa jodhang bisa
dideleng saka andharane Bapak Haryanto iki:
“Ing jaman rumiyin kang didamel kirap menika jajan-
jajan tradhisional kadosta kucur, nagasari, rengginang,
kembang goyang, kang diwadhahi jodhang, nanging saya
dangu owah dadi woh-wohan lan janganan ingkang
didamel kirap. Milih ndamel woh-wohan lan janganan
inggih supados langkung etis menawi dipun rebut.
Amargi menawi ndamel sekul utawi jajan mesthi
kemawon kirang minat tiyang-tiyang lan malah
230

mubadzir.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September


2014)

Saka pethikan kasebut bisa dideleng yen ubarampe kang


arupa jodhang ngalami owah-owahan. Jodhang ing jaman biyen
kang isine jajanan tradhisional kayata rengginang, kucur, tape,
kembang goyang, kembang jambu lan sapiturute. Jajan-jajan
tradhisional kang biyen digawe kirap kasebut sejatine minangka
jajan kanggo sasrahan nganten, nanging ing jaman saiki diganti
encek. Alesan masyarakat ora nggunakake jodhang amarga
jodhang saiki wis jarang ana, angel golekane, dene milih
nggunakake encek kanthi isi woh-wohan lan janganan kang
minangka asil bumi warga kang kasusun saka tanduran
palapendhem, palagantung, lan palasandhung. Alesan milih
nggunakake encek kang gedhe kanggo lambang nganten lanang
lan wadon yaiku amarga encek luwih katon apik anggone direbut
lan ora mubadzir.
Encek sega minangka ubarampe kang ngalami owah-
owahan. Encek sega ing jaman biyen iku nggunakake wadhah
encek nanging ing jaman saiki ana kang nggunakake ember,
cething, kotakan lan sapiturute. Babagan encek sega bisa
dideleng saka andharan Bapak Haryanto iki:
“Ing jaman mbiyen sekul dipun wadhahi encek nanging
ing jaman saniki wonten ingkang diwadhahi ember
amargi kantun sekedik ingkang saged damel lan
mundhut praktis ingkang gampil dipun tumbas, saniki
tiyang kathah ingkang mboten saged ndamel
encek.”(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September
2014)

“Jaman rumiyin sekulipun diwadhahi encek ingkang


didamel saking pring, ingkang saniki sekulipun
diwadhahi wakul utawa ember.” (Mbah Simat,
wawancara : 27 September 2014)
231

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Bapak Haryanto lan Mbah Simat bisa dideleng yen jaman biyen
sega diwadhahi encek nanging jaman saiki diwadhahi ember.
Kang njalari para warga akeh kang nggawa ember amarga saiki
jarang bisa wong nggawe encek dene milih nggunakake ember
amarga ember luwih praktis lan gampang dituku. Mula saiki
akeh warga kang nggunakake ember utawa kotakan.
Jajan pasar sajrone adicara TKEN iku cacahe ana loro
yaiku jajan pasar kang digawe kirap lan jajan pasar kang digawe
manganan. Jajan pasar kang digawe kirap iku biasane diwadhahi
ing besek dene jajan pasar kang digawa manganan biasane
dideleh ing dhuwur encek sega. Jajan pasar kang digunakake
kanggo manganan ngalami owah-owahan. Babagan kasebut bisa
dideleng saka pethikan iki:
“Rumiyin manganan menika jajanipun krecek, nagasari,
tape, lemet saniki niku sampun owah kathah ingkang
mbekta roti, donat, semangka.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

“Jaman rumiyin niku jajanipun kucur, ondhe-ondhe,


rengginang lha saniki niku saya modern kadosta donat,
jeruk, apel niku inggih menawi ibu-ibu niku mundhut
praktisipun.” (Mbah Simat, wawancara : 27 September
2014)

Saka pethikan kang diandharake dening Bapak Haryanto


lan Mbah Simat bisa dideleng yen ubarampe kang arupa jajanan
pasar kang digunakake ing manganan iku ngalami owah-
owahan. Jajan pasar ing jaman biyen kang digunakake manganan
kayata krecek, nagasari, tape, lemet, rengginang, lan sapiturute
dene ing jaman saiki para waega padha nggawa jajan pasar kang
wis modern kayata donat, jeruk, apel, roti. Para warga milih jajan
kang luwih modern amarga praktis lan gampang dituku ing toko
232

tinimbang jajan pasar kayata krecek, nagasari kang ribet


nggawene.
Iwak kali minangka salah sawijine ubarampe kang ana
ing TKEN. Iwak kali sajrone TKEN ngalami owah-owahan. Iwak
kali kang digunakake jaman biyen yaiku wader. Babagan iwak
kali kang ngalami owah-owahan bisa dideleng saka pethikan iki:
“Rumiyin ubarampe kadosta iwak kali niku kados
wader saniki wader mboten wonten digantos ulam
sanes ingkang mirip kalih wader kali.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)
“Saniki niku awrat to Mbak pados iwak kali. Kathah
ingkang diobati ngoten dados mboten wonten iwak
kali. Nanging terkadhang inggih mundhut ngoten.”
(Mas Agung, wawancara : 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen


jaman biyen nggunakake iwak kali kang arupa wader nanging
ing jaman saiki nggunakake iwak kang mirip kaya wader.
Biasane kayata iwak nila, mujair. Kang njalari owah-owahan
kasebut amarga ing jaman biyen iwak kali isih akeh lan isih
gampang digoleki ing kali nanging ing jaman saiki iwak kali
kang arupa wader wis angel golekane amarga akeh kang wis
mati.
Pari minangka salah sawijine ubarampe kang uga
ngalami owah-owahan. Jinis pari kang digunakake sajrone TKEN
iku bisa pari apa bae. Nanging pari ing jaman biyen kang kudu
digunakkae ing adicara TKEN yaiku pari kang landhung.
Babagan pari bisa dideleng saka andharane Bapak Haryanto lan
Bapak Kusnan ing pethikan iki:
“Pantun rumiyin landhung-landhung ingkang didamel
ingkang saniki sawontenipun, amargi inggih sampun
jarang wonten pantun ingkang landhung ngoten niku,
saniki pantun digrantek rumiyin diani-ani.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)
233

“Wonten ngriki niku saniki sampun jarang Mbak


wonten pantun landhung ngoten. Pantun saniki cekak-
cekak ngoten. Saniki niku didhos ngangge mesin
rumiyin niku diani-ani ngoten niku lajeng dilebetaken
lumbung.”(Bapak Kusnan, wawancara: 12 Januari 2015)

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng yen pari


iku ngalami owah-owahan. Ing jaman biyen pari kang
digunakake ing TKEN yaiku pari kang landhung nanging ing
jaman saiki nggunakake pari saanane. Amarga pari ing jaman
saiki wis cekak-cekak lan anggone manen nggunakake grantek
mesin utawa dhos pancal dene jaman biyen isih diani-ani.
Ingkung, ing jaman biyen lan saiki anane ubarampe
ingkung wis ngalami owah-owahan. Ingkung minangka salah
sawijine ubarampe kang kerep digunakake sajrone acara ritual.
Semana uga ing adicara TKEN. Babagan ingkung ngalami owah-
owahan kang bisa dideleng saka pethikan iki:
“Rumiyin iwak ingkung saking jago saniki ayam babon
mboten napa-napa, amargi pitik jago menika awrat lan
awis reginipun. Rumiyin iwak ingkung utuh saniki
ingkunge mpun ditugel-tugel supados inggih gampil
anggenipun mbagi-mbagi ngoten niku.” (Bapak
Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

“Saniki ayam menapa kemawon saged Mbak. Lha


wonten pundi malih padose, la wonten jago inggih jago
wonten babon inggih babon.”(Mbah Simat,
wawancara:27 September 2014)

Adhedhasar pethikan kasebut bisa dideleng yen


ubarampe kang arupa ingkung ing jaman biyen lan jaman saiki
ngalami owah-owahan. Ingkung ing jaman biyen iku digawe
saka pitik jago, nanging ing jaman saiki bisa saka pitik jago lan
uga bisa saka pitik babon. Wujud ingkung ing jaman biyen iku
234

utuh nanging ing jaman saiki wis ditugel-tugel kanthi jalaran


supaya gampang dibagi-bagi. Saengga nalika manganan ora
kangelan anggone nyuwil iwak.
Endhas wedhus ing jaman biyen karo jaman saiki uga
beda. Endhas wedhus kang umume digunakake nalika adicara
TKEN yaiku wedhus gibas. Endhas wedhus kang digunakake
ubarampe ing TKEN ing jaman biyen olehe saka warga kang
nduweni nazar mbeleh wedhus nalika adicara TKEN, nanging
ing jaman saiki endhas wedhus mung dituku saka pasar amarga
wedhus ing jaman saiki regane larang.
Lawuh bancakan ing jaman biyen karo jaman saiki uga
beda. Lawuh bancakan ngalami owah-owahan. Lawuh bancakan
ing jaman biyen iku mung saanane nanging ing jaman saiki
lawuhane rena-rena. Ing jaman biyen katon prasaja amarga para
warga pengasilane isih sethithik dene ing jaman saiki panganan
wis warna-warna lan saliyane iku pengasilane para warga saya
nambah.
Wadhah ingkung sajrone adicara TKEN uga ngalami
owah-owahan. Ing jaman biyen wadhah ingkung iku
nggunakake ngaron kang digawe saka lemah. Dene ing jaman
saiki ngaron iku angel golekane lan nggawane abot mula para
warga milih diwadhahi kotakan. Ingkung diwadhahi kotak
amarga kotakan iku luwih gampang ditemokake lan entheng
gawanane.
Wadhah berkat ing jaman biyen iku umume dibungkus
nganggo godhong gedhang utawa godhong jati. Nanging manut
lumakune jaman kang saya modern iki, para warga milih
mbungkus berkat nggunakake kresek utawa kertas minyak. Kang
njalari yaiku godhong gedhang lan godhong jati ing jaman saiki
angel golekane dene ing jaman saiki kresek lan kertas minyak
luwih praktis lan gampang dituku.
235

4.6.2 Faktor-faktor kang Njalari Owah Gingsire TKEN


Owah-owahan sajrone TKEN ing Dhusun Grenjeng
disebabake dening sakehe faktor-faktor, yaiku bisa kaperang dadi
rong faktor, yaiku faktor internal lan faktor eksternal. Andharane
kayata ing ngisor iki:
1) Faktor Internal
Faktor saka jero utawa utawa kang aran faktor internal
yaiku faktor kang dumadi ana ing jerone, yaiku masyarakat.
Faktor saka jaba utawa kang aran faktor eksternal yaiku faktor
kang njalari owah-owahane tradhisi, bisa arupa discovery lan
invention. Discovery yaiku sawijine panemu kanthi ora sengaja,
dene invention yaiku minangka asil panemu nanging kanthi
upaya lan disengaja (Sukarman 2006:38). Sabanjure
Koentjaraningrat (2009:210) nduweni pamawas, discovery yaiku
sawijine panemu saka salah sawijine unsur kabudayan kang
anyar, kang arupa piranti anyar, pamikiran kang anyar, kang
diciptakake dening salah sawijine pawongan, utawa saka
saperangan klompok. . Discovery bisa dadi invention yen
masyarakat wis ngakoni, nampa, lan ngecakake panemu kang
anyar kasebut.
Sajrone rerangken TKEN, masyarakat Jawa uga nduweni
panemu anyar kanggo pangrembakane tradhisi. Panemu kasebut
uga dicakake sajrone adicara TKEN. Nalika dianakake TKEN,
sadurunge para paraga kirap encek nganten budhal ngirap
ngumeti Dhusun Grenjeng, mula dianakake kondangan. Adicara
kondangan utawa slametan kasebut dianakake ing omahe Pak
Carik kang minangka juru kunci Sumur Nganten (Bapak
Haryanto). Ing kono para paraga kirap encek nganten padha
kondangan saperlu njaluk marang Gusti Pangeran supaya
tradhisi kirap kasebut bakal kalaksanan kanthi lancar lan ora ana
alangan apa-apa. Panemu ngenani anane kondangan sadurunge
budhal ngirap iku saiki ditampa dening para warga. Nganti saiki
236

yen arep budhal ngirap para paraga kirap encek nganten padha
kondangan lan mangan dhisik ing omahe Pak Carik supaya kirap
encek nganten kang dianakake saben taun pisan yaiku ing dina
Senin Pon bisa kalaksanan kanthi apik.
2) Faktor Eksternal
Faktor saka njaba utawa eksternal tegese faktor kang
dumadi sanjabane tradhisi lan masyarakat kang nindakake
tradhisi. Faktor njaba kang dimaksud yaiku faktor kang
disebabake dening masyarakat liya lan panggonan liya. Faktor
eksternal dumadi saka difusi, akulturasi lan asimilasi. Sajrone
TKEN faktor eksternal ing Dhusun Grenjeng mujudake proses
difusi lan akulturasi.
Salah sawijine wujud difusi yaiku panyebaran unsur-
unsur kabudayan saka panggonan siji menyang panggonan liya
kang digawa dening manungsa-manungsa kang pindhah
(Koentjaraningrat, 2009: 199). Proses difusi bisa dideleng saka
wujude maneka warna kagiyatan-kagiyatan gedhen sawise para
kadang tani panen pari ing Kabupaten Bojonegoro kayata adicara
TKEN kang dilaksanakake dening warga Dhusun Grenjeng.
Saliyane iku wujud difusi sajrone adicara TKEN yaiku
bisa dideleng kanthi anane prosesi dramben lan arak-arakan
kanthi nggunakake gunungan utawa warga Dhusun Grenjeng
ngarani encek nganten. Kahanan kang kaya mangkono iku bisa
ana amarga anane masyarakat kang pindhah utawa ngangsu
kawruh menyang dhaerah siji ama ing dhaerah liyane. Wujud
saka prosesi dramben lan arak-arakan sajrone TKEN. Asal saka
dianakake arak-arakan kanthi nggunakake encek nganten utawa
gunungan iku nuladhani saka dhaerah kraton Surakarta lan
Ngayogyakarta. Dhaerah kraton kasebut ana prosesi arak-arakan
kang nggunakake gunungan saka asil panen. Babagan kasebut
bisa dideleng saka andharan iki:
237

“Menawi jaman rumiyin menika inggih encek ingkang


didamel menika alit-alit kadosta encek sekul ngoten
niku, dados sedaya pawongan ingkng bidhal wonten
Sumur Nganten menika mbekta encek lajeng kita
nuladhani saking pewaris kraton Mataram,
Ngayogyakarta, lan Surakarta kok encekipun ageng
kados gunungan ageng ngoten, inggih niku dipun
tuladhani lan dikembangaken wonten ngriki.” (Mas
Agung, wawancara : 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Mas Agung ing dhuwur bisa dideleng yen anane arak-arakan
kanthi nggunakake encek nganten mligine kanggo warga
Dhusun Grenjeng lan gunungan kanggo masyarakat umum iku
nuladhani saka kabudayan kang diwarisake dening Kraton
Mataram, Ngayogyakarta lan Surakarta. Biyen kang diarak utawa
dikirap yaiku jodhang nanging ing jamn kang saya modern iki
nggunakake encek, makna saka jodhang lan encek iku padha
yaiku minangka lambang saka Kaki Krebut lan Nyai Krebut.
Anane gunungan lan dramben saka Kraton Mataram,
Ngayogyakarta, lan Surakarta banjur dianakake ing adicara
TKEN. Anane panemu kasebut saiki ditampa dening masyarakat
Dhusun Grenjeng.
Akulturasi miturut Koentjaraningrat (sajrone
Sukarman, 2006:43) yaiku mianngka proses sosial kang dumadi
yen sawijine klompok masyarakat anthi kabudayan tartamtu
ketemu karo unsur-unsur saka kabudayan manca lan suwe-suwe
bisa ditampa, nanging tetep ora ngilangi kapribadene kabudayan
iku dhewe. Tuladhane yaiku anane unsur Islam kang mlebu
sajrone TKEN. Ing jaman biyen, TKEN iku isih akeh
dipangaribawani dening piwulangan saka agama Hindhu, kang
menehi piwulangan ngenani anane ubarampe arupa menyan, cok
bakal, sesaji lan sapiturute kasebut minangka bab kang kudu ana
238

sajrone TKEN. Kanthi anane pangrembakan agama Islam, TKEN


kasebut diselarasake karo piwulangan agama Islam, nyatane uga
ditampa dening masyarakat nanging tetep ora ngilangi
kapribadene kabudayan kang ana sajrone TKEN kasebut. Anane
pangaribawa saka agama Islam kayata anane tahlilan sadurunge
adicara TKEN diwiwiti. Babagan kasebut bisa dideleng saka
pethikan iki:
“Ing jaman rumiyin mboten wonten tahlilan saniki
wonten tahlilan, tahlilan dingawontenaken wiwit taun
1980 lan 1990an niku. Tahlilan kangge napak tilas
walisanga, mboten ngilangaken kabudayan ingkang sae
supados serasi kalih agama Islam.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)
“Rumiyin mboten wonten tahlilan menawi saniki
wonten tahlilan Mbak.” (Mbah Simat, wawancara : 27
September 2014)

“Ing jaman rumiyin menika dereng wonten tahlilan


saniki wonten tahlilan.” (Mas Agung, wawancara : 23
November 2014)

“Ing jaman rumiyin niku yen dalu dereng wonten


tahlilan, nanging saniki dipun ngawontenaken tahlilan
wonten masjid ngoten niku sedaya makempal dados
setunggal” (Bapak Sutrisno, 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara saka para informan kasebut


bisa dideleng yen ana pangaribawa saka piwulangan agama
Islam marang TKEN. Kabukten saka anane tahlilan kang
dianakake dening para warga ing masjid Jami Sraturejo.
Sakabehe kumpul dadi siji saperlu ndongakake para sesepuh
kang wis tilar donya lan uga minangka tapak tilas saka walisanga
kang wis nggawa piwulangan-piwulangan agama Islam
menyang Pulo Jawa. Saliyane iku pangaribawa saka agama Islam
239

bisa dideleng saka donga kang diucapake dening Pak Modin. Ing
jaman biyen ujub nggunakake basa Jawa nanging ing jaman saiki
karo nyelarasake piwulangan agama Islam mula nggunakake
ujub kanthi basa Jawa lan Arab. Kanthi anane TKEN kang
diselarasake karo agama Islam, pranyata uga bisa ditampa apik
dening masyarakat nanging tansah ora ngilangi kapribadene
tradhisi kang ana sajrone TKEN kasebut.
Ngenani bab kapitayan kang diduweni dening
manungsa, pancen dirasa ora gampang ilang. Kayata owahe
kapitayane wong saka agama Hindhu menyang agama Islam
kang mbutuhake wektu suwe lan ngadhepi pacoban urip kang
ora biyasa. Nganti saiki isih ditemokake unsur agama Hindhu
kang isih ana sajrone tradhisi Jawa kayata upacara ritual adat.
Sajrone upacara ritual adat isih nggunakake sesaji, menyan lan
ubarampe liyane kang minangka piwulangan saka agama
Hindhu. Unsur Islam bisane mung mlebu sajrone tatarakit lan
niyate nanging tansah ora bisa ngilangi wujud lan ubarampe saka
tradhisi kasebut, amarga tradhisi kasebut diwarisake sacara
turun temurun.
4.6.3 Unsur Anyar kang Mlebu sajrone TKEN
TKEN minangka salah sawijine tradhisi Jawa kang isih
diuri-uri dening warga Dhusun Grenjeng. Sajrone adicara TKEN
ana unsur anyar. Anane unsur anyar kang mlebu sajrone TKEN
lumrahe mujudake unsur kang nduweni gegayutan karo majune
jaman saiki. Jaman saiki minangka jaman kang modern utawa
maju kang nduweni daya marang amame TKEN kasebut.
Masyarakat wis ora prelu kangelan kaya jaman biyen.
Majune jaman kasebut ndadekake TKEN tansah
ngrembaka lan ora kagiles jaman. Unsur anyar kang mlebu
sajrone TKEN yaiku unsur kang nduweni sesambungan karo
babagan teknologi. Ora bisa diselaki yen owah-owahane jaman
iki bisa nggawa piguna mligine ing unsur teknologi. Anane
240

teknologi kang saya modern lan canggih bisa ndadekake


masyarakat ora kangelan kaya ing jaman biyen. Owah-owahan
jaman kasebut pancen kudu dieloni yen ora kepengin keri utawa
diarani masyarakat tradhisional.
“Jaman saniki sampun maju dados teknologiniku saya
dangu saya modern, dados sedaya niku inggih ndamel
teknologikadosta wonten soundsistem, wadhah
berkatan, lan sapanunggalanipun.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara dening Bapak Haryanto bisa


dideleng yen unsur-unsur kang anyar iku ana sesambungane
karo teknologi. Amarga jaman saiki kalebu jaman kang wis maju
dadi sakabehe nggunakake teknologi kayata piranti kang
digunakake sajrone adicara TKEN. Piranti-piranti kasebut ora
bisa dipisahake karo adicara TKEN.
Masyarakat saiki wis padha kagerus sairing lumakune
jaman kang saya modern, bisa dideleng saka anane piranti-
piranti kang digunakake sajrone adicara TKEN. Ing jaman biyen
TKEN iku dilaksanakake kanthi prasaja lan nggunakake piranti-
piranti kang tradhisional saengga bisa nuwuhake unsur kang
khas saka tradhisi nanging ing jaman saiki nggunakake piranti-
piranti kang modern saengga ngurangi kekhasan saka tradhisi.
Anane barang teknologiing jaman saiki dilebokake dening
masyarakat sajrone reroncene adicara TKEN.
Bisa dideleng saka berkat, berkat kang jaman biyen
diwadhahi encek saiki diwadhahi cething lan sabangsane.
Masyarakat saiki nggunakake godhong, cething, ember lan
sabangsane amarga dirasa luwih apik lan praktis. Mula
masyarakat nggunakake wadhah kang wis umum digunakake
ing masyarakat. Godhong gedhang utawa godhong jati saiki
angel golekane. Berkat kang biyen ditutupi godhong gedhang
utawa jati saiki ditutupi nganggo taplak, amarga taplak dianggep
241

luwih apik tinimbang godhong gedhang utawa godhong jati,


malah ana kang nutupi berkat nggunakake plastik kang
diwujudake kaya parcel. Mula masyarakat wis milih nggunakake
tutup kang umum digunakake ing masyarakat. Berkat biyen
dibungkus nganggo godhong jati utawa godhong gedhang
nanging saiki dibungkus nganggo kresek utawa kertas minyak.
Milih nggunakake kresek utawa kertas minyak amarga luwih
apik lan praktis saliyane iku gampang ditemokake ing toko.
Wadhah ingkung nalika jaman biyen nggunakake
ngaron nanging ing jaman saiki nggunakake kotakan kang
digawe saka mika. Alesan kang ndhasari yaiku amarga ngaron
ing jaman saiki wis angel golekane, saliyane iku ngaron uga abot
gawanane dene kotakan kang digawe saka mika iku luwih
gampang ditemokake lan luwih enteng gawanane. Kotakan kang
digawe saka mika iku uga luwih gampang dibuwang.
Jaman kang saya modern iki lan TKEN saya suwe saya
ngrembaka, mula pamrintah Dinas Kebudayaan lan Pariwisata
Kabupaten Bojonoegoro iki nduweni kawigaten tumrap adicara
TKEN. Kanthi anane kawigaten saka pamrintah kecamatan
utawa kabupaten, mula sajrone tatarakit kirap encek nganten uga
ana owah-owahan yaiku ing jaman biyen mung sesorah saka Pak
Lurah nanging ing jaman saiki ditambahi sesorha saka pihak
kecamatan utawa kabupaten. Sakabehe mau nduweni tujuwan
supaya adicara kasebut luwih ngrembaka lan kawentar sajrone
bebaryan, saliyane uga bisa ngraketake antarane pamrintah karo
warga Dhusun Grenjeng.
Jaman kang modern iki, listrik wis mlebu ing desa-desa,
saliyane iku uga ana dana saka pamrintah Kabupaten Bojonegoro
senadyan mung sethithik, akeh owah-owahan kang bisa
dirasakake dening masyarakat. Anggone nanggap langen tayub
dipadhangi nganggo lampu-lampu listrik sarta nggunakake
sound system. Biasane kang teka ing adicara TKEN yaiku nalika
242

ing petilasan Sumur Nganten, para tamu saka kecamatan utawa


kabupaten lan para budayawan-budayawan saka dhaerah liya
mula ing petilasan Sumur Nganten diwenehi tarup kang apik.
Adicara TKEN kang saya ngrembaka kasebut uga diwenehi dana
saka pabrik rokok (PT. Wismilak) kang menehi dana akeh tumrap
adicara TKEN. Biasane PT. Wismilak saliyane menehi dhuwit
utawa rokok, uga menehi bener kanggo adicara TKEN saengga
adicara TKEN katon rame banget. Anane bener iku minangka
unsur anyar kang mlebu ing adicara TKEN.
Saliyane iku, uga digunakake gamelan kanggo iring-
iringan lagu lan ana waranggana, niyaga. Teknologielektronik
uga melu ngramekake lan mlebu sajrone adicara TKEN. Anane
kamera lan shoting kanggo ndhokumentasiake lumakune TKEN,
microphone kanggo mbanterake swara supaya nyengkuyung
anane TKEN, soundsistem saengga ndadekake adicara TKEN bisa
kawentar ing wialyah liya.
4.6. 4 Dampak Owah Gingsir TKEN
Owah gingsir TKEN dipangaribawani dening unsur-
unsur anyar kang mlebu, kayata panggunaane teknologi kanggo
informasi. Saliyane iku, uga anane medhia massa kang bisa
mikuwati arus informasi kanthi amba, manungsa kang biyene
durung mangerteni bakal bisa mangerteni, saengga uga melu
nyurung anane difusi lan akulturasi kanthi cepet. Masyarakat lan
tradhisi Jawa ora bisa nulak utawa uwal saka anane komunikasi
lan informasi kasebut, uga ditambah mlebune internet minangka
salah sawijine teknologi informasi kang paling utama. Sakabehe
owah gingsire tradhisi kasebut ora bisa disingkiri dening
manungsa, semana uga TKEN kang ditindakake ing Dhusun
Grenjeng ora bisa uwal saka anane owah gingsire tradhisi.
Anane owah-owahan sajrone adicara TKEN iku tamtune
nduweni akibat utawa dampak kanggo masyarakat. Dampak
saka owah gingsire tradhisi kasebut diperang dadi loro yaiku
243

dampak positif lan dampak negatif kang bakal dionceki kayata ing
andharan iki:
4.6.4.1 Dampak Positif
Dampak positif yaiku salah sawijine dampak kang becik
tumrap TKEN lan masyarakat panyengkuyunge, yaiku bisa
nyengkuyung TKEN kanthi tansah ngrembaka ngante dina
tembe. Dampak positif saka owah gingsire tradhisi sajrone TKEN
bisa dideleng ing andharan iki:
1) Mikuwati TKEN
TKEN kang ngalami owah-owahan tardhisi bisa menehi
kauntungan kanggo masyarakat panyengkuyunge. Kauntungan
anane owah-owahan tradhisi sajrone TKEN iku salah sawijine
yaiku bisa mikuwati TKEN. Ing jaman saiki TKEN wis oleh
kawigaten saka pihak kecamatan Baureno lan saka Dinas
Kabudayan lan Pariwisata Bojonegoro mula sajrone tatarakit ing
adicara TKEN uga ngalami owah-owahan. Tatarakit sajrone
adicara TKEN luwih akeh tinimbang sadurunge. Babagan
kasebut bisa dideleng saka andaharan iki:
“Kita rumaos seneng bilih saged kaleksanan supados
kirap menika taksih regeng lan taksih lestantun.
Kawontenanipun Tradhisi Kirap Encek Nganten
menika saniki inggih disengkuyung dening Dinas
Pariwisata Kabupaten Bojonegoro kanthi saniki wonten
sesorah saking Pak Camat utawi Pak Bupati utawi
saking Dinas Pariwisata Kabupaten Bojonegoro ingkang
isinipun menika inggih supados tradhisi menika tansah
ngrembaka lan tansah regeng. Inggih nate saking
pamrintah Kabupaten Bojonegoro maringi sumbangan
arupi arta. Sasanesipun pamrentahan Kabupaten
Bojonegoro, tradhisi menika inggih dipun sengkuyung
dening Pabrik Rokok Wismilak kang wonten ing Desa
Sraturejo niki. Pabrik Rokok Wismilak malah maringi
dana ingkang kathah inggih arupi bener lan
244

sapanunggalanipun.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27


September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening


Bapak Haryanto bisa dideleng yen anane owah-owahan sajrone
adicara TKEN iku bisa nguwati TKEN. Anane kawigaten saka
pihak kecamatan, Dinas Pariwisata, PT. Wismilak iku bisa
mikuwati. Saiki ana sambutan saka Camat, Bupati, utawa Dinas
Pariwisata Kabupaten Bojonegoro. Saka sambutan mau nduweni
tujuwan supaya TKEN kasebut bisa tansah ngrembaka nganti
dina tembe lan saya suwe uga tansah rame, saengga TKEN bisa
kawentar sajrone bebrayan. Anane sambutan–sambutan sajrone
adicara TKEN uga bisa menehi kesadharan tumrap masyarakat
mligine warga Dhusun Grenjeng kang kudu tansah nguri-uri
kabudayan kang diwarisake dening para sesepuh lan mikuwati
TKEN supaya TKEN tansah ditindakake aja nganti ditinggalake
dening masyarakat. Saliyane iku babagan owah gingsire TKEN
kang mikuwati uga bisa dideleng saka andharan iki:
“Dampak positif malih inggih menika manganan kang
ditindakake dening sedaya warga Dhusun Grenjeng
Desa Sraturejo menika mangananipun wonten petilasan
Sumur Nganten. Petilasan Sumur Nganten dipun
anggep panggenan ingkang sakral kangge masyarakat
ngriki, ing ngriku sedaya sami manganan utawi
slametan, sedaya niku mangan wonten ngriku inggih
mboten jijik amargi niku panggenanipun Mbah Krebut
lan Nyai Krebut.” (Bapak Haryanto, wawancara : 27
September 2014)

Manganan kang ditindakake ing TKEN iku ora biasa


kaya tradhisi-tradhisi liyane kang manganane bisa ing sakabehe
panggon. Ing adicara TKEN iki, manganan dianakake ing
petilasan Sumur Nganten. Panggonan kang diwenehi aran
petilasan Sumur Nganten iku manggon ing Dhusun Grenjeng
245

kang diprecaya dening masyarakat yen biyen iku minangka


krajaan Ngurawan yaiku panggonane Kaki Krebut lan Nyai
Krebut. Dadi manganan ing adicara TKEN iku kudu tansah
manggon ing petilasan Sumur Nganten supaya tansah ana
kekhasan lan bisa enget terus marang Kaki Krebut lan Nyai
Krebut kang minangka sesepuh desa.
2) Ngapiki TKEN
Anane owah gingsire tradhisi kang arupa difusi yaiku
anane dramben lan anane panyengkuyung saka masyarakat
Dhusun Grenjeng, pamrintahan kecamatan lan pamrintahan
Kabupaten Bojonegoro sarta PT. Wismilak menhi sumbangan
tumrap kamajuane adicara TKEN. Kanthi anane difusi kang
arupa dramben kang nuladhani saka kabudayan kraton
Mataram, Surakarta lan Ngayogyakarta iku bisa ngapiki lan
ngrameake adicara TKEN. Babagan owah-owahane TKEN kang
bisa ngapiki adicara TKEN bisa dideleng saka andharan iki:
“Wonten owah-owahan ugi saged ngapiki Tradhisi
Kirap Encek Nganten menika Mbak saniki kanthi
kawontenanipun dramben menika saged damel
regengipun tradhisi menika. Amargi swara dramben
menika saged ndamel semangat para paraga kirap lan
warga Dhusun Grenjeng. Kanthi kawontenanipun
dramben menika lare-lare alit inggih remen ningali.
Saniki malah para paraga menika sami dandan-dandan
ayu lan bagus kados ngantenan dados tambah sae
tradhisi menika. Ingkang estri ndamel kebaya, sewek
lajeng dipun snaggul rambute, ingkang jaler ndamel
sewek, busanane sarwa cemeng kanthi ngagem udheng
niku malah ndamel langkung saenipun tradhisi menika.
Kawontenanipun langen tayup menika inggih saged
damel saenipun adicara menika dados wonten
hiburanipun saged sae. Salebetipun tradhisi kirap encek
nganten menika ingkang kedah nyelarasaken kaliyan
kamajuanipun teknologidados ndamel piranti-piranti
246

ingkang sae kadosta saniki wonten terop, wonten


shoting, kamera, sound sistem niku ndamel adicara
menika langkung sae.” (Bapak Haryanto, wawancara :
27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen anane difusi


kang arupa anane dramben iku nuladhani saka kabudayan
kraton Mataram, Surakarta, lan Ngayogyakarta kasebut bisa
ngapiki adicara TKEN kasebut. Dramben iku minangka unsur
kang anyar nanging nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap
TKEN. Akeh masyarakat kang kepengin ndelok TKEN amarga
anane dramben mligine bocab-bocah cilik. Dramben iku saliyane
bisa ngapiki lan ngramekake adicara TKEN nanging uga bisa
menehi semangat marang paraga kirap lan warga
panyengkuyunge. Saengga TKEN bisa luwih apik.
Anane owah-owahan tradhisi kang bisa ngapiki TKEN
uga bisa dideleng saka anane paraga-paraga kang melu kirap
encek nganten. Para paraga kirap nggunakake busana-busana
adat Jawa. Kayata kang kakung nggunakake klambi adat Jawa
sarwa ireng lan para paraga wanita nggunakake kebaya banjur
sanggulan saengga kanthi anane busana kang apik kasebut bisa
ngapiki owah-owahan tradhisi sajrone TKEN.
TKEN kang kasusun saka adicara-adicara lan tontonan
kasebut ora bisa apik yen ora disengkuyung karo piranti-piranti
kang modern. Piranti-piranti kang digunakake yaiku wiwit saka
anane terop, kursi, gamelan, microphone, sound system, kamera,
lampu, lan sapanunggalane. Sakabehe piranti-piranti kang
digunakake kasebut nduweni piguna kang beda-beda lan kanggo
nyengkuyung adicara TKEN supaya bisa katon luwih apik,
meriah, lan bisa lumaku kanthi lancar.
247

4.6.4.2 Dampak Negatif


Dampak negatif yaiku salah sawijine dampak kang ala
tumrap TKEN lan masyarakat panyengkuyunge. Dampak negatif
saka owah-owahan TKEN bisa dideleng ing andharan iki:
1) Ngrusak TKEN
Owah-owahan tradhisi sajrone TKEN saliyane menehi
kauntungan uga bisa ngrugiake utawa ana kakurangane.
Kakurangan saka owah-owahan tradhisi ing adicara TKEN
amarga ana saperangan masyarakat kang ora bisa nampa karana
saperangan mayarakat kasebut nduweni panemu yen anane
owah-owahan tradhisi iku bisa ngilangake kekhasan saka adicara
TKEN. Salah sawijine dampak negatif saka anane owah-owahan
tradhisi sajrone TKEN yaiku bisa ngrusak TKEN iku dhewe.
Babagan owah-owahan tradhisi kang bisa ngrusak TKEN
diandharake dening Bapak Haryanto ing andharan iki:
“Ngrusak Tradhisi Kirap Encek Nganten amarga saniki
tiyang menika milih ingkang praktis kadosata ron
menika digantos kertas minyak utawi kresek, encek
digantos kotakan. Kawontenanipun menika saged
damel penyakit amargi mboten alami saking bahan-
bahan kimia ingkang diolah dening pabrik saengga
pramila saniki kathah penyakit, jaman rumiyin ndamel
godhong gedhang lan ron menika bahan-bahanipun
alami dados saged sehat-sehat Mbak.”(Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen anane owah-


owahan sajrone TKEN bisa ndadekake TKEN dadi rusak.
Manungsa ing jaman saiki senengane milih kang praktis amarga
wis ora kepengin ribet. Jaman biyen sadurunge ana owah-
owahan tradhisi warga Dhusun Grenjeng nggunakake bungkus
berkat nganggo godhong gedhang utawa godhong jati nanging
sawise ana owah-owahan tradhisi nggunakake kresek utawa
248

kertas minyak. Senadyan kertas minyak iku katon luwih praktis


lan gampang digoleki nanging bisa ndadekake penyakit tumrap
manungsa amarga kresek lan kertas minyak iku digawe saka
pabrik kang bahane saka bahan kimia. Sejatine bungkus godhong
gedhang utawa godhong ajti iku luwih apik amarga luwih alami.
Saliyane iku bungkus saka godhong gedhang utawa godhong jati
iku uga bisa digoleki ing sakitare Dhusun Grenjeng.
2) Nganggu TKEN
Anane owah-owahan tradhisi sajrone TKEN iku bisa
ngganggu kahanane TKEN. Sakabehe tumindak kang
ditindakake ana ing TKEN prelu banget diwulangake marang
para genersai mudha, amarga ing jaman modern iki akeh
generasi mudha kang ora kenal lan ora mangerteni sacara jero
apa kang kinandhut sajrone TKEN. Apa maneh ing jaman saiki
TKEN wis ngalami owah-owahan. Owah-owahan tradhisi sajrone
TKEN bisa ngganggu TKEN kang bisa dideleng saka andharan
iki:
“Kawontenanipun owah-owahan salebetipun Tradhisi
Kirap Encek Nganten menika inggih saged ngganggu
kalestantunanipun tradhisi menika, amarga tradhisi
menika dianggep mung saderma tradhisi kemawon
ingkang kedah dilaksanakaken amargi tuntutan lan
dilaksanakaken saben taun sepisan pramila saben
ubarampe saben tatarakit menika nggadhahi makna
ingkang ageng tumrap panguripan mligine wonten
Dhusun Grenjeng menika.” (Bapak Haryanto,
wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan kang diandharake dening Bapak


Haryanto bisa dideleng yen anane owah-owahan sajrone TKEN
iku bisa ngganggu TKEN. Para generasi mudha mligine kang
manggon ing Dhusun Grenjeng lan sakitare nganggep yen TKEN
iku mung tradhisi bae kang ditindakake amarga tuntutan dadi
249

ora nduweni makna utawa piguna ing jerone TKEN. Mula saka
iku bisa ngganggu pamikire para generasi mudha, pramila TKEN
kang dilaksanakake saben taun iku nduweni makna lan piguna
kang wigati banget tumrap panguripane manungsa. Generasi
mudha yen ora bisa nduweni pamikiran kang apik saya suwe
bakal ora bisa ngregani lan ngrembakake adicara TKEN kang
diwarisake dening para sesepuh.
BAB V
PANUTUP

5.1 Dudutan
Adhedhasar dhata kang wis diandharake ing sub bab
sadurunge bisa didudut asiling panliten. Dudutan ngenani
asiling panaliten mujudake sawijining bab kang wigati banget lan
cundhuk karo tujuwan nganakake panaliten. Dudutan kang bisa
diandharake, yaiku:
Adicara TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang
tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun Grenjeng Sraturejo
Bojonegoro. TBS iki dianakake wiwit jaman biyen nganti saiki
kanthi tatarakit lan ubarampe kang ngalami owah-owahan.
TKEN dilaksanakake nalika sawise panen pari yaiku ing dina
Senin Pon. Asiling saka panaliten iki yaiku, yen panaliten iki
ngandharake makna, wujud, piguna, lan owah gingsire tradhisi.
Mula bukane TKEN iki adhedhasar legendha mula
bukane madege Desa Sraturejo lan mula bukane TKEN ing
Dhusun Grenjeng. Saliyane iku uga ana tatarakit sajrone adicara
TKEN, yaiku (1) ngresiki Dhusun Grenjeng Sraturejo, (2) ater-ater
(sega bingung), (3) nyekar makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut
sarta Para Sesepuh, (4) tahlilan, (5) tirakatan, (6) nggawe Encek
Nganten, (7) kondangan (slametan), (8) ngobong menyan, (9)
para warga nggawa encek sega saka omah, (10) ngirap encek
nganten lanang lan wadon, (11) mapag pamong desa, (12) ngirap
encek nganten lanang lan wadon, (13) odhek dhuwit, (14) para
paraga kirap (limpad) mlebu ing cungkup Kaki Krebut lan Nyai
Krebut, (15) sesorah saka Pak Lurah, (16) sesorah saka Bapak
Camat utawa Bupati Kabupaten Bojonegoro, (17) tanduk (ujub
saka Pak Modin, (18) rebutan encek nganten, (19) manganan, (20)
langen tayub.

250
251

Ubarampe sajrone adicara TKEN yaiku, (1) encek lanang


lan wadon (encek nganten), (2) encek sega, (3) kembang mayang,
(4) gendera abang putih, (5) tebu ireng, (6) godhong jati, (7)
godhong kelor, (8) payung, (9) kendhi, (10) kembang setaman,
(11) jenang werna, (12) cok bakal, (13) beras putih, abang,
kuningm ireng, (14) jajan pasar kang digawa kirap, (15) jajan
pasar kang digawa manganan, (16) palapendhem, (17) sega
golong lima buceng siji, (18) jangan menir, (19) iwak kali lan lele,
(20) pari sagedheng, (21) cengkir gadhing lan ijo tanpa gambar
wayang, (22) cengkir gadhing lan ijo kanthi gambar wayang, (23)
gedhang raja kuning lan ijo, (24) menyan madu, (25) kupat lepet,
(26) ingkung, (27) endhas wedhus, (28) dhuwit receh kang
dicampur beras kuning.
Piguna kang kinandhut sajrone adicara TKEN yaiku, (1)
minangka sistem proyeksi kayata TKEN iku ana sesambungan
antarane manungsa karo Gusti Pangeran lan alam ghaib, (2)
minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-
lembaga kabudayan kayata ana aturan-aturan kang mligi lan
aturan kasebut wis ana wiwit jaman biyen lan diuri-uri dening
warga Dhusun Grenjeng nganti saiki, (3) minangka sarana
panggulawenthah, (4) minangka piranti kanggo meksa lan
ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi, (5) kanggo
nguwatake rasa pangrasane klompok masyarakat, (6), fungsi
kanggo pelestarian budaya (7) fungsi hiburan, (8) fungsi
ekonomi.
TKEN mujudake sawijining tradhisi kang asipat dinamis
lan bisa owah gingsir ginawa mangsa. TKEN kang wis
dilaksanakake ing jaman biyen lan saiki wis akeh bedane,
utamane ing babagan tatarakit, ubarampe, lan piranti
panyengkuyunge. Pangrembakane jaman ing babagan teknologi
melu mlebu minangka unsur anyar kang mangaribawani
tradhisi. Dene Faktor kang ndayani owah gingsire TKEN yaiku
252

faktor intern kang awujud discovery lan invention, sarta faktor


eksternal kang awujud difusi lan akulturasi. Anane owah gingsire
TKEN sajrone TKEN uga bisa menehi dampak positif lan dampak
negatif. Dampak positif owah gingire TKEN yaiku (1) Mikuwati
TKEN, (2) Ngapiki TKEN dene dampak negatif yaiku (1) Ngrusak
TKEN, (2) Nganggu TKEN.
5.2 Pamrayoga
Sajrone bebrayan Jawa akeh banget tradhisi kang urip lan
ngrembaka sajrone masyarakat. Tradhisi kasebut diwarisake
dening para leluhur kanggo para generasi mudha. Mula saka
kuwi masyarakat Jawa diarani masyarakat kang kebak tradhisi.
TKEN minangka salah sawijine tradhisi Jawa kang tuwuh lan
ngrembaka ing Dhusun Grenjeng. Anane pangrembakan jaman
kang saya modern kasebut bisa ndadekake masyarakat kurang
mangerteni ngenani tradhisi Jawa mligine TKEN. Masyarakat
saka tuwa nganti generasi mudha kudu tresna lan nduweni
kawigaten marang TKEN, saengga saka anane rasa tresna lan
kawigaten marang TKEN, para masyarakat gelem nguri-uri
kabudayan Jawa kayata TKEN kang kasusun saka tatarakit,
ubarampe kang nduweni makna sarta nduweni piguna tartamtu.
Urip ing ngalam donya iku mesthi ngalami owah-
owahan, mula masyarakat kudu tansah waspada marang owah-
owahan mligine sajrone owah-owahan TKEN. Anane
pangrembakan jaman kasebut masyarakat kudu bisa selektif
marang owah-owahan kang ana ing TKEN. Adhedhasar panliten
ngenani TKEN, panliti ngaturake (1) TKEN kang minangka
warisan saka para leluhur kudu tansah diuri-uri lan dirembakake
supaya ora cures, (2) Pihak kecamatan, Dinas Kebudayaan lan
Pariwisata Kabupaten Bojonegoro kudu nduweni kawigaten
kang luwih tumrap TKEN saengga TKEN bisa kawentar ing
dhaerah liyane, (3) masyarakat kang luwih tuwa kudu menehi
pembinaan marang generasi mudha saengga generasi mudha
253

mligine ing Dhusun Grenjeng bisa tresna lan mangerteni ngenani


TKEN.
254

KAPUSTAKAN
Arikunto, Suharsimi. 2010. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan
Praktik. Jakarta: Rineka Cipta.

Bakker, JWM. 1984. Filsafat Kebudayaan, Sebuah Pengantar.


Yogyakarta: Penerbit Kanisius.

Berger, Arthur Asa. 2010. Pengantar Semiotika: Tanda-tanda dalam


Kebudayaan Kontemporer. Terjemahan M. Dwi
Marianto. Sleman: Penerbit Tiara Wacana.

Danandjaja, James. 1984. Folklor Indonesia (Ilmu Gosip, Dongeng dan


lain-lain). Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.

Endraswara, Suwardi. 2010. Folklor Jawa, Bentuk, Macam, dan


Nilainya. Jakarta: Penaku.

Herawati, Nanik. 2009. Kesenian Tradisional Jawa. Klaten : PT


Macanan Jaya Cemerlang.

Herusatoto, Budiono. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Penerbit


Ombak.

Hutomo, Suripan Sadi. 1991. Mutiara Yang Terlupakan. Pengantar


Studi Sastra Lisan. Malang: Hiski Jawa Timur.

Kaplan dan Menners. 2001. Teori Budaya. Yagyakarta: Pustaka


Pelajar.

Koentjaraningrat. 1985. Kebudayaan, Mentalitas dan Pembangunan.


Jakarta: Gramedia.

. . 1994. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Balaki Pustaka.

. . 2009. Pengantar Ilmu Antroplogi. Jakarta: Rineka Cipta.


255

Kuntowijoyo. 1987. Budaya dan Masyarakat. Yogyakarta: PT. Tiara


Wacana.

Liliweri, Alo. 2003. Makna Dalam Komunikasi Antar Budaya.


Yogyakarta: Lkis Yogyakarta

Luxemburg. 1992. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: PT. Gramedia.

Maran, Rafeel Raga. 2007. Manusia dan Kebudayaan dalam Perspektif


Ilmu Budaya Dasar. Jakarta: Rineka Cipta.

Maryaeni, 2005. Metode Penelitian Kebudayaan. Jakarta : PT Bumi


Aksara

Moleong, Lexy. 2009. Metode Penelitian Kualitatif. Bandung: PT.


Remaja Rosdakarya.

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta:


Gadjah Mada University Press.

Poerwadarminta, WJS. 1939. Bausastra Djawa. Jakarta: J. B.


Wolters’Uitgevers atau Maatchappij N.V. Groningen.

Rendra. 1984. Mempertimbangkan Tradisi. Jakarta: Gramedia.

Sarwono, Jonathan. 2006. Metode Penelitian Kualitatif dan


Kuantitatif. Yogyakarta: Penerbit Graha Ilmu.

Simon, Fransiskus. 2008. Kebudayaan Dan Waktu Senggang.


Yogyakarta: Jalasutra.

Sudaryanto (Ed). 2011. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan


Pekerja Kongres Bahasa Jawa.
256

Sudikan, Setya Yuwana. 2001. Metode Penelitian Budaya. Surabaya:


Unesa Unipres- Citra Wacana.

Sudikan, Setya Yuwana. 2001. Metode Penelitian Sastra Lisan.


Lamongan: CV. Pustaka Ilalang Group.

Sukarman. 2006. Pengantar Kebudayaan Jawa. Surabaya: Unesa


Unipress.

Suwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira Media


Nusantara (PMN)

Suwarni & Widayati, Sri Wahyu. 2011. Dasar-Dasar Upacara Adat


Jawa. Surabaya: Penerbit Bintang.

Tim ISBD UNESA. 2008. Ilmu Sosial Budaya Dasar. Surabaya:


Unesa University Press.

Tim Penyusun. 2014. Pedoman Penulisan Skripsi. Surabaya:


UNESA.

Teeuw, A. 1984. Sastra dam Ilmu Sastra. Pengantar Teori Sastra.


Jakarta: Girimukti Pustaka.
257

You might also like