You are on page 1of 1

Ora oleh nyapu bengi-bengi

Bengi-bengi Diva pengen tuku uyah neng warung sisih omah tanggane sing nduwe
jeneng Raras.Ing wektu ngliwati omah Raras,Diva mandheg lan nggatekake
samubarang neng omah Raras.

Diva: “Loh ras lapo kowe?”


Raras: “Manurutmu aku lapo?”
Diva : “Emm ora ngerti?”
Raras : “Yaelah aku iki lagi nyapu latar amarga mau sedulurku teka kabeh lan omahku
dadi reged .”
Diva : “He ora oleh kuwi ras!”
Raras “Loh kenopo?”

Diva : “Yen nyapu kuwi ora oleh bengi-bengi mengko rejeki ndak dijupuk wong liya.”
Raras : “Wus aja omong sing ora-ora!”
Diva : “Tenan ini,aku ora nggoroh aku dikandani mbah buyut buyut ku dak sing neng
desa.”
Raras : “Dudu kuwi pangarah sabenere div,seng bener kuwi alasan e sederhana wae.Pas
bengi awu sing mabur ora katon.Awake dhewe nyapu radha atos, dikira aman-aman
wae padahal sabenere awu ne mabur kendi-endi. Lagekne pas bengi biasa
ne keluarga ngumpul neng omah.Mangkana uga nek teledor, wektu awake dhewe
nglegena nyapu ana madha mlebu utawa bisa wae awake dhewe lali ngunci lawang
buyar nyapu, nggampangna madha kanggo mlebu. Ancaman e iso-iso kemalingan
entek-entekan.”
Diva : “Oalah ngono ternyata,memang ya wong tuwa kuwi yen ngelingi nggarai wedi.”
Raras : “Iyo pancen,tapi sabenere tujuan dekne kabeh becik kok.”
Diva : “Iyo ras.”

Raras : “Aja kuwatir div iki aku nyapune alon-alon kok dadi awu ne ora kendi-endi karo
sakwise nyapu lawang omahku arep aku kunci rapet.Ngomong-ngomong kowe iki arep
nangendi div?”
Diva : “Ya gusti aku lali iki mau aku arep tuku uyah iso-iso aku mengko
diseneni ibuku,wes yo ras!”
Raras : “Iyo div ati-ati.”

Diva : “Yoooo...”

You might also like