You are on page 1of 12

Busana Jawa Gagrak Surakarta

1. UDHENG
a. Pangertosan Udheng

Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun
hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge
nutupi sirah.

Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket ingkang
ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang
kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih
wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.

b. Peranganipun Udheng

· Kuncung

Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas
bathuk. Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.

· Wiron

Inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun wonten
ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat dhestar).

· Sunglon
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.

· Kemadha

Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng. Ingkang
lancip menika kawastanan cakrik pangkur.

· Talingan

Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados trep mapan
sak nginggilipun talingan.

· Modangan

Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten sisih nginggil
(nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-embun).

· Mondholan

Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng ingkang
kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.

· Pucuking Udheng

Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang mangangge
hanggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem
hanggadahi raos Satriya).

Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar. Utawi cakrik pangkur
ingkang wonten untu walang.

Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados agemanipun Karaton
Surakarta.

Filosofine Udheng

Supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung
amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.

2 Sanggul/Gelung

Sanggul Ayu

Konde asale saka wilayah Solo, Jawa Tengah. Wiwitan sanggul ayu yaiku ing wektu kasebut, remaja lan
bocah wadon saka Solo umume duwe rambut dawa. Mula, yen pengin kegiatan nakeake, dheweke
nggulung rambut kanthi cara buntu. Pungkasan, perkembangan karaman jaman, sanggul iki asring
digunakake nalika acara resmi ing Indonesia. Sanggul iki minangka sanggul tradisional kang isih misuwur
nganti saiki.
Sanggul tekuk

Sanggul iki umume digunaake ing Lingkungan Kraton Ngayogyakarta, dumadi saka permaisuri, selir,
putri lan juru kunci. Sanggul tekuk biasane meh padha karo sanggul ayu saka Solo, munggunakake
aksesoris lan sandhangan sing mbedakake.

Wong wadon kang nganggo sanggul iki tegese dheweke wis dewasa, lan nglambangake bocah wadon
kaya kembang sing lagi mekar. Amarga wis tuwuh, mula samesthine bisa nggayuh tanggung jawab lan
layah sing dianggep bojo.

3 KULAMBI UTAWI RASUKAN

Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat punika
Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755
Masehi. Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan
rikala Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X. gandheng punika naming
winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung ing Surakarta
wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken
kados ing ngandhap punika.

Wanguning Kulambi Utawi Rasukan

Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih punika
Atellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi sakawit inggih
punika Beskap saha Atellah.

1) Atellah

Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing tengah katutup
dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak
pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran
dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung.

2) Beskap

Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja
(dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap. Kancingipun kiwa
sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih
mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren. Kadosdene atellah, ing wingking sak
pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.

3) Sikepan

Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung bikaanipun
kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken. Ing sisih tengen bikaanipun dipun pasangi
kancing, namung minongka pasren. Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon
tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap. Sarehning agemanipun mboten saget kakancingaken,
pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.

4) Langenharjan

Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana “Barat” inggih
punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun jas kawalik kaprenahaken
mangiwa lan manengen.

Kancingipun wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking sakngandhap
pengkeran ugi dipun krowok. Dene rasukan ingkang wonten nglebet wonten rangkep kalih. Nglebet
piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg manginggil (staande kraag) dipun
paringi dasi kupu-kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.

5) Beskap Landhung

Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung panjang
kados dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok, kajawi beskap landhung ugi
wonten wangun atellah landhung.

Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika ingkang
dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning pucukan lengen, awujud
kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5 Cm. panjangipun kaukur sami kaliyan
ubengipun gulon saha pucukan lengen.

6) Taqwa

Taksih wonten malih ingkang perlu dipun mangertosi wontenipun ageman mligi kagem Ratu utawi Nata
inggih punika busana Taqwa. Busana punika Iyasanipun Kanjeng Sunan Kalijaga, mligi kagem para
Nata. Sak punika asring dipun agem dening ISKS Paku Buwana XIII arupi beskap, namung ing sisih
ngajeng (jaja) tangkepipun panjang dumugi ngandhap. Dene kulukipun kanigaran.

Gambar Sikepan
4. SETAGEN

Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten
badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain
tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun
warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran
mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal
saking njawi.

b. Filosofi Setagen

Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu tegap
lan santun unggah-ungguhe.

5. SABUK

Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun dipun
singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Dados kadosdene
pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih
wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang
utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk

Jinis sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:

1) Sabuk Cindhe

2) Sabuk Tenunan

3) Sabuk Celupan

Filosofi Sabuk

Kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed
supaya ora kerja tanpa asil.

6 EPEK TIMANG LAN LEREP

Pangertosanipun

Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru,
wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru epek ugi
wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa dene
surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet
ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.

Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah
kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.

b. Warni – warnipun Epek

1) Epek Polos

Epek punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit, cemeng, wungu,
lan sapanungalipun.

2) Epek Blodiran

Limrahipun epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni. Wonten ingkang
cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron pakis.

3) Epek Rambut

Inggih punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.
c. Filososfi Epek lan Timang

Epek: Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni manfaat.
Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas.

Timang: Ilmu kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.

Gambar Epek Timang

Timang Jlebrah
7. SINJANG UTAWI NYAMPING(Jarik)

Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap,
dene watesipun suku ing nginggil polok.

Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi
para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan
nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi
pinten-pinten tataran.
Warninipun Sinjang

Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang
katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah.

Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng. Dene
saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.

Filosofi Sinjsng

Supaya manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke kanthi cara apik
lan ora grusa-grusu.

8. DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN(Keris)

Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi
ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun.
Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.

Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun

Ing ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah dipun lebetaken
ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”. Dados saking njawi ingkang katingal
naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan utawi keris.

Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha cakrik
“Gayaman”

1) Warangka Gayaman

2) Warangka Ladrang

Filosofi Dhuwung
Maknane yaiku anggone nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan
kang ngganggu manungsa nalika arep nindakake kabecikan.

9. CANELA(selop)

Canela yaiku selop utawa sandal kang nduweni arti canthelna jroning nala.

Filosofi:

Yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning Gusti
Allah.

You might also like