You are on page 1of 2

“Kanca Sejati”

Dening: Steviano Enrico A.P/ XII-7/ 30

Sore iku, Rael, Budi, Imam lan Udin lagi nyantai sak wis e ing kostane Budi. Bocah
papat iku lagi maen bareng game sing mburi-mburi iki lagi rame. Banjur padha cerita-cerita
dhewe-dhewe. Wis pokoke bocah iku cocog banget, ora isa pisah. Pokok kabeh hal mbuh iku
seneng utawa susah dilakoni bebarengan. Papat sekawan iku wis bolonan saka cilik, pas bocah-
bocah iku lagi melbu TK.
Rael, bocahe iku anake wong sugih, nanging tetep gelem kancanan karo sapa wae asal
bocahe cocog karo dheweke, ora tau nyawang harta lan kastane. Bocahe uga loman lan seneng
nraktir kancane. Omahe sing apik lan gedhe uga sering dinggo nginep kancane yen bapak lan
ibune lagi nyambut gawe ning njobo kuta. Lha nek Budi iku, bocah sing adoh saka bapak ibune
amarga luwih ngaboti kanca-kancene. Bapake dines ning njaba pulau, nanging Budi wegah melu
merga adoh adoh saka balane. Budi iki bocahe rodhok blarah nanging setya marang kancane.
Beda meneh karo Udin. Udin iku bocah saka wong tuwaa sing kahanane ora pati sugih. Nanging,
Udin iki bocah sing kuwat agamane, pokoke ora tau bolong sholate. Menungsa sing terakhir
yaiku Imam, bocah sing rupane ora pati ganteng tinimbang kanca-kancane, nanging mbuh
kepriye carane Imam iku pacare ayu-ayu, ora tau entuk sing ala rupane.
Dina lan dina dilakoni bebarengan, ora ana perkara sing nimpa geng papat sekawan mau.
Nganti sawijining dina...
“Lur, mengko sero mulih sekolah ayo dolan kostku dishik ya. Ayo maen sisan tak
tukokno es degan karo es dengan karo pentol ngarep sekolah”, Budi ngajak kanca-kancane.
“Oyi siap, aku wis kesel ket wingi sinau terus, tugase akeh sisan. Wis gas ae!”, jawab
Imam.
Udin amung mantuk-mantuk, ngewenehi tanda yen dheweke manut wae. Nanging, Rael
banjur nyauti.
“Loh kok ndadak, aku raiso lho... Aku wis ana janji karo sak balane Roy. Kapan-kapan ae
yo tak melu!”
“Lah, ngunu ta saiki? Moh ta awakmu balanan karo bocah-bocah kere kaya awak dhewe
iki?”, jawab Imam rodhok sewot.
“Kurang ajar! Ati-ati cangkemmu lek ngomong, gaenak dirungokno kuwi!”, Rael melu
emosi krungu pitakonan gaenak Imam.
Rael wis mencolot arep njotos raine Imam sak durunge Budi nyekeli awakke kuwt-
kuwat. Banjur Budi, Imam, lan Udin mulih menyang kostane Budi lan Rael metu karo Roy lan
kanca-kancane.
Suwi-suwi, mulai ketok yen hubungane bocah papat iku ora sehat lan wis padha
renggang. Rael metu terus karo kanca anyare lan isih mendem gelo karo omongane Imam wingi
kae. Imam uga wis ratau kumpul ning kostane Budi lan luwih sering gendakan karo pacare. Udin
ya lagi sibuk ngurusi kebutuhan sisan ngiwangi bapak ibune sing kurang mampu.
Budi sing lagi dhewekan, sepaneng ning njero kamar kostane sing ora pati amba kuwi.
Dheweke kelingan kepriye geng e kumpul ning kono, maen game utawa cerita-cerita nganthi
padha lali mulih. Sakdurunge perkara dhek mau tekan.
“Ngerti ngene, mending aku melu bapak ibukku wae ning Kalimantan, laopo aku ngaboti
bocah-bocah sing padha egois karo urusane dhewe, ora ana sing gelem ngalah, lan ora butuh siji
karo liyane?”, sambat Budi.
Banjur Budi turu saking kesele nggone mikir, pas dheweke tangi, kaget sak pol-pol e
dheweke ngiwasi ana Rael lan Imam ning pinggire. Dipikir Budi iku mung ngimpi nganthi Rael
ngomong.
“Sepurane ya cah, goro-goro aku emosi wingi perkarane awak dhewe dadi sak mene
dawane”.
“Aku ya njaluk sepura, mestine aku luwih sopan pas nakoni awakmmu, El. Aku ya salah
merga luwih ngaboti pacarku timbang awakmu kabeh, lur. Tibake arek iku ora tresna temenan
karo aku, atiku mung digawe dolanan”, Imam nyesel.
“Asline aku ra ana niatan ngadoh tekan awakmu kabeh, ketepakan ae ana perkara iki
dadine aku metu karo Roy. Aku ya nyesel tibake Roy kuwi mung ndelok duwikku tok!’ tambah
Rael.
Banjur, loro karone rangkulan lan padha salaman njaluk sepura. Budi banjur nyaut.
“Eh, Udin ning ndi ya? Parani omahe yok!”. Cah telu mau menyang omahe Udin lan
ndelok udin lagi dolanan karo adhike sisan njaga omahe. Banjur, cah papat iku langsung
rangkulan wis kaya ora pethuk pirang puluh taun wae.
Kabeh perkara wis bar, papat sekawan balik akur maneh kaya biyen. Saka awake dewe
wis nambah wicaksana lan ati-ati yen ngomong merga ora gelem ngelarani atine kancane. Akhire
Rael, Budi, Udin,lan Imam ngelakoni kabeh bebarengan maneh lan janji ora ngarah padu gara-
gara masalah cilik kaya biyen.
Saka cerita iki, awak dhewe isa nyimpulna yen kita kudu setya mmarang kancane awak
dhewe. Aja mung gara-gara perkara sepele ae, kekancanan pirang-pirang taun kandas ngunu
wae. Kita kudu luwih sabar lan ngomongno kabeh perkara apik-apik.

You might also like