Professional Documents
Culture Documents
BJ Kls 7
BJ Kls 7
Wangsulana pitakonan-pitakoan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!
Wacan 1
Kanggo soal no. 1 – 3
SEJARAHE SUMPAH PEMUDA
Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah
Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya
kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa
uwal saka regemane kaum penjajah.
Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep
dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe
kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang
kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara
sakisine nganti telung atus seket taun lawase.
(Djarot Heru Santosa, 2008:73).