You are on page 1of 4

No 3.

a. Paes Ageng

Busana menika karasuk nalika temanten wonten ing adicara panggih. Adicara
panggih inggih menika adicara panggihanipun temanten kekalih sabibaripun akad.

.
Cundhuk Mentul
mentul
Kuluk matak cacah
Gangsal
gangsal
Sumping

Karset Sekar sritaman

Kalung sungsun tiga


Busana lukar
Kelat bahu

Timang
Buntal
Blumbangan
Binggel kana Dodotan

Dodotan Udhet
cindhe

Celana cindhe

Selop Bludiran
Gunungan

Panunggul Cundhuk Mentul gangsal

Pangapit Kinjengan

Panitis Cithak

Prada

Sanggul Bokor
Alis menjangan ranggah
Gajah Ngoling

Ceplok

Jebehan Centhung
A. Paes Penganten Solo Puteri

Wonten ing paes penganten Solo Putri menika sami kaliyan paes Solo Basahan,
bedanipun namung wonten ing warninipun. Inggih menika wonten ing Solo Puteri
warni cemeng lan warni ijem wonten ing Solo Basahan. Wonten sekawan paes ingkang
dipundamel kangge paes Solo Puteri, inggih menika “gajahan” ingkang wonten ing
saktengahipun palarapan, lajeng wonten “pangapit” ingkang ngapit gajahan, “panitis”
ingkang wonten ing sak nginggiliipun imba, lan “godheg” ingkang wonten ing
ngajengipun talingan.

Riasan rambut wonten ing Solo Puteri menika ngagem sangul Bangun Tulak,
ingkang menawi dipunpirsani saking wingking menika kadosta kupu, mila dipun sebat
ugi Ngupu. Sanggul Bangun Tulak menika anggadhahi teges dados tolak balak utawi
ingkang nyegah saking bebaya. Wonten ing sak nginggilipun talingan penganten estri
menika wonten riasan rema ingkang dipunsebat Sunggar utawi Sunggaran, tegesipun
menika supados tiyang estri menika purun lan saged mirengaken pitutur ingkang sae.
Wonten ing hiasan sanggul penganten Solo Puteri menika wonten pitung iji Cundhuk
Mentul utawi asring dipunsebat kembang goyang, lajeng wonten enem tunjungan, kalih
sokan, centhung, cundhuk jungkat lan roncean mlathi Tiba Dada.

Ciri khasipun saking busana penganten Solo Puteri inggih menika ngagem kebayak
ingkang saking bludru ingkang panjang dumugi jengku ingkang dipun-bordir lung-
lungan emas. Busana panutup ingkang ngandhap biyasanipun ngagem mapinten-pinten
motif jarit, kadosta Sido Mukti, Sido Mulya lan Sido Asih. Wonten ing ngajeng menika
dipundamel wiru cacahipun 7, 9, 11 menapa 13 wirunan. Supados kenceng dipun-agem
setagen, streples lan longtorso utawi angkin.

Busana kagem penganten kakung menika langkung simpel. Penganten kakung


namung dipu-agemi wedhak, lipstik, eye shadow lan kembang kanthil ingkang
dipunselipaken wonten ing talingan. Penganten kakung menika dipun-agemi Kuluk
Kanigaran. Busana kagem penganten kakung menika ngagem beskap utawi jas
singkepan lan ugi beskap langenharjan, bahanipun saking bludru motif lung-lungan
ingkang sakwerni kaliyan kebayakipun penganten estri. Kagem busana ingkang
ngandhap menika ngagem bebetan jarit bathik motif Sido Mukti, Sido Asih utawi Sido
Mulya. Supados kenceng, penganten kakung menika ugi ngagem setagen, sabuk bara
corak cinde, epek utawi timang ingkang wujud setut kanthi bahan bludru. Menawi
aksesoris ingkang dipun-agem penganten kakung menika bros ingkang dipun-agem
wonten ing krah jaja sisih kiwa, kalung karset utawi kalung ulur kanthi bros alit wonten
ing sisih tengah ingkang dipunsebat singetan, lan ugi ngagem keris Ladrang kanthi
kembang Kolong Keris wonten ing wingking. Kagem selop, penganten kakung menika
ngagem selop ingkang katutup saking bludru ingkang sakwarni kaliyan beskap ingkang
dipun-agem.

You might also like