You are on page 1of 3

DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN

Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten
wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten,
sabar sarta eneping manah.
Perlu katerangaken bilih dhuwung piyambak wonten warni kalih, inggih menika:
1) Dhuwung ingkang mligi kadamel kagem ageman, utawi pasren, menika hanggenipun damel
mboten mawi pasa utawi lampah prihatos.
2) Dhuwung pusaka tayuhan, inggih menika ingkang ndamelipun dipun kantheni lampah sarta
upacara ingkang sampun dados pakem utawi paugeran ingkang gumathok. Dhuwung pusaka
menika salajengipun ingkang dipun aji-aji punapadene dipun agung-agungaken.

Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun


Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha
cakrik “Gayaman”
1) Warangka Gayaman
Warangka Gayaman makaten ngajeng lan wingking, irah-irahan wangunipun sami inggih
menika pupak/punggel. Perangan ngajeng langkung caket tinimbang ingkang wingking, sarta
perangan wingking kapara radi minggah.

2) Warangka Ladrang
Inggih menika satunggaling warangka ingkang irah-irahipun perangan ngajeng mlungker
(angkup) dhateng mlebet, dene ingkang wingking langkung panjang sarta njepapang
(godhongan), pucukipun lancip, sami kaliyan gayaman, irah-irahan ugi radi minggah supados
ketingal gagah manawi dipun agem.
Peranganipun Dhuwung
Peranganipun dhuwung ingkang baku wonten 7, inggih menika: Ukiran, Mendhak,
Warangko, Pendhok, Wilahan, Ganja, Godhong.
1) Ukiran
Ingkang dipun wastani ukiran menika “garan” utawi cepengan wilahan. Limrahipun kadamel
saking kajeng trenggana, kemuning, sawo lan sanesipun sadaya dipun ukir. Irah-irahan
awujud jambu mete. Gulonipun panjang kangge cepengan sarta manjingipun wilahan
dhateng. Limrahipun ukiran dipun plitur, menapa dene dipun gebeg supados ketingal sekaran
menapa dene srat-seratipun kajeng. Manjingipun wilahan dhateng ukiran menika kedah trep
lan kenceng. Ing Surakarta ukiran kalimrah kanthi cakrik/gaya Paku Buwanan,
Wiryodiningratan, lan dapur mangkurat.

2) Mendhak kaliyan Selut


Ingkang dipun wastani mendhak punika awujud slongsongan arupi conthong kapotong
kuwalik, dipun damel saking tosan utawi kuningan, dipun angge minongka umpak adeging
ukiran manjing ing wilahan supados saget trep, wilahan mboten onya (lepas) saking
ukiranipun.

3) Warangka
Sampun kauningan bilih warangka punika awujud wadhahing wilahan (keris). Ing nginggil
sampun ka-aturaken bilih jinipun wonten kalih inggih punika warangka gayaman saha
warangka Ladrang. Warangka limrahipun kadamel saking kajeng Timoho.

4) Wilahan
Wilahan punika perangan ingkang baku tumrap dhuwung. Bongkotipun langkung wiyar sarta
langkung kandel. Panjangipun antawis 35 cm dumugi 40 cm. samsaya pucuk samsaya
merit lancip, kiwa tengenipun landhep. Wilahan kadamel saking campuraning tosan, waja,
pamor utawi nikel. Bilih jinisipun wilahan wonten kalih, inggih punika ingkang jejeg (leres)
kaliyan ingkang menggak-menggok (luk). Dene cacahing luk warni-warni, wiwit luk 1
ngantos luk ingkang langkung saking sewelas.
5) Ganja
Inggih punika bakalanipun campuran wesi, waja, sarta nikel, kapotong saking wilahan
perangan nginggil, kawangun kados cecak, tipis panjang, ing tengah dipun bolong. Ganja
punika mboten manunggalkaliyan wilahanipun. Ginanipun kangge ganjel antawisipun
wilahan kaliyan ukiranipun. Bolongan ing tengahing ganja kalawau dipun angge mlebetipun
pesi.

6) Pendhok
Pendhok makaten arupi rangkepan ingkang dipunangge nylongsongi gandaring warangka.
Kadamel saking campuran kuningan saha tembaga, rinengga ukiran lajeng kasepuh emas
utawi kuningan, malah wonten ingkang rinengga barliyan (sesotya). Kajawipunika ugi
wonten pendhok ingkang polos mboten kaukir, lajeng dipun cet abrit, ijem, coklat saha
cemeng. Pendhok ingkang makaten punika namanipun “Kemalo”.
Pendhok kemalo abrit punika agemanipun para putra sentana sarta bupati anem minggah.
Dene pendhok kemalo ijem sarta coklat agemanipun para prajurit sarta canthang balung.

7) Godhong
Godhong dipun garap alus, dene gandaripun mboten, jalaran mangkenipun badhe dipun
slongsongi kaliyan pendhok.Panggarapanipun godhongan kalawau sareng sampun kawangun
sae, awujud ladrang menapa dene gayaman, lajeng kagebeg alus, dipun plitur. Kajawi punika
ugi wonten godhongan ingkang dipun”sungging” tegesipun dipun gambar (bathik).

You might also like