You are on page 1of 1

Q.S.

FUSHILAT, Ayat 30 – 32 :

30. Satemene wong-wong kang padha ngucap: “Pangeran kula punika Allah”, ing
sabanjure padha gelem tumindak jejeg, ing kono para Malaikat tumurun,
tembunge : “Sampeyan sampun sumelang, tuwin sampun sisah, kula aturi
bingah kemawon wonten ing Suwargo ingkang sampun kagadhangaken
dhumateng sampeyan”.882

882. Pangayubagyanipun para Malaikat punika damel bingahipun tiyang calon pendhudhuk
Suwarga, sami kaucapaken wonten ing ‘alam kubur sasampunipun para sadherek ingkang
nglayat (ta’ziyah) dumugi pasarean sami wangsul. Pramila dipun utamekaken (sunnat)
sakbakdanipun jenazah dipun kubur. Lajeng sesarengan dipun dongaken : “Dhuh Gusti
Allah! Mugi-mugi sadherek kita almarhum (almarhumah) punika katampia sadaya amal
shalihipun, dipun apuntena sadaya dosa kalepatanipun, lan dipun paringana tetep iman,
sabar, lan tawakkal sadaya ahli warisipun, amin, amin, Ya Robbal ‘aalamin!” Makaten ugi
para Malaikat sami andongaken, kados ingkang kaweca ing ayat 31 – 32, Sumonggo para
sutrisna, swawi sami anetepana syari’at Islam, insya Allah dumugi ing jaman Kalanggengan
(Qiyamat), tetep kita sami dados golonganipun Ummat Muhammad s.a.w. ingkang sami
karidhan ing ngarsa dalem Allah SWT.

31. Tembunge para Malaikat : “Kula sadaya minangka mitra panjenengan


wonten ing Donya ngriki lan wonten ing Akherat. Wonten ing Suwarga
punapa ingkang dados pepenginan manah panjenengan sampun cumawis,
saha punapa panyuwun panjenengan badhe kaleksanan.

32. Minangka sugata panjenengan saking ngarsa dalem Allah, Dzat ingkang Rena
paring pangaksama tur Maha Asih”.

You might also like