You are on page 1of 3

1. Wong sing penggaweane ana ing sawah diarani ….

a. Nelayan b. Petani c. Pedagang d. Dokter


2. Wit pari jenenge damen, yen wit jagung jenenge ….
a. Glugu b. Ros c. Tebon d. Sinuwun
3. Pak Diki dodolan ana ing pasar
Ukara ing dhuwur iku basa kramane ….
a. Pak Diki sadean wonten ing peken
b. Pak Diki tumbas wonten ing peken
c. Pak Diki piwulang wonten ing peken
d. Pak Diki tindak wonten ing peken
4. Tanduran sing ditandur ana ing tegakan sak liyane pari kaya jagung, kedhele lan kacang iku
diarani ….
a. Palawija c. Pala kependhem
b. Pala kesimpar d. Pala kitri
5. Wedang kopi, gula Jawa
Aja lali, …..
Terusane parikan ing dhuwur sing pas yaiku ….
a. Gawa gula c. Karo kanca
b. Ndang diumbe d. Kudu mbayar
6. Wong-wong yen lunga ing pasar biasane arep ….
a. Adus b. Mangan c. Rapat d. Blanja
7. Mbak Santi nembe sare wonten kamar
Basa ngokone ukara ing dhuwur yaiku ….
a. Mbak Santi lagi mangan ana kamar
b. Mbak Santi lagi tata-tata ana kamar
c. Mbak Santi lagi turu ana kamar
d. Mbak Santi lagi istirahat ana kamar
8. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu penggawean yaiku ….
a. Nahkoda b. Masinis c. Sopir d. Stasiun
9. Bayu yen wes gedhe pengen dadi dhalang, supaya bisa ….
a. Ngobati wong lara c. Nglakokake montor mabur
b. Nglakokake wayang d. Ndadani montor sing rusak
10. Hasan : “ ……”
Rudi : “ Aku yen gedhe kepengen dadi dokter.”
Pitakonan sing pas kanggo jangkepi pachelaton ing dhuwur
yaiku …
a. Kowe pengen nang ngendi yen wes gedhe?
b. Kowe pengen sekolah ana ing ngendi?
c. Kenapa kowe kepengen dadi dokter?
d. Kowe yen gedhe kepengen dadi apa?
11. Ing ngisor iki beksan klasik sing kanggo putri, kajaba ….
a. Gambyong b. Golek c. Gambir anom d. Srimpi
12. Semar, bagong, petruk lan Gareng iku diarani ….
a. Kurawa b. Punakawan
c. Ramayana d. Pandhawa
13. Raden Gathutkaca iku satriya ing ….
a. Pringgandani b. Plangkawati
c. Jodhipati d. Ngastina

14.
Gambar wayang ing dhuwur yaiku Raden ….
a. Puntadhewa b. Werkudara c. Janaka d. Nakula

15.

Aksara Jawa ing dwuwur iku unine ….


a. Rahayu tuku gula c. Ayuk tuku buku
b. Rahayu tuku buku d. Bayu tuku gula

16. Raden Anoman iku satriya ing ….


a. Jangkarbumi b. Kendhalisada c. Plangkawati c. Madukara

17. Permadi, Arjuna lan Janaka iku asma liane saka Raden Janaka. Asma iku tegese ….
a. Gaman b. Garwa c. Jeneng d. Putra
18. Wong, beber, golek, klitihik lan purwa iku jenis-jenise ….
a. Punakawan b. Wayang c. Layang c. Dhalang

19. Kanggo njaga supaya desa lan lingkungan tetep aman lan ayem tentrem, para warga perlu
ngadakake …. ing wayah wengi.
a. Kerja bakti c. Kentongan
b. Gugur gunung d. Siskamling

20. Tata tentreming bebrayan iku dadi tanggung jawabe ….


a. Pak RT b. Kepala desa c. Ketua RW d. Kabeh warga

21. Bapak teka ana ngomah jam wolu bengi.


Pitakon kang bener kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ….
a. Sapa sing teka jam wolu bengi?
b. Ana ngendi bapak teka wingi bengi?
c. Kapan bapak teka ana ngomah?
d. Kepriye bapak bisa teka jam wolu bengi?

22. Sinta kui bocah sing gemi lan setiti. Gemi tegese ….
a. Ora gampang lali pelajaran
b. Ora gelem ngomong goroh
c. Pinter ngirit duwet sing diduweni
d. Seneng tetulung marang kancane

23. Kembange lagi (siram) Putri supaya subur.


Tembung ing njero kurung iku sing bener yaiku ….
a. Nyirami b. Siraman c. Siramen d. Disirami

24. Ukara ing ngisor iki sing ora nganggo katrangan panggonan yaiku ….
a. Bayu mangan roti bolu ing wektu esuk
b. Jaya lagi dolanan ana ing lapangan
c. Santi lagu nyapu ana ing latare
d. Ahmad tumbas beras ana ing pasar

25.

Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ….


a. Ibu menyang sawah
b. Bapak menyang kantor
c. Ibu menyang pasar
d. Hadi menyang sekolah

B. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG


BENER!

1. Jahe, kunir lan kencur iku diarani tanduran ….


2. Sinuwun iku arane kembang ….
3. Pak Rudi lunga nggawa jala ing kali badhe njaring iwak. Basa kramane iwak yaiku ….
4. Sepur, montor lan bis iku kalebu alat trasportasi ana ….
5. Sok yen wes gedhe aku pengen dadi …… supaya bisa ngulang bocah-bocah ing sekolahan.
Ceceg-ceceg ing dhuwur iku isine sing bener yaiku ….
6. Bu Ani iku guru beksan ing sanggar Kencana. Tembung beksan iku lugune yaiku ….
7. Raden Arjuna iku satriya ing ….
8. Otot kawat balung wesi iku candrane Raden ….
9. Semangka, timun, krai lan waluh iku kalebu jenis pala ….

10.

Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ….


C. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG
BENER!

1. Gawenana ukara basa krama nganggo tembung ing ngisor iki!


a. Badhe
b. Sampun
c. Saget

2. Owahana ukara ing ngisor iki dadi basa krama!


a. Andi wes ora gelem numpak pit
b. Simbah durung bali saka pasar
c. Bapak wis lunga nang kantor

3. Tulisana ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!


a. Adi lagi tuku buku
b. Bayu lagi lara sirahe
c. Rani lagi nyapu latare

4. Apa tegese saloka ing ngisor iki!


a. Bathok bolu isi madu
b. Asu gedhe menang kerahe
c. Kebo nusu gudel

5. Owahana aksara Jawa ing ngisor iki nganggo tulisan latin!

You might also like