You are on page 1of 4

Khutbah Jum'at bahasa Jawa ; Syukur Utawi Kufur Dhateng

Kanugrahanipun Allah

‫ض َّل‬ ِ ‫ َم ْن يَ ْه ِد ِه هللاُ فَالَ ُم‬.‫ت أ َ ْع َما ِلنَا‬ ِ ‫ش ُر ْو ِر أ َ ْنفُ ِسنَا َو ِم ْن َسيِئ َا‬ ُ ‫ َونَعُ ْوذُ بِاهللِ ِم ْن‬،ُ‫ نَحْ َمدُهُ َونَ ْست َ ِع ْينُهُ َونَ ْست َ ْغ ِف ُره‬،‫ّلِل‬ ِ َّ ِ َ‫إِ َّن ْال َح ْمد‬
َ‫ي َوال‬ َّ ‫س ْولُهُ الَ نَ ِب‬
ُ ‫أن ُم َح َّمدًا َع ْبدُهُ َو َر‬ َّ ُ‫ وأ َ ْش َهد‬،ُ‫ أَ ْش َهدُ أن الَّ ِإلَهَ ِإالًّ هللاُ َوحْ دَهُ الَش َِريْكَ لَه‬.ُ‫ِي لَه‬ َ ‫ض ِل ْل فَالَ هَاد‬ ْ ُ‫لَهُ َو َم ْن ي‬
‫س ِل ْم َعلَى سيدنا‬ َ ‫ص ِل و‬ َ ‫ اللهم‬.ِ‫س ِب ْي ِل ِه َح َّق ِج َها ِده‬ ُ
َ ‫ص َح اْأل َّمةَ َو َجا َهدَ فِ ْي‬ َ ‫سالَةَ َو َن‬ َ ‫الر‬ َّ َ َ
ِ ‫ َق ْد أدَّى اْأل َمانَةَ َو َبل َغ‬،ُ‫س ْو َل بَ ْعدَه‬ ُ ‫َر‬
.ُ‫ص َحابِ ِه َو َم ْن َواالَه‬ ْ ‫لى آ ِل ِه َوأ‬ َ ‫ َو َع‬،‫محمد‬
َ َ ْ
.‫سا ِن ْي يَفق ُه ْوا ق ْو ِل ْي‬ ْ ً ْ
َ ‫ي َواحْ لل ُعقدَة ِمن ِل‬ ْ ُ َ
ْ ‫ي َو َيس ِْر ِل ْي أ ْم ِر‬ ْ ‫صد ِْر‬ َ ‫ب ا ْش َرحْ ِل ْي‬ ِ ‫َر‬
‫ َيا أَيُّ َها‬:َ‫ َوقَال‬. َ‫ َيا أَيُّها َ َّال ِذيْنَ َءا َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َح َّق تُقَاتِ ِه َوالَ ت َ ُم ْوت ُ َّن ِإالَّ َوأَنت ُ ْم ُّم ْس ِل ُم ْون‬:‫آن ْالك َِري ِْم‬ ِ ‫ر‬ ْ ُ ‫ق‬ ْ
‫ال‬ ‫ي‬ ‫ف‬
ِ ‫ى‬ َ ‫ل‬‫ا‬ ‫ع‬
َ َ ‫ت‬ ُ ‫هللا‬ ‫قَا َل‬
َّ
ْ ‫سآ ًء َواتَّقُوا هللاَ الذ‬
‫ِي‬ َ ‫ث ِم ْن ُه َما ِر َجاالً َكثِي ًْرا َو ِن‬ َّ َ‫احدَةٍ َو َخلَقَ ِم ْن َها زَ ْو َج َها َوب‬ ِ ‫ِي َخ َلقَ ُك ْم ِم ْن نَ ْف ٍس َو‬ َّ
ْ ‫اس اتَّقُ ْوا َربَّ ُك ُم الذ‬ ُ َّ‫الن‬
ْ َّ َّ َ ُ
.‫ َوت َزَ َّود ُْوا فَإ ِ َّن َخي َْر الزا ِد التق َوى‬:َ‫ َوقال‬.‫ام إِ َّن هللاَ َكانَ َعل ْيك ْم َر ِق ْيبًا‬ َ َ ْ
َ ‫سآ َءل ْونَ بِ ِه َواأل ْر َح‬ ُ َ َ‫ت‬
.‫س ٍن‬ ‫ح‬
َ َ ٍ َ َ‫ق‬ ُ ‫ل‬ ُ
‫خ‬ ‫ب‬ ‫اس‬ َّ ‫ن‬ ‫ال‬ ‫ق‬ ‫ل‬ ‫َا‬‫خ‬‫و‬ ‫ا‬ ‫ه‬
ِ ِ َ َ ُ ْ َ َ ‫ح‬ ‫َم‬ ‫ت‬ َ ‫ة‬ ‫ن‬
َ ‫س‬ ‫ح‬ ْ
‫ال‬ َ ‫ة‬ َ ‫ئ‬ ‫َّي‬
‫س‬ ‫ال‬ ‫ع‬
ِ ِ ِ َ َ‫َ ت‬ ‫ب‬ْ ‫ت‬َ ‫أ‬ ‫و‬ ْ
‫ن‬ ُ
‫ك‬ ‫ا‬ ‫م‬ ُ
‫ْث‬ ‫ي‬ ‫ح‬َ َ ِ ‫هللا‬ ‫ق‬ َّ ‫ت‬ِ ‫ا‬ : ‫ي‬ ‫ب‬َّ
ُ ِ َ َ‫َوق‬
‫ن‬‫ال‬ ‫ل‬ ‫ا‬
.)‫ حديث حسن‬،‫(رواه الترمذي‬

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.


Mangga kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih
punika kanthi nindakaken dhawuh dhawuhipun Allah lan nebihi saha nilar
sedaya awisanipun Allah. Antawis dhawuh kalian awisan Allah punika, satemah
sampun nyata jelas kasebat ing dalem Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW.

Sedaya dhawuh menawi dipun tindakaken badhe nuwuhaken raos tentremipun


jiwa, semanten ugi sedaya awisanipun Allah menawi dipun tindakaken tentu
badhe bekto dhateng sengsaraning gesang, melai saking dunya dumugi ing
akherat samangke. Sak lajengipun, keparengo kulo ngajak dateng awak soho
keluargo kulo piyambak lan umumipun dumatengpanjenengan sedoyo, supados
kito tansah ningkataken ketaqwaan utawi raos ajreh dateng Allah SWT, ajrih
dateng bendunipun Allah, ajrih dateng siksonipun Allah lan ajrih menawi amal
ibadah kito mboten dipun tampi dening Allah SWT, sehinggo kito kagolong tiang
engkang rugi.

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Roso Syukur lan kufur punika tansah dados sifatipun ati. Nanging syukur punika
dados sifat sae ingkang kedah dipun bangun., menawi kufur dados sifat awon
ingkang kedah dipun tilar.

Roso Syukur lan kufur punika dados sifat sae lan awon menawi dipun
gandengaken kalian peparingipun Allah arupi putra-wayah, bandha donyo, sehat
jiwo rogo, oleh jabatan, lan kahanan sanesipun. Kathah tiyang iman nanging
piyambakipun tansah nampi mapinten-pinten cobi, malah menawi dipun raos
selami gesangipun tansah nandang perkawis ingkang boten wonten akhiripun.
Kosok wangsulipun tiyang ingkang fasiq, kufur lan syirik dhateng Allah, nanging
ing perkawis kadunyan tansah pikantuk kabegjan. Sahingga kawontenan punika
kagem saperangan tiyang Islam saget dadosaken kemeren malah saget ugi
dadosaken saperangan tiyang sami fasiq lan murtad. Allah SWT sampun
ngendika:
“ Apa toh manungsa iku padha ngira yen dheweke kabeh iku diumbarake (wae)
sebab dheweke kabeh wis padha nyatakake kanthi pengucape: “ingsun kabeh wis
padha iman”, (banjur) ora dicoba? (QS. Al Ankabut:2)

Kanthi mekaten perkawis mindakipun kasil, minggahipun pangkat, kedah dipun


konduraken dhateng hakekat kanugrahan perkawis punika satemah salah
satunggal saking peparingipun Allah ingkang kedah dipun syukuri. Bandha
punika namung titipan, pangkat lan jabatan punika amanat ingkang badhe dipun
suwuni tanggel jawab. Dipun paringi sekedhik tansah syukur lan dipun tambah
kanugrahanipun inggih tambah anggenipun syukur dhateng Allah, mekaten
kasebat ing dalem Alquran:

“ Lan (elinga uga), arikalane Pangeran ira maklumake (kang surasane): “Sayekti
lamun sira kabeh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat)
marang sira kabeh, lan lamun sira kabeh padha ngingkari (nikmat Ingsun) mula
satemene siksa Ingsun iku banget larane”. (QS. Ibrahim: 7)

Syukur punika punopo, noninjih raos bingah lan marem wonten ing sak lebeting
manah, sahingga kanthi syukur badhe nuwuhaken pakerti sae. Ibaratipun
sasampunipun nampi kanugrahan badhe tabah iman lan amalipun, dados tiyang
ingkang saget migunani dhateng sedaya umat manungsa. Kosok wangsulipun
sifat kufur punika punopo, noninjih raos ingkar ing sak lebeting manah bilih
nikmat atawin kanugrahan meniko saking ngerso dalem Alloh, tembene raos
puniko badhe nutup sedaya nikmat lan kanugrahan, amargi sedaya peparing
punika dados perkawis ingkang sampun biasa lan boten migunani koyo2 mboten
saking ngerso dalem Alloh, naudzubillahi mindzalik.

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Midherek Rasulullah SAW wonten gangsal perkawis ingkang kedah kita syukuri:

1. Wekdal nem sak derengipun dumugi wekdal sepuh.

Wekdal nem punika wekdal ingkang sarwo ngremenaken, nanging ampun


ngantos raos remen punika nilaraken kewajiban. Kanthi mekaten wekdal nem,
wekdalipun kagem ngudi ilmu lan agami. Kanthi ilmu saget kangge bekal gesang
ing wekdal ingkang badhe dhateng pikantuk kamulyan. Kanthi agami badhe
paring pitedah dhateng sedaya perkawis ingkang kedah dipun tindakaken lan
kedah dipun tilar. Jalaran agami sampun paring paugeran kangge gesaningipun
para manungsa.

2. Wekdal gesang sak derengipun pati.

Gesang punika kesempatan ingkang dipun paringaken Allah kagem sedaya


manungsa. Kanthi gesang manungsa tasih saget nindakaken amal ibadah,
nambah amal salih lan kesempatan kangge mertobat. Kanthi mekaten
kesyukuran kita tingkataken kanthi nambah amal ibadah dhateng Allah SWT.
Jalaran gantosipun dinten lan tanggal, wulan lan tahun satemah yuswo kita
malah kirang, mekaten punika amargi yuswanipun manusngsa sampun kacathet
wonten ing Louhul Mahfudz, sampun dipun tetepaken dening Allah. Ngantos
pinten tahun manungsa dipun paringi gesang ing alam dunya, namung allah
ingkang pirsa lan kita sedaya namun nindakaken gesang.

3. Wekdal sehat sak derengipun dumugi sakit.

Kanthi sehat manungsa badhe ngraosaken nikmatipun tiyang gesang, dhahar,


ngunjuk, sare, lungguh, jumeneng lan sak terasipun. Kawontenan punika dados
kenikmatan ingkang asring dipun lirwakaken. Kathah-kathahipun ngraosaken
nikmat sehat nalika nembe sakit, kanthi mekaten nalika nembe sakit asring
nggadahi harapan menawi sehat badhe infaq, shadaqah, olah raga, dhahar lan
ngunjuk ingkang beraturan lan sak sanes-sanesipun. Ananging nalika sehat
sedaya cita-cita punika dipun tutup kanthi kekiatan hawa nafsu.

4. Wekdal longgar sak derengipun dumugi wekdal rupek.

Allah SWT paring wekdal ingkang sami dhateng kawulanipun, sedinten sedalu
inggih 24 jam. Wonten tiyang ingkang rumaos kirang kalian wekdal ingkang
dipun paringaken punika, wonten ingkang cekap lan wonten ingkang kathah
wekdal longgaripun. Kanthi mekaten wujud syukuripun dipun paringi wekdal
longgar punika dipun ginakken kangge ngudi rizki ingkang halal, ngudi kaweruh
saking poro alim/poro kyai, maos buku atawin kitab, utawi pados wejangan
saking para penggedhe. Jalaran boten saget ngginakaken wekdal punika badhe
mbeto dhateng kapitunan.

5. Wekdal sugih sak durunge temeka wektu mlarat.

Abu Dzar Radhiallahu ‘anhu nate nyriosaken bilih Rasulullah SAW ngendika:
“ Abu Dzar, apata sira ningali akehe bandha iku dadi kesugihan?”. Aku (Abu Dzar)
ngucap: “Inggih dhuh Rasul”. Rasulullah ngendika: “Apata sira ningali maring
sithike bandha iku dadi mlarate?” Aku (Abu Dzar) ngucap, Leres dhuh rasul”.
Rasulullah ngendika “sak temene kesugihan iku sugihe ati, lan kemiskinan iya iku
mlarate ati”. (HR. Ibnu Hiban)

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Sugih bandha menawi boten dipun sarengi kalian sugih ati, badhe dados bencana.
Margi kathahipun bandha punika boten badhe dados cekap nanging tansah
kirang.
‫‪“Lan ngertenana, yen bandha ira lan anak ira kuwi namung minangka pacoban lan‬‬
‫)‪satemene ing Ngarsane Allah ana ganjaran kang gedhe”. (QS. Al Anfal: 28‬‬

‫‪Supados gesang kita tambah sae lan kraos sakinah kedah dipun usahakaken‬‬
‫‪supados kita dados tiyang ingkang saget syukur dhateng Allah. Mugi-mugi Allah‬‬
‫‪tansah paring pitedah dhateng kita sedaya, amin.‬‬

‫ي َو ِم ْن ُك ْم‬ ‫ت َوال ِ ِّذ ْك ِر اْل َح ِكي ِْم – َوت َ َقبَّ َل ِمن ِِّ‬
‫آن اْل َع ِظي ِْم – َونَفَ َعني ِ َو ِإيا َّ ُك ْم ِب َما فِ ْي ِه ِمنَ اْآليا َ ِ‬ ‫با َ َركَ هللاُ لي ِ َولَ ُك ْم في ِ ْالقُ ْر ِ‬
‫ْ‬ ‫ْ‬
‫سائِ ِر ال ُم ْس ِل ِميْنَ َوال ُم ْس ِل َمات‬ ‫ْ‬ ‫َ‬
‫تِالَ َوتَهُ إِنَّهُ ه َُو الس َِّم ْي ُع اْل َع ِليْم – أقُ ْو ُل قَ ْولي ِ َهذَا َوا ْست َ ْغفُ ُر َ‬
‫هللا العَ ِظيْم لي ِ َولَ ُك ْم َو ِل َ‬
‫الر ِحي ِْم‪.‬‬ ‫َواْل ُمؤْ ِمنِيْنَ َواْل ُمؤْ ِمنَات فَا ْست َ ْغ ِف ُر ْوهُ إِنَّهُ ه َُو اْلغَفُ ْو ُر َّ‬

‫س ِيدَنَا‬ ‫لى ت َْو ِف ْي ِق ِه َوا ِْمتِنَانِ ِه‪ .‬اَ ْش َهدُ ا َ ْن الَ ِالَهَ اِالَّ هللاُ َوحْ دَهُ الَ ش َِريْكَ لَهُ َوا َ ْش َهدُ ا َ َّن َ‬ ‫ش ْك ُر لَهُ َع َ‬ ‫سانِ ِه َوال ُّ‬
‫لى اِحْ َ‬ ‫ا َ ْل َح ْمدُ هللِ َع َ‬
‫س ِل ْم تَ ْس ِل ْي ًما‬ ‫ص َحا ِب ِه َو َ‬ ‫س ِي ِدنَا ُم َح َّم ٍد ِوََ َعلَى اَ ِل ِه َوا َ ْ‬ ‫ص ِل َع َلى َ‬ ‫ِلى ِرض َْوا ِن ِه‪ .‬الل ُه َّم َ‬ ‫س ْولُهُ الدَّا ِعى ا َ‬ ‫ُم َح َّمدًا َع ْبدُهُ َو َر ُ‬
‫اس اِتَّقُوهللاَ ِف ْي َما ا َ َم َر َوا ْنت َ ُه ْوا َع َّما َن َهى َوا ْعلَ ُم ْوا ا َ َّن هللا ا َ َم َر ُك ْم ِبا َ ْم ٍر َبدَأ َ ِف ْي ِه ِب َن ْف ِس ِه َوثَـنَى‬ ‫ِكََ ثي ًْراا َ َّما َب ْعدُ َفيا َ اَيُّ َها النَّ ُ‬
‫بِ َمآل ئِ َكتِ ِه ِبقُ ْد ِس ِه‬
‫صل ْوا َعل ْي ِه َو َس ِل ُم ْوا تَ ْس ِل ْي ًما‪ .‬اللهم صل و سلم و‬ ‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬
‫لى النبِى يآ ايُّ َها ال ِذيْنَ آ َمنُ ْوا َ‬ ‫َّ‬ ‫صل ْونَ َع َ‬ ‫ُّ‬ ‫َوقَا َل ت َعاَلَى ا َِّن هللاَ َو َمآل ئِ َكتَهُ يُ َ‬
‫ض الل ُه َّم َع ِن اْل ُخ َلف ِ‬
‫َاء‬ ‫ار َ‬ ‫سلِكَ َو َمآل ِئ َك ِة اْل ُمقَ َّر ِبيْنَ َو ْ‬ ‫س ِيدِنا َ ُم َح َّم ٍد َو َعلَى اَ ْن ِبيآئِكَ َو ُر ُ‬ ‫بارك على سيدنا محمد‪َ ,‬و َعلَى آ ِل َ‬
‫ان ِالَىيَ ْو ِم ِ‬
‫الدي ِْن‬ ‫س ٍ‬ ‫ص َحابَ ِة َوالتَّا ِب ِعيْنَ َوت َا ِب ِعي التَّا ِب ِعيْنَ لَ ُه ْم ِباِحْ َ‬ ‫عثْ َمان َو َع ِلى َو َع ْن بَ ِقيَّ ِة ال َّ‬ ‫رو ُ‬
‫ع َم َ‬‫الرا ِش ِديْنَ اَ ِبى بَ ْك ٍر َو ُ‬ ‫َّ‬
‫اح ِميْنَ‬
‫الر ِ‬ ‫ض َعنَّا َمعَ ُه ْم بِ َرحْ َمتِكَ يَا ا َ ْر َح َم َّ‬ ‫ار َ‬ ‫َو ْ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ‬
‫ت الل ُه َّم ا ِعز ا ِال ْسال َم َوال ُم ْس ِل ِميْنَ َوأ ِذ َّل‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ت االحْ يآ ُء ِمن ُه ْم َواال ْم َوا ِ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬
‫ت َوال ُم ْس ِل ِميْنَ َوال ُم ْس ِل َما ِ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫اَلل ُه َّم اغ ِف ْر ِلل ُمؤْ ِم ِنيْنَ َوال ُمؤْ ِمنَا ِ‬
‫الدي ِْن‬‫اخذُ ْل َم ْن َخذَ َل اْل ُم ْس ِل ِميْنَ َو دَ ِم ْر ا َ ْعدَا َء ِ‬ ‫الديْنَ َو ْ‬ ‫ص َر ِ‬ ‫ص ْر َم ْن َن َ‬ ‫ص ْر ِع َبادَكَ اْل ُم َو ِح ِديَّةَ َوا ْن ُ‬ ‫الش ِْركَ َواْل ُم ْش ِر ِكيْنَ َوا ْن ُ‬
‫ظ َه َر ِم ْن َها َو َما‬ ‫س ْو َء اْل ِفتْنَ ِة َواْ ِلم َحنَ َما َ‬ ‫الزالَ ِز َل َواْ ِلم َحنَ َو ُ‬ ‫الدي ِْن‪ .‬الل ُه َّم ا ْدفَ ْع َعنَّا اْلبَالَ َء َواْ َلوبَا َء َو َّ‬ ‫َوا ْع ِل َك ِل َماتِكَ اِلَى يَ ْو َم ِ‬
‫ً‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ً‬
‫ان ال ُم ْس ِل ِميْنَ عآ َّمة يَا َربَّ العَال ِميْنَ ‪َ .‬ر َّبنَا آتِنا َ فِى الدُّ ْنيَا َح َسنَة َوفِى‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫سائِ ِر البُلدَ ِ‬ ‫صة َو َ‬ ‫ً‬ ‫طنَ َع ْن بَ َل ِدنَا اِ ْندُو ِن ْي ِسيَّا خآ َّ‬ ‫بَ َ‬
‫َاوا ِْن َل ْم ت َ ْغ ِف ْر َلنَا َوت َْر َح ْمنَا لَنَ ُك ْون ََّن ِمنَ اْلخَا ِس ِريْنَ ‪.‬‬ ‫ظلَ ْمنَا ا َ ْنفُ َسن َ‬ ‫ار‪َ .‬ربَّنَا َ‬ ‫اب النَّ ِ‬ ‫آلخ َرةِ َح َسنَةً َوقِنَا َعذَ َ‬ ‫اْ ِ‬
‫ظ ُك ْم لَ َعلَّ ُك ْم‬ ‫شآء َواْل ُم ْنك َِر َِ َواْل َب ْغي َي ِع ُ‬ ‫بى َو َي ْن َهى َع ِن اْل َفحْ ِ‬ ‫ْ‬
‫ْتآء ذِى اْلقُ ْر َ‬ ‫ان َو ِإي ِ‬ ‫س ِ‬ ‫ِع َبادَهللاِ ! ا َِّن هللاَ َيأ ُم ُرنَا ِباْل َع ْد ِل َواْالِحْ َ‬
‫لى نِ َع ِم ِه يَ ِز ْد ُك ْم َولَ ِذ ْك ُر هللاِ ا َ ْكبَ ْر‬‫تَذَ َّك ُر ْونَ َوا ْذ ُك ُروهللاَ اْل َع ِظي َْم َي ْذ ُك ْر ُك ْم َوا ْش ُك ُر ْوهُ َع َ‬
‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫‪Daftar Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lainnya bisa Anda Download di link berikut:‬‬
‫‪https://www.tongkronganislami.net/khutbah-jumat-singkat-bahasa-jawa/‬‬

You might also like