You are on page 1of 2

DYD= Duryudana

Bis= Bisma
KRN= Adipati Basukarna
SKN= Sengkuni
DNO= Durna

DYD : Dereng dangu rawuh paduka kanjeng eyang ing Talkandha, wonten setinggil
Nagari Astina, kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu konjuka
pepada paduka kanjeng eyang ing Talkandha.

BIS : Iya putu prabu, pangabektine putu prabu wus tak tampa ing tangan loro
kapetegake ing pranaja rumeket ing wardaya mimbuhana bawa leksana, amung
pudyastawaning pun kaki marang putu prabu di-age tampanana.

DYD : Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka kanjeng eyang ing
Talkandha kapundhi ing mestaka dadosa jimat. Miwah dereng dangu rawuh jengandika
bapa Druna ing setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken pambagya basuki.

DNO : O inggih ngger gusti kula ingkan sinuwun, kula cadhong tangan kula kalih, paring
pembage paduka ingkang rumentah dhateng ingkang bapa ing Sokalima.

DNO : Namung kula misungsung pudyastuti konjuka paduka gusti kula ingkang
sinuwun, kawula nok non.

DYD : Enggeh bapa, kula tampi damel bingah ing manah. Dereng dangu rawuh paduka
kakang prabu ing Ngawangga, kula ngaturaken panakrama pambage konjuka paduka
kanjeng kaka prabu.

KRN : Inggih yayi, kula cadhong ing tangan kula kekalih sih panakraminipun yayi prabu
ingkang rumentah pun kakang. Kula kalungaken ing jangga kapeteg ing pranaja,
namung pudyastawaning pun kakang tumanduka paduka yayi prabu.

DYD : Enggeh kakang prabu, kula tampi ing tangan kula kekalih paring pangestu
paduka kanjeng kaka prabu. Paman, paman Sengkuni.

SKN : Kula wonten pangandika ingkang adhawuh sinuwun.

DYD : Durung sawatara pakenira seba ing ngarsa manira, paran raharja paman.

SKN : Inggih, raharja sowan kula ing ngarsa paduka gusti kula ingkang sinuwun, naming
sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu mugi konjuka sahandap ing pepada.

DYD : Enggeh paman, kula tampi, naming dhawaha sami-sami. Kajawi saking menika
eyang, eyang ing Talkandha.

BIS : Apa ngger putu prabu?

DYD : Pinten-pinten raos ingkang kula kandhut wonten salebeting sanubari, kirang
langkung tigang candra ing kalenggahan menika, saweg badhe kababar karana paduka
sampun kepareng rawuh wonten ing setinggil Nagari Astina, mboten sabab saking
menapa melang-melanging manah ngraosaken tingkah pakartining bapa Pandhita
Druna anggenipun anggung reraketan lan para kadang-kadang kula Pandawa.
Senadyan, kula lan para wayah paduka Pandawa maksih daging-madaging, sami-sami
trah Begawan Wiyasa, nanging ing tat gelar sadherek salebeting batos, dumadosing
Pandawa kula anggep satunggaling klilip, ngibaratipun kula tiyang lumampah, dados
satunggaling pepalang ingkang ageng. Langkung-langkung magepokan kaliyan
suraosing jangka jangkaning Dewa kodrating jagad, kauling para brahmana resi, bilih
ing jagad perang ageng ingkang kaping sekawan sinebat Bratayuda Jayabinangun,
tetandhinganing Pandawa lan Kurawa.

Mangka nyatanipun bapa ing Sokalima menika wonten Nagari Astina kajunjung
minangka dados pujangganing nagari, menawi idheping tekad katresnanipun mangro
tingal, mboten mligi dhateng para Kurawa, mboten wande ing tembe tumapaking
Bratayuda, lumadosing prang para Kurawa naming badhe anjejereng wirang. Ingkang
menika dhuh kanjeng eyang, wontena suka-lilaning panggalih peparing wawasan murih
priyogining lampah sampun ngantos kadlarung-dlarung pakartining Pandita Druna
ingkang nyatanipun damel ribeting raos kula.

You might also like