You are on page 1of 2

BIOGRAFI CUT NYAK DHIEN

Cut Nyak Dhien (Lampadang, 1848 – 6November 1908, Sumedang, Jawa


Kulon; dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang), iku Pahlawan Nasional
Indonésia saka Acèh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Acèh.
Sawisé wewengkon VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara
garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan Walanda. Ibrahim Lamnga
tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang njalari Cut Nyak Dhien murka
lan sumpah bakal numpes Walanda.

Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak
Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar
ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang
njalari moral wadyabala perlawanan Acèh tansaya mundhak. Tembé mburi
Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien patutan kang asmané Cut Gambang.[1] Sawisé
nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké
paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar palastra wektu
nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Fèbruari 1899, saéngga panjenengané
berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu
semana wis tuwa lan duwé lelara encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran
Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké.[2][3] Wusanané Cut Nyak Dhien
dicekel lan digawa menyang Banda Acèh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit
mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Acèh
sarta isih kekanthèn karo para pejuang Acèh kang durung kecekel, saéngga Cut
Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré
séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung
Puyuh, Sumedang.

Perjuangan Cut Nyak Dien digambaraké sajeroning filem kanthi irah-


irahan Tjoet Nja' Dhien ing taun 1988 kang disutradarani déning Eros Djarot lan
dibintangi Christine Hakim minangka Tjoet Nja' Dhien, Piet Burnama dadi
Pang Laot, Rudy Wowor dadi Snouck Hurgronje lan Slamet
Rahardjo dadi Teuku Umar. Film iki ngrengkuh Piala Citra minangka filem
paling apik, lan minangka filem Indonésia pisanan kang ditayangaké
ing Festival Film Cannes (taun 1989).

Nama : Annisa Salsabila R (06)

Kelas : VII-D

You might also like