You are on page 1of 11

Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané

ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa
Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing
dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki
kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar
rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo
gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural,
mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan
uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap
Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan
miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo
musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing
gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén
kanggo laras pélog lan sléndra.

A. Pangerten Gamelan
Gamelan yaiku seperangkat piranti musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan),
Bonang, Bonang panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Siter,
Demung, lan Suling. Komponen utama piranti musik gamelan yaiku : pring, logam, lan kayu. Masing-
masing piranti nduweni guna dhewe jero pagelaran musik gamelan.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni
akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi
siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.

B. Sejarah Gamelan
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré
budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé
kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-
mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang.
Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk]
saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka
bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan,
banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam.
Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi
gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni
limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang
kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F#
G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé
kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana
watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat
musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang
dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang
GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa,
kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang
Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged
kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang
kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi
nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel
saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen,
utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan
kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi
Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon
jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik
lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni
campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta.
Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang
umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget
kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
1. Bali.
2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi
Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon maneka
piranti kayata:
 suling bambu.
 lonceng.
 kendhang (ing maneka ukuran).
 kecapi.
 instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik
gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé
kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré
ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé
gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa
pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia. Instrumené dikembangaké kanthi
bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India,
siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké.
Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing
mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa,
kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang
Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa. Kanggo pesen kang luwih
mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.

C. Jenis Gamelan Miturut Larase


1. Gamelan Laras Sléndro
Sléndro utawa saléndro iku salah siji titilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana uga
titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing slendro ora
ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf,
ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan.
Siji lan sijiné nada nduwé béda interval swara sing cilik.
a. Asal-usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa.
Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang
naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndro
karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
b. Notasi
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) barang
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nenem

c. Watak lan pathet


Ing Bali, sléndro minangka kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng
karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura.
Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang
1) Pathet nem
Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk
kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih
déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo
pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang
prampogan utawa perang gagal.
2) Pathet sanga
Lumrahé ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga disebut barang miring.
Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling
karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi
nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké
watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang
tekan perang kembang.
3) Pathet manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro
liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen
karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing
wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00
wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-
upacara mirunggan. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu
iku wis prak-ésuk.

2. Gamelan Laras Pélog


Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyané Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo
Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2 3 4
5 6 7.
a. Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah
Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing
jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa.
Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung slendra.

b. Notasi
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) panunggul
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
4 pat (papat) pélog
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nem
7 pi (pitu) barang

c. Watak lan Pathet


Ing Bali, Pélog minangka kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo
acara nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.
1) Pathet Nem
Lumrahé ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek
kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih
déning pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo
pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
2) Pathet Lima
Lumrahé ditulis "Pelog Lima".Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1.
Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing
pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
3) Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog
liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen
karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi,
pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara mirunggan.
D. Aturan
Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan sing wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang
rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa rikat-
rendheté laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning
pérangan-pérangan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé
fungsi dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara ya iku rebab, sing nuntun irama diarani kendhang.
Arané pemain sing nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayagautawa wiyoga, sing
nembang priya arane wira-swara, sing wanita arané pesindèn utawa swarawati.

E. Piranti gamelan
Piranti gamelan Jawa iku mèh kabèh / lumrahé digawé saka tosan (logam)
antarané: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu, mliginé wilahe.
Yèn grobogane utawa rancakané umum saka kayu. Bahan tambahan liya
antarané pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyané. Piranti gamelan sing ora ana kandhutan tosan iku
mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.
Piranti gamelan bisa dikelompo'ake dadi 4 pérangan ya iku :
1. Gongan
a. Kethuk

Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung,
kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip
karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
b. Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing
enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
c. Kenong

Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung,
kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip
karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara
ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik
dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing
rada unik.
d. Kempul
Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya
umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging
kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.

Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné,
ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik
swarane luwih dhuwur maneh.
e. Gong
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran
sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing
umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong
suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro
lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana
tonjolan ing tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan
liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan,
dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa
pambukaan acara.
f. Kecer

Kecèr iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing digawe saka tosan. Akeh piranti musik sing
nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik modern. Ing musik modern piranti iki biasa
diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana
rame lan meriah.
Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh. Kecèr iku kudu sepasang,
siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake permanen, dadi
sing diayun iku sing ing ndhuwur. Sepasang kecèr iku diso'ake ing grobogan utawa rancak sing
wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik. Keto'e iki piranti gamelan sing
paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak
lakon wayang tinentu.

2. Balungan
a. Demung
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron
barung tembè demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2
jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhè ing
kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm. Saron demung ndhuwé
swara paling rendah ing kelompok saron.
b. Saron Barung
Saron barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok
piranti saron. Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron
panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-
beda. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibanding saron panerus ning luwih cilik
dibanding saron demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron
panerus uga ana 7. Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron demung.
c. Saron Panerus

Saron panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus iku diso'ake
langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro, saron panerus diarani Peking.
Iki jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané yaiku saron lan demung. Ana 2
jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus. 2 jinis piranti panerus iki nduwé
laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka
sungu kebo.
Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung nanging wilahé luwih
kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana
7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm.
Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung.
Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro
saka tabuhan saron lan demung.
d. Slenthem

Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon
sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema
swarané.
Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér
panembung. Nanging slenthem duweni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling
ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainake
lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe
tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang nduwéni titilaras. Lémpéngan
iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.
3. Panerusan
a. Bonang
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing
wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
1) Bonang Barung

Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk
pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé
laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé
ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn.
Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.
2) Bonang Panerus

Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang
duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé
laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur
kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu
kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung
yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn
barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo
Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.

b. Siter
Siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa
kadang 12 pasang. Siter iki fungsine pada karo Celempung.
c. Suling

Suling iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara
ing melodi. Ing musik gamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti
musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan Sundha. Digawé saka pring, dawané kira-
kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan
angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
d. Gambang

Gambang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik
liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21
wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing
gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora
nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing
dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.
4. Kendhang
a. Kendhang
Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi
antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké
piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper
huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik.
Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané
20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan
sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik
tinimbang bedhug.
Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé
ukurané)
 Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
 Kendhang wayangan
 Kendhang batangan utawa ciblon
 Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo
ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing
reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.

You might also like