Professional Documents
Culture Documents
WANGSALAN
WANGSALAN
Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut
: wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh.
Dahwen ati open (seneng nacad) : nacad nanging mbenerake wong liya.
Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang : ala dianggep becik, becik dianggep
ala.
Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.
Digarokake dilukoke : dikongkon nyambut gawe abot.
Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat : wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh.
Dom sumuruping mbanyu : laku sesideman kanggo meruhi wewadi.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan : senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa
bakal dibelani.
Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi : wong kang nesu banget.
Dudutan lan anculan (tali memeden sawah) : padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
Durung pecus keselak besus : durung sembada nanging kepengin sing ora-ora.
E
Eman-eman ora keduman : karepe eman malah awake dewe ora keduman.
Emban cindhe emban siladan (slendang iratan pring) : pilih kasih / ora adil.
Embat-embat celarat (klarap) : wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
Emprit abuntut bedhug : perkara sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.
Endhas gundul dikepeti : wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
Endhas pethak ketiban empyak : wong kang bola-bali nemu cilaka.
Enggon welut didoli udhet : panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.
Entek ngamek kurang golek : anggone nyeneni/nguneni sakatoge.
Entek jarake : wis entek kasugihane.
Esuk dhele sore tempe : wong kang ora tetep atine (mencla mencle).
G
Gagak nganggo lar-e merak : wong asor / wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).
Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.
Gajah (nggajah) elar : sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.
Gajah ngidak rapah (godhong garing) : nerang wewalere dewe.
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe : wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik
sing dadi korbane.
Garang garing : wong semugih nanging sejatine kekurangan.
Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan : golek utang kanggo nyaur utang.
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh : senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa
kaleksanan karepe.
Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik.
Golek-golek ketemu wong luru-luru : karepe arep golek utangan malah dijaluki utang.
Gupak pulute ora mangan nangkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
I
(n)Jagakake endhoge si blorok : njagagake barang kang durung mesthi ana lan orane.
(n)Jajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-endi.
Jalma angkara mati murka : nemoni cilaka jalaran saka angkara murkane.
(n)Jalukan ora wewehan : seneng njejaluk ora seneng menehi.
Jati ketlusupan ruyung : kumpulane wong becik kelebon wong ala.
Jaran kerubuhan empyak : wong wis kanji (kapok) banget.
Jarit lawas ing sampire : duwe kapinteran nanging ora digunakake.
Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi rekasa.
(n)Junjung ngetebake / ngebrukake : ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.
K
Ladak kecangklak : wong kang angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe.
Lahang karoban manis : rupane bagus / ayu tur luhur budine.
Lambe satumang kari samerang : dituturi bola-bali meksa ora digugu.
Lanang kemangi : wong lanang kang jireh.
Legan golek momongan : wis kepenak malah golek rekasa.
Lumpuh ngideri jagad : duwe karepan kang mokal bisa keturutan.
M
Obah ngarep kobet mburi : tumindake penggede dadi contone/panutane kawula alit.
Opor bebek mentas awake dhewek : rampung saka rekadayane dhewe.
Ora ana banyu mili menduwur : watake anak biasane niru wong tuwane.
Ora ana kukus tanpa geni : ora ana sbab tanpa akibat.
Ora gonjo ora unus : wong kang ala atine lan rupane.
Ora mambu enthong irus : dudu sanak dudu kadhang.
Ora tembung ora tawung : njupuk barang liyan ora kandha disik.
Ora uwur ora sembur : ora gelem cawe-cawe babar pisan.
Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa.
Othak athik didudut angel : guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel.
P
Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil.
Sabaya pati, sabaya mukti : kerukunan kang nganti tekan pati.
Sadumuk bathuk sanyari bumi : pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.
Sandhing kebo gupak : cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
Satru mungging cangklakan : mungsuh wong kang isih sanak sedulur.
Sadhakep awe-awe : wis ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.
Sembur-sembur adus, siram-siram bayem : bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh.
Sepi ing pamrih, rame ing gawe : nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.
Sing sapa salah bakal seleh : sing sapa salah bakal konangan.
Sluman slumun slamet : senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.
Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh : wong kang kumudu-kudu dijaluki
piwulang/ditakoni.
T
Tebu tuwuh socane : prakara kang wus apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi.
Tega larane ora tega patine : senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.
Tekek mati ing ulone : nemoni cilaka margo saka guneme dhewe.
Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara : kabar kang durung mesthi salah lan
benere.
Timun jinara : prakara gampang banget.
Timun mungsuh duren : wong cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.
Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho kanggone yen kekurangan wae.
Tinggal glanggang colong playu : ninggalake papan pasulayan.
Tulung (nulung) menthung : katone nulungi jebule malah nyilakani.
Tumbak cucukan : wong sing seneng adu-adu.
Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha nanging bathi paseduluran.
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati : prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik.
U
Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.
Yiyidan mungging rampadan : biyene wong durjana/culika saiki dadi wong sing alim.
Yuwana mati lena : wong becik nemoni cilaka marga kurang ngati-ati.
Yuyu rumpung mbarong ronge : omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.
SANEPA
SALOKA
Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah
trampil.
Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah perang karo gajah kancil : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
mati ing tengah
Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Pitik trondhol diumbar ing : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah
pedaringan ngentek-enteki.
Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari
jati mati sethithik.
WANGSALAN
1. Wangsalan padinan
Isih enom kok njangan gori. (jangan gori = gudheg)
Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)
We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)
Ya, aku gelem, nanging balung jagung lho! (balung jagung=janggel)
Wah, sajake lagi nglapa mudha. (klapa mudha = degan)
Kowe iku, kok mung mutra bebek. (putra bebek = meri)
Jenang gula, Mas, welingku wingi! (jenang gula = glali)
Dheweke lagi madder bungkuk. (wader bungkuk = urang)
Anggone nyambut gawe mung nguler kambang. (uler kambang = lintah)
Wong mung guyon wae kok njur mentil kacal. (pentil kacang = besengut)
Wah, nyega mambu. Aja ngono, Yu! (sega mambu = amer)
Jenang sela, Mas. Kula boten mampir. (jenang sela = apu)
Lha rak mbalung ula, apa-apa dipangan! (balung ula = gragasan)
2. Wangsalan kang rinacik ukara
Ayam wana, ywa nasar tindak dursila. (bekisar)
Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada)
Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)
Balung ula, dakgagas gawe rekasa. (gragasan)
Bebek rawa, yen uwis enggal mrenea. (mliwis)
Cagak griya, tan yogya duhka nastapa. (saka)
Carang wreksa, nora gampang nganggit ukara. (pang)
Cecak toya, aja mingkar ing ubaya. (baya)
Cubung wulung, asiha maring sasama. (tlasih)
Damar mancung, cupet temen nalarira. (upet)
Dewanata, saru temen tindakira. (Guru)
Doming jala, aja seneng coba-coba. (coba)
Dhadhung peksi, mangsa kala tindak mriki. (kala)
Enthong palwa, tindak salah tanpa prayoga. (welah)
Gayung sumur, amba sadermi umatur. (timba)
Gelang sweda, yen lali nuli elingna. (ali-ali)
Gender wreksa, bobot timbang aneng sira. (gambang)
Impen nyata, bandara asing mring amba. (daradasih)
Jae wana, poyang-paying solahira. (lempuyang)
Jalak pita, adhang-adhang sihing bapa (podhang)
Jamang wakul, aja kurang ing pamengku. (wengku)
Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa. (kethek)
Kapi kresna, wong petung nora prayoga. (lutung)
Kasut wreksa, paran bayan wartanira. (gamparan)
Kawi sekar, kang sregep ngapus pustaka. (puspa)
Kawis wana, budi alus tur prasaja. (maja)
Kendhal jeram, mangga sareng uluk salam. (sereng)
Kendhal pipa, klelat-klelet tan prayoga. (klelet)
Kendhal teko, sun anti tan teka-teka. (weka)
Kelor wana, aja eru mring bandara. (weru)
Kukus gantung, sawangane sajak bingung. (sawang)
Laler gora, watak wengis tan utama. (pitak)
Macan wisma, memancing tindak duraka. (kucing)
Mendhung seta, lega legawaning driya. (mega)
Menyan seta, tuwas tiwas labuh nyawa. (tawas)
Nata mudha, kepati sengseming driya. (adipati)
Ombak agung, pakulun nyuwun panggunggung. (alun)
Pandhan wisma, ati panas tan saranta. (nanas)
Pandhu putra, den tata sabarang karya. (Puntadewa)
Peken alit, pangajab mangsa wurunga. (warung)
Pucang wana, dhang-dhang sihing bandara. (sadhang)
Roning kamal, mumpung anom sing tawakal. (sinom)
Sarpa kresna, mung andika sun pracaya. (dumung)
Sarung jagung, abot entheng wani tanggung. (klobot)
Taji kisma, sun kudang dadi sujanma. (luku)
Udan riris, sugih miskin wis ginaris. (grimis)
Uler kambang, amba titah mung cumadhang. (lintah)
Ula langking, ngumungna kabeh piweling. (dumung)
Yuyu agung, pinething dadya tumenggung. (kepithing)
3. Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka
wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane.
Tualadha:
Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma)
Sawangane, narima asrah ing jiwa.
Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak)
Den rinasa, tindak mamak tan prayoga.
Ari Sena, Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara)
Puji arja, mrih antuk sihing bandara.
Balung pakel, gendheyo sisaning kalong. (pelo; sontrot)
Kari loke, ketanggor padha jarote.
Bayem harda, hardening ngrasuk busana. (lateng; besus)
Mari anteng, besuse kaya katara.
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. (pang; pati urip)
Nora gampang, wong urip ing alam donya.
Cubung wulung, wulung wido mangsa rowang. (tlasih, alap-alap)
Asiha, alapen badan kawula.
Durna putra, putra-putri ing Mandura. (Aswatama; Sumbadra)
Janmotama, pinuji sinuba-suba.
Dhikir Buda, Buda Manis yen jinarwa. (puja; Rebo Legi)
Amemuja, mbeboleh margane begja.
Gayung sumur, kewan gung granane dawa. (timba; esthi)
Aja kemba, mangesthi saliring karya.
Jarwa palwa, palwa kandheg ing samodra. (prau; labuh)
Prasajaa, nglabuhi tindak utama.
Jenang sela, sela lembat ing narmada. (apu; wedhi)
Den pepundhi, wulang wuruking pandhita.
Kukus gantung, taru wilis lalap tedha. (sawang; luntas)
Sun sesawang, cah sigit ngentasi karya.
Kolik priya, priya tinilar kang garwa. (tuhu; dhudha)
Lamun tuhu, pepadha tresna ing kalbu.
Kresna putra, putrane sang Dananjaya. (Samba; Abimanyu)
Sing sambada, nyenyuwun maring Hyang Suksma.
Kroncong asta, pithing alit welut wana. (gelang; ula)
Ja sumelang, cah ayu sun ela-ela.
Lembu rekta, kucing gung saba ing wana. (bantheng; sima)
Pathenthengan, ulahing janma brangasan.
Mamet tirta, tirta manis wit kalapa. )ngangsu; legen)
Suka rena, kalegan ancasing driya.
Medhar sabda, sabda kang kladuk sudira. (guneman; wani)
Den tumanem, memuni wedharing cipta.
Marga tirta, tirta mijil ing sarira. (urung-urung; kringet)
Jinurungna, kriya kridhaning wardaya.
Nata dewa, dewa kang sirah dipangga. (Pramesthi; Gana)
Mangesthia, tindak-tanduking sujana.
Ngreka puspa, puspa seta rum gandanya. (nggubah; mlathi)
Nggubah basa, basa pangesthining rasa.
Ngreka wreksa, wreksa langking sisa agni. (ngukir; areng)
Lenging piker, binareng krenteging ati.
Petis manis, sarining kaca benggala. (kecap; banyu rasa)
Aja ngucap, yen durung tunggal sarasa.
Pita jarwa, jarwane tembung usada. (kuning; tamba)
Ninging cipta, sinuba ing rasa mulya.
Rema seta, wanara raja Kiskendha. (uwa; Sugriwa)
Pra wanita, den asih tresna ing garwa.
Saron bumbung, bumbung lit sumbering swara. (angklung; suling)
Cecengklungen, ngeling-eling mring paduka.
Sarpa kresna, arine raja Ngalengka. (dumung; Kumbakarna)
Mung andika, sun pinta ngentasi karya.
Sendhang arga, arga geni lor Ngayoja. (tlaga; Merapi)
Mangga-mangga, api-api tan uninga.
Sopir kreta, kreta muluk ing gagana. (kusir; motor mabur)
Siring nala, ambudi suburing praja.
Teken palwa, palwa agung manca nagari. (satang; sekoci)
Nora ngetang, lara lapa saben wanci.
Tepi wastra, wastra tumrap pranaja. (kemadha; kemben)
Tanpa tidha, saben ari nambut karya.
Uler toya, toya mijil saking netra. (lintah; eluh)
Satitahe, uger nora ngluh ing driya.
Uwi wana, wana kang wus tinarbuka. (gadhung; talun)
Adol gendhung, angelun isining donya.
Wohing tanjung, wanara anjani putra. (kecik; Anoman)
Becik apa, wong anom suthik rekasa.
Welut wana, walang wilis sabeng arga. (ula; gambuh)
Atur kula, anggambuh mring Hyang Wisesa.
We ing wreksa, wreksa kang rineka janma. (tlutuh; golek)
Wus kapatuh, mbudidaya golek praja.
4. Wangsalan sinawung ing tembang
Sinom
Jamang wakul Kamandaka,
kawengku ing jinem wangi,
kayu malang munggeng wangan,
sun wota sabudineki,
roning kacang wak mami,
yen tan panggih sira nglayung,
toya mijil sing wiyat,
roning pisang leash ing wit,
edanira tan waras dening usada.
(Babad Pasir: IV.4)
Kinanthi
Sastra pangandheging kidung,
sudarma Basudewaji,
ngestu pada mring kusuma,
manjanma ping sakethi,
pusara pangiket gangsa,
tumutur tan sedya kari.
(Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11)
BEBASAN
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa
kahanane wong.
Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe
malah ora keduman.
Aji godhong jati aking (garing).: Asor banget, ora ana ajine.
Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir.
Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem.
Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine.
Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna.
Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo
rekasane.
Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur.
Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane.
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.
Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa.
DASANAMA
bumi : bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti,
kisma
gunung : aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir
mati : antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda
ratu : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara,
nata, raja, sri, sribupati
sedih : dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
wadon : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri
KERATA BASA