You are on page 1of 2

Adicara upacara saparan gamping kapareng dados tigang urutan:

Upacara menika kalaksanan wonten ing malem jumuah kawiwitan tabuh 20.00. Kalih iji
jali ingkang wosipun pengantin bekakak saha jodhang ingkang wosipun sesaji kaliyan
sepasang gendruwo saha wewe. Samudayanipun kabeta wonten ing bale desa
ambarketawang kanthi arak arakan.

Wondene urutan barisan arakan menika saking wiwitan papan kangge nyamaptakaken
dumugi bale desa ambarketawang inggih menika:

1. Barisan ingkang mbeta umbul-umbul


2. Barisan pengawal saking gamping tengah
3. Jali penganten saha godhang
4. Reyog saking gamping kidul
5. Saha pangiring sanesipun

Salajengipun jali saha piranti sanesipun katuraken dhumateng bapak Kepala desa
ambarketawang. Wonten ing dalu midodareni menika kawontenaken malem tirakatan
kadosta pengantin saestunipun, papanipun wonten pendhapa utawi kawontenaken
hiburan kadosta pagelaran ringgit purwa, uyon-uyon, reyog. Wonten ing dalemipun ki
juru purnomo ugi kawontenaken tahlilan dening bapak-bapak saking kemusuk
kalajengaken malem tiakatan denng warga sakiwa tengen. Wonten ing pesanggrahan
ambarketawang ugi kalaksanakaken tirakat.

Salajengipun upacara tradisional menika wiwit mlampah saking bale desa tumuju ing
bekas gung ambarketawang papan panyembelihan ingkang sepisan lajeng ing papan
penyembelihan ingkang kaping kalih inggih menika woten ing gunung killing.

Nyembelih penganten bekakak. Menawi arak-arakan sampun dugi ing gunung


Ambarketawang satemah joli sepisan ingkang wosipun sepasang pengantin bekakak
dipunbeta ing wetan gua, lajeng kaum paring syarat supados mungkasi anggenipun
dongo.

Saspunika maos dongo, boneka ketan sepasang penganten menika dipunsembelih saha
dipun iris iris, saha keparingaken dhumateng sinten kemawon ingkang rawuh ing
upacara menika.

Semanten ugi sesaji sanesipun. Arak-arakan kalajengaken tumuju ing gunung kliling
kangge ngawontenaken upacara penyembelih pengantin bekakak ingkang kaping kalih
saha merang irisam bekakak ingkang kapindho dhumateng piyantun ingkang sami
rawuh. Wondene jodhang ingkang wosipun sesajen dipunparingaken dhumateng
petugas ing papan penyembelihan ingkang pungkasan

You might also like